Tampilkan postingan dengan label Gurit. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Gurit. Tampilkan semua postingan

Jumat, 06 April 2012

GURIT: Kang Zen (1)


Add   
 











        Kang Zen                                                                                                                                                             

 
  









G u r u
Wong tani
Esuk repet-repet wis padha tangi
Metu saka kandhang nggeret sapi karo kebo
mikul krakal karo garu
njegur sawah
cetar... cetor…

swara pecut nggegirisi
sapi karo kebo ngubengi sawah
nggeret krakal, garu karo luku
apa ngono kuwi sing diarani guru
wong dines
Esuk nganggo sragam
Mlebu sekolahan
Nyekel kapur tulis nok ngarepe papan
Dak... dak… dak…
Mlebune sedheng molehe kurang
Apa ngono kuwi sing diarani guru
Enek pawongan
Mlebu sekolahan
Kana-kene kabeh ngundange bos
Bos… bos… bos…
Tanpa swara
nalika sang bos metu saka sekolahan
Takkira bos menehi kepinteran
Jegagik,
ilang tanpa kaweruhan
Apa ngono iku sing diarani guru
Geneya kowe takon
Urusane wong ngono beda-beda
Becik meneng supaya ora keterak garu
Sawangen mlakune krakal
Yen kowe ora pingin kesrekal
Sawangen lakune luku
Yen kowe mlaku kareben ora kesandhung watu
Aja ngrungokna swara dak
Aja ngurusi bos bos kae
kuwi urusane guru
critamu karo critaku
ora enek sing kenek didhelikno
kuwi sejatine guru

Bojonegoro, 9 Juli 2010


  











J e n g k e r

Etan Baureno
Ngidul tekan Kedungadem
Pinggir-pinggir dalan akeh wit-witan

Ngulon Sugihwaras butul Temayang
Mlebu alas banjur butul Bubulan, Ngasem nganti
Tambakrejo lan Watu Jago
Tanpa daksawang ngliwati alas blandhengan kebak wit jati
Tak kedhepna mataku
Tipet-tipet dangkel jati wis mbalek ijo
Hayo mbacutna laku
Lha dhalah ……
Wis teka Padangan
Tipet panggone prahara dhek jamane Ariyo Jipang
Leren …….
Leren dhisik
Takrungokna radio
Ndhelok tivi nok warung
Nyilek koran harian
Kurang sreg
Mbukak laptop miyak peta
Gak kaprah!
Akeh lenga gas nok Gayam karo Kasiman
Bule-bule, menteri, nganti bupati padha sliweran
Cungar-cungir nok kaca mobil
Mambu lentung
Inceng-inceng totalan produksi lenga
Gak urus aku
Wis parek esuk
Pitik padha petok
CD kalong pitung puluh lima persen
CSR nglebat nok njabane kuthaku
Aja ngantuk, le
Aja ngantuk, ndhuk
Aja ndhangak nek ulap nyawang srengenge
Mundhak lara matanem
Ngentekna ragad kanggo mbolongi sak clanane pak mbokem
Apik ndhingkluk nyawang bumi sing mbok liwati
Sing dipaculi mbah buyuttem kawit biyen
Bosen kang
Bosen Makde
Bosen Yongdhe
Kawit dhisik selegence

Aja dleming kaya wong ketempelan setan
Apa sing mbok jengker?
Sekolah larang nanging kowe bingung nyekolahna anakem
Wong lara akeh ragade

Dalan-dalan ijek elek, tibake
Aja lunga utawa dagang nek wedi keblegong
Jengker apa dleming
Gak ngerti piye
Jengker kaya wong watuk
Jengker kok kaya wong ngentut sing badheg ambune
Raksakna kowe
Titeni dhewe
Iki kutha kelairanem.

Kutha mBojonegoro, 10 Juli 2010  






















Aji Cora

Ajiku Aji cora Kamandaka
Wignya ing sabda lebda ing prasetya
mring kawula dwija, maharsi saha punggawa
Prasetyaning Aji …
Kawula adamel mulya
Dwija pinunjul sujana
Maharsi adamel widya widura
Marga adamel sigra sayoga
Prasetya tan tumus ing netra
Kawula, dwija, maharsi saha punggawa
Tiwikrama mring Aji cora kamandaka
Aji selak nemahi bendhu
Aji selak bakal puput layu

Bojonegoro, 22 Juni 2010




  caption

Kamis, 23 September 2010

Gurit: Herry Abdi Gusti (1)

Herry  Abdi  Gusti









A                                                                                                                                                        


Herry Abdi Gusti :
DALAN  SIDHATAN

yagene  keraya-raya  lapa
ing  jurang  cerung  kahanan
rebut  dhucung  tanpa guna
kabenthus-benthus  gubras  ludira

ing  kene  ana  dalan  sidhatan
sapa  bisa mbabar  patembayan
aweh  sithik  bakal  kacuthik
asok  akeh  ngundhuh  pikoleh

sayekti  mung  madhep  pilihan
sapa  waskitha  ing  pamawas
bakal  ndulu  kahanan  bener
suthik  nggepok  tumindak  dudu

wewaler  nora  bakal  tumama
nyata  kabeh  padha  dhegsiya
aku  lan  kowe  siji  badhene
nggayuh kamulyan  apa  kapracondhang ?



# bojonegoro_2010
------------------------------------------------------------




Herry Abdi Gusti   :
ARAK-ARAKAN  RERUPAN

gurung  kang  luwih  dawa  tinimbang  lurung
rerasan  rinasa  panjang  katandhing  dalan
arak-arakan  liwat  mripat  mbabar  kanyatan
praupan  jembar ciyut  mbranang  rongeh
kalingan  surem  ing  riwe  drodosan
siji  mbaka  satunggal  mirong  kampuh
sapecak rong pecak  malangkadhak
pamer  katiyasan  umuk  kasudibyan
ira  sapa,   ingsun sapa   ???
sadumuk  bathuk  pecah  dadya  unthuk  

ndlidir  pacak  baris  rerupan  sadina-dina  :
abang  ireng  ijo  kuning  biru  maya
wungu terong abu-abu manda-manda
candhala  dhegsiya  culika  dora mentala
dur  ing  angkara

sauntara  suwalike  ana  rupa  gumlethak  :
lembah  sareh  sumarah  pasrah
legawa  rila  samadya  tan  ngaya
setya  tuhu  ing  sumitra
suradira  sinatriya

# bojonegoro_2010
----------------------------------------------------------



Herry Abdi Gusti   :
KADANG-KADANGKU  PADHA  TUMENGA

dinane  iki  daksawang  kanthi  premana
saka  kadohan  malah  dene  cedhakan
tan  beda  ing  sakawit  panyangka
jer  wus  katiti  mangkene  kasunyatan
kadang-kadangku  padha  tumenga
:
ana  kang  tumenga  mandhuwur
utawa  ndhangak  yen  lumrahe
nyawang  langit  kumelap  katon  cedhak
kaya  kuwawa  nggayuh  tanpa  kangelan
daya-daya  kasembadan  wosing  kekarepan
lintang  lan  rembulan  karayuk  sakukuban
:
ana  kang  tumenga  manengen
utawa  kagiwang  arane
maruk  kuwasa  arta  lan  wanita
prabawa  rinasa  gampang  tumeka
ora  saka  luhuring  pakarti  lan  dharma
urip  kudune  eling  marang  sasama
:
ana  kang  tumenga  mangiwa
utawa  keblinger  jenenge
ora  madhep  mring  kang  agawe  luwih
mangan tirakat  kanthi  kahanan murwat 
tan nggape wanci kudune sumuyud
mring kang darbe sakabehe kamulyan
:
ana kang tumenga mangisor
utawa tumungkul  yen mesthine
ora nggetuni tumindak kang nalisir
nanging pangece marang sangisore
ngiwi-iwi  patrap pamer dadi lumrah
ngungal dhadha nilap  tepa slira





            # bojonegoro_
------------------------------------------------------------



Herry Abdi Gusti   :
TAPAKTAPAK

tapaktapak sikil salumahing wedhi lan krikil
ninggal tilas manekawarna minangka paseksen
abangirenge wewatakan sajembare ndonya
bebasan umur jagung  mung sakleplasan
tapaktapak  musna kasempyok ombak samodra            
wusana mung dadi crita….





            # bojonegoro_
-----------------------------------------------------------



Herry Abdi Gusti   :
GENDERA
nalika teka mangsakalane
gendera enggal-enggal dakkibarake
kumlebet  ing pucuke mega-mega
ana rasa mongkog jroning dhadha
nanging,  ahh…………
yagene codhot-codhot kuwi
padha lelewa bebuwang tanpa duga

kedadak ana mendhung tanpa sangkan
batinku surak mawurah :  horee..!  horee..!
nggegadhang mendhung bisaa dadi udan
kanggo ngresiki genderaku kang jibrat kotoran
nanging,  ahh………….
jebul malah luntur warnane
mblawus lencu guwayane

Bojanegara,  1917 Caka.
 ---------------------------------------------------------



Herry Abdi Gusti   :
PATANG TATARAN
Mukminuun………
mring kang maha kuwasa
sumuyud ngabekti tulusing ati
linambaran kapercayan jati
tan ana liya kang luwih maha

Tattaquun………
ati kang tumata rila legawa
madhep manteb pasrah sumarah
tangan nadhah nyadhong swarga
panthering donga sadhengah wayah

Muhsinuun………
mbagusi urip srana pakarti luhur
sumbut klawan ucap tutur
nengenake tumindak aweh tuladha
nora ngumbar swara ngudal ukara

Mukhlishuun………
bawera jroning dhadha tan ana ngresula
ngulungna luwih utama katimbang ngathong
jer kabeh panduwe mung titipan saderma
manungsa lair kanthi kahanan kothong


@J’negoro-2010

----------------------------------------------------------




Herry Abdi Gusti   :
ARUMING KEMBANG-KEMBANG RINONCE

ibere manuk gagak nyenggol pang semboja
gawe gogrog kembang putih nyebar wewangi
ing lemah bang siji mbaka siji tumiba…..

banjur ana tangan alus kang sumadya
ngluru kembang-kembang pating blasah
rinonce dawa kanthi benang sutra…..

aruming  kembang-kembang rinonce
endah ngrenggani janggane ibu pratiwi
ngambar-ambar  saindhenge  nuswantara…..
                                 
@Bojonegoro’98



       n






Kamis, 02 September 2010

Geguritan: Nono Warnono (1)

Bowerno 1













           Nono Warnono













KUSIR TUWA ING NDHUWUR KRETA

Jaran nurut kapecut ndhegar-ndhegar
lis sinendhal ginelak playune yayah kitiran
krenggosan
ngampet tajeme krikil-krikil ratan
saka koplakan siji marang koplakan liyane ngono sateruse
(Jaran: telekkuk kanggo cacadan turut dalan
Ah! kringetku kanggo bancaan
jinantra rodha kreta gumerit sesambat dawa
sing nunggang buta-buta
lan duratmaka sinamudana
liwat kutha lumebu desa ngadesa
mbentus watu nerak juglangan
(Kreta: ing gelis rodhaku ana pangupa jiwa)

Kang Kusir
lungguhane kreta tansaya empuk kena kanggo ngantuk
wegah mudhun nganti pikun
anak putu ngantu-antu kalodhangan
ah! mokal kasembadan
(: dak anti apa kang bakal dumadi yen jaran wus padha mbalela)

Kang Kusir,
iki kreta kraton
dudu lungsuran kreta warisan
nora kanggo kroyokan

Pasinan-Baureno Bjn 1993


Jaya Baya No.32/11 April 1993



L A Y O N
(Kanggo: Suripan Sadi Hutomo)

kawuri papan iki rinasa bawera ngrebut pandulu
akeh kang padha gegojegan nggaru-mluku imajinasi
tinanduran gurit ledhung-ledhung
katresnan bun-bun esuk pinencokan ing pucuk-pucuk gegodhongan
lan sore manuk-manuk mabur kekiter wewuyungan

jaman rodha cakra manggilingan
papan iki wus dadi kuburan sangar samun
akeh bocah-bocah lola padha nangis sesenggrukan
ndedonga nyekar bapa biyung kang wus nora kinrawuhan
bebarengan angslupe susastra kelangan cahya

mbokmanawa kowe lan aku dina iki isih kuwawa
kanthi sisa pegat-pegat ambegan
nglacak lan njumputi geguritan-geguritan cicir nadyan
kesandhung-sandhung kontal tinendhang bal globalisasi
sesambat tangis layung-layung

gelis angemasi?
apa ngrantu tumekane reinkarnasi?

Wengi Mendhung Poncot 1996


Panjebar Semangat No.12/23 Maret 1996
________________________________________________________________________


P A N D A K W A

ah !
apa ora rumangsa
apa ora rinasa
nalika driji aweh panuding marang wong liya
papat liyane ngarah marang sapa ?
: terwaca

Bojonegoro 1995

Panjebar Semangat No.17/27 April 1996
________________________________________________________________________

W A T U

anamu atos pathing pendhosol pengkuh dadi pakewuh
ing dalan minangka sandhungan ing samodra njelma watu karang
wola-wali sinempyok ombak malah landhep nggegirisi
apa sejatine kang lagi ko paragani ing bebadra iki

playumu ing kutha dadi tetanduran gedhung sundhul ngawiyat
ngliyer omah-omah cilik nganggo buldoser dadi tangis
njur pasulanan rebut panduman kanthi kolusi
lan maneka paekan kemunafikan

anamu ing jro dhadha dadi ati lan rasa pangrasa atos
wengis mentalan nggiles semut-semut ing poncot gang
watu-watu gudras getih abang amelereh
apa kuwawa dadi tumbal wadal raharjining sasama
apa malah dadi margining kadurakan

Bojonegoro, 1995


Mekar Sari No.45/03 Januari 1997

Rabu, 01 September 2010

Geguritan: Asrul Irfanto

____________________________________________________________________________________
HAYAM WURUK WANCI DALU

wadhuk gondhang mandhape wolu-wolu
sinekar dening sindhen dhingklik sinambi atur guyu
nambahi kanikmatan lehku nenggak angeting ciu
ing sawijining wengi ana dalan hayam wuruk wanci malem minggu

senajan gendul-gendul wis pathing klemprak
ning isine ora kuasa nelesi gorokanku kang tansah krasa ngelak
ngundang lumahing centhak supaya enggal kaisi segering towak
amrih bisa ngusadani rasaning ati sing ketlarak-tlarak

caping gunung mandhape kutut manggung
kasambut seblaking sampur kang cekap kaganti kain sarung
saderma dadi tamba rasa ati bingung
marang kahanan ruwet nyandhung nyrimpung

nyidham sari mandhape aja lamis
ndherekake sumingkiring wengi kang katundhung embun atis
ninggalke aku kang mung isa ndhodhok ndhepipis
kaya lelakonku ing wengi-wengi kang uwis-uwis

Bojonegoro,7 April 2010
____________________________________________________________________________________

HADHUH BIYUNG

biyung...
tulungana anakmu kang lagi bingung
ningali kahanan kang nyrimpet nyandhung
sirah ngelu pindha ketiban watu gunung

bapa...
panjenengan mugi kersa paring usada
maring kuciwaning raos manah kula
dhumateng kahanan ingkang kados punika

sedaya peteng tanpa katingal padhang
jaman mardhika nanging kados jaman perang
boten pedhuli sanak punapa kadang
waton ganyang sinten ingkang dados pepalang

boten pedhuli pulisi
boten pedhuli mahasiswa utawi mahasiswi
ugi para pamong praja negari
sedaya tingkahipun ketingal sami

ceriwis
lamis
bengis
handadosaken manah punika miris

Bojonegoro, 05 Maret 2010
____________________________________________________________________________________

G E M B L U N G

mabur
dhuwur
angen-angenku tan kena diukur

mblayang
nora karuan sing digadhang
lamunanku sundhul awang-awang

urip mukti
murah sandhang murah pangan
uga tansah kebak kamulyan

ning apa sing digawe nggayuh
pakaryan ora gableg
sebab kepinterane wis ora kajen
disingkirake karo sing pinter asok sajen

anane mung ngedumel
ngomel kaya modin kurang ambeng
maido kasunyatan urip
tambah dina sangsaya puret
ati karep bandhane cupet

Bojonegoro, 26 Maret 2010
____________________________________________________________________________________

PADHEG ISUK ING KALISARI

swara jago kluruk
pratandha wis tumekaning esuk
nglengserake atis wengi kang dudu-dudu
nundhung kanikmatan sajroning anget lan arum ragamu

jenggirat aku enggal tangi
kudu mungkasi lakon katresnan suwengi
antaraning aku lan sliramu
tanpa perduli pangandikaning liyan kang ngucap saru

nanging apa kang dadi atimu
ndadak kokbalekke apa kang dadi duwekmu
lembaran dhuwit kang dakdudut saka dompetku
minangka tandha pangucaping rasa matur nuwunku

menawa kurang akeh pawewehku
apuranen aku merga ya mung kuwi duwekku
asil seminggu olehku mburuh macul
ing sawah garapan sing sebahu wae ora punjul

kaya kesamber bledhek rasaning sirah
mireng aturmu marang aku
"ora.. mas, ora..."
"aku ora butuh dhuwitmu iki"
"kabeh paringanmu mau wis ngluwihi cukup"
"mung siji panjalukku"
"gawanen aku mentas saka jurang kanistan iki"
"kahanan sing selawase ora nate dak arep-arep kelakon ana uripku"
"senajan sliramu mung buruh macul"
"ning katresnanku iki tulus sajroning ati"
"bakal dak gawa tumekaning pati"

Bojonegoro,05 April 2010

Minggu, 29 Agustus 2010

Geguritan : Djayus Pete (1)













___________________________________________________________

PRAHARA

kapuk randhune rakyat
mabul-mabul ing ngawiyat.

Purwosari,1975
__________________________________________________________

MARANG PARWATI

ing dhadhaku: gunung merapi
gunung merbabu ing endi, wati?
merbabu kang tanpa nyawa
tanpa kemrengsenge rasa?
merapi lan merbabu
kumpul cedhak sadawane wektu
wengi-wengi kemulan pedhut
wengi-wengi kemulan slimut.

Purwosari,1976
____________________________________________________________

KANGGO NINIK,JEPON-BLORA

Ninik Jepon dadi lakon
ninggal anak suson, kelon-kelon
wedhak gincu sangune luru-luru
adhang-adhang Blora, Rembang
Lasem, Tuban tekan Cepu
rasa perih diulu.

Ninik, ooo..., Ninik
tak rungokake critamu
bojo minggat, katut randha, lali kiblat
yaiki, Nik, gelaring jagad
kebak barat, sapa sing kuwat
banjir bandhang gemulung nrajang
tekan kowe, kentir, ketangsang-tangsang.

Baliya , salina klambi sing garing
anakmu wayahe nyusu, njaluk dililing
kaya dhisik, golek kayu tanpa gincu
mulih ngasar, bening mripatmu, sumunar
gawe sengsemku andulu
wong ndesa sing lugu

Tobo,Bojonegoro,2010

___________________________________________________________

Geguritan: Gampang Prawoto (1)

       Sastro Widjoyo Diran, 01 

 http://sastra-bojonegoro.blogspot.com/


_____________________________________________________________________________


       SWARA BEDHUG

       Ing sisih kulon
       ngegla cahya mbranang
       surup, candikala
       ngeterake rina lan mapag wengi

       saka wetan
       dakrungu swara bedhug
       kang miyak watese ati lan ati
       gilir gumanti
       silir-silir …
       swara adhan…mbuka rasa
       sanalika,
       gawe gumregahe ati kang rengka tetaunan
       ngliwati dina-dina kang sepa
       kebak panggodha,

       dakpungkasi kamurkaning uler-uler
       kang ngrangsang ijo gegodhongan
       jroning alas jati kang kebak wewadi

       ing wulan pasa
       dosa dosaku kinapura
       ing sasi kang suci
       dosaku lebur dening pangastuti

       mungkasi panelangsane
       enthung gumantung nglantung
       tirakat
       sadurunge mbabar elar wujud kupu
       kekitrang miyak jembare awang-awang
       ing dinten riyadi


       Pejambon, 12082010
_________________________________________________________________________________


       REMBESING BUN ATI

       jinejere lembaran dluwang wingi
       dinamu kepungkur wus bacut nyuwek ati
       dadi bon girik, nyaur kudune
       yogene
       ming sacuwil layang
       lembar setangkep nunut ibere dara
       gambar bedhug sajagrage sinerat
       “sugeng riyadi”
       dadi panebuse

       ora cukup,
       yen mung parsel pitukone
       buntelan “uteg” jamuren
       kalengan-kalengan “ati” kang neyeng
       cemilan “ilat” gurih borakan
       gendulan sirup “rasa” gula semu madu
       sajroning kranjang gedhe nglumpuk
       “dosa-dosa” kadaluwarsa, nylempit ukara
       ukara ngemu formalin, tinata jinejer pada
       rinakit gurit “nyuwun pangapura”

       jembare jagad ginelare urip
       sadawane pikir sajroning rasa
       kebacut sigar rowahraweh saka
       ketiga dawaning ati, kebak sundukane
       yogene
       “lamun niat sesuci padasane sing kudu mara nggoleki”
       ming bun-bun “idul fitri” kang mrembes
       nelesi rasa rosaning qolbu, ngebaki jiwa jiwangga
       aking
       “wudlumu”
       lumuber “pangapura” marang sapadha
       banjire “pangampunan” saka Gusti kang maha kuasa.


       Pejambon, 091007


GURIT Lina Kelana "Lintang Semaput"

LINTANG SEMAPUT
Dening: Lina Kelana

Ben wengi lingsir
aku lungguh nang amben mangku kalkulator
ngitungi lintang lintang kang ambyar ngebaki jagad
siji....loro....telu...papat......
tak itung nganti mripatku lamur

Cemlorot………. ,
lintang nyunari sukma
ning geneya!
ana sawijineng lintang, sunare riyep riyep
kaya wong ora turu sepuluh dina

Ana apa kowe lintang?
kabeh lintang padha sumringah bungah
lha kok kowe acum ra duwe daya,
kenapa kowe lintang?

dakseleh kalkulatorku
tak parani lintang kang siji kuwi,
mripatmu teles, banjir kaya kali kunang
lan iku....?!
dhadhamu mbredheli
sinawang abang mongar mongar
kowe kenapa lintang?

Lintang liyane nyedhak,
nguwasne aku, njur ngomong karo mbrabak !

kowe isih takon kenapa?
rungokno sira kabeh,
kowe kowe, sing marakake lintang dadi kaya ngene,
kowe, sing seneng ndhaguri kulit alus tanpa bolot,
kowe sing mretheli tetanduran ijo royo royo,
kowe kabeh ,sing royokan bandha warisane sedulurmu,
sing ngeruki ambegan ambegan jroning bumi,
ngodot lan nglempit ilat ilat kang kepleset lathi
kowe kabeh nyolong cahyaning (lintang) iki

O…., wong wong kang ora duwe maesan
elinga, kowe isa nguwasi wengi sebabe aku
elinga, turumu angler amergo aku
elingana, aku isa mateni isukmu

Eling...., eling...., eling elingana.....
lintange saiki semaput,
ora sumringah, nggeguyu kaya biasane
sebab, gumembyar padhange wis kok cacah-cacah ning kalen buthek,
peceren ngisor kiwan

Eling...., eling...., eling elingana.....
lintang panjering wengi bakal mati kesikso lakon

Eling...., eling...., eling elingana.....
balikna nyawane lintang sing kokpendhem jero nang lempitane bantalmu
gage tangio,
ngusap luh kang mili deres nang pluluk’e lintang

Gugah lintang ...
gugah lintang ...
gugah lintang ...
gugah lintang ...
Gugah lintang ...
gugah lintang ...
supoyo uripmu gemontang,
kinormat dhuwur kaya lintang ning angkasa.

Babat-Jonegoro, April, 2010