Senin, 09 April 2012

Yusuf Susilo Mendapat Hadiah Rancage 2012

Add

   Yusuf Susilo Juga Mendapat Hadiah Rancage


TEMPO.CO, Jakarta - Selain memberikan penghargaan kepada sastrawan Sunda, tahun ini Yayasan Kebudayaan Rancage juga memberikan hadiah kepada karya sastra Jawa dan Bali. "Ombak Wengi" karya sastrawan Jawa, Yusuf Susilo Hartono, dan "Metek Bintang" karya sastrawan Bali, Komang Adnyana, mendapat Hadiah Sastra Rancage 2012. Demikian keputusan yang disiarkan Ajip Rosidi, ketua dewan pembina yayasan itu pada Selasa, 31 Januari 2012.

"Ombak Wengi" memuat 99 guritan pilihan karya Yusuf dari periode 1981-2011. Buku itu berhasil mengalahkan sembilan unggulan lainnya, yakni kumpulan sajak "Raja Gurit" karya Yudi Joyokusumo, "Layang Saka Kekasih" karya R. Djoko Prakosa, "Mutung Suwung, Aja Mutung Mundhak Suwung" karya R. Ng. Suisdiyati Sarmo, "Kidung saka Bandungan" karya Rini Tri Puspohardini, dan "Bocah Cilik Diuber Srengenge" karya Widodo Basuki; roman "Ing Manila Tresnaku Kelara-lara" karya Fitri Gunawan", "Dilabuhi Jajah Desa Milangkori" karya Rahmat Ali, dan "Sisip ing Dalan Sidhatan" karya Harwimuka; serta kumpulan cerita pendek "Puber Kedua" karya Ary Nurdiana.

Yusuf Susilo Hartono dikenal sebagai wartawan, pelukis sketsa, dan sastrawan. Dia lahir di Bojonegoro, Jawa Timur, 18 Maret 1958, dan kini mukim di Jakarta. Puisinya pernah menang dalam Festival Puisi Surabaya pada 1984. Kumpulan puisinya yang telah terbit, antara lain Wajah Berkabung (1981) dan Ikan-ikan Hias (1985).

Adapun "Metek Bintang" karya Komang Adnyana berhasil menyisihkan tujuh unggulan lainnya, yakni roman "Cicih", "Sam Pek Engtay", dan "Jayaprana-Layonsari" karya I Nyoman Manda; kumpulan cerita pendek "Bor" karya IBW Widiasa Keniten serta "Sundel Tanah" dan "Bunga Valentine" karya I Madé Sugianto; dan prosa liris "Kama Bang Kama Putih" karya I Made Suarsa.

Buku "Metek Bintang" memuat 13 cerita, yang, menurut Ajip, hampir semuanya menarik dalam hal tema dan penggarapan. "Pengarang mampu untuk 'terang-terangan menyembunyikan' titik-titik penting cerita, sehingga pembaca dibuat terpaksa memikirkan dan membayangkan hubungan-hubungan antara peristiwa dan ucapan para tokoh," kata Ajip.

Yayasan juga memberikan hadiah kepada Sucipto Hadi Purnomo, sastrawan kelahiran Pati, 6 Agustus 1972, atas jasanya dalam pengembangan bahasa dan sastra Jawa. Dosen Jurusan Bahasa dan Sastra Jawa Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Semarang itu adalah redaktur tabloid Yunior Suara Merdeka dan membina lembar khusus bahasa Jawa "Sang Pamomong". Ia juga menjadi sekretaris Forum Bahasa Media Massa Jawa Tengah dan memimpin Organisasi Pengarang Sastra Jawa sejak 2006.

Adapun I Made Sugianto, sastrawan kelahiran Tabanan, 19 April 1979, juga mendapat Hadiah Sastra Rancage atas jasanya dalam pengembangan bahasa dan sastra Bali. Dia banyak menulis cerita pendek berbahasa Bali modern di "Bali Orti", suplemen khusus bahasa Bali di Bali Post Minggu. Dia juga menerbitkan karya sastra Bali melalui penerbitannya, Pustaka Ekspresi.
                                                                                                             caption

Hadiah Sastra Rancage 2012

Add        

Tiga Karya Raih Hadiah Sastera Rancage 2012

Selasa, 31 Januari 2012, 16:26 WIB

REPUBLIKA.CO.ID, JAKARTA -- Yayasan Kebudayaan Rancage kembali menggelar perhelatan Hadiah Sastera Rancage. Hadiah ini merupakan bentuk apresiasi yang diberikan kepada para penggiat sastera Sunda, Jawa, Bali, dan Lampung. Pada perhelatan ke-24 tahun kali ini, Hadiah Sastera Rancage menganugerahi hadiah kepada tiga karya sastra

Ketua Dewan Pembina Yayasan Kebudayaan Rancage, Ajip Rosidi, dalam keterangan tertulisnya, Selasa (31/1), menyatakan Hadiah Sastera Rancage untuk bahasa Sunda pada tahun ini diberikan kepada Acep Zamzam Noor untuk kumpulan sajaknya yang berjudul Paguneman. Sedangkan untuk bidang jasa dalam bahasa Sunda diraih Etti RS.

Hadiah serupa untuk bahasa Jawa diberikan untuk karya sastra berjudul Ombak Wengi, karya Yusuf Susilo Hartono. Ombak Wengi berhasil mengungguli sembilan karya lainnya. Sementara untuk jasa dalam pengembangan bahasa dan sastera Jawa adalah dosen jurusan Bahasa dan Sastera Jawa, Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Semarang, Sucipto Hadi Purnomo.

Untuk kategori bahasa Bali, anugerah ini diberikan pada tulisan berjudul Metek Bintang (Menghitung Bintang) karya Komang Adnyana. Sementara untuk jasa dalam mengembangkan bahasa dan sastera Bali diraih I Made Sugianto. Sugianto berjasa dalam menulis karya dalam bahasa Bali moderen, terutama cerita pendek. Selain itu, dia juga berusaha menerbitkan sastra Bali moderen dalam buku

Jasa I Made Sugianto terhadap perkembangan sastera Bali ada dua hal. Pertama, dia banyak menulis karya dalam bahasa Bali moderen terutama berupa cerita pendek yang dimuat dalam Bali Orti, suplemen Bali Post Minggu yang khusus untuk bahasa Bali. Kedua, dalam usahanya menerbitkan karya-karya sastera Bali moderen menjadi buku melalui penerbit kecil yang dikelolanya bernama Pustaka Ekspresi.

Selain itu, Yayasan Kebudayaan Rancage juga memberikan Hadiah Samsudi untuk bacaan kanak-kanak dalam bahasa Sunda. Hadiah ini diberikan untuk tulisan berjudul Asal-Usul Hayam Pelung jeung Dongéng-dongéng Cianjur Lianna, karya Tatang Setiadi.
Redaktur: Dewi Mardiani
Reporter: Nidia Zuraya
sastra - bojonegoro.blogspot.com                                                                                                                                            caption

Minggu, 08 April 2012

CERKAK : JFX . Hoery (2)

Add


      
J.F.X. Hoery 
 
Oh  Anakku

            KUTHA Barcelona wektu iku wis dibroki kaum Komunis. Greja-greja apadene kapel-kapel sarta papan-papan ngibadah ing laladan negara Sepanyol ora luput saka pangrusake kaum Komunis. Imam-imam Katolik dalah umat Katolik tansah dikuya-kuya, sing kecekel disiksa lan dikunjara. Wong-wong Komunis bener-bener anggone ora nduweni rasa prikamanungsan. Saben omah sing digropyok ana gambare Yesus utawa tandha kayu pamenthangan, wong saomah ora perduli lanang apa wadon, tuwa apa bocah kabeh disiksa. Ing sadhengah panggonan tansah dijaga pulisi rahasia lan tentara Komunis. Penggledhahan menyang omah-omah tansah katindakake samangsa-mangsa, ora ngetung wayah. Doktrine Komunis ngresiki wong-wong kang isih manembah ing Allah.
Senajan mangkono, isih akeh imam-imam Katolik kang bisa lolos saka panggrebege kaum Komunis, kanthi nylamur laku. Ana kang dadi tukang nyapu dalan, tukang kayu, tukang batu, petani lan sapanunggalane. Sawayah-wayah para Pastor kang padha namur laku mau, uga nganakake kebaktian karo umate kanthi sesidheman. Anggone nganakake kebaktian ing omahe umat sarana peralatan kang prasaja. Kebaktian mau dianakake ing wayah esuk umun-umun sadurunge srengenge mlethek. Pamrihe supaya ora konangan tentara Komunis sing padha jaga. Umat sing melu misa tekane siji-siji, penganggone prasaja supaya ora nyujanani yen arep ngabekti ing Gusti.
Wengi iku malem Paskah, dina wungune Gusti Yesus saka seda. Tentara Komunis anggone njaga kutha Barcelona luwih rapet, kuwatir yen umat Katolik ing wengi iku nganakake misa agung. Kabeh dalan-dalan apadene gang-gang cilik dijaga tentara lan pulisi rahasia. Bengi iku dadi bengi kang sepi, prasasat ora ana wong kumliwer. Suwasana dadi tintrim, saben ana wong mlaku digledhah, mbokmenawa ana kang nggawa kitab suci kanggo misa. Kutha Barcelona dadi kutha mati, marga ora ana kumliwere wong liwat, kajaba para tentara kang padha patroli mubeng kutha.
Ing pinggire kutha Barcelona ana bocah umur rolasan taun, nyasak petenge wengi, lumaku kanthi dhedhemitan lan kebak pangati-ati. Yen ngliwati papan kang sepi lan ora ana tentara jaga, lakune digelak, amrih enggal tekan panggonan sing dituju, yaiku sawijining omah elek ing pinggiran kutha Barcelona. Bocah mau arane Cayetano, sing saben dina melu misa  umat Katolik sing tansah dikuya-kuya tentara Komunis.
Pungkasane Cayetano bisa tekan omah kang dituju kanthi slamet. Ora suwe kasusul ibune, kang tekane uga kanthi dhedhemitan. Bapake Cayetano mati syahid, mbelani agama nalika tentara Komunis ngrabasa tanah Sepanyol. Banjur kasusul wong-wong liyane padha teka, sing akhire gunggunge watara wong rongpuluhan. Manggon omah elek mau, sawijining Pastur kang luput saka panggrebege tentara Komunis,  bisa ngluhurake asmane Gusti, kanthi misa agung mengeti wungune Gusti Yesus. Saka  wong rongpuluhan mau, pranyata saperangan isih bocah-bocah, salah sijine Cayetano
Panggonan sing kanggo misa ora katata kaya ing greja utawa kapel. Kabeh kang teka lungguh ngupengi meja makan, kaya patrape yen pinuju mangan bebarengan. Semono uga Pastur kang mimpin misa uga ora nganggo jubah lan alat-alat misa liyane. Ora ana kumelune dupa lan kemlonenge gentha. Kayu pamenthangan, lilin ora ana, semono  misdinar uga ora ana. Kabeh iki kanggo njagani yen sawayah-wayah ana  utawa  pulisi rahasia utawa tentara Komunis nganakake penggledhahan.
Bocah-bocah cilik mau ora mung melu misa bae, nanging uga nduweni jejibahan kang gedhe. Ya bocah-bocah cilik iku sing bakal tinanggenah menehake hosti marang umat ing papan-papan liya sing ora padha bisa teka melu misa agung. Kaya Cayetano dhewe, saben dina antuk jejibahan nggawa hosti suci kanggo Suster-Suster kang dadi jururawat ing Rumah Sakit. Tertara Komuis sejatine uga ngerti yen ing Rumah Sakit mau ana sawatara Suster sing makarya,  nanging gandheng tenagane dibutuhake mula para Suster mau ora dikapak-kapakake. Mung bae, kegiyatan ngibadah pancen dilarang, lan tansah diawasi amrih ora sesambungan karo wong-wong sanjabane Rumah Sakit. Nanging Cayetano saben dina teka menyang Rumah Sakit saperlu ngeterake hosti kanggo para Suster mau, kanthi maneka cara.
Esuk iku Cayetano kaya biyasane, ing tangane ginegem jam tangan sing wis dipretheli mesine. Njerone diganti Hosti suci kanggo para Suster ing Rumah Sakit Barcelona. Lakune mlipir-mlipir ngendhani papan penjagaane pulisi lan tentara Komunis. Ing sadalan-dalan Cayetano nyumurupi  umate Gusti dipilara dening tentara Komunis. Lakune Cayetano dadi kawigatene tentara lan pulisi kang jaga,nanging tansah bisa lolos. Nalika lakune tekan dalan Martin de los Hero, ing kno pulisi rahasia anggone njaga luwih rapet. Dumadakan Cayetano dikagetake karo pambengoke salah sijine pulisi kang lagi jaga, aweh aba-aba kang dotujokake dheweke.
“He, mandheg. Kowe bocah saka ngendi lan arep menyang endi?’
Cayetano ora mangsuli, nanging mbalik terus mlayu menggok mlebu gang cilik. Pulisi kang jaga sujana, mula banjur nguber Cayetano karo mbengok sora.
“Bocah iku supaya dicekel. Dheweke mesthi nggawa hosti suci.”
Pating kedebug suwarane pulisi kang mlayu nguber Cayetano. Nanging playune Cayetano senajan isih bocah, luwih gesit lan cepet, mlipir-mlipir nlebu gang-gang cilik ing ing antarane omah-omahe pendhudhuk. Kaya-kaya playune Cayetano ora sabaene, entuk kekuwatan saka Gusti katitik rikate tikel matikel lan pulisi kang nguber ora bisa nyekel. Cayetano terus mlayu, nganti tekan dalan de Vicente Blasco Ibanes. Ing dalan mau ana pulisi wanita telu kang lagi jaga. Ngerti tekane Cayetano karo mlayu-mlayu sajak kaweden, pulisi wanita mau ngadeg. Sedheng saka kadohan keprungu pambengoke pulisi-pulisi sing nguyak, supaya nyekel bocah cilik iku.
“Stop! Mandheg, yen ora gelem mandheg taktembak,” pambengoke pulisi wanita mau karo ngarahake larasae bedhil menyang Cayetano.
Cayetano ora mangsuli, playune mandheg karo nolah-noleh golek dalan sidhatan. Nanging ora ana dalan simpangan, pulisi sing nguyak dheweke wis saya cedhak, sedheng ing ngarepe pulisi wanita telu wis ngadhang. Cayetano ngumpulake  sakehing kekuwatan lan ngetog karosan, cangkeme ndremimil nyuwun berkah keslametan marang Gusti, kanthi  wani dheweke nrajang pulisi telu kang ngadhang .
Katerjang Cayetano, senajan awake cilik, pulisi telu tiba glangsaran tubrukan karo kacane. Dumadakan  keprungu pambledhose bedhil, “ Dhor…. dhor….. dhor…..”
Swara bedhil kaping telu meh bebarengan, katembakake marang Cayetano dening pulisi wanita telu mau. Cayetano njerit, njungkel adus getih, wis ora sambat maneh. Pluru telu ngenani sirah lan gegere Cayetano. Pulisi-pulisi sing nguyak wis tekan papane Cayetano gumlethak adus getih. Awake Cayetano diolak-alik, banjur digledhah sake clana lan klambi, nanging pulisi ora nemokake apa-apa. Getih isih terus ngucur saka sirah lan geger kang kena pluru, cangkeme mingkem rapet, wis ora ana ketege senajan awake isih lemes lan anget. Cayetano gugur pinangka martir, pahlawan greja. Pulisi kang nggledhah bareng ora nemokake apa-apa saka awake Cayetano, banjur lunga ngono bae. Jisime Cayetano ditinggal gumlethak ana pinggir dalan cilik.
Bareng pulisi-pulisi Komunis mau wis lunga lan ora katon maneh, ana wong wadon sing omahe sacedhake kedadeyan mau runtuh welas lan asihe. Wong wadon mau marani panggonane Cayetano kang gumlethak, banjur dibopong  digawa mlebu ngomah diresiki. Penganggone sing gubras getih disalini. Nanging bareng wis rampung anggone ngresiki, thukul bingunge, amarga yen dikubur kuwatir yen wong tuwane ngoleki. Arep digawa menyang Rumah Sakit, isih awan kuwatir yen konangan tentara utawa pulisi rahasia lan dheweke dicekel. Sidane banjur disumenekake, mengko sore yen wis peteng arep digawa menyang. Rumah Sakit.
Ibune Cayetano dadi bingung lan kuwatir, marga anake wis awan durung bali. Tambah kuwatire bareng nganti surup anake tetep durung mulih. Kamangka padatane durung nganti tengange wis teka. Kuwatir yen anake nemoni apa ta apa, ibune Cayetano banjur nyusul menyang Rumah Sakit. Tekan Rumah sakit, para Suster kandha yen Cayetano durung ana teka. Atine ibune Cayetano tambah ora karu-karuwan. Dheweke banjur pamit mulih, arep matur karo Pastur yen Cayetano nganti bengi iku durung tekan Rumah Sakit lan uga durung mulih.
Bareng wis wengi, nalikane Suster-Suster Rumah Sakit Barcelona  lagi padha leren, dumadakan dikagetake tekane wong wadon gupuh-gupuh kandha yen ana bocah kena bedhil ing ngarep omahe, lan saiki digawa menyang Rumah Sakit.
“Suster, menika wonten lare ingkang dados kuban dipun bedhil pulisi wonten ngajeng griya kula.”
“Oh, inggih mangga  dipun beta mlebet,” jawabe sawijining suster karo menyat.
“Nanging sampun ninggal  Suster, kedadosanipun sampun kala wau enjing.”
“Sampun ninggal?”
“Inggih. Kula nyumerepi piyambak, lare menika mlajeng dipun uyak pulisi. Dumugi ngajeng griya kula, dumadakan kapireng suwanten bedhil mbedhos kaping tiga lan sesarengan suwanten wau lare menika njerit lajeng ambruk gubras erah. Sareng pulisi dhateng langsung nggledhah badanipun lare punika, duka menapa ingkang dipun padosi. Ketingalipun mboten manggihaken menapa-menapa, pulisi ingkang nggledhah wau lajeng kesah ngaten kemawon. Kula badhe langsung mitulungi mboten wantun, nembe sareng para pulisi kesah kula celaki. Nanging sampun  ninggal, lajeng kula bopong kula resiki wonten nglebet griya.”
“ Mesakaken, menapa ingkang dipun  padosi saking lare semanten menika?”
“Lha inggih, Suster, kula ugi gumun.”
“Menapa lare menika sanes tangginipun Ibu?”
“Sanes Suster. sajakipun lare tebih.  Suster, ketingalipun sampun dalu, kula kepareng nyuwun pamit rumiyin.”
“Inggih, manga-mangga. Ingkang ngatos-atos, mugi Gusti njampangi.”
“Matur nuwun, Suster.”
Sapuingkure wanita mau, jisime Cayetano banjur diangkat, dijejer karo jisim-jisim liyane, saperlu nunggu mbokmenawa ana kulawarga sing nggoleki. Nanging yen ora ana kulawargane, bakal karukti dening pihak  Rumah Sakit
Ing antarane para Suster kang dhines bengi iku, ana salah sijine sing gedhe kawigatene marang jisime bocah cilik sing ketembak mau. Embuh kena daya apa, Suster mau banjur njupuk senter marani pernahe jisime Cayetano, nyoloki lan nliti. Atine Suster mau gemeter, bareng nyawang sapa sabenere bocah kang ora dosa sing dadi kurban kawengisane pulisi-pulisi Komunis mau. Sanalika Suster mau mbengok, “ Cayetanoooo,…..”
Cayetano dirungket, diambungi pipine kiwa tengen karo nangis sesenggrukan. Suster mau banjur mlayu karo nutupi raine, marani panggonane Suster kepala lan ngomongi Suster-Suster liyane.
“Ibu, ibu lare ingkang dados korban tembakan kalawau Cayetano. Suster, Suster, bocah sing mati mau Cayetano,” kandhane Suster karo katon bingunge. Sanalika para Suster banjur padha mlayu, marani panggonane nurokake jisime Cayetano.
Bareng wis cetha tenan yen jisim bocah iku Cayetano, kanthi kapimpin Suster kepala jisime Cayetano diangkat dipisahake karo jisim-jisim liyane. Kabeh banjur padha jengkeng ndendonga ing ngarsane Gusti, nyuwun amrih rohe cayetano katampi ing astane Gusti. Bubar ndonga, Suster kepala banjur ngelus-elus sirah lan raine Cayetano,kaeo ngucap kebak tresna asih.
”Cayetano, kowe pinangka Martelar kang kendel. Kowe pahlawan greja, kowe gugur mbelani Kristus. Sakramen Suci wis karampas tentara Komunis, bengi iki para Suster ing Rumah Sakit kene dadi seksi lan nyuwun muga Gusti kersa nampa umate kang isih suci lan murni, kang wis wani dadi pahlawane Kristus.”
Kabeh Suster kanthi khusuk ndedonga ing ngarepe jisime Cayetano. Suster kepala banjur gawe tandha pamenthangan ing bathuke Cayetano.  Salah sijine Suster kang ngawasake raine Cayetano, kaget marga cangkeme  katon obah-obah kaya arep caturan. Suster mau mbengok.
“Suster, pirsanana iki Cayetano isih urip.”
Kabeh padha ngawasake, Suster kepala nyekel bathuke Cayetano. Cangkeme Cayetano obah-obah, lan baka sethithik mbukak, banjur mangap amba karo nglepeh barang kang ora liya jam sing njeroni diiseni Hosti Suci. Nalika Cayetano diburu pulisi, jam kang isi hosti mau diemut. Mula nalika dheweke ditakoni ora mangsuli, lan nalika dibedhil mung mbengok sepisan lan banjur eling yen cengkeme ana salirane Gusti, mula dheweke banjur mingkem rapet batine manter nyuwun marang Gusti supaya Hosti suci slamet lan bisa katampa para Suter.
Jam kang dilepeh Cayetano dijupuk dening Suster Kepala, kang pancen wis  alon-alon mingkem, banjur katon mesem raine sumringah kebak gegambaran kaluhuraning Gusti. Suster kepala banjur enggal-enggal kongkonan, supaya ngabari ibune Cayetano, yen anake tinemu tiwas ing Rumah Sakit. nyumurupi Cayetano saben-saben anggone nggawa hosti dilebokake ing njero jam mau. Hosti banjur kaparingake marang para Suster. Tutuke Cayetano
Ing bengi iku uga ibune Cayetano teka. Sawise antuk keterangan saka Suster Kepala, ibune banjur diterake menyang panggonane jisime anake sing wis didandani rapi. Ibune Cayetano ora bisa ngempet rasa sedhih lan tangise. Anake ditubruk, diruket lan nangis ngguguk. Suster kepala lan Suster liyane banjur aweh panglipur.
“Sampun Ibu, sadaya mugi katampia kanthi sabaring penggalih. Keng putra sampun kapilih dening Gusti, katimbalan kanthi katentreman miwah kabagyan. Piyambakipun sampun mimpang. Piyambakipun taksih alit, taksih suci, taksih murni, kakersakaken dening Gusti gugur dados martir, dados pahlawanipun Kristus,…..”:
Ibune Cayetano bisa meneng lan rada lejar atine, kanthi rasa tresna asihing biyung , pipine diarani lan raine dielus-elus, mung sak tembung suwara sing kawetu kang jero tebane, “ Oh anakku,….” @
          (Cukilan saka pangrabasane Komunis ing  Spanjol taun 1936)


PANJEBAR SEMANGAT, No. 15
Tanggal 10 April 1982.
caption

Jumat, 06 April 2012

CERKAK : Kang Zen (1)

Cerkak : Kebulet Kasus
A     



  







     Kang Zen

 
 

Kebulet Kasus 

Olehku nyambut gawe dadi wartawan lawase wis selawe  taun. Saben dina akeh prastawa ing kuthaku sing takrungu. Nanging ora saben perkara  bisa takangkat dadi berita lan takkirim nyang redaksi. Kaya ora krasa, olehku nyambut gawe lawase wis seprapat abad. Kaya mengkono karana aku nyenengi penggaotanku, uga karana saben budhal golek warta ora takniyati nyambut gawe nanging takniyati nglencer. Dadi rasane seneng sabendina. Akeh mitra kerjaku sing menehi julukan marang aku minangka wartawan kawakan, kuli tinta, nyamuk pers lan tukang golek perkara, utawa tukang golek warta adol pirungu.

Esuk mau, nalika aku ngopi ing kantin Pemkab, ana pegawe negeri sing crita yen bayarane min alias kurang saben sasi.  Kanggo biaya anake sing kuliah, dheweke kepeksa nggadhekake SKne pegawe negeri. Bayaran saben sasi, jarene, mung cukup kanggo mangan lan ragad sekolahe anake sing isih SMP lan SMA. Ana uga sing crita pengin pindhah panggone dines nanging ora keturutan jalaran pindhah nok panggon sing teles kudu cucul wragad.
Seje maneh karo kancaku, Lely, dheweke kandha yen pengin pegatan karo bojone merga sing lanang senengane ngombe minuman keras nganti mendem lan mutah-mutah saben mulih tekan omah. ’’Bojoku yen mulih mergawe ora nate ngawa dhuwit. Entek dienggo mendem karo gendheng wedokan. Iki lo, mas, layak digawe berita,’’ kandhane Lely karo nyawang prenahku lungguh nok pojokan.
’’Perkara kuwi urusan pribadi. Nek taklebokna berita ya kurang cocok. Nek isa bojone sampeyan diajak rembugan, dijaluk supaya penyakite dimareni’’.
’’Wis takrewangi geger padu sabendina. Nganti lambeku meniren nanging ra tau digape. Judeg pikirku. Ngene iki takrasa luwih apik pisahan. Gawe berita ta, mas. Lebokna koran ben isin,’’ unine Lely karo nebleki bahuku. Kulit bathuke mengkeret merga panjaluke takturuti.
’’Prahara rumah tangga ngono kuwi klasik. Kasus korupsi sing taktulis dhek wingi kuwi lo sing apik. Muyeg urusane,’’ semautku.
Aku pamit mungkur luwih dhisik saka panggonan kono merga ana urusan sing luwih penting sing kudu taktekani. Aku banjur budhal menyang kantor pulisi merga entuk panggilan saka Kapolres.
Dina iku aku arep dipriksa dijaluki ketrangan gandheng karo laporane pejabat Pemkab, Ir. Budi Gangsir sing jenenge taktulis kesangkut kasus korupsi. Dheweke  ora trima merga takwartaake ngundhakake rega komputer. Budi Gangsir banjur nglaporna aku nok kapulisen merga rumangsa jenenge sing maune apik malih rusak sakwise takwartaake ing koran. Beritaku bab korupsine Budi Gangsir diwaca wong akeh banjur dienggo rasan-rasan nok warung, nok pasar utawa tasiun.
Ing kantor pulisi aku lungguh wis ana karotengah jam nok ngarep ruang reserse nanging durung dikongkon mlebu. Merga pimpinanku, Pak Husnun Djurait durung teka. Ing kono aku nyawang akeh wong mlebu-metu saka ruangan reserse. Ana wong papat digiring pulisi merga ketangkep wektu kopik. Ana copet dikecrek tangane, digiring pulisi loro ape dilebokna kamar tahanan. Let sedhela, ana wong sikile diperban  mlaku cincuk-cincuk digiring pulisi reserse nganggo klambi preman. Wong iku pelaku curanmor sing ditembak pulisi merga mlayu sakwise konangan nyolong sepeda motor lan wani nglawan pulisi nalika arep dicekel. Sesawangan kang gawe ngerese pikiranku.
Jam telu sore Pak Djurait lagi teka. Banjur takajak salaman. ’’Piye kabare! Aku rada telat merga ngrampungke pegaweyan kantor. Perjalananku ya sempat macet merga enek treg ngguling nok Lamongan,’’ unine Pak Djurait.
’’Kabarku apik, Mas. Sehat. Dina iki akutetep golek berita. Mengko yen rampung dipriksa aku kirim berita terusane berita korupsi sing wis taktulis wingi,’’ semambungku kanthi grapyak. Saben ketemu Pak Djurait cukup takundhang Mas merga dheweke banget apike karo aku, uga gedhe perhatiane marang anak buah.
’’Berita kuwi bener ngono ta?’’
’’Bener, Mas. Aku nduwe saksi saka tim khusus utusane gubernur sing melu mriksa kasus kuwi. Mosok enek komputer siji regane rong atus seket yuta. Wis takcek nok bagian keuangan anggarane tuku komputer ya sakmono’’.
’’Nek beritamu bener, nyata anane, ora apa-apa mbokterusna. Aku utawa manajemen kantor bakal ngrewangi awakmu.’’
Pak Djurait banjur takcritani bab komputer sing regane banget larange kuwi wis disidak karo anggota DPR. Malah anggota DPR cacah lima sing sidak padha ngguyu nalika ndheleng komputer mau dikakake. Merga sakwise mekan, sing muncul ing layar komputer lan kena didheleng mung gambar macan ngadheg ndhangakake sirahe. Ora ana program-program liyane sing dikandhaake mbutuhake ragad akeh nganti atusan yuta.. Lan ora ana siji-sijia pegawe Pemkab sing bisa mbukak komputer kuwi.
Komputer kuwi nyleneh. Ora masuk akal yen regane nganti Rp 250 yuta. Awit saben dibukak mesthi sing muncul gambar macan. Yen dipateni liwat tombol power banjur dikakake maneh, ora ana proses restart. Sing takrungu, jarene wis disengaja karo sing nggawe. Programe digawe ngono merga tim saka ITS sing ngrakit komputer gela mung diwenehi Rp 10 yuta. Pegawe Pemkab sing kawogan pesen komputer maune wis janji arep menehi Rp 75 yuta, nanging sulaya.
’’O… ngono.’’
’’Ya, Mas, kuwi data sing taktampa.’’
’’Terus bupati jarene ya arep nggugat kowe’’.
’’Ora sida. Merga dikandhani kanca wartawan ora entuk nggugat aku. Yen bupati melu nggugat mesti tambah rame. Masyarakat mesthi demo mbelani aku,’’ kandhaku karo mbukak klipingan koran ngenani kasuse bupati nilep dana bantuan banjir.
Olehku crita taklereni merga aku weruh Kasat Serse, Iptu Pulungan metu saka ruangane. Tangane kumlawe ngudang aku. Takkira arep mrentah aku supaya ndang gage nemoni petugas penyidik. Jebule malah mendhen-medheni aku kanthi ukara sing gak kepenak.
’’Kowe sesuk taktahan. Aja macem-macem,’’ unine Pulungan kanthi swara banter karo mripate pendelak-pendelik. Sakdurunge, Pulungan wis bola-bali ngomong ngono karo aku saben ketemu  aku nok kantor pulisi kono, ora takreken. Nanging saiki beda.
’’Aja nunggu sesuk, Pak, nek pengin nahan aku. Saiki uga aku siap. Nanging sampeyan kudu ngerti, nahan aku gedhe resikone’’. Takuneni ngono Pulungan malih rada alus olehe omongan.
’’Wis. Kowe ndang nemoni Jaeman, pulisi sing taktugaske mriksa kowe. Ruangane nok njero, cedhak sel tahanan. Pimpinan redaksimu ajak mrana,’’ prentahe Pulungan karo nyurung pundhakku. Aku banjur mbalik ngampiri Pak Djurait, takajak nemoni Jaeman.
Nalika arep mlebu ruangane Jaeman, aku ndheleng akeh wong ditahan nok njero sel padha ngawasi tekaku. Sirahe wong sing padha ditahan ditemplekna ruji-ruji wesi lawange sel tahanan. Tangane cekelan ruji wesi kaya lemes ora duwe daya. Panggone rada peteng.
Jaeman wis ngenteni tekaku nok njero ruangan. Ruangane ora amba nanging ana rak lemarine isi tumpukan kertas dibungkus map. Mesin ketik merk brother gemlethak nok ndhuwure meja.
’’Silahkan masuk, Pak,’’ prentahe Jaeman sakwise aku mbukak lawang ruangan iku.  Jaeman langsung takajak salaman. Sateruse Jaeman ngajak salaman pimpinanku.
’’Silahkan duduk. Bapak baru datang dari Malang? Pitakone Jaeman marang pimpinanku.
’’Ya. Segera saja dilakukan pemeriksaan biar saya tidak kemalam saat kembali lagi ke Malang.’’
Durung akeh olehe  Jeman njaluk katranganku, nanging olehe takon dilereni merga ana Kapolres AKBP Nokarto, atasane, teka mlebu ruangan kono. Jaeman mundhuk-mundhuk karo nyumanggaake atasane supaya lungguh dhingklik sing wis cemawis ing njero ruangan kono.
Takkira, Kapolres Nokarto arep nemoni pimpinanku utawa ndhelok lakune pemeriksaanku. Jebule dhweke nesu lan ngundamana aku.
’’Wartawane sampeyan iki kurang ajar, Pak. Masak saya dan anak buah saya ditulis ndak pecus mergawe. Kantorku sini ditulis di koran tidak profesional,’’ unine Kapolres Nokarto karo nuding-nudingake drijine ing ngarep raiku. Swarane banter.
’’Maaf, pak, saya tidak nulis seperti itu,’’ semautku.
’’Kamu jangan mengelak. Saya punya bukti klipingan beritamu’’.
’’Nggak mungkin, pak, ada kalimat seperti itu. Saya yang nulis berita. Saya juga masih menyimpan korannya’’.
Pak Djurait menggak aku supaya ora ngladeni omongane Kapolres Nokarto. ’’Aja mboklanggati. Kuwi wong emosi. Percuma, merga jawabanmu ora bakal ditampa nganggo akal sehat’’. Aku banjur meneng. Sing dikandharake Pak Djurait pancen bener.
Kapolres Nokarto nesu merga tersinggung karo berita penembakan sing taktulis lan wis dimuat ing koran. Isine berita; Sujiyat, anggota pulisi kono, nembak sawenehing pendhuduk Dhusun Ngantru aran Samuji. Timah panas sing mlesat saka pistule Sujiyat njalari Samuji sing didkawa nyolong kayu jati, mati saknalika. Wetenge mbrodhol. Mayite gimbal getih ditinggal gumletak ing pinggir kali tengah alas. Sujiyat babar pisan ora ngrumat kurbane nanging dheweke langsung bali nyang kantore sawise mbedhil Samuji. Marang atasane, Sujiyat nggawe laporan yen Samuji kepeksa dibedhil jalaran nglawan nalika arep dicekel.
Ana sing nyalawedi ing kasus iki. Yen Samuji nglawan pulisi mesthine sing katembus pluru   ndhisik awake sisih ngarep banjur tembus geger. Kasunyatane gegere Samuji ndhisik sing ditembus pluru. Playune pluru bisa didheleng saka awake kurban, ana tatu bolong cilik ing geger tembus bolong amba ing weteng.
Kanggo mbuktekna yen anak buahe ora salah, Kapolres Nokarto ngajak Pak Djurait metu. Ndheleng kayu jati pesagen ukuran dawa 3 meter kandele sepuluh senti pesagi. Kayu kuwi, jarene kapolres, minangka barang bukti yen Samuji bener-bener nyolong kayu nok njero alas.
Sakwise ndhelok barang bukti, Kapolres Nokarto mlebu ruangan dinese. Dene aku lan pimpinanku bali nyang ruangane Jaeman. Nerusna pemeriksaan kanggo BAP pencemaran nama baik. Mlakune pemeriksaan nganti jam sanga bengi. Pemeriksaan dina kuwi wis rampung. Isih ana pemeriksaan maneh sesuke.
Sakwise metu saka ruangane Jaeman, Pak Djurait kandha marang aku yen dheweke arep langsung bali nyang Malang. Ora perlu leren merga wis kewengen.
’’Ngene wae. Awakmu kordinasi terus karo kantor. Yen ana perkembangan sing nguwatirake, langsung wae nilpun aku’’.
’’Ya, Mas,’’ olehku nyauri.
Pikiranku ngeso nalika Pak Djurait kandha ora bisa leren ing Bojonegoro. Jalaran, wiwit awal aku pengin banget dheweke mampir omahku sakpungkure nekani panggilane pulisi. Nanging ora kaleksanan.
Lamun Pak Djurait sida mampir omahku, bakal taktampa kaya adate aku nampa tamu. Wanuh, gupuh lan suguh senajan omahku elek. Omahku warisan saka wong tuwaku, lawange sing ngarep lan lawang mburi tripleke pating sluwir merga ketrajang banjir. Wis rong taun durung bisa ndandani.
Tengah wengi,  takpikir jero polahe Kapolres Nokarto nalika ngujar-ujari aku. Omongane sing krasa atos lan nylekit ora bisa takculke saka pikiranku. Nok njero kamar aku mbukaki data kasus penembakane Samuji lan mawasdhiri. Kasus penembakan sing nglibatke pulisi Sujiyat ora ana sing kliru tulis.
Aku banjur metu saka kamar nuju sumur ngguri omah. Wudhu sateruse sholat tahajud kanggo ngadhemake pikir. Ing tengah-tengahe sholat, sakwise ngucapake lafal robbighfirli, aku nyuwun marang Gusti supaya diparingi pituduh lan nyuwun bisa nyambutgawe kanthi becik. Uga nyuwun supaya ana bukti nyata kasus penembakan sing gawe patine Samuji.
Telung dina sakbanjure, aku entuk kabar yen kantor pulisi sing dikomandhani AKBP Nokarto mentas kemalingan. Barang sing ilang rupa dhuwit cacahe Rp 279 yuta, digondol maling.. Dhuwit kuwi jatah bayarane pulisi sakkabupaten sing durung dibagi. Maune disimpen ing njero brankas njero ruangan bendahara. Mapane ruang bendahara adhep-adhepan karo ruang intel. Kepiring ngalor sithik karo ruangane Kapolres Nokarto. Sing ngumunake, kunci brankas lan kunci lawang ora rusak nanging malinge bisa mlebu lan kasil nggondhol dhuwit sakmono akehe.    
Krungu kabar yen kantor pulisi mentas kemalingan, aku ora sranta banjur budhal nyang kantor pulisi kanggo ngecek bener lan orane kabar kasebut. Numpak sepeda motor. Karepku nemoni Kapolres Nokarto kanggo konfirmasi. Beja. Merga aku bisa ketemu. Tekaku ditampa ing ruangane Wakapolres.
’’Ada apa, Pak?’’ unine  Kapolres Nokarto karo nyawang aku sing isih ngadeg nok ngarepe.
Pitakone Kapolres Nokarto takwangsuli nganggo swara banter. ’’Saya hanya akan mengatakan bahwa Tuhan yang maha adil sudah menunjukkan bukti bahwa Polres tidak profesional’’.
’’Maksud kamu apa?’’
’’Itu buktinya, uang gaji polisi di brankas hilang’’. Takdheleng mripate Kapolres Nokarto katon abang mbranang 
Dheweke ora nyambung omongan. Suwalike malah aku sing akeh guneman.
’’Itu kamu kerahkan intel seberapapun jumlahnya, kerahkan reserse seberapapun jumlahnya bila perlu minta bantuan Polwil, atau minta bantuan paranormal seberapapun hebatnya, gak bakal bisa menemukan uang yang hilang itu,’’ kojahku. Aku ngomong ngono kuwi kaya ora karepku dhewe nanging merga kaya dituntun bangsa alus.
’’Benar, pak, saya sudah minta bantuan kiai yang bisa melihat dari kaca, ternyata yang mengambil uang hanya tampak dua bayangan hitam. Padahal semua anak buah saya yang pakai topi maupun yang tidak pakai topi wajahnya kelihatan jelas. Jika sampeyan mau membantu saya menemukan pelakunya, sampeyan saya beri uang kontan dua puluh lima juta,’’ unine Nokarto. Swarane lirih. Ora kaya nalika ngujar-ujari aku nalika dipriksa Jaeman.
Aku ora menehi wangsulan senajan arep diwenehi pituwas yen gelem mbantu pulisi. Aku diajak ndheleng ruangan sing mentas dileboni maling. Pangajake takturuti. Aku lan Kapolres Nokarto banjur mlaku ninggalake ruangan Wakapolres. Dheweke mlaku ngetutke nok ngguriku. Sakwise teka ngarep lawang ruwangane bendahara, aku ngadeg anteng, sendhakep madhep ngulon. Ing batin aku ndonga, njaluk marang Gusti supaya yen ana tumindak ala bakal sirna sakwise teka sing bener.
Rampung olehku ndonga, aku banjur pamitan mulih. Dhuwit selawe yuta sing dijanjikna arep diwenehke aku ora taktakokna. Atiku wis seneng merga Gusti kang maha kuwasa wis nduduhake yen kerjane Kapolres Nokarto ora profesional.
Gara-gara kasus dhuwit ilang iku, Kapolres Nokarto banjur mbentuk tim jumlahe pitu kanggo nglacak sapa wonge sing nyolong. Kabeh tamtama, bintara lan perwira sing dines ing Polres kono diusjanani. Omahe digledhah dening tim pitu. Plafon-plafon omah didhodhogi nganggo bedhil karo tim pitu nganti ana sing jebol. Kasur lan lemari diungkrah-ungkrah nganggo bedhil dawa sing ana sangkure. Nanging ora ana sing kabukten nyimpen dhuwit colongan saka brankas Polres. Reserse lan intel disebar ing saben panggonan kanggo golek sisik melik.
Senajan mengkono, wusanane akeh tamtama lan bintara sing dipindhah tugase nyang luar pulau. Iku minangka ukuman kanggo pulisi sing dianggep nglirwaake tugas  njaga keamanan. Dhuwit sing ilang nganti seprene durung  ketemu. Kapolres Nokarto akire uga dimutasi ing dhaerah liya.
Perkara aku dilapurke dening Budi Gangsir merga dianggep nyeblokna jenege tetep diproses dening pulisi. Sakwise BAP dianggep sampurna, berkas perkarane banjur dilimpahake nyang kejaksaan lan diteruske nyang pengadilan.
Majelis hakim sing nyidang perkaraku jumlahe telu. Wektu sidang, ana seksi saka Bagian Keuangan Pemkab menehi katrangan marang majelis hakim, mbenerake yen ana anggaran Rp 250 yuta dienggo tuku komputer siji.
’’Leres pak hakim, wonten arta kacathet ing buku anggaran kangge tumbas komputer niku, kathahe rong atus seket yuta,’’ katrangane Bu Martutik marang Pratikno, ketua majelis hakim.
Aku rumangsa seneng karo paseksene Bu Martutik. Senajan kaya mengkono, sakwise aku disidang ping rolas, aku tetep dipidana enem sasi mlebu pakunjaran kanthi percobaan lawase setahun merga dianggep kabukten nglanggar pasal 310 lan pasal 311 KUHP. Maksude, yen aku nulis berita korupsi maneh, senajan sing taktulis wong liya ing njerone taun kuwi, aku bisa langsung dijeblosna njero pakunjaran.
Vonis hakim iku gawe sedihe atiku merga ora padha karo kasunyatan sing kawiyak ing persidangan. Senajan mengkono aku ora banjur wedi marang vonis hakim. Aku tetep nulis berita korupsi utawa pejabat sing nyelewengake jabatane. Paukuman sing ditibaake marang aku takanggep wujude kongkalikong antarane pejabat sing kebulet kasus lan hakim sing wenang nemtoake paukuman. ***
                                                                                                 
Bojonegoro, 22 Febuari 2010   
                                                                                              
                                                                                                        caption