Kamis, 02 September 2010

Geguritan: Nono Warnono (1)

Bowerno 1













           Nono Warnono













KUSIR TUWA ING NDHUWUR KRETA

Jaran nurut kapecut ndhegar-ndhegar
lis sinendhal ginelak playune yayah kitiran
krenggosan
ngampet tajeme krikil-krikil ratan
saka koplakan siji marang koplakan liyane ngono sateruse
(Jaran: telekkuk kanggo cacadan turut dalan
Ah! kringetku kanggo bancaan
jinantra rodha kreta gumerit sesambat dawa
sing nunggang buta-buta
lan duratmaka sinamudana
liwat kutha lumebu desa ngadesa
mbentus watu nerak juglangan
(Kreta: ing gelis rodhaku ana pangupa jiwa)

Kang Kusir
lungguhane kreta tansaya empuk kena kanggo ngantuk
wegah mudhun nganti pikun
anak putu ngantu-antu kalodhangan
ah! mokal kasembadan
(: dak anti apa kang bakal dumadi yen jaran wus padha mbalela)

Kang Kusir,
iki kreta kraton
dudu lungsuran kreta warisan
nora kanggo kroyokan

Pasinan-Baureno Bjn 1993


Jaya Baya No.32/11 April 1993



L A Y O N
(Kanggo: Suripan Sadi Hutomo)

kawuri papan iki rinasa bawera ngrebut pandulu
akeh kang padha gegojegan nggaru-mluku imajinasi
tinanduran gurit ledhung-ledhung
katresnan bun-bun esuk pinencokan ing pucuk-pucuk gegodhongan
lan sore manuk-manuk mabur kekiter wewuyungan

jaman rodha cakra manggilingan
papan iki wus dadi kuburan sangar samun
akeh bocah-bocah lola padha nangis sesenggrukan
ndedonga nyekar bapa biyung kang wus nora kinrawuhan
bebarengan angslupe susastra kelangan cahya

mbokmanawa kowe lan aku dina iki isih kuwawa
kanthi sisa pegat-pegat ambegan
nglacak lan njumputi geguritan-geguritan cicir nadyan
kesandhung-sandhung kontal tinendhang bal globalisasi
sesambat tangis layung-layung

gelis angemasi?
apa ngrantu tumekane reinkarnasi?

Wengi Mendhung Poncot 1996


Panjebar Semangat No.12/23 Maret 1996
________________________________________________________________________


P A N D A K W A

ah !
apa ora rumangsa
apa ora rinasa
nalika driji aweh panuding marang wong liya
papat liyane ngarah marang sapa ?
: terwaca

Bojonegoro 1995

Panjebar Semangat No.17/27 April 1996
________________________________________________________________________

W A T U

anamu atos pathing pendhosol pengkuh dadi pakewuh
ing dalan minangka sandhungan ing samodra njelma watu karang
wola-wali sinempyok ombak malah landhep nggegirisi
apa sejatine kang lagi ko paragani ing bebadra iki

playumu ing kutha dadi tetanduran gedhung sundhul ngawiyat
ngliyer omah-omah cilik nganggo buldoser dadi tangis
njur pasulanan rebut panduman kanthi kolusi
lan maneka paekan kemunafikan

anamu ing jro dhadha dadi ati lan rasa pangrasa atos
wengis mentalan nggiles semut-semut ing poncot gang
watu-watu gudras getih abang amelereh
apa kuwawa dadi tumbal wadal raharjining sasama
apa malah dadi margining kadurakan

Bojonegoro, 1995


Mekar Sari No.45/03 Januari 1997

Tidak ada komentar:

Posting Komentar