Sri Setyo Rahayu |
.
-------------------------------------------------------------------------
=Cerkak : ====
=
Kembang-Kembang Isih Bakal Mekar =
= EMBUH sapa sing ngobral umuk. Ana ngendi-endi aku dikoya kanca-kanca bab Iwan bae. Ah, maneh-maneh notaris iku lan ana sing keladuk muni :
“Beja kowe Wiwin!”
“Pe-ef lho jeng Win. Ning awas ora pareng nglirik mrana terus lho. Berbahaya.”
Ah, embuh maneh-maneh kok bab kuwi, bisaku mung ngelus dhadha, karo nggrundel ;”Edan,…edan.” Senajan wis padha diundang Pak utawa Bu, ning yen wis gojeg gayenge ngalahake sing enom. Ora ana sing gelem ngerti yen sing digojlog rembug atine ajur mumur.
Lan saiki aku. Oh, upama bisa ngomong akeh, aku kepengin crita werna-werna. Aku kepengin matur apa sing dakrasakake saiki. Aku, Windarti, Arifin lan dheweke, Iwan Dharmawan bisoa kapunggel saka pocapan sedina-dina. Biyen rikala tepungan lan nganti sesrawungan tansah dakrasakake anane garis lembut kang malang dalan. Biyen dakrasakake apa amarga aku isih kelingan Andi, apa amarga aku samar weruh lingkungan keluwargane lan keluwargaku kang mujudake garis pemisah.
Oh embuh-embuh, kepriye olehku arep matur marang panjenengan kabeh? Kepriye olehku arep matur yen panyana kabegjan iku bakal muspra? Amarga aku lan dheweke ora sairing ana babagan kapercayan. Yen digathukake langka bisane ketemu . Mangka atiku tansah tentrem yen keprungu suwara adzan.
Ewosemono atiku tansah dakcoba nggathuk-nggathukake. Dakcoba mesem. Ning kanthi sadhar senajan krasa sedhih, aku wiwit nyoba ngoncati…… Ah, awak-awak, kaningaya. Nemu lelakon wae neka-neka. Lan nalika prastawa iku kapireng Bapak-Ibu aku kumudu wae njerit.
“Wiwin Bapak pirsa panandhange atimu, ning ora bisa apa-apa yen pancen atimu wis kebacut setuju Apa bab kuwi wis kokpikir kanthi wening? Apa wis koktoleh tembe mburine?”
Eluhku wis kumembeng. Ping pindho iki eluhku runtuh, amarga prastawa tresna,
“Dalem ngertos Bapak. Dalem badhe ngestokaken,” wangsulanku lirih.
Bapak jumeneng. Astane njawil pundhakku. Ngendikane, “Bapak percaya karo kowe, Wiwin.”
Oh,… Rumangsaku dina kuwi jagat katon surem.Yen ngadhepi Iwan aku dadi blangkemen. Bener durung ngrembuyung seger ing dhadha, ananging aku uga emoh gawe kuciwa, lan rikala kanca-kanca pirsa, ora sethithik sing ngendika :
“Ah ora apa-apa, jeng Win. Biasa. Sing kana jaka sing kene prawan. Tindak menyang catatan sivil bae beres. Utawa salah siji korban kapercayan, demi cinta.”
Berkorban. Ganti kapercayan? Ateges pindhah agama. Ah, ora….. ora., aku ora duwe pikiran mangkono. Lan kanggone umat sing taat ora bakal duwe gagasan mangkono kuwi. Aku yakin Iwan uga ora bakal duwe gagasan mangkono lan muga-muga aja duwe, sebab aku ora kepengin ngregeti kekancan iki sarana tindak kang akeh sithike natoni ati.
Saka sethithik Iwan ngerti yen aku ngoncati. Mung bae dheweke sajak kurang yakin. Pitakone sawijining dina.
“Jeng Wiwin, saiki kok mendel ta? Aku dadi sungkan lho, mengko gek… mengko gek-gek….”
Aku ora mangsuli. Mung mesem
Mula kaya ngapa bungahku, rikala aku dipindhah menyang liya panggonan. Bungah najan kecampuran rasa sedhih ninggalake murid-muridku, uga pisah karo kanca-kanca guru kang prasasat sedulur.
Rikala Iwan dakpamiti, dheweke mung nyawang wae. Sajake sedhih katitik saka pasuryane sing aclum.
“Jeng Win, rak ya kersa ta yen kekancan iki tetep akrap ta, ya?
“Seharusnya,….” Aku nyoba mesem. “ Ning……”
“Seharusnya demikian…” dheweke ngambali karo nyunggingake esem. Banjur sumambunge, “Tanpa nanging lho mesthine.”
“Ah, ya wis. Nyuwun pangestune wae.”
Atiku lega , bisa pamitan ngilangi prasangka sing ana. Ah, kowe jan jane mathuk dadi anak buahe Rendra! Ning ya ben, jer urip mono mujudake panggung sandiwara.
Ana panggonan liya atiku sepi dhewekan. Kancaku saiki kali lan turi-turi pinggir dalan. Niyatku pancen arep mencil dhisik kanggo sauntara. Kanca-kanca takon, ora minggon-minggon, aku mung mesem wae. Dakentekake malem M.inggu sarana lagu-lagu sepi lan maca majalah. Ning yen kabeh wis rampung ana maneh ing nylemong pitakon :
“Apa maneh sing kokkarepake sabenere, Wiwin?’
Nalangsa sing ana senajan daksamudana, tetep teka. Embuh aku dhewe ora ngerti. Aku dhewe bingung. Oh.
Rikala atiku rada lerem, ora kanyana-nyana aku pethukan Iwan ana ndalan rikala mangkat mulang esuk-esuk. Oh, aku kaget banget, dheweke alok ngeget.
“Jeng…..”
“Mas….!”
Kepeksa aku mandheg. Ning aku ora wani nyawang dheweke, embuh, ewuh kabeh. Dheweke uga thenger-thenger ana ndhuwur vespane.
“Kok jur ora paring kabar,jeng Win?””
“Isih sibuk,” wangsulanku.
“Kraos ya?” dheweke mesem saiki.
“Muga-muga krasan. Saka tindak ngendi?”
Dheweke ngguyu renyah.
“Saka ngomah. Omahku ndesa lho, Jeng.”
“Aha, gak ngandel!”
“Tenan kok. Kapan-kapan tindak rana ta ben pirsa.”
Saiki genti aku sing thenger-thenger. Ning enggal dakpupus, lan batinku alok, “Setan…. setan, kuwi suwara setan.”
Kaya main kucing-kucingan wae. Tansah dakcoba ngendhani patemon ngono-ngono kuwi mung yen wis kebacut kepregok apa boleh buat. Nyandiwara sedhela. Ning sing jeneng jerowanku rasane ajur mumur.
Ngadhepi Natal atiku krasa luluh. Krungu Silent Night Holly Night kumandhang tanpa kendhat, ora krasa aku kepeksa rengeng-rengeng. Oh, mendah senenge Iwan yen krungu. Ning ora bisa mangkono, ora bisa. Mula rikala lagu-lagu Natal iku rampung lan adzan Mahgrib kaprungu, aku menyat sembahyang. Rampung sujud dakdudut kertas putih salembar. Dakcorat-coret sedhela, banjur daktulisi, “May the peace Iwan, and you of Christmas” Banjur taktitipake Pak Ilham sing nuju tindak kutha, dakaturi ngeposake. Esuk-
esuk ana ngarep sekolahan , pak Ilham ngiling-ilingi aplop iku.
“Kagem sapa sih, bu Win. Hebat dheh, asmara,” ngendikane.
“Mitraku sinarawedi,” wangsulanku kepenak. Embuh ngertos embuh ora pak Ilham gumujeng. Raiku panas dadakan. Ah, prasangka.
Liburan pungkasan taun iku atiku seneng banget. Dina kapindho liburan aku wis guyon karo ponakanku ana Surabaya. Nanging bareng ana tanggane mbakyu sing nganakake resepsi Natalan, ndadak wae atiku kelingan sing ana kuthaku. Ah, nganti wengi aku ora bisa turu. Njur aku kelingan Bapak, kelingan ngendikane biyen kae. Alon-alon aku menyat, sawise nata ponakanku sing melu bubuk aku, banjur memburi, wudhu. Sholat khajat. Ora krasa mripatku teles.
Mbaka sethithik aku bisa nguwasani emosiku. Aku bali dadi Wiwin sing seneng masa bodhoh., lan sajake Iwan uga wiwit yakin yen aku ngoncati. Mung sajake wong loro padha pinter nyimpen wadi. Aku wis ora nyoba ngoncati patemon karo dheweke. Malah yen dheweke rada keladuk sethithik, mepetake vespane persis ngarepku, aku tetep bisa ngguyu lan ngucapake :
“Sugeng esuk mas Iwan.”
Wiwitane dheweke ketara kaget krungu salam mangkono. Ning banjur ngguyu. Ngguyu ampang. Banjur nerusake laku tanpa komentar.
Embuh pira suwene aku lan dheweke tumindak awut-awutan mangkono. Nganti sawijning dina lebar liburan dawa lan aku teka saka lunga ana pawarta nyenggol kuping, Iwan Dharmawan krana rong minggu kapungkur ana greja Panglima Sudirman. Sedhela atiku kumelap, ning banjur luluh. Batinku muni :
“Iku luwih becik kanggomu Wiwin, lan kanggo dheweke. Kowe bisa kanthi tenang ngatur langkahmu.”
Lan ora kanyana-nyana sewulan candhake, aku ketemu dheweke meh persis ana ngarep sekolahan, lan embuh. Ah, bola bali omong embuh. Dumadakan bae lambeku sing daklipstiki manda-manda kumecap:
“Pe – ef, Mas.”
“Ah,…” dheweke nggresah. Pasuryane katon aclum dadakan.
“Kok piyambakan?”
Pitaknku maneh tanpa ngrewes owahing pasuryane.
”Ah,…” wis ping pindho dheweke muni “ah….” lan aku wis kliwat ping sepuluh
muni “embuh.”
Dumadakan bae atiku bali sepi . Dakinggati panyawange , mripatku nyrempet
bocah sing padha nganjir nyawang. Wis rada awan. Nanging aku lan dheweke isih nyegreg ora obah.
“Jeng Win, sorry,…” dheweke ngucap lirih.
Aku mesem ngipatake rasa sepi njalari aku kaget dhewe, amarga ketrucut celathu entheng banget.
“Aku sabenere sing nyuwun maaf, Mas. Natoni penggalih panjenengan. Nanging aku lega lan ayem.”
“Temenan?”
“Temen, mas Iwan. Panjenengan pirsani. Saben weruh panjenengan nitih vespa piyambakan, atiku sedhih. Ning saiki ora.”
Notaris iku asmane sing jangkep Johanes Iawan Dharmawan, nyawang aku suwe banget, aku uga nyawang dheweke. Mbaka sethithik pasuryane owah, banjur katon ing kono esem sing tipis banget.
“Panjenengan ngendika temenan, jeng Wiwin?”
“Demi Tuhan, mas Iwan.”
“Oh, matur nuwun. Matur nuwun.”
Saiki prastawaku lan dheweke wis rampung. Dakuntapake Iwan kanthi ati trenyuh ning kecampuran rasa gembira, lambeku sing saiki daklipstiki kepara abang mbranyak isih kober ndremimil :
“Sugeng manggih kabegjan, Iwan.”
Alon-alon aku ngambah krikil plataran kanthi atiku nglagokake wirama lembut, The Wedding. Katon kembang-kembang kertass lan tapakdara sing ngrenggani plataran sekolahanku. Ana sing mekar ana sing isih kuncup. Kabeh katon seger-seger mentas disirami. Oh, kembang-kembang peni prasaja ngrenggani ati. Tansah semi lan semi, langgenga, langgenga uripmu.
Kabeh wis bali ana panggonan sabenere. Yohanes Iwan Dharmawan lan aku wis ora kepalangan jurang pamisah senajan agama sing dianut beda-beda. Dheweke tetep mitraku kayadene Joshafat, Johana, Fransisca lan Bernadus, kanca-kanca kuliahku. Rikala wirama The Widding iku rampung, atiku muni lembut banget.
“Happy merrid to you, Iwan. May the peace….”
=======... =
@PANJEBAR SEMANGAT, No.17, 25 April 1973
*************************************
==================================================================
@PANJEBAR SEMANGAT, No.17, 25 April 1973
*************************************
==================================================================
Mung Swara Angin
.......
Mesthine wis wiwit biyen-biyen aku rumangsa yen pasrawungan iki ora bakal bisa lestari. Lan pancen aku ngrasa mangkono. Nanging yagene aku ora nyoba uwal saka kalangan iku? Malah ngleremake ati ing kono, ngeyubake ati ing ngisore. Dhuk nalika Bapak – Ibu ora marengake aku reruntungan bengi-bengi kae, aku wis ngrasa ana jurang pamisah kang amba lan angel dijajagi. Utawa malah ora bisa. Awit aku ana sabrang kene, dheweke ana sabrang kana. Kabeh antarane aku lan dheweke ora ana kang padha. Kulit, rambut, mripat, kapercayan. Ora ana kang padha. Nanging ya gene ing mripate kang biru, mripat Eropa , aku nemu kalembutan lan katresnan, kang ora dak temu ing mripat-mripat ireng duweke kanca-kancaku.Lan yen nganti esuk iki aku isih bisa mlaku-mlaku karo dheweke, iku mujudake salah sawijining bukti kapercayaning Bapak marang aku. Marang aturku. Yen aku lan dheweke ora luwih saka memitran wae. Ora beda karo kanca-kancaku kang asring ngebaki omahku. Kanca-kanca kuliahku, kanca-kanca club nggambarku. Kalebu dheweke priya manca kang uga seneng nggambar. Lan jebule, dheweke luwih bisa ngerteni atiku.
Ah,iba penggalihe Bapak Ibu yen pirsa aku isih abot marang dheweke. Iba penggalihe Bapak yen saben-saben aku isih ngaturi katerangan bab keyakinan kang dheweke kepengin nyinaoni. Kaya prau kang tanpa nahkodha, dheweke mbutuhake cekelan kang bakuh krana ngrasa mlarate rokhanine. Sawijining potret pribadhi kang kisruh amarga ora marem karo lingkungan kang ketat, banjur mlayu menyang alam. Mangka aku dhewe ora yakin, apa aku ora kalebu wong kang ora marem marang kahanan kang iku-iku bae.
Esuk iki ing tangguling wadhuk kang amba. Ing sisih kana bendungan kang kukuh, sisih kene oyot-oyot jati kjang pengkuh, mageri banyu kang gumelar. Apa iki ora kalebu mlayokake ati kang kisruh?Kemrosake jati, katiyub angin lan ing tengahing iki daktemu kalembutan.
“Pirsani kae, sakrompol manuk neba ing banyu. Wah dheweke oleh iwak,” aku alok-alok lan tuding-tuding. Dheweke maspadakake. Eseme sumungging weruh tingkahku kang kaya bocah cilik.
”Jepretan,” dheweke ngulungake tustel kang tansah siap ing tangane. Dina iki gantine kuwas lan kanvas, dheweke nyangklong tustel. Aku mesem nampani, lan enggal daktujokake menyang tengahing banyu kang gumelar iku. Dheweke ngguyu lirih.
“Saiki genti aku jepretan,” ujare maneh.
“He?....” aku nyawang dheweke.
“Ya. Ana kene.”
Dheweke mapan rada semendhe wit jati. Aku ngguyu ngiyani. Dakangkat tustel.
”Mesem….” pakonku.
“Sik maju sithik. Maneh, maju maneh,” kandhane karo mesem. Aku ngguyu, sing motret kok malah ditata.
“Semene?”
“Ya. Siap.”
Nanging tanganku mandheg weruh eseme. Esem sedhih. Tanganku runtuh alon-alon.
“Wis…?”
Aku tumungkul. Gedheg. Krasa tangane tumiba ing pundhakku karo pisan. Suwarane alon.
“Ana apa, hmm…?”
Aku ora mangsuli. Dheweke nyilakake rambutku kang nglembreh ning rai, mawut-mawut kena angin. Atiku runtuh.
“Jepreten. Sapa ngerti iki kenangan kita kang pungkasan.”
Dheweke mandeng mripatku.Panyawange sabar lan lembut. Aku mundur sethithik, lan alon tustel dakjangkat. Rampung. Nanging panyawange isih wae. Tustel dakulungake. Aku lungguh ing sisihe.
“Aja ngendika maneh bab pungkasan,” kandhaku.
“Kena apa? Langkah kita ora bisa luwih maju maneh.”
“Ngendikaa bab liya. Alas jati upamane, utawa bendungan iki upamane, apa ora ana kemungkinan dijembarake, saengga kaya Sarangan.”
“Sliramu nate nyang Sarangan?”
“Nate.”
“Sekaliyan, ya?”
“Rombongan.”
“Iya, rombongan. Ning rak banjur duwe pasangan dhewe-dhewe…...”
“Kok njur tekan kono?”
“Adate kae,” dheweke mesem nggodha.
“Saupama iya, aku ora bakal bisa ketemu panjenengan.”
Dheweke ngguyu lembut. Tangane ngranggeh pundhakku, aku dirangkul. Kandhane ing kupingku.
“Lan ora bakal njejuwing ati kaya ngene.”
Aku nyoba ora nanggapi omongane sing keri iki. Nanging jebule ora bisa. Kanyatan kang ana saben-saben tansah ngrerujit ati. Saiki aku ngipatake panalangsa iku sarana ambegan dawa.
“Kancamu iku pancen apik,” ngendikane Bapak dhek anu kae. “Ning kepriye bae dheweke ora bisa padha karo kita. Coba pikiren sing wening.”
Nanging aku ora bisa mikir kanthi wening. Saora-orane aku bisa mbatesi soking pangrasaku marang dheweke. Aku tetep nampa katresnane, pangrengkuhe, kalembutane. Aku ora ngendhani saben-saben patemon karo dheweke. Aku matur memitran, nanging aku ora nyandhet ngrembuyunge katresnan. Mangka aku ngerti, iku mau bakal njenjuwing ati.
“Aja ngendikan bab iku,” sautku angles.
“Kita kudu ngomongake bab iku. Sliramu ngerti, aku sedhela maneh bali. Tugasku ing kene wis rampung, bahan-bahan naskahku wis ngumpul, aku kudu enggal nyusun lan maju ing ngarepe tim penguji ing univesrsitasku.”
Lan iku ing adoh kana, ing negara kincir angin. Ngliwati panggonane nabi Muhammad sumare. Ngliwati panggonane simbahku ngrampungake Rukun Islam kang pungkasan.
Oh, pancen urip iki kayadene dolanan. Daya-daya kepengin menang, nanging sawise menang ora ana kang menehi surak pakhurmatran. Awit kamenangan iku ora disarujuki.
“Aku wis bisa nggerba,” sambunge, “nanging aku kepengin wa ngsulamu dhewe, saka lathimu dhewe. Ngedikaa saiki kekasih. Ngandikaa. Apa aku bisa ditampa bumi kang
wiwit daktresnani iki?”
Aku ora enggal mangsuli. Kabeh bener. Wektune saya cupet, dheweke sadurunge ketemu aku wis nresnani negaraku. Wis nresnani wit-wit kang tansah ijo. Wis nresanni pari-pari. Lan wusanane nresnani kenya pribumi. Geneya dheweke ora kecanthol kenya Bali bae? Geneya tumangsang ing tlatah cengkar, ing gunung kapur kang isih kaget yen katekan tamu manca?
Tangane isih ning pundhaku, lembut pangrengkuhe. Aku dolanan tustele. Karo lungguh dakjepreti banyu kang gumelar, langit lan pucuk-pucuk jati, gampeng-gampeng kang kukuh, lan uga menara ing tengah wadhuk. Dheweke mung ngawasake sapari polahku. Dumadakan tanganku dicekel.
“Saiki genti aku.”
Tustel dakulungake. Dheweke mesem nampani. Atiku runtuh weruh eseme.
“Coba,…” aku nyawang, lan KLIK.
“Oh….”
“Geneya?”
Aku tumungkul. Kelingan wektu-wektu kang wis kawuri. Ing kene uga dheweke nglukis aku, patang sasi kapungkur. Ing kene uga dheweke ngaras rambutku, kang wiwitan. Dheweke lungguh ing sisihku maneh. Raiku diadhepake nyawang dheweke. Ing kono daktemu panyawange kang edhum, lan bening, kaya banyu ing ngarepku.
“Kita pancen manungsa kang ringkih, ora bisa enggal mupus sakabehane.”
Aku mbnuwang panyawang menyang banyu kang gumelar. Sauntara kahanan tintrim, kaya tintrime alam sakupenge wadhuk kang mencil iki. Panggonane kang mencil ing tengah alas , adoh saka padhukuhan, nyalari dheweke ora nate kondhang. Nanging aku kenal dheweke kayadene pak tani-pak tani ing tlatah ngisore, ngarep-arep karaharjan ora weruh bakal tumiba menyang ngendi.
Dumadakan wae mripatku kaca-kaca. Dheweke kang tansah ngawasake, nggegem tanganku.
“Ana apa?”
Aku nyoba mesem nalika ngusapi mripat. Dakpandeng dheweke.
“Panjenengan bener, manungsa iku ringkih.”
Lan aku ngadeg. Dheweke melu ngadeg. Aku mlangkah alon-alon karo nyawang pucuke clanaku. Dheweke uga, pucuke sepatune nendhang-nendhang krikil. Aku ngener tlundhakan mudhun ngener sumuring wadhuk ing ngisor, kang sateruse ngilekake banyu liwat kali menyang dhusun, ing ngisor kana. Biyen aku nate ngetung, cacahing tlundhakan iki luwih saka satus. Wong kang ana ngisor katon cilik. Saupama ana kang keglundhung mono, mbokmenawa ora ngukup maneh. Aku ndheprok ing tlundhakan ndhuwur. Rasane wegah mudhun.
“Ayok mudhun,” pangajake. Aku gedheg.
Dheweke mudhun, nanging oleh rong tlundhak mandheg. Banjur lungguh. Nalika dakoncekake jeruk manis kang dakgawa, dheweke nampani jeruk kang wis resik iku kanthi mripat sumringah. Tanpa omong aku lan dheweke mangan jeruk mau. Mung panyawange bae kang ngandhakake, yen dheweke gembira, lan uga sedhih. Nalika jeruk kapindho wiwit dakbuwang kulite, dicekel.
“Cukup, trims.”
“Geneya? Iki pisan ya?”
Dheweke mesem sedhih.
“Kita apa arep nginep ning kene?”
Aku nyawang dheweke, kaget. Gedheg cepet.
“Wis jam pira? Aja nganti sliramu didukani amarga kesoren.”
Ana rasa kang mbaludag ngebaki dhadha. Aku nyokot saputanganku. Dheweke ora obah nalika nerusake maneh :
“Coba ngendikaa ing kene, apa bener yen jangkah kita mung tekan semene? Apa bener yen dina iki dina pungkasan tumrap kita? Apa bener yen aku ora duwe pangarep-arep urip ing sisihmu?”
Aku nangis krungu omonge. Gemeter dakcekel pundhake. Suwaraku seseg.
“Apuranen aku. Panjenengan pirsa, kabeh mau bener.”
Lan eluhku netes ing hemde. Gage dakusap. Keprungu napas diwetokake, alon lan abot. Oh, ilang sakabehing kaendahan. Mung suwara angin bae kang gumrubug,….
Alon dheweke tumenga, nyawang aku kang ana mburine. Nanging aku nginggati panyawange. Aku nangis tanpa suwara ing ngarepe….@
==================================================================
@PANJEBAR SEMANGAT No. 26 - 25 Juni 1977.
**************************************