Tampilkan postingan dengan label Gara - gara. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Gara - gara. Tampilkan semua postingan

Kamis, 29 Maret 2012

Bonari Nabonenar Markus-e Sastra Jawa?



Bonari Nabonenar Markus-e Sastra Jawa?

Sawise maca andharane Kang Narko (Narko ’’Sodrun’’ Budiman) Mapag KBJ V, Markus Basa Jawa, Sumono Gugat, ing Panjebar Semangat No 18 Tahun 2010, aku banjur kirim SMS marang: R Djaka Prakosa (anggota Badan Pekerja Kongres Bahasa Jawa V kang uga Wakil Ketua PPSJS), JFX Hoery (Ketua PSJB), Suparto Brata, Tiwiek SA, Sucipto Hadi Purnomo, Keliek SW, Sunarko Budiman (Ketua Sanggar Triwida, ya kang nulis andharan kuwi mau), mengkene: ’’Iki soal Sumono menuding ada Markus di Sastra Jawa seperti dalam tulisane Narko, yen ora dicethakake malah dadi pitenah. Atau Sumono ingin mengatakan baik penggiat KBJ maupun KSJ adalah Markus? Wah!’’

Wangsulan kang daktampa werna-werna. Ana kang, ’’Wah kula mboten nggagas sing ngaten niku. Sing penting mencintai sastra jawa tanpa syarat!’’ Pak Hoery nelakake olehe ora sarujuk karo matrape tembung ’markus’, lan Pak Parto (Suparto Brata)malah ngeles kanthi paring kabar manawa bukune Sumono Layang Panantang bakal dibedhah ing Kampus Lidah (dhek tanggal 30 April wingi kae).

Geneya kok dakarani bisa dadi pitenah? Tembung ’markus’ (cekakan saka: makelar kasus) mono saiki pancen lagi munggah godhong (naik daun) kanggo ngarani paraga-paraga kang nindakake kadurakan kanthi mbiyantu para durjana amrih ora kesrimpet ukum, kang tundhone mung murih dum-duman rejeki saka para koruptor lan saandhahane. Saking mratahe markus, pamarentah kongang jibeg nganti banjur mangun bebadan Satgas Pemberantasan Mafia Hukum kang jejibahane klebu mbrastha para markus kuwi. Cekak-aose, markus kuwi leletheging jagad, ya leletheging bumi Nuswantara Indonesia Raya iki. Yen bener uga ana ing Basa Jawa (neng kene takganti Sastra Jawa) kaya pandakwane Sumono liwat Kang Narko, ya lelethege Sastra Jawa. Mulane, becike aja gumampang nuding saweneh pihak kadidene Markus Sastra Jawa, kejaba wis pawitan bukti kang trawaca.

Ing tulisane kuwi, Kang Narko (Ketua Sanggar Triwida) satemene mung dhapur madulake pandakwane Sumono, kang coba diringkes ing pratelan, ’’ 1) ana wong sing gelem mikir nasibe sastra, tapi nek kosok baline ethok-ethok mikir sastra Jawa jebul mung kanggo ngumbulake jenenge dhewe, 2) Sastra Jawa mung dianggo ajang kasus, 3) Sasuwene iki KBJ – KSJ padha, lan kaping 4) Sastra Jawane tetep mbegegeg ora ana sing gelem ngobah-obah.’’

Satleraman kaya-kaya pandakwa kuwi tumuju marang para panyengkuyung KBJ (Kongres Basa Jawa) apadene panyengkuyung KSJ (Kongres Sastra Jawa). Kang kasebut pungkasan kuwi (KSJ) sasuwene iki dianggep nandhingi anane KBJ. Lhah , kok kabeh ’’dimungsuhi’’? Nanging, yen diwaca kanthi rada tliti tibake ketemu, malah satemene cetha banget sapa pawongan kang dituju. Pratelan ing angka 3 lan 4 kuwi satemene mung dhapur aling-aling, mbokmenawa kareben ora melok.

Coba ta, kira-kira sapa pawongan kang ketoke mikir lan tumandang kanggo Sastra Jawa, nanging tibake mung kanggo ngumbulake jenenge dhewe, ’’kaya polahe selibritis sing surut pamore ben terkenal maneh,’’ (?). Tekan kene pancen isih durung cetha sapa kang didadekake tersangka dening Sumono kang sajake diamini Kang Narko kuwi. Nanging, mangga dipun semak pratelan menika: ’’Lha iki sing kudu dipetani maneh, sapa sing saiki pamore wis mlorot banjur ada-ada gawe ’kasus’ , supaya ditanggapi, dadi polemik rame ing majalah (ora mungkin neng Tv, sebab sastra Jawa ora payu didol neng Tv). Jenenge wis suwe kasilep jamane Century, kagerus ulegane Gayus, kepingin diungkit-ungkit maneh. Iya yen ana sing nanggapi, yen ora? Utawa ada-ada gawe kajatan sing ’’berbau sastra Jawa’’ mapan ing panggonan sing ora tau kambon sastra Jawa. Jebule mung dadi makelare basa (sastra) Jawa.’’

Sok sapaa kang rada tlaten njingglengi pekabaran ngenani kegiyatan Sastra Jawa mesthi bakal enggal dhamang menawa paraga markus kang dikarepake ing tulisane Kang Narko iku ora liya Bonari Nabonenar, kang ing tanggal 4 – 5 Agustus 2009 wingi gawe ada-ada nggelar Festival Sastra Jawa dan Desa, ing papan kang pancen diakoni ’’sangat terpencil’’ dening kang padha rawuh saka Jakarta, Yogya, Semarang, Banyuwangi, lan liya-liyane, yakuwi Desa Cakul, Kecamatan Dongko, Kabupaten Trenggalek (saget kawaos ing: http://ppsjs.blogspot.com/2009/10/penulis-sastra-jawa-ngumpul-ing.html).

Kang banget keladuk kuwi olehe ngarani manawa Desa Cakul ora tau kambon Sastra Jawa. Kok ngono? Sastra Jawa Kuwi apa? Apa Desa kang duwe bocah wis juwara nasional dhalang wayang kulit, sing tau duwe grup wayang uwong lan ludruk, sing isih duwe tradisi tayuban, sing duwe sindhen embuh papat apa lima kuwi bisa sakepenake udele diarani ora tau kambon sastra Jawa? Takkira iku pratelan kang degsiya. Tur malah nuduhake cupete pamawas. Apa dikira yen kang diarani Sastra Jawa kuwi mung geguritan lan crita cekak utawa crita landhung kang kapacak ing majalah?

Entuk Jeneng lan Jenang

Kang Narko uga pratela, ’’Dadi pendhekare kongres! Jenenge mumbul (embuh entuk bathi material apa ora?) ora mikiri kongres sing wragade yutan mau tumanja apa ora? Asil keputusane ana tindak-lanjute napa mboten? Ditanggapi positif lan karya nyata saka pemerintah daerah apa ora?’’ kang sangsaya nuduhake manawa kang digasak kanthi degsiya kuwi dudu KBJ, nanging KSJ. Bocah isih umbelen wae prasasate rak ngreti yen KBJ kuwi ngentekake wragat takerane M (milyar) ora mung ’yutan’ kaya KSJ.

Bonari Nabonenar nyatane entuk jeneng tenan, senajan durung tinampakake, dheweke wis diwartakake bakal nampa Rancage taun iki. Senajan wis ana sing ngarani mung saderma utah-utahan saka RM Yunani Prawiranegara (suwargi) –awit ana aturan Rancage ora bisa ditampakake marang kang wus sumare?—mesthine Yayasan Rancage ora angger. Senajan Rancage kuwi yasan pribadine Pak Ayip Rosidi, mesthi ora bakal kanthi sengaja ngucemake jenenge kanthi aweh Rancage marang wong pengawak Markus. Tur, mesthine malah ana wewaton gumathok geneya Bonari kang banjur dipilih.

Asline, Bonari dhewe rumangsa durung pantes nampa Rancage. Mula senajan ngreti yen kang nintingi para nominator ing laladan basal an sastra Jawa iku Bu Sri Widati Pradopo, nganti saiki durung kawetu matur apa-apa, saking olehe pekewuh. Nanging, mbareng maca andharane Kang Narko bab Markus ing Basa Jawa kuwi saiki Bonari wis manteb, bakal nampani sambi mbatin takon, apa mengko Kang Narko konsekuen karo kang dikandhakake, banjur nulad Mochtar Lubis, yen ora kleru, mbalekake Ramon Magsaysay bareng pirang-pirang taun candhake hadhiah kuwi tumiba marang pawongan kang miturut pamawase ora pantes nampa, yakuwi Pramoedya Ananta Tour. Yen ora gelem mbalekake, tegese Kang Narko ya rumangsa ayem awor karo golongane pawongan kang miturut dheweke Markus kuwi, ta?

Apa Kang Narko isih arep ngendha kanthi kandha ngene, ’’Lho, aku ora ngarani yen Bonari kuwi markus, kok!’’ Yen pranyata kaya mangkono takkira debat terbuka bakal luwih gelis ngrampungi prekara iki tinimbang dadi polemik kedawan-dawan ing majalah. Mesakake kang padha maca yen mung disuguhi udreg nyithengan mengkene iki.

Saora-orane, muga-muga kadangku tuwa Kang Narko ’’Sodrun Tenan’’ enggal paring katrangan kang luwih trawaca, mumpung geni kang dicipratake durung mobal tekan ngendi-endi, awit iki wis ana kang wiwit nglelimbang bakal ngajokake gugatan class action, Wong Cakul, kang didakwa ora tau kambon sastra Jawa kuwi. Nuwun. [Bonari nabonenar, sastrajawa@yahoo.com]


Panjebar Semangat No 20, 2010

Minggu, 04 Maret 2012

Gara-gara : Mbongkar Kasus KBJ – KSJ

Gara-gara :  Mbongkar Kasus KBJ – KSJ







KBJ – KSJ

Sumono Sandy Asmoro
 


Nlusur Ide Gugat-ku Rong Taun Kepungkur
Dening: Sumono Sandy Asmoro


SADURUNGE aku ora ngira yen SMS-ku rong taun kepungkur nganti seprene isih disimpen dening Pak Narko “Sodron”. Wektu iku pancen aku duwe niyat arep gugat. Sing arep dak gugat ora mung KSJ bae, nanging uga KBJ (senajan nganti seprene gugatku mau durung kaleksanan).
Kena apa kekarone dak mungsuhi, kaya pitakone Cak Bonari? Satemene gugatku ora kanggo golek mungsuh. Nanging saderma ngelingake marang para paraga sing ngendhaleni lumakune KBJ – KSJ sing dak anggep mung kegedhen gludug nanging babar pisan ora ana udane. Kanthi pangajab ing taun-taun sabanjure bisa ana owah-owahan, saengga lumakune konggres bisa mbabar napas-napas anyar, supaya basa lan sastra Jawa bisa mekar. Ora kaya kang dumadi sasuwene iki, lumakune KBJ – KSJ mung kaya iline banyu udan saka gunung gundhul, entek udane ya entek banyune. Sing nyisa mung larahan sapirang-pirang mbuteti kalenan, nyebar ganda amis kebak lelamis.

Nalika konggres (KBJ-KSJ) arep diadani, maneka warna artikel mblader ing maneka warna majalah lan Koran. Isine pancen bisa gawe pangeram-eram, saengga wong sing maca bisa nandur sewu pangarep-arep, kaya bakal ketekan dewa sing bisa murba lan masesa marang owah gingsiring kahanan. Maneka warna kegiatan banjur digandheng cenengake karo konggres. Paribasane wong arep ngentut wae diwenehi tema kanggo mapag tekane KBJ utawa KSJ.

Nanging bareng rampung gawene, puuuus ora ana apa-apane. Paribasane tilas buntel kacang wae ora nyisa. Ora jumbuh karo wragat sing diwetokake nganti milyaran. Saumpama tumanja tenan ngono ora apa-apa. Aku malah seneng yen pmerintah gelem nyisihake dana kanggo basa lan sastra Jawa. Nek perlu ora mung etungan milyar, nanging nganti trilyunan. Nanging ya kuwi mau aja mung dianggo ngragati konggres lan sadurunge wae. Wragat samono akehe mau ditanjakake sawise konggres, tegese kanggo nindakake asil-asil keputusn konggres. Embuh maneh nek konggres ora bisa ngasilake keputusan apa-apa kejaba tumpukan makalah. Yen ngono dadine ya wis kabula niyate ngono bae.

Nanging sing uwis-uwis katone ngono, rampung konggres kaya wong kang rampung nyabrang kali banjir. Rumangsa slamet, ora perduli kali sing mentas diliwati mau kepriye kahanane. Para paraga sing mentas bae ngendhaleni lumakune konggres lagi padha ngimpi apa? Kabeh ora ana sing gelm crita. Nanging sing cetha basa lan sastra Jawa tetep mbegegeg ora ana pengaruhe apa-apa saka lumakune konggres.

Satemene ide gugatku iki sepisanan dak sms-ake menyang pak Keliek (dosenku nalika aku kuliah ana UNESA). Pancen wiwit aku kuliah nganti lulus kerep diskusi ngenani kasusastran karo panjenengane, senajan amung lumantar SMS. Upama gugatku mung dak tujokake menyang KBJ, kira-kira bae pak Keliek uga bakal ndhukung. Sebab panjenengane dak anggep minangka salah sawijine kurban KBJ.

Lumantar majalah Damar Jati No. 35, tanggal 10 Januari 2007, Keliek SW kang duwe jeneng asli Sugeng Wiyadi kuwi mratelakake mundur saka glanggang sastra Jawa. Tegese ora arep nulis karya sastra nggunakake basa Jawa. Ora arep nulis artikel ngenani kasusastran Jawa ing majalah Basa Jawa. Uga leren maca karya sastra Jawa, lan majalah basa Jawa.

Kena apa Keleik SW nganti nekad kaya ngono? Alasane ora ana liya kejaba anane rasa kuciwa marang lumakune KBJ, sing dianggep ora luwih saka tradhisi upacara limang taunan. Kejaba iku uga polah tingkahe sawetara oknum birokrat sing dianggep sengaja golek proyek lumantar topeng basa Jawa.

“Ingsun tresna basa lan sastra Jawa. Ingsun weruh yen kahanane basa lan sastra Jawa saya suwe saya mrihatinake. Lan ingsun nyipati, kahanan kang mangkono mau malah dadi ajang kanggo golek proyek dening oknum birokrat, mantan birokrat, lan akademisi murtad,” ngono pratelane Keliek.

Kanthi nyemak kedadeyan kuwi satemene akeh wong sing rumangsa ora marem marang KBJ, awit asile konggres ora jumbuh karo wragat sing diwetokake kang nganti milyaran. Mung bae akeh wong kang nanggapi rasa kurang marem mau kanthi cara meneng. Keliek SW mratelakake rasa kuciwane marang KBJ, kanthi cara mundur saka glanggang sastra Jawa. Beda maneh karo aku. Senajan aku uga duwe rasa kuciwa marang KBJ, nanging aku ora bakal mundur saka glanggang sastra Jawa. Aku malah jumangkah saya manengah, ngerek gendera panantang, nganti kawetu ide gugatku marang KBJ.

Betenge KSJ

Ing wektu iku pak Keliek sajak kaget bareng ngreti satemene sing arep dak gugat ora mung KBJ, nanging uga KSJ. Mung bae sing dadi gumunku kena apa anggone nanggapi idhe gugatku kala semana ora kanthi ati kang sareh? Apa jroning KSJ pancen ana sawijining wewadi, sing kuwatir kabungkar kanthi anane gugatku? Apa Sumono Sandy Asmoro sing dianggep kliwat sekti, saengga dosenku bae perlu nglumpukake wadya bala kanggo ngadhepi ide gugatku? Eman, Pak Keliek wis mundur saka glanggang sastra Jawa, saengga ora bakal nanggapi artikelku iki. Mung bae pangajabku muga-muga artikel iki bisa dadi srana panggugah, saengga panjenengane gelem bali menyang glanggang sastra Jawa. Yen mung nuruti lara ati menyang KBJ, satemene uakeh kancane, kena apa kudu ndhewe?

Kira-kira bae pak Keliek rumangsa dadi betenge KSJ, mula bareng ana wong arep gugat polahe banjur kaya patih Progota ing paseban njaba, age-age ngawe Mban Perbawa supaya enggal nabuh bendhe beri nata prajurit supaya samekta ing gati? Katitik panjenengane banjur SMS marang senapati-senapati KSJ, kalebu Pak Hoery (Bojanegara).

Ya Pak Hoery iki sing sabanjure nlesih ngenani ide gugatku marang Pak Narko. Awit Pak Narko “Sodron” kuwi ketua sanggar Triwida, dianggep ngreti sapari polahku. Nganti wekasane aku sms-an karo bose Triwida kuwi, lan ora ngira sms rong taun kepungkur isih kasimpen nganti seprene.

KBJ –KSJ Padha Bae

Satemene aku nate duwe pangarep-arep positip marang KSJ, nalika kanca-kanca sastrawan ngadani KSJ sepisanan taun 2001 kepungkur ana Sala. Pangajabku muga-muga lumakune KSJ bisa dadi srana kanggo ngelingake marang para paraga sing ngendhaleni lumakune KBJ, saengga gerbong limang taunan kuwi bisa lumaku jumbuh klawan ancas lan tujuan sakawit. Ing wektu iku banjur ana sawijining istilah KSJ minangka tandhingane KBJ. Senajan ana sawetara paraga sing suthik yen diarani nandhingi.

Yen KSJ kuwi kanthi dhadha satriya diakoni minangka tandhingane KBJ, lumakune konggres bakal saya rame (ora bakal disalah gunakake), sebab senajan ora langsung rumangsa ana sing ngawasi. Apa maneh sing dikarepake tandhingan ing kene ora kanggo ngalahake siji lan sijine, nanging dadi srana ngelingake supaya KBJ lan KSJ tetep bisa lumaku ing dalane dhewe-dhewe.

Ngarepake KSJ II ana Semarang taun 2006, rasa simpatiku marang KSJ dadi rada kurang, awit yen dak gagas lumakune KSJ padha bae karo KBJ. Mung dadi srana nggelar parade makalah, sing selawase ora bakal bisa ngrampungake masalah. Nyilih istilahe pak Keliek, pranyata KSJ uga amung kanggo nggelar tradisi upacara limang taunan, sing ora ana sumbang surunge apa-apa marang basa lan sastra Jawa. Iki sing dadi sebab gugatku marang KSJ. Sing diarani nandhingi (duwe niyat arep ngelikake) kudune cak-cakake rak luwih apik tinimbang sing ditandhingi (sing arep dielikake), nanging kena apa cak-cakane kok padha bae?

Yen Cak Bonari takon sapa sing dak karepake polahe kaya selibriti? yakuwi wangsulanku. Ya polahe wong nggelar upacara limang taunan kuwi sing dak anggep polahe kaya selibritis sing wis surut pamore, supaya bisa terkenal maneh. Paling ora diwartakake dening media, dadi inspekture upacara, dadi pemimpin upacara, dadi komandan kompi, jenenge rak bali dieling-eling wong ta? Kosok baline basa lan sastra Jawane tetep mbegegeg, ora ana pengaruh apa-apa saka lumakune konggres. Saumpama geni ing pawonan, konggres mau babar pisan ora bisa matengake tela sing wis ana kukusan, awit ancas lan tujuane geni mung saderma dipamerake kanggo upacara kuwi mau. Kanthi tembung liya tujuane amung cupet. Yen mung didoli tradisi upacara ngono kuwi generasi anyar sastra Jawa jelas ora bakal marem. Bocah enom kaya aku iki senengake didoli samubarang sing cetha.

Apa maneh bareng aku nyipati paraga KSJ kok ya isih akeh sing kepengin nekani KBJ sing dadi tandhingane? Kudune yen wis duwe niyat nadhingi mau total. Perlune wong sing ditandhingi (sing dielingake ) bisa sadhar tenan, yen samubarang sing ditindakake sasuwene iki pancen kleru. Yen lumakune KBJ tanpa ditekani dening siji bae para paraga KSJ, dak kira Keliek SW uga ora perlu mundur saka glanggang sastra Jawa, awit para paraga KBJ banjur padha grayah-grayah, saengga taun-taun sabanjure gelem nyadhari kesalahane.

Nalika KBJ Semarang 2006 kepungkur diundur pelaksanaane, KSJ uga melu diundur. Saka pangiraku yen wektune digawe ing dina kang padha. Perlune supaya bisa cetha, endi wong KBJ lan endi wong KSJ. Nanging nyatane ora, isih uakeh punggawa KSJ sing isih ngiler nekani KBJ. Iki sing dak anggep kurang satriya. Kaya ngono kok nandhingi (ngelingake). Jan dhagelan tenan! Kudune ana salah siji sing diantebi, KSJ apa KBJ. Yen loro-lorone ngono kuwi banjur apa bedane karo bunglon?

Kanggo nemtokake sawiji saka pilihan cacah loro, pancen abot lan dibutuhake jiwa satriya. Nanging yen bisa nindakake bakal luwih diajeni dening liyan, awit kanggo nindakake kabeh mau kudu mawa pangurbanan. Kaya Resi Bisma, dheweke lila manunggal karo kurawa kanggo mbelani bumi wutah getihe, senajan kudu perang karo putu-putune, Pandhawa. Adipati Karna ngantepi nyawiji marang kurawa kanggo mbuktekake kasetyane, senajan kudu memungsuhan karo sedulur-sedulure, Pandhawa. Tumindak sing ngono kuwi sing isih perlu tinulad dening para paraga KSJ.

Kanthi anane paraga-paraga sing adhapuk bunglon mau, njalari lumakune KBJ lan KSJ miturut aku dadi saya kurang greget, awit paragane padha bae. Endi sing ngelingake lan endi sing dielingake dadi ora cetha. Sing katon ngegla mung wira-wirine wong sing miturut istilahe pak Kelik golek proyek. Upama pagelaran wayang ngono, babar pisan ora narik kawigaten. Awit sing disuguhake ana pakeliran dudu ramene Arjuna lan Karno, sing padha-padha netepi darmane satriya ing Tegal Kurusetra. Nanging amung regejegan antarane Aswatama lan Resi Krepa, sing isih ajar nintingi werdine tembung senapati. *)

Ponorogo, 17 Mei 2010

Sumber: Panjebar Semangat


NLUSUR IDE GUGAT-KU RONG TAUN KEPUNGKUR
      Dening: Sumono Sandy Asmoro
                                       http://sastra-bojonegoro.blogspot.com