Selasa, 17 Mei 2011

Absurditas Djajus Pete

 


Absurditas Djajus Pete


Oleh: Sugeng Wiyadi


DJAJUS Pete rupanya sependapat dengan Budi Darma bahwa bukan kehidupan ini yang absurd, melainkan manusianya. Cobalah simak cerpen-cerpen berbahasa Jawa Djajus yang terhimpun dalam kumpulan Kreteg Emas Jurang Gupit (Yayasan Pinang Sirih & Dewan Kesenian Jawa Timur, Surabaya, 2001); absurditas manusia dalam berbagai bentuknya hadir sangat kental.


Buku setebal 92 halaman ini berisi 10 cerpen pilihan dari sekian banyak karya Djajus yang sebelumnya dipublikasikan melalui majalah berbahasa Jawa. Sepuluh cerpen itu adalah: Bedhug, Dasamuka, Kadurjanan, Kakus, Kreteg Emas Jurang Gupit, Pasar Rakyat, Petruk, Rajapati, Setan-Setan, dan Tikus dan Kucing Penyair. Cerpen-cerpen itu dapat dijadikan acuan bahwa sastra Jawa modern bukan cuma berisi kisah-kisah panglipur wuyung (pelipur lara), cengeng, dan kampungan. Sebagai orang Purwosari, Bojonegoro, Djajus memang banyak menggunakan latar pedesaan untuk cerpen-cerpennya, tetapi tak serta-merta membuat cerpen-cerpen itu ndesani atau kampungan.


Dengan simbol-simbol, Djajus sangat cerdik mengemas pesan moral dan bahkan kritik sosial secara rapi dan apik. Muryolelono dalam bukunya Taman Sastrawan (Jawa, pen) menilai bahwa kendati Djajus sehari-harinya bekerja sebagai guru, cerpen-cerpennya sangat jauh dari kesan menggurui.


Kreteg Emas Jurang Gupit yang dipakai sebagai judul buku ini diambil dari judul cerpen yang memang pantas dijadikan maskot. Sebuah jembatan emas akan dibangun untuk menghubungkan daerah barat sungai yang subur dengan daerah timur sungai yang tandus. Sesuai dengan namanya, jembatan yang pembangunannya hendak ditangani PT Pribumi itu akan dilapisi emas.


“Kanthi wontenipun kreteg ing sanginggiling lepen menika, sampeyan tamtu mikir…. wah seneng, bisa nyabrang ngulon. Ngaten sedherek? (Dengan adanya jembatan di atas sungai ini, kalian tentu akan berpikir, wah senang, dapat menyeberang ke barat. Begitukah saudara?”)


Itulah pertanyaan yang diajukan Pak Lurah kepada rakyatnya, di sela-sela pidatonya. Si rakyat mengiyakan, ternyata jalan pikiran Pak Lurah justru tidak demikian. Menurut Pak Lurah, daerah itu akan menjadi ramai karena akan banyak orang berbondong-bondong untuk menyaksikan keelokan jembatan berlapis emas itu. Menurut Pak Lurah, itulah yang akan membuat rakyat desa terlepas dari penderitaan, menuju hidup sejahtera turun-temurun.


Bukankah rencana pendirian jembatan emas itu absurd, serupa mimpi? Tambah absurd lagi, karena sebenarnya jembatan itu tak pernah terujud. Pasalnya, bahan-bahan yang sudah didatangkan, termasuk batangan besi berlapis emas itu, habis dicuri orang.


Cerpen Dasamuka berkisah tentang pertunjukan wayang kulit yang tidak sesuai dengan pakem atau pedoman pakeliran. Dasamuka yang menculik Shinta ternyata malah berjaya, berhasil mengalahkan Hanoman dan Prabu Rama. Penonton pun protes. Bahkan hampir saja terjadi keributan. Tetapi dengan apik Djajus –lewat Darma Dipa, tokoh masyarakat desa yang disegani— menyampaikan pesan moral dan sekaligus kritik sosial-nya. Mengapa kita marah menghadapi Dasamuka, tokoh imajiner yang melanggar pakem itu, sementara dalam kehidupan sehari-hari begitu banyak aturan dilanggar?


Kiranya tak berlebihan, jika edisi pertama Sekarjawi (majalah sastra Jawa yang akan diterbitkan Daniel Tito dan kawan-kawan) memuat tulisan dengan judul seperti ini, “Kreteg Emas Jurang Gupit, Calon Pemenang Rancage 2002.” Dengan KEJG-nya, Djajus Pete yang kelahiran Ngawi 1 Agustus 1948 yang mulai berkarya sejak tahun 1970 itu memang layak mendapatkannya.*


*) Sugeng Wiyadi, Dosen Jurusan Bahasa Jawa Unesa

                                                                                                                                            on

Minggu, 15 Mei 2011

CERKAK: Herry Abdi Gusti (1)

@ Carik Grenjeng 1
-->
  • Blangkon 
  • Putih Malih Ireng
 











Herry Abdi Gusti

Blangkon
JENENG  asline Mono Prawira, nanging ing tlatah Renjeng sakiwa-tengene luwih ditepungi kanthi paraban Mbah Wir-Blangkon. Mula bukane paraban iku mung amarga dheweke nduwe blangkon kuna sing jarene aeng tur nduweni katiyasan ngedab-edabi. 
Yen ndeleng wujude blangkone Mbah Wir sing ana mondholane sak endhog banyak iku jan ora mingsra. Warnane wis luntur amarga kepangan umur, kathik ambune penguk. Sok ngonowa Mbah Wir banget ngaji-aji barang tinggalan saka leluhure iku, marga wis bola-bali kabukten katiyasane. Yen ana tangga teparo sing kulawargane lara panas utawa lara weteng, mesthi playune menyang omahe Mbah Wir, saperlu nyilih blangkone minangka tamba. Anggone nambani kanthi cara ngekum mondholan ing banyu putih sagelas, banjur diombekake sing lara. Ndilalahe wong-wong sing wis ngombe banyu koloh iku let sedhela kok ya bisa waras kaya wingi uni.
Mbiyen kae Bakri anake Lik Kasan-Dhokar nate ketaman lara panas nemen. Panas awake ra mekakat, nganti polahe gedabigan. Wis digawa royang-royong nyang nggone Mbah dhukun Samirin lan Puskesmas, meksa durung paja-paja waras. Pancen sawise diombeni banyu saka mbah dhukun utawa kapsul saka Puskesamas panase rada suda, nanging let sedhela bali munjuk maneh.  Kasangsarane Bakri ngono mau suwene nganti pitung dina pitung bengi. Lagi dina kaping wolu ana sawijining tangga sing mrayogakake supaya nyilih blangkone Mbah Wir. Senajan Lik Kasan maune ora percaya lan kudu ngguyu bareng krungu ana blangkon sing bisa marasake wong lara, nanging kepeksa nuruti pakone tangga mau ngelingi panandhange anake, apamaneh wis ora ana tamba sing cespleng. Tenan, sawise mondholan dicelupake banyu sagelas banjur diombekake Bakri, lha kok esuke wis ilang blas panase. Malah pendhak sorene Bakri wis bisa angon jaran.
Pengalaman ngono mau uga dialami dening Yu Tarmi bakul sega pecel sing keterak lara weteng lan murus-murus. Tingkahe kaya ana kobongan wae. Sedhela-sedhela mlayu menyang mburi saperlu bebuwang. Oralit sing diwenehi bu RT  saka posyandu ora masah, mula Yu Tarmi banjur kongkonan bojone supaya nyilih blangkon wasiyat. Anehe, kaya wong-wong liyane sing padha nyilih blangkone Mbah Wir minangka tamba pamungkas, Yu Tarmi uga banjur luwar saka panandhange.
Ana maneh sing percaya yen sakliyane bisa ngusadani lelara, blangkone Mbah wir iku uga bisa nulak udan. Ndilalah kok ya kerep kabukten.  Nyatane yen ana wong nduwe gawe mantu utawa nyunatake anake ing mangsa udan, kena dipesthekake ing ngarep omahe ana linggis tumancep lemah. Ya ing pucuke linggis kuwi panggonane blangkon penguk methangkring.
Meruhi kanyatan mangkono mau para warga desa saya imbuh-imbuh anggone mercayani kaluwihane si blangkon. Kapercayane warga desa sing saya mbangeti iku tumrape Mbah Wir malah nambahi rasa mongkog lan gemati marang pusakane. Saben sasi Sura blangkon iku dikumbah kembang setaman, najan ora bisa ngilangi penguke, banjur disimpen primpen ing njero pethi kayu lan ora bakal dibukak-bukak yen ora ana parigawe. Saking gematine marang pusakane nganti saben ana jagongan Mbah Wir ora bakal lali ndongeng bab blangkone.  Enak-enak ngobrol ngalor-ngidul ora wurung pantoge tekan blangkon. Kaya sawijining bengi nalika ana jagong bayek ing omahe pak mantri pertanian. Sauntara ing njaba udane ngreceh kawit sore.
“Aku jan judheg mikirake udan, mosok wis wayahe mangsa ketiga kok isih kerep udan wae, nganti ra kober nyanja.” kandhane Tromejo mbukani rembug.  Ing kalangan iku ana Mbah Wir, Mbah Soma, Waras, Jomerto lan pak mantri dhewe.  Dene para nom-nomane padha umyeg main kertu dhomino tanpa bunci, karo nyomak-nyamuk nyambi nyamikan uwi godhog lan wedang kopi nasgithel.
“Nek perkara udan salah mangsa ngene iki ora kowe thok Tro sing nyangga, malah aku iki sing kena diarani apese pitung apes. Lha piye, nyanja wiwit esuk thekluk nganti sore entre  bar-barane mung digrojog udan.” semaure Waras karo nggetuni nasibe.
“Pancen nelangsa kok dadi wong tani kuwi, yen njaluk udan diwenehi panas, nanging yen njaluk panas diwenehi udan.” Jomerto molak-malik ukara.
“Dadi wong ki aja sok ngresula, mengko kena sikune dewa sida cilaka kowe. Satemene  kowe kabeh ki padha ra nganggo petung. Mesthine sadurunge nglakoni apa-apa saktindak-lakune kudu golek dina sing becik, dadi ora angger wae. Lha wong sing jeneng nyanja kuwi rak padha karo nempil lemahe sing mbaureksa bumi, mula ya kudu nyuwun idi pangestu dhisik supaya slamet nir ing sambikala. Rak nggih ta pak mantri?” Mbah Soma njlentrehake nganggo pamikiran tuwa sing isih nggondheli adat.
Pak mantri mesem sadurunge mangsuli pitakone Mbah Soma sing dianggep lucu kuwi :
“Menawi sampun ngaten adate nggih mangga kersa mbah, nanging sejatosipun kangge Kang Tromejo, Kang Waras lan Kang Jomerto niku saged pados tanem-tuwuh sanes ing mangsa-mangsa kados ngaten niki, dados mboten nggantungake sata mawon.”
“Tanduran napamalih ta pak mantri, tiyang ngriki menawi mboten sata kalih pantun mboten purun sanese…, paling-paling nggih jagung niku.  Napamalih regine palawija dereng amput-ampute katandhing kalih sata.”  Tromejo ngeyel anggone ngukuhi tradisine.
 “Ya bener kandhamu Tro.  Mbandhingake bab rega pancen ora kaya mbako,  ning yen wis katerjang banjir ngene iki pa ra poyang-payingan kowe.  Mula sing becik ya kaya dhawuhe pak mantri kuwi. Dene yen kowe pancen ngukuhi asile mbako ya manuta mbahmu Soma, yaiku kudu kanthi petungan. Takon-takona nyang wong tuwa supaya digolekake dina sing becik. Lha yen prakara nulak udan kuwi pasrahna aku wae.  Apa kowe kabeh dha lali karo pusakaku?”  Mbah Wir-Blangkon sing maune mung ngrungokake karo gonyal-ganyil nyokoti uwi godhog saiki melu urun rembug. Omong sepisan wae langsung ngegul-egulake blangkon wasiyate. 
“Eee... rumaos kula ta mbah, wong mung nyanja wae kok nganggo nulak udan,  kaya wong nduwe gawe wae...”
“Lho, ya aja kaya ngono..., nyanja kuwi pa ra klebu penggaweyan jenenge...”
“Nun sewu mbah,  napa pusaka sampeyan niku saged kangge sawanci-wanci.  Umpami mangsa rendheng ngaten napa taksih kuwawa nulak jawah?”  pitakone pak mantri kepengin melu-melu ngerteni katiyasane.
“Kadhang saged kadhang mboten pak mantri..., amargi jawah ing mangsa rendheng niku rak kodrate Gusti Allah.   Lha menawi jawah arang-arang utawi salah mangsa ngaten  kathah sagede.  Rahayune sedaya tiyang ingkang nyambut blangkon kula kok pas mangsa jawah arang-arang...”
Pak mantri nggleges krungu wangsulane Mbah Wir ngono mau.  Minangka wong sing wis ngrasakake pendhidhikan modheren,  crita bab klenik sabangsane iku dianggep ngayawara, gugon-tuhon, ora klebu ing akal lan mung sarwa kebeneran wae.
“Pusaka niku asal-asale king pundi ta mbah, kok saged sekti sanget?”  pitakone Jomerto nggomblohi.
“Kuwi ngono barang warisan Jo, turun-temurun saka canggah-warengku dhek jaman kuna-makuna.  Manut critane bapakku  blangkon kuwi asale saka mbah buyute simbahku sing dadi empu ing kraton Mataram.  Nalika iku katiyasane luwih ngedab-edabi tinimbang saiki.  Saiki rak mung trima dadi tamba lara panas, lara weteng lan kanggo nulak udan wae,   lha yen jaman semana kena kanggo piyandele perang mungsuh wadyabala kumpeni.  Malah nalika dianggo simbahku melu ontran-ontran perang Diponegoro  nate kesrempet mimise walanda, tujune mung kena mondholane.  Umpama ora nganggo blangkon kuwi sida kojur tenan simbahku.”  
Kabeh amem ngrungokake dongenge Mbah Wir-Blangkon sing saya ndadra iku, sauntara suwarane kertu-kertu dhomino sing pada dibantingi ngiring lumingsire wengi.  Pungkasane jagongan kuwi bubar karepe dhewe sawise keprungu jago kluruk sepisanan.  Yen ora bubar ngono bisa-bisa malah saya nggladrah maneh kojahe Mbah Wir.......    #
*
Crita ing ndhuwur iku wis mungkur bebarengan karo katiyasane blangkon wasiyat sing luntur.  Wis ana telung Sura iki    pethi kayu panggonane nyimpen blangkon ora nate dibukak dening Mbah Wir,  amarga ora ana wong sing nyilih saperlu kanggo tamba utawa kanggo nulak udan.  Jalarane blangkon kasebut wis ora ampuh maneh kaya mbiyen.  Manut ujare ngakeh, ilange katiyasan mau amarga saka salahe Mbah Wir dhewe sing sok kumendhung, keladuk olehe ndongeng riwayate si blangkon lan kebangeten anggo ngagung-agungake kaluwihane.  Dadi gampange ngono pusaka warisan iku wis mogok,  emoh nambani lara panas,  emoh nambani lara weteng lan emoh nulak udan.
Sing cetha,  sawijining sore nalika Mbah Wir lagi ngelus-elus manuk klangenane  ana wong teka merdhayoh.  Wong lanang saka tangga desa iku arep nyilih blangkone sing wis kepara suwe ora dadi kembang lambe,  jarene arep kanggo ngentas kasangsarane anake sing ketaman adhem-panas lan madal sakehing usada.   Mbah Wir age-age ngajak mlebu tamune  karo nggagas mbokmenawa iki kalodhangan kanggo mbuktekake marang wong-wong yen blangkone isih kena diandelake.   Nanging.... sepira kagete nalika pethi kayu diangkat saka ngisor lemari,  jebul padha bolong-bolong tilas dikrikiti tikus.   Luwih kaget maneh  bareng pethi iku dibukak....... pranyata blangkon sing diemi-emi  wis ora ketulungan maneh......... mondholane gripis kari separo....... @


Panjebar Semangat   No. 2 -  6 Januari 1990

Putih  Malih  Ireng   
 “BIYEN  saben irung anggere pethuk  karo sing jenenge  Suradira  ora sranta mesthi aweh kurmat.  Ora mung pethuk  nalika padha ijenan wae, najan lagi gayeng-gayenge jejagongan yen katon ketebange Sura,  tanpa diaba sing melu andhon jagong padha ngaruh-aruhi.  Pancen dheweke kuwi klebu golongane wong-wong  sing kajen-keringan.   Ora nggumunake awit Sura nduweni kalungguhan sing rada lumayan,  dadi  bendahara KUD, nduwe kuwajiban ngladeni kabutuhane warga desa sing sebageyan gedhe pegaweyane ngolah sawah. Mula anane KUD kuwi pancen ora bisa dipisahake karo panguripane para among tani lan rakyat cilik.
Kanggone warga desa Waturejo, Sura klebu wong anyar katon.  Tekane ing tlatah kono bangsa limang-taunan, mbarengi dheweke anyar-anyaran nyekel kalungguhan bendahara KUD. Amarga ora duwe sanak-kadang ing desa kono, mula dheweke ngontrak omahe pak kepala dusun utawa mbiyen lumrahe diarani kamituwa, sing duwe omah loro.   Teka sepisanan Sura mung ijen,  nanging bareng seminggu olehe ngenggoni omah kontrakan, kabeh brayate padha teka. Saka wong tuwane wedok lan bojone nganti anake lima sing isih sumega, ditambah awake dhewe gunggung kepruk sakulawarga ana wong wolu.
Kadidene wong anyaran Sura pancen pinter ngapek atine tangga kanan-kering dalah warga desa kabeh.  Apamaneh wis dadi adate pendhudhuk karang pradesan  sing tansah ngurmati wargane anyar,  mula uripe Sura ing desa Waturejo wektu semono kena diarani minulya.
Nanging kahanan ing ndonya iki pancen ora langgeng, bisa malik grembyang sagradagan.  Kayadene cakramanggilingan, sing biyen ana ndhuwur dina iki bisa keplorot mengisor, kosokbaline sing biyen kecepit ana ngisor saiki bisa medhongkrong ana ndhuwur.  Mutere cakramanggilingan ngono kuwi sing saiki dialami Suradira.
Embuh sabab apa Sura dadi ora eling lan waspada, nganti salah kedaden. Sipate sing banget jujure nganti kena dipindha kaya kethuk-kenong, ora muni yen ora ditabuh, suwe-suwe dadi mblero.  Nganti sawijining kalodhangan ana kanca nunggal pegaweyan sing nabuh Sura, ngajak tumindak dudu.  Sak jujur-jujure Sura sing kaya kethuk-kenong, amarga ana sing nabuh mula bisa muni. Malah ora mung trima ulem, nanging ngongkang mbudhegake kuping.  Sura kena kapilut, diglendheng kancane nindakake korupsi dhuwit pupuk.  Mayar wae anggone nindakake kadurakan mau,  lha wong sabendinane pancen gumbul karo dhuwit.  Asile uga nyata bisa gawe makmure kulawarga. Bisa nduweni tipi kelir lan nukokake gandhul sing gedhene sak endhog puyuh kanggo bojone.  Nanging barang mau padha karo mung silihan, amarga durung ganep telung sasi wis dijaluk maneh karo negara. Malah Sura uga katut dicidhuk lan dilebokake hotel prodeo sing ambune apeg.  Setengah tahun lawase Sura bisane mung nemplek ruji wesi karo nggetuni tumindake. Ora ngerti yen ing njaba dadi rasanane warga desa sing padha melehake.  Lha wong wis enak mangkruk-mangkruk ana ndhuwur kok isih penthalitan, mesthi wae ambruk.
Metune saka LP  wis ora nemoni kahanan kaya biyen maneh. Tangkepe warga desa marang dheweke kena diarani kaya wakul jinungkir. Akeh warga desa sing maune basa mlipis yen caturan kambi dheweke, saiki trima ngoko lawaran wae. Celukane  Pak Suradira  saiki  dadi Lik Sura-Kendhil, cocog karo wetenge sing gemandhul. Saiki Suradira jarene mung trima dadi blantik sapi sing saben dinane  saba pasar.  Yen ditakoni dhaerah kerjane, wangsulane ngolah-ngalih manut dina pasaran.  Yen dina Rebo biyasane menyang pasar sapi Sumberjo,  Sabtune bisa digoleki ing pasar sapi Mburno.  Mangkono mau gilir gumanti karo pasar sapi liyane. Nanging kerep uga mung glimbang-glimbung ana omah kontrakan sing mbayare saya seret. Nalika isih nglakoni paukuman sing wedok kepeksa nyincing jarit nggenteni luru dhuwit. Nalika iku kulawargane Sura pancen tetep manggon ana omah kontrakan, amarga omah lawase wis kadhung diedol. 
“Rambut ki tibane kok ya latah, sing duwe kulite wis kisut rambute ya melu malih dadi putih.”  Sura miwiti obrolane nalika uwane dijabuti Sirun.  Dheweke saiki kerep melu jagongan karo cah nom-noman ing serambi masjid saben bakda ngisak.  Saploke luwar iku Sura dadi khusuk sholate, mbuh amarga saka atine sing eklas, apa mung golek alem wae..
“Nyoh, iki lho lik uwanmu ana sing belang. Separo putih separo ireng.”  Cluluke Sirun sing kawit mau mbiyaki rambute Sura.
“Wah, iya je... yen sing ngene iki piye ya ?  Ireng malih putih apa putih malih ireng ?”  pitakone Sura kaya menehi cangkriman.
“Mesthine ya ireng malih putih lik.. Mosok ana rambut putih malih dadi ireng.”  wangsulane Sukra.
“Sapa sing kandha ora ana.” Aku sing wiwit mau mung ngrungokake kepeksa mbantah wangsulane Sukro.  “Lha wong tuwa-tuwa sing rambute wis mabluk putih kaya kapas akeh kok sing dadi ireng maneh amarga disemir.  Yen disawang katone ya isih njanges kaya nalika enome, nanging yen kudanan mesthine ya luntur kabeh.”
“Mesthi wae  Ro, jenenge barang mitasi. Saka putih kok bisa malih dadi ireng.”
“Kaya sipate manungsa wae ya lik,  mbiyene apik, jujur lan disenengi liyan  bisa tumindak nistha lan digethingi.  Ngono kuwi rak bisa diparibasakake putih malih ireng.”  Tembunge Munawar sing pungkasan iki dirasakake  Sura kaya-kaya nunjem pulunge ati.  Praupane malih semburat abang, kupinge krasa panas.  Nanging dheweke ora nesu, malah ngegongi kandhane Munawar.
“Kaya aku ngene iki ya War, biyen putih saiki ireng...”
“Wah, sepurane sing gedhe ya !  iki mau aku ora sengaja nyenggol riwayatmu lho lik.”  Munawar nggetuni tembunge sing wis kadhung keprucut.
“Ora papa War, pancen nyatane ya ngono kuwi lakune nasibku.  Biyen saben esuk aku budhal nganggo sandhangan necis lan sepaton, bareng saiki mung trima ubet-ubetan sarung, nganggo capil cekuthuk lan sandhalan jepit.  Pegaweyanku sing maune mung thenguk-thenguk saiki kluyuran saba pasar.”  Sura ndhukiri barang sing wis kependhem.
“Piye lik, pasaran sapi rame pa ra?”  pitakone Munawar ngalihake rembug.
“Sing rame mung pasare kok, War.  Yen regane sapi wayah ngene iki nedheng-nedhenge anjlog.”
“Yen riyaya kurban ngono kae mesthine regane mumbul, ya lik?”  Sirun melu takon karo isih nggethu ngolak-alik rambute Sura.
“Iya,  nanging ya kuwi... mung setaun sepisan.   Wis, Run... guluku cengeng kawit mau mbok puter mrana-mrene.  Kapan-kapan goleki maneh... aku tak mulih dhisik ya..,  sesuk esuk  arep nyang pasar Mburno.”  Kandha ngono Sura  karo ngadeg,  ngeluk boyok ngiwa-nengen.
“O....iya,  sesuk rak Sabtu Pon.” gremenge Munawar.
“Kowe kabeh apa dha gilir jaga ta?”
“Ora, bengi iki mung Sukro thok.  Awak-awak ngene iki rak mung ngancani ngobrol.”
“Ya wis,  aku mulih ya...”
“Ya, lik !”  swara papat mangsuli bareng,  nguntapake Sura sing sedhela wae wis ilang diuntal petenge wengi........  #
*
Sabtu esuk aku ngetokake Suzuki bebek saperlu lunggo ngeterake mbakyuku ngurus surat kelakuan baik ing kapulisen.  Sawise nganggo helm sing wujude kaya gegere bulus,  aku banjur methangkring lan mbakyuku ngetapel ana mburi.  Jaran Jepang iku banjur  tak gawa nggeblas mangetan,  ngliwati pasar kewan Mburno sing ramene ngudubilah, marga ngepasi dina pasaran.  Tungganganku terus tak bandhangake ngetan. Tekan protelon menggok ngiwa, mlebu platarane polsek.  Mbakyuku terus mlebu, dene aku ngenteni ing njaba.
Penggaweyan ngenteni pancen nyata yen mboseni banget.  Anggonku lungguh wis ana yen setengah-jaman, nganti wetengku keprungu kluruk.  Eling-eling mau durung sarapan...  Lagi nengah-nengahi ngrasakake luwene weteng  ndadak ana wong gemrudug mlebu gapurane kapulisen.  Ana sawenehe pawongan sing diapit anggota pulisi loro,  sauntara ing mburine akeh wong padha ngetutake.  Rombongan kuwi mlebu ruwang penjagan....
Amarga kepengin ngerti apa sing mentas kedadeyan,  mula bokongku tak angkat saka lungguhan.   Gedhe-cilik,  tuwa-enom, lanang-wadon padha dhesek-dhesekan,  ndadekake ruwangan sing mula wis ciyut  dadi saya sumpeg.   Sawenehe wong wadon sing kalah dhesekan tak takoni :
“Wonten napa, bu ?”
“Anu...... onten copet ketangkep king peken..”
“Sampun angsal menapa ?”
“Terose mpun nyendhal kalung.  Kula kiyambak nggih dereng sumerep tiyange kok, mas..”
Aku njur melu miyaki awake wong-wong sing dhempet kaya kebon tebu.  Nalika bisa tekan barisan ngarep dhewe, mripatku mentheleng nyawang pawongan sing tangane kiwa-tengen diborgol.   Nanging tak rasak-rasakake pandelengku ora mbujuki. Pawongan kuwi............... nyata yen Lik Sura-Kendhil sing mau bengi jagongan karo aku !
Aku isih eling nalika dheweke dicangklak rembug dening Munawar,  jarene sipate sing putih wis malih ireng.  Lha kok saiki ditambahi maneh irenge..... njur arep dadi piye maneh ?   Apa pancene Lik Sura wis kangen karo panggonane nginep nalika mentas nindakake korupsi mbiyen ?   Karo nggagas mangkono aku kluntrung-kluntrung ninggalake wong-wong sing isih padha umyeg........@

Panjebar Semangat    No.  52  -  24  Desember  1988.    on

Selasa, 10 Mei 2011

SUKET: Samudra Banyu Bening (2)

@ SUKET 02


Soal dokumentasi sastra, saya jadi teringat sastrawan Jawa asal Bojonegoro, JFX Hoerry. Rumahnya di Padangan kerap didatangi sejumlah peneliti sastra Jawa. Peneliti itu bukan hanya dari dalam negeri tapi juga luar negeri. JFX Hoerry termasuk sastrawan dan pengumpul data yang tekun tentang sastra Jawa. Dia mempunyai koleksi lengkap, majalah Penjebar Semangat dan Djoko Lodang dari edisi perdana hingga paling akhir. Makalah-makalah tentang sastra Jawa pun, dia tekun mengumpulkannya. Ketua Paguyuban Sastra Jawa Bojonegoro (PSJB) ini juga peraih penghargaan Rancage. Penerusnya Herwanto pun tahun ini adalah penerima penghargaan Rancage. Artinya, barometer sastra Jawa ternyata bukan Solo dan Jogjakarta. Barometer sastra Jawa ternyata adalah Bojonegoro. Karena itu, sepatutnya jika seluruh dokumentasi sastra Jawa yang dimiliki oleh JFX Hoerry diselamatkan oleh pemerintah. Caranya, pemkab Bojonegoro bisa membuat seperti yang dilakukan oleh Ali Sadikin, yakni membangun Pusat Dokumentasi Sastra Jawa. Saya yakin, Bojonegoro akan makin dikenal bukan hanya kebudayaan dan keseniannya. Tapi juga pusat laboratorium sastra Jawa. Peneliti sastra Jawa, baik dari dalam maupun luar negeri akan berdatangan ke Bojonegoro. Mereka akan mengabarkan kepada siapa saja yang akan meneliti sastra Jawa tak afdhol jika tak ke Bojonegoro.
Bupati Bojonegoro, Suyoto sesungguhnya telah memulainya menjadi pemimpin yang hidup berkesenian dan nyastra. Dia telah mencipta banyak puisi. Bahkan telah membuat buku kumpulan puisinya. Modal sudah ada. Yakni, Bojonegoro adalah barometer sastra Jawa dan bupati juga senang berkesenian. Tinggal membangun pusat dokumentasi sastra Jawa. Bagaimana menurut Anda? 


K A L E I D O S K O P (1)

@ Feti May Nurhidayah
Ad
       Puisi: Feti May Nurhidayah

     Kesunyian Abadi

       Jika Sewaktu saat nanti
       Aku tidur pulas selamanya
       Di tempat tidur beralas tanah
       Berselimut bunga
       Ditutupi dengan papan
       Disampuli sebatang kayu yang tertulis namaku

       Apakah masih ada yang sayang sama aku?
       Dan apakah ada yang masih ingat aku?
       Ataukah mungkin tiada lagi yang ingat dan peduli sama aku

       Jika benar-benar seperti itu
       Kesepian dan kesunyian abadi, kan menemani
       Sebelum itu benar-benar terjadi
       Izinkan ku minta maaf atas segala kesalahanku




      CATATAN

CATATAN
Feti May Nurhidayah, pelajar asal Desa Padang, Kecamatan Trucuk, Bojonegoro, Jatim, merupakan salah satu korban perahu tenggelam 2 Mei.di perairan Bengawan Solo.

Ketika itu, dia berangkat dengan menumpang perahu, membawa piala bergilir juara bahasa Inggris yang akan dikembalikan ke sekolahannya untuk diperebutkan kembali.

Puisi tersebut, dikirimkan kepada sejumlah teman dan kerabatnya, sebelum insiden perahu tambang yang ditumpangi tenggelam.

Dengan niat mengenang  almarhum Feti, juga untuk mengingatkan kepada diri saya, akhirnya dengan memberanikan diri, puisi yang dikirim lewat SMS itu,kepada berbagai pihak itu,  saya beri judul, "Kesunyian Abadi".


     Selamat jalan Feti....Tuhan menyertaimu.


 on

Sabtu, 07 Mei 2011

CERKAK: Herwanto (1)

@ Growok 01
 

A
* Gombreng
* Ibu




Gombreg


  JENENGKU Gombreg. Kerjaku serabutan ora tamtu. Yen aku antuk milih ing wernane profesi minangka tukang rongsokan bakal taktulis ning KTP. Mula kanthi kerja sing kaya mengkono asil saben dina ora bakal bisa nyukupi kebutuhane anak bojo. Kasampurnan apa sing bakal takgayuh kanthi kerjaku, ora liya mung nggoleki cangkriman sing ndhelik ing tengahe panguripan. Apa bener Gusti menehi cangkriman saben wong ing uripe? Yen bener kaya mengkono tamtune ana rahasia sing kudu kawiyak.
  Banjur yen aku milih dadi tukang rongsokan iku tegese ora pilihan kanthi rasa sadhar. Mataun-taun uripku mung kadhungsangan kagiles mangsa. Nyoba ngreka-reka yen saktemene rodha kuwi mesthi muter mbokmenawa taun ngarep nasib bakal owah. Nanging nganti anak telu tetep wae mung wesi, karton, aluminium, plastik lan liya-liyane sing ngupengi. Cangkriman kepriye maneh sing kudu takwangsuli?
  “Mbreg…!’
  Suwara iku nyentak kupingku.  Gono tanggaku krenggosan  nyedhak.
  “Ana apa, No?”  
  “Anu, Mbreg….! Dimin, Dimin anake sampean kecelakaan!”
  Pet! Mripatku dadi peteng ndadak. Glangsing lan rengkek wadhah barang-barang rongsokan takuncalne neng pinggir ndalan. Sepedha pancal banjur takgenjot mulih.
  “Kecelakaan ning endi? Kecelakaane piye?” pambengokku karo kringet dleweran. Aku lan Gono kayadene wong balapan.
  “Numpak sepedhae kancane. Karepe pengin blajar, banjur kecebur kalen.”
  “Apane sing tatu?”
  “Dhengkule. Nanging Dimin semaput.”
  Tekan omah wis akeh wong ngebaki plataran omah. Warti bojoku nangis ngguguk. Mantri kesehatan Sudiman tangga kiwane omah mriksa Dimin.
  “Piye kahanane Mas Mantri?” pitakonku karo nyedhak.
  “Mung kaget wae lik Gombreg. Sedhela maneh sadhar. “
  Sawetara aku isa unjal ambegan landhung. Apa maneh nalika suwara ngrintihe Dimin keprungu.
  “Min, Dimin….” panguundangku.
  “Uh….uh…..uh……!”
  “Apane sing lara? Sing endi? Bapak pijeti,ya.”
  Wong-wong padha bubar sakwise ngerti yen Dimin wis sadhar. Lega rasane ati. Sakwise ngucap matur nuwun lan ngandhani yen Dimin ora apa-apa, wong-wong iku banjur ngelingake yen sinau nyetir sepedha sing ati-ati. Untung maneh sepedhae ora apa-apa. Aku banjur nerusne gaweyanku.
  Dimin nyilih sepedha kancane mung saperlu kanggo sinau nyetir. Umpama Dimin wis duwe sepedha wiwit mbiyen tamtune saiki dheweke wis prigel lan ora keri karo kanca-kancane. Ya, saking kesrakatku nganti ngene iki, nukokna sepedha wae ora bisa. Aja maneh tuku kanggo sepedha, buku-buku sekolahe Dimin wae akeh saka rongsokan sing didol kilonan. Aku terus mancal sepedha marani rengkek lan glangsing sing tak uncalne  ning pinggir dalan mau. Senajan srengenge rasane kaya ngobong mbuyn-mbunan,kringet dleweran wis dadi pakulinan. Yen ora nglakoni kahanan kaya ngene iki, aku wis ora duwe pilihan urip sing luwih kepenak. Gombreg,Gombreg nasibmu!
  Rengkek lan glangsing isih gumlethak ning pinggir dalan. Ora bakal ilang amarga isine mung rongsokan, barang buwakan. Mula lelakon sing saben dina mung ngongkreh-ongkreh sampah  nggoleki plastik, kertas utawa wesi sing isih bisa  didol ora bisa taktinggalne. Wis dadi pilihan urip kanggo nyukupi kabutuhane anak lan bojo. Nanging awan iki srengenge bener-bener ngobong sirah. Mula nalika ana gardu Hansip aku banjur mlebu. Sepedha tak glethakne wae lan rasa ngantuk ora bisa tak empet maneh. Aku keturon saking keselku.
  Embuh pirang jam anggonku keturon ning gardu Hansip. Nalika srowang-srowang ana suwara aku njenggirat tangi. Tibake wis akeh nom-noman sing ngubengi gardu Hansip.
  “Lha, iki malinge!” pambengoke nom-noman sing rambut gondrong karo nuding raiku.
  “Bangsat kowe! Jebul dadi tukang rongsokan mung ethok-ethok.”
  Aku kaget banget. Lambeku durung nganti kumecap nanging sandal jepit wis miber ning sirahku.
  “Endi barang-barang sing mbok colong? Ngakua!”
  “Jawab bajingan….!”
  Plak! Lambeku njedhir.
  “Sik,sik! Aja nganggo kekerasan! Ditakoni ndhisik!” sing nganggo peci ngelus pundhake nom-noman iku karo nyedhak.
  “Coba diwenehi kesempatan njawab pertanyaane awake dhewe. Aja plak plek sak penake dhewe-dhewe! Endi barang-barang sing mbok colong?” pitakone karo nyedhaki aku.
  Lambeku gemeter ngemu getih, perih banget.
  “Kula sanes maling, Pak. Kula pados rongsokan mawon.” Ora kuwagang aku arep ngadeg apa maneh niat males tumindake nom-noman mau. 
  “Lho, sing ilang iki barang berharga.”
  “Saestu, kula mboten maling barang berharga gadhahe tiyang ngriki. Kula mboten maling.”
  “Maling nek ngaku, penjara mesthi kebak,” liyane nyela.
  Lambeku tansaya perih, nanging isih luwih perih nalika wong-wong iku tetep meksa yen aku iki saktemene maling. Perih atiku.
  “Nek ora ngaku ayo diseret ning ndalan!”
  “Diobong wae!”
  “Aja! Aja! Iki pelanggaran HAM. Ditakoni sing apik supaya enggal ngaku. Nek tetep ora ngaku, lagi diserahne polisi.”
  “Kenaken nek diserahne polisi. Gebugi wae sak matine!”
  Awakku dadi adhem panas. Kringet dleweran ning pipi, keprungu tembung polisi. Aku nyebut asmane Gusti. Dhuh, abote nasib sing kudu takpikul.
  “Hah, sawangen! Maling iku mulai pipis ning kathoke.”
  “Hu….!”
 Wong-wong padha ngguyu lan aku krasa banyu anget ndlewer ning selakangan. Bebarengan iku rengkek karo kranjangku digawa ning ngarepku bakal dibongkar kanggo nggoleki barang bukti.
“Ayo, Mbreg! Bongkar kowe dhewe!” prentahe sing nganggo peci.
Aku krengah-krengah tangi. Awak kesel, lambe njedhir ngemu getih lan selakangan anget saka pipis tak dadekna siji mbangun kekuwatan kenggo mbuktekna yen aku ora maling. Glangsing lan rengkek tak bukak lan isine takwuntahne. Aku njejer ngadeg wae lan nom-noman iku sing ngongkreh-ongkreh isine. Kardus, wesi rongsokan, aluminium, botol plastik, dipriksa siji-siji mbokmenawa sing digoleki ketemu. Nanging nganti seprene nom-noman iku ora nemokake sing digoleki. Nganti buku-buku bekas dibuwaki ning ngarepku pratandha yen sing digoleki ora ketemu. Tak klumpukna maneh buku-buku sejarah Indonesia, buku kumpulan lagu nasional, buku matematika lan liya-liyane.   Udakara rong jam nom-noman iku mung ngongkreh-ongkreh barang rongsokan sing kasil takklumpukake. Gardu Hansip kebak karo barang-barang bekas. Nom-noman iku mundur.
“Mboten wonten,Pak.” palapurane.
“Digoleki maneh,mbokmenawa nylempit ning tengahe buku-buku ning ngarepe kae!” prentahe.
Buku-buku sejarah lan liya-liyane kepeksa diorat-arit maneh. Dibukaki per lembar lan mripate nom-noman telu iku ora ucul saka saben lembare. Banjur kabeh padha gedheg.
“Tetep mboten wonten, Pak. Lajeng pripun niki?” pitakone karo wong sing nganggo peci.
Wong iku unjal ambegan landhung karo nyedhaki aku maneh.
“Ngene, Mbreg. Ana saksi mata sing ngerti yen kowe jelas nyolong mula saiki dudohna barang colongan mau lan kowe ora bakal takgawa menyang kantor polisi. Iki cara musyawarah penak.”
“Pak, kula mendheti barang-barang menika mboten nyolong. Wesi, kardus, buku-buku menika sampun mlebet bak sampah lajeng kula pendheti kula sade kilonan. Saestu, pak kula mboten nyolong. Mboten slamet nek kula nyolong!”
“Kowe tak kongkon ngaku wae kok angel temen. Pancen gak ana maling banjur ngaku. Sepisan maneh aku takon apik-apik,mbok dhelikna ning endi?”
“Kula mboten nyolong, Pak.”
“Apa wis mbok dol?”
“Kula sanes maling.”
“Nek ngono, sudah Gombreg gadaikan?”
“Saya bukan pengecut, saya bukan pengkhianat…!”
Plak! Lambeku mingkem, getih ndlewer. Perih banget. Wong sing nganggo peci ireng menthelengi aku maneh. Sirahku krasa mumet-mumet. Wetengku mulai protes.
“Mbreg,Gombreg! Wong-wong ning njaba sajak ora sabar maneh. Nek kowe bisa diajak rembugan apik-apik, saiki kesempatanmu. Nek wong-wong iku wis entek kesabarane, aku ora tanggung jawab maneh. Duduhna ning endi olehmu ndhelikake barang-barang colongan iku!”
Aku ora mangsuli, tangan kiwaku nyekeli weteng.
“Geneya karo wetengmu?”
Lambeku isih mingkem. Wong sing nganggo peci iku banjur mundur lan kandha karo wong-wong ning njabane gardu nek Gombreg wetenge lara. Sing siji usul supaya mantri kesehatan ditekakne kanggo mriksa kesehatanku. Usul disaguhi, lan ora let suwe mantri kesehatan sing isih nom mlebu. Sirahku tansaya mumet. Cetha banget yen aku saiki wis dadi barang dolanane wong-wong iku. Saliyane wis ndadekna aku minangka barang gak duwe aji, sajake Gombreg uga nampa kanugrahan liyane yaiku simbole wong goblok. Nom-noman iku wis ndadekna aku ora kaya manungsa maneh.
Sakdurunge mriksa mantri kesehatan njaluk supaya wong-wong sing ngupengi aku mundur. Hawa pengab lan panas malah bisa ndadekne aku semaput. Kandhane mantri dituruti. Gardu Hansip banjur kosong. Ngati-ati mantri kesehatan iku mlangkah ing ndhuwure wesi rongsokan,sajak kuwatir banget sikile kecubles kawat banjur dadi  tetanus. Nganggo stetoskop wetengku banjur dipriksa.
“Wis mangan apa durung?” pitakone.
Aku meneng wae ora bisa mangsuli. Wetengku tansaya perih.
Mantri mijet-mijet weteng sisih kiwa. Dheweke unjal ambegan landhung banjur metu nemoni wong sing nganggo peci.
“Pak Lurah, Gombreg luwe. Saene nek Njenengan badhe tanglet malih, wetenge Gombreg kedah wonten isine. Tiyang luwe mboten saged konsentrasi kalih penyidikan,” kandhane mantri kesehatan. Wong  nganggo peci sing sinebut Pak Lurah iku manthuk.
“Wo, tukokna sega pecel sabungkus!” prentahe karo nom-noman kaos putih.
Gardu Hansip isih kosong. Ora ana wong sing kumawani mlebu. Mripat-mripat iku isih betah menthelengi aku najan srengenge kaya ngobong sirah. Kayadene isih ngenteni lambeku menga banjur ngaku nek aku sing nyolong. Pak Lurah uga isih ning njaba ngenteni sega pecel sabungkus. Udakara limolas menit sega pecel teka banjur diuncalna ning ngarepku.
“Ndang dipangan!”
Kanthi tangan isih gemeter bungkusan sega pecel taksaut. Ora ana sing takpikir maneh kejaba wetengku enggal ana isine supaya ora nganti semaput. Lurah lan wong-wong liyane ora takgubris maneh. Semana uga nalika aku ngombe, pikiranku dadi blong. Wetengku wareg. Lali yen saiki aku dadi wong paukuman. Aku andep sapenakku dhewe.
“Wis siap, Mbreg?” takonane Lurah.
Aku manthuk. Lurah nyedhak lan wong-wong liyane uga nyedhak.
“Jujur wae, kowe ta sing nyolong? Ayo, nek ngaku ora bakal digebuki maneh!”
Durung nganti aku mangsuli watengku bali kumat maneh. Rasa mlilite malah luwih nemen diperes-peres kayadene arep tugel. Wong-wong njabane gardu dadi penasaran nyawang polahku banjur padha mbengok.
“Mbreg, aja kakehan alasan! Brengsek kowe! Ini bangsa yang besar, kowe uga kudu duwe jiwa besar. Nek salah ndang ngaku, ora plolat-plelet golek alasan thok. “
Aku ora mangsuli, tangan isih polah ngiwa nengen nyekeli weteng. Wong-wong tansaya ribut. Malah ana sing njupuk botol plastik lan disawatna aku. Luput. Tembok gardu dadi kotor. Lurah nyedhak nanging ndilalah wetengku sing ora kulina karo sambel pedhes mbuwak angin banter banget. Wong njabane gardu Hansip padha ngguyu, raine Lurah mbrambang.
“Maling edan!” pambengoke Lurah.
Wong-wong malah ngguyu Lurah sing krepotan nyumpeti irunge.
“Pak Lurah, nyuwun sewu, kula badhe mbebuwak,” kandhaku karo isih nyekeli weteng.
Lurah metu sedhela.
“Gombreg kebelet. WC ne sapa sing antuk dienggo?” pitakone Lurah marang wargane.
“WC kula mboten angsal Pak Lurah. Penyakite Gombreg nular.”
“Wah, WC kula sampun kebak Pak Lurah.”
“ Niku penghinaan pak Lurah.”
Wetengku bener-bener mlilit. Aku ora bisa ngempet maneh yen kebebasanku bener-bener dirampas. Wong-wong iku wis ora mung ndadekna aku minangka pesakitan, nanging barang rongsokan sing dadi guyonan. Tepa slira ,tatakrama, njunjung dhuwur mendhem jero wis ilang saka bangsa iki.  Bangsa sing adiluhung nyatane mung dadi slogan lan impen para sesepuh. Gardu Hansip iki dadi saksine. Aku ora beda karo kethek sing ditaleni lan disoraki. Najan tukang rongsokan aku uga manungsa. Aku ora kuwat maneh. Mula botol-botol plastik ning ngarepku tak sawatna wong-wong  sing isih ngguyu banter.
Plak! Sirahku ditempiling maneh.
“Kowe mung maling! Aja wani-wani mbales nyawati!”
Aku ora kapok, takjupuk maneh sandal jepit lan taksawatne sakuwatku.
Plak! Plak! Plak! Aku njerit. Sirahku bener-bener mumet. Kayadene wong mabuk aku gloyoran ngadeg cekelan tembok. Isine wetengku rasane wis tekan gulu, mungkug. Wuoooook! Ora bisa tak empet maneh aku wuntah. Sikile pak Lurah jibrat wuntahan, semana uga buku-buku sejarah  ning ngarepku. Kamangka buku-buku sejarah kuwi sing dipesen Dimin kanggo sinau.  Aku ambrug, semaput.@


Cathetan :
Nganggo jeneng Landung.
 
 ___________________________________________


Ibu

        IBU nyoba lungguh jejeg karo ndhelikna rasa larane. Aku ngerti yen carane ibu kaya mengkono mung salah sijine rasa ora kepenak karo anak-anake. Apamaneh karo bojoku ya mantune dhewe. Pasuryane ora sumunar kaya padatane, rambute nyemu abu-abu lan pakulitan garing njengkirut. Saben tindak, ibu mesthi golek cekelan kayadene kuwatir bakal rubuh.
        “Ibu kenek apa?” pitakone mantune  nalika ibu sempoyongan arep lungguh ning kursi.
        “Ahh, ora ngerti ndhuk. Dhek wingi sore sirahe ibu kayadene ana bandhule wesi gedhe abot banget. Saiki rasane muter-muter, sirah rasane kaya arep copot. Ibu kaya pingin muntah wae,” wangsulane.
        “Sampun priksa dokter?”
        “Mas Darso,” kandhane ibu. Bojoku nglirik aku. Iku mantri pukesmas sing omahe cedhak kreteg tinggalane Walanda. Bojoku mijeti gulune ibu.
        “Obat wis ape entek, nanging mumete sirah durung mari, gak ana bedane. Malah saya abot. Ahh….,” ibu ngrintih karo sumendhe ning kursi.
        Mangerteni ibu kaya mengkono saktemene aku kepingin srengen. Ibu bola-bali tak kandhani yen dhedhaharan kaya biasane kudune diganti, ora mathuk kanggone kesehatan sing umure kaya ibu. Nanging ibu tetep wae ora ngreken aturku. Jarene iku wis dadi kasenengane wiwit biyen nalika isih bebrayan karo bapak. Nanging sakwise bapak kapundhut tetep wae ibu ora ngowahi padatane.
        “Guluku rasane nggandhok banget, pijeti sisih mburi Ndhuk!” prentahe menyang bojoku. Tangane grayah-grayah golek cekelan. Mripate nolih ngiwa nengen kaya arep njejegake sing bakal rubuh saka awake.
        “Saiki kepriye kersane ibu?” pitakonku.
        “Jane ya ora apa-apa,mung mumete iki sing ora mari-mari.”
        “Mung mumet? Mumet iku tetep wae penyakit.”
        “Embuh obat apa sing diwenehne mantri Darso, kok mumet iki ora enggal mari. Aku njaluk ngombe dhisik!”
        Aku njupuk banyu sagelas. Ibu nyruput saithik. Ibu mesem .
        “Rada seger. Nek wis  kepenak aku terna mulih.”
        “Ibu gak usah mikir mulih ndhisik. Ibu isih lara, mengko nek ning omah kijenan banjur sapa sing arep mbiyantu ibu?”
        “Hmm,ora usah kuwatir! Ana Parti mburine omah sing saben dina nyambangi ibu.”
        Aku lan bojoku banjur meneng. Ibu semendhe ning kursi lan katone liyep-liyep ngantuk.
        “Ibu sare ning kamar ya?”
        “Ora usah ndhuk! Mengko selak kewengen,” wangsulane ibu karo gumregah ngadeg.
        Sidane aku ngeterne ibu mulih wektu iku uga. Wis suwe anggonku ngajak supaya ibu gelem melu aku. Nanging kekarepane ibu sing ora bakal ngrepoti anak-anake tetep wae ndadekne ibu manggon ning omah dara kepeg lore dalan, sijine omah modhel kuna sing isih ngadeg nganti saiki. Jarene ibu omah iku ora bakal ditinggalne, saliyane minangka pakurmatan karo bapak omah iku wujude tresna sing wiwit dibangun mbiyen. Kahanan omah dara kepeg iku uga ora bakal diowahi, mung kala-kala ngepasi arep riyaya ibu ngongkon Darto supaya nglabur gedhege. Yen tak kandhani usuk lan reng saka kayu-kayu jati iku wis pantes diganti, ibu tetep ngotot yen kahanane isih kuwat. Iku saka kayu jati pilihan, kandhane maneh banjur ngojahi aku yen mbangun omah kudune milih materiale sing apik, tetep nganggo petungan jawa madhep lan wektu ngedegaku.Ibu njaluk aku supaya bisa mandhiri. Aku manthuk-manthuk wae, ora wani mbantah ibu. Yen ibu ngepasi kojah kaya mengkono banjur aku nyrambul ngomong ibu mesthi duka. Ibu banjur meneng lan ora nerusne omong.
        Ibu nate kandha yen omah iku ora bakal diwenehne sapa-sapa. Luwih becik anak-anake bisa mbangun omah dhewe-dhewe lan ora njagakne warisan omah dara kepeg iku. Yen arep nggawe modhel kepriye wae jarene ibu ora bakal pekewuh, ora kudu kaya dara kepeg tinggalane. Nom-noman saiki duwe kasenengan karo modhel-modhel sing anyar. Apamaneh yen ana gandane modhel saka njaban rangkah ora dipikir kaping pindho kabeh banjur ditampa. Yen ora melu kaya mengkono jarene keri karo obahe ndonya. Dara kepeg iku mung omah kuna lan ora cocog kanggo modhel saiki. Omah kudune dibangun adhedhasar tresna kekarone, kandhane maneh. Ibu pancen tentrem banget manggon ing omah sing dibangun karo bapak.
        Sakwise bapak kapundhut ana wae bagean saka omah iku sing ora krumat. Gentenge siji mbaka siji pecah lan gawe banyu udan mlebu tanpa pepalang. Nanging mangerteni kaya mengkono ibu tetep wae meneng sajak ora kepingin ngowahi. Ya mung ngarepake riyaya wingi gedheg ngarep dilabur nganggo gamping lan saka ratan katon sumunar putih. Karepku, ibu pancen ora perlu maneh ndandani omah. Ibu melu aku lan sakabehe kabutuhane urip dadi tanggungjawabku. Nanging ibu ora kepingin ninggalne omah, ibu ora kepingin ninggalne tandha tresnane karo bapak. Banget gedhene tresna sing dibangun lan kukuh nganti seprene. Najan ibu nandhang lara tetep wae manggon ing omah iku. Banjur sing uncla unclu ngalor ngidul ngurusi sapa maneh saliyane aku. Mbak Har ya wis lunga adoh melu sing lanang.
        “Aja mbok kojahi yen melu anak iku luwih kepenak!” kandhane ibu nalika sore.
        “Ora perkara kuwi. Nanging aku mesakna yen ibu kudu kijenan ning omah iki. Yen ibu melu aku, Aldi uga bakal seneng amarga simbahe bisa ngajak guyon saben dina. “
        “Urip ijen iku ora medeni. Aku wis siap nampa kahanan kaya ngene iki. Kowe wis gedhe duwe tanggung jawab mengarep sing luwih abot. Aja mbok peksa pemikiranmu bali karo kahanan sing mesthine mbok tinggal.”
        “Ibu, tegese aku bakal dicandra minangka anak sing ora duwe tanggungjawab karo wong tuwa.”
        “Ora. Aku ya ora kepingin diarani wong tuwa sing bakal nyusahne anak.”
        “Ibu…..”
        Banjur ibu kukuh karo pamikirane. Najan ibu lara tetep wae ora kepingin melu anake.  Umpama darah tinggine kumat kaya mau banjur ana Darminto bocah umur rolas taun mancal sepedhane ngabari kahanane ibu kaya mengkono. Nanging nganti seprene ibu ora gelem yen priksa ning dokter. Jarene mung mumet lan ora mbebayani. Sedhela maneh bakal mari, aku mung kurang turu, kandhane karo mlaku kalem-kalem. Ing omah sing paling ditresnani iku, ibu banjur lungguh kursi ing teras. Sesawangan sore nalika srengenge katutup godhong-godhong pelem lan angin katiga ngobah-obahake, wewayangan sing tumiba ning plataran sajak ngawe-awe. Aku kandha yen hawa panas ngene iki ora apik kanggo kesehatan, ibu meksa yen dheweke wis kulina. Mula aku banjur ngalah ngrumangsani yen wong saya tuwa saya egois klebu ibuku dhewe. Aku banjur takon, apa mumet sirahe ibu wis kepenak.
        “Ora apa-apa, iki mumet biasa. Tak kira ora perlu ning dokter utawa mantri puskesmas, sedhela maneh mari dhewe. Ya mung kurang turu. Ora apa-apa ta nek  ibu ngalem karo mantune?” takone karo mesem.
        “Yuli ya ora kabotan kok ,Bu.”
        “Saiki wis sore, omahmu adoh saka kene. Ibu matur nuwun wis mbok terne, suk nek mumete wis bener-benr mari, ibu bakal guyonan karo Aldi maneh lan mulihe ora usah mbokterna. Ibu bakal mulih dhewe.”
        “Yen ibu kepingin guyon karo Aldi, ibu gak usah mrana dhewe. Aku bakal mrene marani ibu.”
        “Ya,ora apa-apa. Saiki wis sore. Aldi ngenteni bapake.”
        Aku banjur pamit mulih nalika srengenge durung angslup. Hawa garing lan awu mabur-mabur, keterak kendharaan banjur nemplek ning godhong-godhong. Sesawangan sing ana mung werna putih awu, kaya uripe ibuku sing kukuh bakal kijenan. Ibuku wis nandhang lara. Urip kijenan ora perlu kanca najan anake. Yen ana Parti tegese iku mung kanca nalika ibu mbutuhake kaperluane sing ora bia ditindakne dhewe. Ibu wis cukup kulina ngadehepi asin orane urip kanthi kesabaran sing dituwuhne dhewe. Nalika isih bebrayan karo bapak kesabarane ibu ora ana tandinge. Iku uga diakoni karo tangga kiwa tengene omah. Banjur nalika ibu ngalem karo Yuli aku ya ngrumangsani yen kangene karo mbak Har wis nggunung banget.
Nanging nganti seprene kabar ngenani mbak Har ora ana teka. Layang pungkasan sing ditampa ngabarake yen dheweke ing Kalimantan Tengah ngayahi tugas perusahaan. Nanging nganti seprene ora ana layang sing teka maneh. Telpune ya ora bisa dihubungi. Mula yen ibu kangen karo mbak Har, Yuli bojoku sing bakal ngganteni. Aku ngerti kangene ibu gedhe banget. Nalika ibu gawe keputusan yen ora bakal melu aku, iku sing ora bisa tak tampa. Ngendikane ibu iku minangka ujud tresnane karo bapak lan ora bakal ninggalna omahe bisa tak tampa. Nanging nalika ibu nandang gerah najan mung mumet iku sing dadi pamikiranku.
“Ibu mesthine dipriksana dokter. Dadi penyakite bisa diweruhi lan ora mung sambat,” bojoku nalika sore kandha.
“Ibu ora gelem. Nyatane ya mung mumet thok!”
“Sampean iki piye? Mumet iku mung tandhane wae. Apa sampean ora keprungu kepriye sambate ibu yen sirahe kaya ana bandhule wesi. Tegese iku kudu digawa ning dokter, ora mung cukup ning puskesmas. Malah ibu kandha yen arep ning nggone dhukun pijet. Walah…!”
“Yuli, ibu wis kulina ngadhepi kahanan kaya mengkono. Ibu paling luwih ngerti apa sing dibutuhne.”
“Ya. Nanging yen ana kedadean sing ora dinyana-nyana banjur sampean ora tumindak apa-apa, rumangsa salah mesthi ning mburi Mas.”
“Yul, umpama ibu gelem ning omah kene,aku bisa ngramut saben dina lan ngawasi kesehatane. Ibu isih kuwat urip ijen. Ibu ora bia dipeksa kaya kekarepanmu. Ibu wis kulina karo kesabarane. Rasa tresnane karo bapak ora kepingin kecampuran karo tresna awake dhewe. Ibu kepingin urip ijen saperlu njaga tresnane.”
“Banjur sampean uga sarujuk yen ibu saben wengi kudu kasepen?”
Aku meneng. Lagi sepisan iki Yuli wani ngomong kaya mengkono. Aku banjur padudon ngenani kahanane ibu. Nganti wengi pungkasane Yuli nangis ngguguk njaluk sepura wis wani karo aku. Kandhane iku mung ujud saka tresnane karo ibu. Yuli ora kepingin nyawang ibu urip kijenan lan kasepen ing antarane sisa-sisa rasa tresna saka bapak.
Pirang-pirang dina mumete ibu ora dadi rembugan maneh. Nalika ibu geguyonan karo Aldi ya ora sambat mumete kumat. Nanging saben ibu arep jumangkah aku bisa nyawang yen mripat abange sajak nyimpen rasa lara. Ibu katon ndhelikne lan ora dikandhakne aku. Uga nalika ibu kandha yen kangene karo mbak Har saktemene wis nggunung, banjur ngalem karo Yuli, aku bisa ngrasakne yen ibu saktemene lara. Nanging ibu tetep wae kepingin anak-anake bungah ora keganggu karo dheweke.  Mula yen ibu banjur asring guyon karo Aldi tegese ibu pancen lara banget.
Aku ngerti ing yuswane sing sepuh iki ibu ora pingin ngrepoti anake. Apamaneh aku karo Yuli lagi omah-omah udakara patang taunan, isih enom lan wis duwe momongan Aldi. Aku karo Yuli antarane langit lan bumi. Yuli lair saka kaluwarga sarwa kecukupan sawetara aku mung kaluwarga buruh. Yen tresna iki banjur lumaku nganti saiki iku amerga nekate Yuli nabrak kekarepane wong tuwane. Jurang jero ing uripku dadi masalah sing abot banget. Aku mung buruh pabrik lan Yuli kulina karo urip cara kulawargane. Saben blanja Yuli ora gelem ning pasar tradisional apamaneh pasar krempyeng. Supermarket senajan kudu numpak bis bakal ditekat. Bayaran sesasi mung antuk klambi siji. Aku menggeh-menggeh ngetut lakune urip kaya Yuli. Durung pungkas anggonku mikir kahanan iki, ibu kandha yen lara mumete saya ndadi.
Kahanan iki uga sing asring ndadekna aku karo Yuli padudon.
“Ora masalah pelit, Yul. Nanging kebutuhan saiki kudu ditata karo manajemen sing apik.”
“Lho,Mas. Nek sampean ngomong manajemen sing apik,aku uga duwe manajemen wektu sing apik. Pira ta regane kompor gas? Jaman saiki mbutuhake wektu ringkes, cepet. Nek ora ngono bakal ketinggalan jaman,” suwarane Yuli ngganyang aku.
“Pancen ora salah. Nanging kanggo apa yen durung pati butuh. Kompor minyak iku ya isih apik.”
“Huh,mental buruh. “
“Aku pancen mung buruh.”
“Tuku sing murah malah manajemene bubrah. Iki pemborosan. “
        Ngono iku saben dina sing keprungu. Yen ora perkara urusan pawon, Yuli asring nabrak aku karo teori sing diajarne wong tuwane. Tamtune teori wong sugih sing cara uripe ora tau metu ing impenku. Aku lan Yuli mubeng-mubeng golek teori lan praktek sing pas karo kasunyatan urip. Nanging nganti seprene sejarah urip sing takgawa ora bakal tinemu karo cara mikire Yuli. Banjur Yuli ndhangakne sirahe nyawang aku.
“Aku njaluk sepura sing gedhe, Mas. Bener-bener aku ora ngerti. Karepku.…aku bener-bener salah. Pangapuramu,Mas! Pemahamanku ora cukup kanggo nampa kenyataan kaya ngene iki, sepurane.”
Aku unjal ambegan landhung, mesem lan praupan sumringah takduduhake. Aku wong lanang sing ora nangisan, ndheprok mung ngadhepi perkara cilik kaya ngene iki. Aku wong lanang sing kukuh lan dhewasa. Ora bakal ngundhat-undhat senajan katresnan iki tetep lumaku amerga nekate Yuli nabrak tatanan kulawargane. Lan katresnan buruh pabrik iki wis ngasilake Aldi.
“Banjur kepriye saiki?” pitakonku.
“Kepriye maneh? Aldi butuh klambi,mosok riyaya ngarep iki ora ganti. Apa sampean ora isin mengko ketemu karo dulur misanane klambine tetep kuwi-kuwi wae? “
“Yuli, kerepku ngenani kahanane ibu?”
“Enggal digawa ning dokter! Nek gak ngono ibu gak enggal waras. “
“Menyang dokter? Mengko sik ta.”
“Ya, ampunn….. iki perkara nyawa. Mbok anggep aku iki apa yen ora bisa ngramut ibu? Aku bisa kadakwa mantu ora duwe tata krama yen ngebene wae kahanane ibu nandang lara.”
Aku dheleg-dheleg, percuma atiku takkukuh-kukuhne. Yuli bener, kesarasane ibu kudu enggal dicandhak. Takpeksa yen ibu saktemene mbutuhne dokter, dudu dhukun pijet.
Jam lima sore ibu takterne ning dokter numpak becak. Sakwise stetoskop ditemplekne ning lengene ibu, dokter gedheg-gedheg.
“Pripun,Dok?” pitakonku.
“Tekanan darahnya dua ratus tiga puluh”
“Hhhaaa!” aku kaget.
“Saya beri pengantar, ibu Anda harus opname.”
Aku ndomblong. Sawetara iku ibu ndhingluk ndhelikne pasuryane sing pucet.
“Mmmm…..napa mboten wonten cara lintune, Dok? Umpaminipun obat jalan mawon,” takonku.
“Resikone gedhe banget, yen ibu nganti tiba. Aku ora bisa njamin kesarasane ibumu yen sampean meksa ora opname,” kandhane doker.
Nalika bali, ana  becak ibu nangis.
“Ora usah opname, Le. Ibu ora apa-apa, mumet iki wis biasa. Mengko nek ibu tekan omah arep turu dhisik lan mangan timun karo ngombe obat saka Puskesmas, bakal mari dhewe. Dhuwitmu klumpukna kanggo tuku omah najan cilik ora apa-apa. Aja suwe-suwe nek kontrak omah! Aja kuwatir, ibu mesthi waras. Ibu iki wis tuwa, Le. Ikhlas umpamane katimbalan dening Gusti….!”
Aku pengin mbengok kaya bledheg. “Oraaaa! Oraaa……!” Nanging dina iki aku bener-bener ora duwe dhuwit. Aku banjur meneng wae karo ndhingluk nyawang dalan aspal.Tekan omah Yuli mapag tekaku.
“Kepriye…….?”
Aku ora mangsuli. Ibu taktuntun mudhun saka becak. Yuli wis nganggo klambi apik saperlu ngajak Aldi ning toko tuku klambi. Ibu tak lungguhna ning kursi.
“Bapak, ayo tumbas klambi kalo pelmen ning toko!” Aldi anakku nggandholi clanaku. Aku meneng wae.
“Bapakkk…..! Ayo tumbas klambi! Hu…hu….hu….!” pungkasane srengenge cilikku nangis glimpungan ning tekel.
“Nak, ora mung kowe sing pengin nangis glimpungan kaya ngono iku. Umpama bapakmu isih pantes tumindak kaya ngono, bapak uga bakal tumindak    luwih seru,” suwara penjeriting atiku. @                   

                               -----------------------------------------------------------------

      
on