Tampilkan postingan dengan label KOPI KOTHOK Djajus Pete. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label KOPI KOTHOK Djajus Pete. Tampilkan semua postingan

Senin, 04 Oktober 2010

KOPI KOTHOK: Djajus Pete (7)

@ Jilid 7 








Maknane Ilir-Ilir
Djajus Pete, 13 Agustus 2010


lir, ilir,lir, ilir,tandure wis sumilir
takijo royo-royo, taksengguh penganten anyar
bocah angon, penekna blimbing kuwi
lu, lunyu, ya penekna,kanggo masuh dodotira
dodotira, kumitir bedhahe pinggir
jumatana, dondomana, kanggo seba mengko sore
mumpung padhang, rembulane
mumpung jembar kalangane
ya suraka..., surak hore.

          Tandur sing ijo royo-royo iku sanepane bocah sing katon seger awake. Tandur  iku terus kepiye ing sabanjure,bisa ngasilake woh (pari) sing mentes apa gabug. Iku kari gumantung ing pangrumate.( Sing kuwajuiban ngrumat, ya sing nduwe tanduran, wong atuwane. Kepiye olehe ndhidhik,nggulawenthah, mulang-wuruk).

          Senajan sing maune bocah iku ing sateruse dadi penganten (dewasa), iku ya  ora beda kayadene bocah angon. Kaya isih boca sing,durung pinter, ndadak kudu angon...., hiya ANGON HAWA NAPSUNE. Angon hawa napsu iku banget angel,akeh lan gedhe pepalange,  ora beda kaya menek wit blimbing sing lunyu, mlorat-mlorot.. Wohing blimbing plimpingane lima,ya lakonana sholat limang wektu, sranane.  Angon hawa napsu sing memtokake beja lan cilakane urip. Yen bisa angon, ya beja,  slamet uripe,kanthi nindakake sholat. Sholat ya  kudu weruh dununge, weruh i inti maknane : dilakoni, diamalake. HABLUM MINANAS,  HABLUM MINALLAH, gawe kabecikan marang sapepdhane urip lan bekti marang Pangeran,Allah Swt.

          Senajan bener wis  nglakoni, nanging sing aran menungsa, ya isih kedunungan luput, kedunungan dosa awit wis kinodrat yen menungsa iku dudu makluk sing sampurna.Wis mesthi duwe salah, kanggonan dosa jroning angon hawa napsu sing pancen rumpil,angel.  Dosane, ing tembang iku, disanepakake kayadene SUWEK DODOTE. Dodot iku sandhangane wong  Jawa jaman biyen saka jaruit, dibebetake. ora beda kaya sing diagem Kanjeng Sunan Kalijaga. Suweke dodot  sing KUMITIR BEDHAH pinggir, dondomana kareben ora katon ala,kanggo  SEBA MENGKO SORE (bali menyang jaman akhir, marak  seba ing ngarsane Gusti).

         Mumpung saiki isih urip ,mumpung isih padhang rembulane, ya enggala  ndondomi sandhangane sing suwek  iku.  Nyuwun ngapura, tobat, saya ngakehi-akehi gawe kabecikan. Yen nganti kasep,rembulane wis surup, peteng, kok lagi eling durung dondom...,lha, kojur...Ora wurung enggone  seba kanthi sandhangan suwek pating slawir,ala dadine... Nanging yen wis bisa tata-tata ing sadurunge, bisa slamet, tembunge : padhang dalane, jembar kubure........ YA SURAKA....,SURAK HORE. Surak seneng nemoni kamulyan.

         Termbang sing ngandhut makna pasemon mengkono iku mau, ya gumantung masing-masing kepiye enggone ngonceki, kepiye enggone maknani. Iku gumantung ing kadewasan pikir lan rasane dhewe-dhewe.  Bisa wae sanak-kadang liyane  kagungan oncek-oncekan sing beda, Ya nyumanggakake lan prakara  ngonceki (napsiri) mengkono iku ya ora kena kanggo bebantahan.( Turmaneh enggonku  ngempyangi melu fesbukan mengkene iki, butuhe ya mung melu ngrejakake. Bisa sambung enggone memitran karo sanak-kadang, mitra kinasih, mumpung isih padhang rembulane. Mumpung isih padha weruh padhange jagat, jagad kang gumelar tekan  jagading MAYA,  melu golek sing sakira  mupangati ).*
                                                                                         (Djajus Pete,Bojonegoro)

________________________________________

 

 


 

U r i p 

Djajus Pete, 13 Agustus 2010



1.     Aku iki urip
2.     Keparingan urip dening Sing Gawe Urip
3.     Supaya urip karo sing padha urip
4.     Kudu ngerti lan ngajeni marang kabeh sing urip
5.     Yen ora, pikir lan rasaku mati ora urip
6.     Yaiki dununge urip
7.     Nindakake dhawuh prentahe Sing Gawe Urip
8.     Aja nganti mati ing sajroning urip.
__________________________
Aja nganti mati ing sajroning ...

__________________

       WONG urip kok ora ngerti marang dununge urip. Yen ora ngerti jenenge dudu wong urip, nanging mung wong -wongan utawa mung urip-uripan.. Nanging apa hiya, kula,ndika lan sampeyan gelem diarani mengkono?  Wis genah emoh! Yen emoh diarani mengkono, banjur kepiye supaya ora diarani  wong-wongan?

Wangsulane, kudu seneng ngakeh-akehi gawe kabecikan. Eling marang dhawuhe Kanjeng Nabi, yen  sing diarani wong becik iku, ya  wong sing ana gunane kanggo liyan.

      Sing sugih mbantu sing miskin ; sing pinter mbantu sing bodho, sing rosa  mbantu sing ringkih ; sing gedhe mbantu sing cilik, lan sateruse... Mengkono iku arane nindakake wajib , jalaran Pangeran,Allah...,ngodratake nasibe umate beda-beda  (kosok-balen) kaya mengkono kanggo ngubengake laku jantraning ndonya, ubeng ingere  urip, umate. Sing sugih kudu rumangsa yen enggone kinodrat sugih amrih bisa mbantu sing miskin, mengkono kersane Pangeran (Sing ngawaki, menungsane, kudu bisa rumangsa dhewe). Ora kok malah kumenthus rembuge," Lho,kok penak, trima adhong-adhong ngenteni diwehi wong?  Sugihku saka olehku nungsang njempalik rina-wengi...,Ya kesel tenan, gemrobyos, melar-mingkus ambeganku..Perkara ewek-ewek, menehi, ya sak-sukaku. Menehe apik, ora ya apik.  mBokarani pait, medhit, pelit....,ya arep mboyak. Apa ya terus dosa nek medhit? Kaji-Kaji kae rak ya akeh sing pait. Paite ora mung kaya butrawali,ning nemen, ngungkuli paite jadham Arab.

      Sing rumangsa pinter hiya kudu rumangsa yen enggone kinodrat pinter, kareben bisa mbantu sing bodho.Ora kok malah dienggo  minteri uwong, ngakali uwong, mblithuki uwong...Ya  genah ora bakal slamet wong-wong sing padha nyimpang saka kautaman, maksiyat...Lawas utawa enggal, wis mesthi bakal ketiban "sing ora kepenak" saka Gustine. Iku wis mesthi, wong urip bakal ngundhuh wohing pakarti,wohing panggawe. Ya yen ora kepenake dilakoni dhewe. Yen sing ketiban anak,puitune...,apa ora gawe sengsara turune? Biyen embah-embahe tau mateni wong....,mulane, saiki, putune ya ana sing dipateni wong. Biyen,embah-embahe, kondhang dadi maling sing julig,mulane,saiki...,ya ana putune sing dadi bandhol rampog. Mengkono iku, tegese, wong urip kudu tansah ngati-ati ing samubarang tumindake, jalaran bakal ana sambunge karo nasibe anak-turune. Yen seneng nindakake kabecikan, kejaba awake dhewe bakal oleh kabecikan, anak-tuirune ya bakal oleh kabecikan (saka ngundhu h tandutane embahe), oleh pitulungan, ya embuh saka kersane Pangeran. Budhala golek gawe...,ya ndilalahe  ana sing tetulung mapanake, ora kesurang-surang entek sangune, mulih nganggur,balki  ndhoglog neng omah, kelop-kelop.... (Jebule, mbahe utawa bapake, seneng ngapusi wong. Lha ya wis pas, mathuk yen anak-ptuine nemoni nasib ala,, saka adiling Sing Kuwasa).

      Dadi, gampange rembug, wong urip iku kudu bisa rasa-rumangsa. Ora kok rumangsa bisa (angkuh,gumedhe  enggone bisa sugih ; pinter ; kuwat ; gedhe....) Saka rumangsane, bisane mengkono iku, mung saka pambudidayane  dhewe. Ora  gelem mikir-ngrasake yen "kaluwihan"  iku ing satemene  saka panguwasane Pangeran kanggo nata gelaring ndonya, jagading menungsa. Sing kesampiran AMANAH, kudu rumangsa wajib nindake ing urip sadina-dinane.* (Djajus Pete)

-----------------------------------------------------------------------------
(Kairing donga kanggo anakku Ninong Nindarti (sakanak-bojone)  ing Pojok,Campurdarat,Tulungagung. Aturna salam taklime kluwarga Bojonegoro marang kluwarga Tulungagung, Sugeng siyam wulan Romadhon).-

________________________________________

 

 

 

Seneng

 Djajus Pete, 14 Agustus 2010


          APA sing digoleki wong urip ing ngalam ndonya iki ? Wangsulane mung satembung : SENENG .Ora ana wong urip kok golek sengsara, kelara-kelara..Kabeh golek seneng. Selagine tekan puputing umur, mati, ya isih ngarep-arep bisane oleh seneng, mlebu  swarga. Lan batine ya seneng yen ing kana bisa ketemu karo kabeh sedulure kanthi kahanan becik.Mung ana ing empering swarga ora dadi apa,ya wis seneng , tinimbang  diuncalake mrana kae.

          Senajan bener kabeh golek seneng, nanging seneng iku ana rong werna, 1) seneng sing mbarokahi, 2) seneng sing mitunani. Miilih sing endi, ya nyumanggakake.Wong urip pancen wenang milih ing antara rong pilihan  :

               Milih keset apa milih sregep
               Milih bener apa milih luput
               Milih apik,apa milih ala
               Milih beja apa milih cilaka
               Milih mulya apa miolih sengsra
               .....................................

              Kabeh iku kari gumantung ing pilihane dhewe-we. Mung wae yen kleru enggone milih, kok banjur sara awake, ya aja nyalahahe wong liya. Piye lan piye,  apa dadine, ya saka pilihane dhewe.

              Yen milih salah, ya dadi bubrah
              Yen milih ala, ya dadi cuwa,  cilaka
              Yen pilih penak, ya kudu ngajar awak ( sinau , gelem kangelan).
              Yen pilih ayem, ya kudu sing temen
              .........................................................................
              ........................................................................
              WONG urip kudu awas marang lakuning uripe i sing kebak begalan,kebak goda werna-werna sing mencutake. Ngalam ndonya sing katone padhang njingglang iki, ing sanyatane mituruit pamawas batin, KEBAK ANGIN GEDHE, BARAT BANTER, PRAHARA.Sing ora ngati-ati, bakal katut ubenge lesus..., kebenthus-benthus. Konclang disawatake angin, embuh parane.... Uga kena diarani  KEBAK GUMULUNGE OMBAK SING NGGEGIRISI ,KEBAK ULEGAN   SING BISA NGGERET KELEM  WONG SING KURANG PRAYITNA. Angin gedhe lan ombak iku wujude  kesenengan-kesenengan maksiyat sing marahi bujat.( Nanging pancen nyenengake ing wiwitane,akeh wong sing ora kuwat nahan saka banget kepencute.)

             Akeh pejabat, wong  pangkat, wong terhormat.....mlebu tipi  ngandhani rakyat.Nanging rakyat wis ora butuh weruh dhapure, apamaneh krungu swarane,salin chanel...Luwih  seneng nyetel sing klucu-lucu,lawakan, kanggo nglipur ati, tinimbang weruh rupane pejabat  sing njemberi. Mengkono iku nandhakake yen jenenge pejabat wis ora kajen blas awit luwih nengenake enggone  "ngeruk dhuwit" tinimbang mikir rakyate.Akehe pejabat sing korup iku, mula bukane ya golek seneng. Wong burip seneng gopelkmdhuwit, wis carane,nanging yen klerundalane..,entek-entekake ya dadi ora seneng. Apamaneh kebacut diukum, saya getun.

            Seje karo kuli batu sing golek seneng sing mbarokahe, senajan mung sethithik olehe,ning ya seneng. Senenge ya akeh, ora mung seneng nalika nampani opah, nanghingbuga seneng atine bisa mnehake dhuwit iku marang bojone. Dienggo blanja, weruh anake mangan telap-telep saka kayane nguli, ya seneng.

            Nindakake pasa wulan Romadhon mengkene iki, senajan weteng kothong ngintir-ngintir, ya seneng bisa nindakake kuwajibane minangka wong Islam. Weruh srengenge ngarepake surup, ya wis seneng. Krungu DHENG,  buka, ya tambah seneng.Sukur bisa tutug sewulan, saya tambah seneng.  Dene kok nganti mokak, saka kepeksa, ya isih golek seneng yen bisa ngijoli...Dadi, kabeh wong urip ing ngalam ndonya iki  sing digoleki  SENENG.Bedane, seneng sing kepiye? Seneng sing mbarokahi apa seneng sing mitunani..Tekan fesbukan ngene iki sing digoleki ya seneng. Seneng kanca kenalane akeh, saya akeh saya seneng, tambah   gayeng , senajan embuih mengko pira mbayare Spidy ing Telkom.  Mbayar pira-pira,gak masalah, senengok!*

________________________________________

  

 

 

Orong-Orong; Huuuuuuu...

 Djajus Pete, 14 Agustus 2010


              NALIKA  arep ngedegake  mesjid Demak ,Kanjeng Sunan Kalijaga uga melu tumandang nyandhak kayu kanggo balungane mesjid. Nalika kuwi, ana orong-orong keterak pasahe Kanjeng Suinan nalika Kanjerng Sunan masah kayu.Orong-orong sing mati tugel gulune,dening Kanjeng Sunan bisa diuripake maneh kanthi gulune disambung nganggo tatal kayu jati. Mula tekan saiki, ing njero gulune orong-orong ,ana balung kaya kayu sing jare,  miturut dongeng, asale saka orong-orong sing disambung tatal iku.

              Miturut sing takrungu saka sawenehing winasis (wong pinter), crita bali uripe orong-orong sing disambung tatal dening Sunan Kalijaga iku ngayawara.  Senajan bener Kalijaga iku sunan peng-pengan, bontos kawruh Islam lan Kejawene, ngayawara yenbisa ngundang baline nyawa sing wis ucul  awit kang bisa tumindak  ghaib  mengkono iku mung Pangeran. Dadi sing bener, bali uripem orong-orong sing disambung tatal kayu jati iku mung pasemon, pralambang,ora sabanere.

           Genahe, miturut sing takrungu saka wong pinte iku , mengkene :
           SIRAH iku dununge uteg (pikiran ) dene GEMBUNG dununge ati (rasa). Kanggo percaya marang anane Pangeran, Allah,ora bisa mung saka dayane pikir. Lan uga ora bisa yen anane Pangeran iku mung dirasakake thok sarana ati.Sirah lan gembung, hiya dununge pikir lan rasa, kudu sambung. Dipikir lan dirasakake  :  dirasakake lan dipikir, bener yen Pangeran iku temen-temen ANA. Wong-wong sing ora percaya utawa kurang piyandele marang anane Pangeran,  mung saka nggunakake pakartine sirah utawa pikir, tanpa nganggo  ngrasak-ngrasakake.Bener sanepan dongeng orong-oronge Sunan Kalijaga sing uripe  disambung nganggo tatal   kayu jati. Tegese : yaiku    se-jati-ne urip, kudu sambung antarane  pikir lan rasane kanggo percaya manteb marang anane Pangeran.

          Luwih mantebe, ora mung percaya saka maca unine buku lan uga ora mung saka krungu khotbahe Kiai utawa Pendhita. Nanging saka manunggaling pikir lan rasane sing jero satemah kaya bisa weruh klebate sing ghaib-ghaib. Tembunge sing bregas : Iman adalah bisa melihat yang tak dapat dilihat.*
-----------------------------------------------------------------------------

(HUUUUUUUU..........)

         DONGENG maneh, nanging dudu pasemon,isih sambung karo Sunan Kalijaga. Nalika Kanjerng Sunan Kali tindakan, ing dalan pirsa  kodhok montang-manting diuber ula." Huuuu....," mengkono Kanjeng Sunan nyuwasra, njalari ula sing nguber kodhok mandheg lan nyuwun pirsa. Apa kersane Kanjeng Sunan kok nyuwara Huuuu....

           " Huuu kuwi mau, tegese HUNTALEN, jalaran kodhok iku wis dadi panganmu."

           "Wadhuh..., kojur ane. Mencolot nyang ndi iki mau? Ilang, ndlesep neng grumbul," grenenge ula sing ing batin nyalahake awake dhewe dene  ora bisa tanggap kersane Kanjeng Sunan."ula ingkang bodho,mboten tanggap ing sasmita."semambunge banjur pamit nggoleki kodhok sing wis embuh parane, ora ketemu.

           Kodhok sing digoleki sabenere mung ndlesep ing njero leng  sacedhake4. Salungane ula,.kodhok mencolot rikat nututi Kanjeng Sunan,lan nyuwun pirsa, ana apa kok Kanjeng Sunan mau nyuwara Huuu...

          " Huuu  kuwi mau, tegese HUCULNA. Mula kowe ora sida dicaplok ula."

          "O...,ngaten. Menawi mboten kepanggih Njeng Sunan, bar awak kula....,temtu sampun kecaplok sawer. Matur nuwun, Njeng Sunan."

          Ya mengkono iku kudune dadi wong sing urip ing satengahe bebrayan, kaya Sunan Kali sing ana ing antarane ula lan kodhok iku mau. Ora ana endi sing disenengi lan ya ora ana endi sing digethingi.  Karo ula, apik. Karo kodhok ya apik. Ya mengkono iku sing aran wicaksana.  Kudu bisa KARYENAK TYASING SASAMA , sing tegese, gawe enake sapadha-padha. *

________________________________________









Melek Sabar Narima
 Djajus Pete,15 September 2010

                    aja turu sore kaki
                    ana dewa ngangklang jagad
                    nyangking bokor kencanane
                    isine donga tetulak
                    sandhang klawan pangan
                    yaiku bageyanipun
                    wong melek sabar narima

            Tembang Jawa tinggalane embah-embahe wong Jawa, akeh sing mentes isine, isi pitutur, wewarah becik ngenani ngaurip.Bobot isi, makna kang kinandhut ing sajroning tembang, dirasa  penting kanggo nggegulang, nggulawenthah ngenani paugeraning ngaurip. 

           Tembung kaki ing ukara iku, tegese : kaki iku sebutan kanggo wong lanang kang wis tuwa umure, ya wong kang wis  dewasa nalar lan rasane. Kanthi mengkono mratelakane yen tembang iku ditujokake marang wong kang wis bisa mikir lan ngrasakake awit isine  tembang iku ngenani kawruh kang jero. Yen mung nom-noman utawa bocah, durung gaduk nalare.  

            Aja padha turu sore, meleka tekan tengah wengi, kareben keduman isine bokor sing diedumake Dewa, isi donga tetulak, sandhang lan pangan. Tembung Dewa iku ora kena diulu warasan,nganggep kayadene Dewa Naradha sing medhun saka Kahyangan ing crita pewayangan. Sing dikarepake Dewa bisa uga Malaikat sing adum rejeki saka prentahe kang Maha Kuwasa utawa bisa uga sing dimaksuid Dewa iku hiya Kang Maha Kuwasa iku dhewe, adum rejeki.

            Wong-wong sing ahli tirakat, seneng melek,racake ora gampang kena lelara, adoh saka penyakit, akeh warase. Kaya-kaya enggone betah melek kena kanggo tulak penyakit, awit ana wong omong yen bibit penyakit iku jare tekane ing wayah bengi. Merga wonge melek, bibit penyakit sing nglambrang  ya ora wani menclok. Mencloke ya  menyang wong-wong sing lagi turu nglepus. Bener lan orane,ya  embuh. Mung wae, aku kang nate medhayoh ing daleme saweneh Kiai ing Banyuwangi, Kiai kasebut ngandhakake yen roh-roh jahat, santhet-tenung iku, mlakune ing wayah bengi sangisore jam suwelas, yen wong sing dituju lagi turu,kurang bejane bisa klebon.  Mula becike , kanggo nyingkiri  pracekane roh-roh jahat iku, prayoga turu ing sadhuwure jam suwelas bengi. Kanthi anane katrangan mengkono iku, ukara ing tembang kasebut   ana benere,yen wong  betah melek uga bakal keduman : donga tetulak. Kena kanggo nulak pracekane roh-roh jahat lan ya ana benere yen uga kena kanggo nulak bibit penyakit. Akeh warase,senajan  wong betah melek iku awake kuru-kuru. Kuru nanging sehat,nggangseng.

           Wigatine wayah wengi uga nduweni "nilai" ing agama, kanggo nindakake sholat tahajud, nenuwun marang Pangerane. Ing kahanan sepi, tintrim, bisa luwih konsentrasi enggone meneges,ngeningake cipta.Kanthi mengkono, isine tembang  kasebut kang mrayogakake perlune wong melek wengi, prahiatin, uga ana trepe karo piwulang agama bab anane sholat wengi.

           Ora mung melek thok,nanging uga sabar lan narima, jangkepe ing tembang iku.

           Sabar iku pengendhalian dhiri. Nahan,ngempet, murih becike, senajan abot rasane, senajan kaya nguntal pil pait,paribasane.Dikuwat-kuwatane , dibetah-betahake, disabar-sabarake, suwe-suwe rak ya antuk kawelasane Pangeran. Mulane ana tembung : sabar-subur. Sing sabar bisa bakal nemoni subur. Sing ora sabar, ya masuk kubur.

          Tembung nrima, wis cetha tegese. Ora ngangsa-angsa, ora kemrungsung, nanging bisa ngukur sepira kekuwataning awake.Yen kuwate mung ngangkat  bobot seprapat kuintal, kok ngangsa ngangkat bobot setengah kuintal punjul, ya jepluk, lara awake. Nrima ora ateges putus asa, pasrah-sumarah marang Allah lan ora obah. Ora mengkono. Yen pancen kurang, ya kudu tetep ikhtiyar, samurwate. Ora kok terus rina-wengi nungsang njempalik nyambutgawe ora leren-leren. Kuwi arane meres raga kliwat taker, bisa dadi lan rusake awake,saka nuruti rasa kemrungsung.

         Sambung karo perlune rasa nrima, bisa takaturake ing kene, wejangane Ki Pamdosusastro :

(1)     Panarima iku tuking katentreman. Tanpa panarima, tanpa tentrem. Empaning panarima niteni tibaning takdire kang metu saka ing ikhtiyare, dadi ora meri marang kebegjaning liya. Awake tumiba ing papa utawa mulya, dianggep padha bae, awit pancen wis pesthine mengkono.

(2)     Satemene ora ana wong marem atine, senajan karepe ketekan kabeh : iya isih kurang. Saben wis klakon karepe : banjur bosen, nuli salin salaga kepengin nduwe liyan maneh, mengkono sabanjure.  Iya iku sekarate wong  ing ngalam ndonya, mari-mari yen wis mati.

        
         Cathetan :
         panarima           :  nrima
         tuking                :  sumbering
         empaning          :  sumelehe ; papane
         papa                 :  sangsara
         salin salaga       :  salin pepenginan ; salin karep.

__________________________________________

Jumat, 17 September 2010

KOPI KOTHOK: Djajus Pete (6)

@Jilid 5
____________________________________________________________________________________

Pasinaon
Djajus Pete,16 Agustus 2010

ORA mung buku lan wejangane guru sing kena kanggo pasinaon, nanging apa wae kang katon. Kekayon, kewan, sakehing gegremetan, segara, bumi lan langit saisine, kena kanggo nggegulang gawe padhang tumrap sing bisa mikir.Matun mbubuti suket, uga mujudake pasemon sing kena kanggo pasinaon. Kanthi dibuwangi sukete, bisa gawe lemune tandur.Suket-suket sing urip ing antarane tandur, ngganggu uripe tandur, iku sanepane ALA . Yen sing ala-ala iku diumbar urip, tandure saya kuru. Nanging yen sing ala-ala iku dibuwangi, tandure bisa BECIK, bisa lemu. Kanthi mengkono bisa diringkes ing pangerten yen mbuwang ala iku bisa nemu becik.

Ing pangerten ilmiyah, sari-sarining makanan (rabuk,lsp) sing kudune mung dipangan tandur, uga dipangan suket, njalari pangane tandur kurang, dadi lan kurune. Nanging yen sarine pangan wutuh (ora kalong saka gangguane suket sing melu mangan) , bisa gawe lemune tandur.Pangerten mengkono iku , ora beda pralon banyu sing bocor tengah. Bocore pralon sing manthur ngurangi dhaya pancur pokok rmenyang arah sing baku. Saya akeh bocore, saya kurang dhaya pancure. Supaya dhaya pancare becik, alane pralon bocor ya kudu ditutup.. Akeh conto liyane sing kena kanggo pasinaon perlune mbuwang sing ala amrih nemu becik. mBuwangi kemladheh ing wit-witan ,nyapu mbuwangi larahan amrih nemu resik gemrining, mbuwangi rasa keset, lan sapanunggalane.

Dadi wose, yen ngudi becik , ya kudu sregep mbuwangi sing ala. Ora beda kaya wong matun kuwi mau, kareben tandure bisa becik ,bisa lemu seger ledhung-ledhung ,ngasilake pari (woh) sing becik, mentes. Kanggone wong sing sinau nggayuh kautaman, carane hiya kanthi seneng mbuwangi sing ala. Jalaran wis ora bakal kleru, mesthi benere yen mbuwang ala iku nemu becik oleh-olehane.. Suwalike (sebaliknya), sapa sing seneng mbuwangi sing becik-becik, wis mesthi nemu (nglakoni) sing ala-ala.

Uga tanduran mbako tandurane wong tani, kena kanggo sinau ngasah pangerten jero tumraping urip. Tanduran mbako perangan ngisor, dirempeli,dibuwangi awit godhong-godhong ngisor iku godhong sing ala. Kabeh wong tani sing kulina nandur mbako,ngerti. Sing ala dibuwangi , ya kareben ora ngganggu trubuse godhong-godhong apik ing sandhuwure. Nanging wong-wong sing padha nandur mbako lan sing padha matun ing sawah iku, bisa uga ora mikir yen apa sing lagi ditandangi ing tata lair, kena kanggo pasinaon nggayuh beciking urip.

Saya sregep mbuwangi sing ala, saya akeh nemu sing becik. Saya akeh becik sing ditemu, saya seger,saya sumringah padhang pasemone (aura).Ya ing kono dalane nemu karaharjan, katentreman, akeh slamate, ing ndonyane ya ing akherate.*
____________________________________________________________________________________

Lucon
Djajus Pete,04 September 2010

(1) NALIKA aku isih dadi guru, ya seneng mulang tembang Jawa. Marang klas I, II.lan III, sing mathuk ya tembang-tembang dolanan,bangsane Sluku-Sluku Bathok, Menthok-Menthok, Jamuran, utawa Gajah-Gajah. Ukarane, yen Gajah-Gajah, ya mengkene :

Gajah-gajah, rene takkandhani,Jah
Mripat kaya laron, siyung loro,kuping gedhe
Kathik nganggo tlale
Buntut cilik, tansah kpopat-kapit
...........................................
...........................................

Guru-guru liyane, sangertiku, yen ngajari nembang Gajah-Gajah, ya ana sing ora nganggo Jah ing ukara ngarep dhewe.
Yen aku lan sawetara guru liyane, yen ora nganggo Jah kok kurang manteb. Apamaneh yen sing nembang ing ngarep klas , pas muni Jah,
kanca saklase melu mbarengi nywara : Jahhh !!!. Biyasane yen mbarengi muni Jah ngono kuwi swarane banter,dipolna nganti mbededeng. Terus padha ngguyu pating cekikik, seneng, wong jenenge bocah.

Lan,nalika semana, ana guru putri angkatan anyar sing asmane bu Siti Khotijah, kebagiyan ngasta klas II. Wayahe pelajaran Kesenian, muride dibebasake nembang Jawa, sesuka hati, maju siji-siji ing ngarep klas. Ana sing nembang Gajah-Gajah.

Murid (nembang ) : Gajah-gajah, ren takkandhani, Jah.
Bu Guru : He! Ora nganggo Jah.
Nurid : (Klenga-klengo,ora ngerti karepe gurune).
Bu Guru : Ngene lho, rungokna. Gajah-gajah, rene takkandhani.
Ngono ae. Pokoke gak kenek nganggo Jah. Nek nganggo Jah
Jah takbiji papat."
Murid (nembang) : Gajah-ga...jah. Re...ne, tak...takkandhani...(swarane
digawe arang-arang, saka wedine yen kleru..mundhak oleh
biji papat.

Merga ya ana murid sing grenengan karo kancane, yen ora nganggo Jah jare ora penak, Gurune sing krungu terus nyaut : Hus! Sing bener ora nganggo Jah. Jah kathik arep mbokkandhani, arep mbokkandhani apa? Krungu mengkono kuwi, kanca-kanca guru ya padha mesem. Lan ana kanca guru sing grenengan alon," Murid kok arep ngandhani Jah, ngandhani apa? Ya malah Jah sing ngadhani muride. He he he he....."*

------------------------------------------------------------------------

(2) ING sawijining fakultas, ana profesor sing banget ahli babagan ula. Sawernane ula ing ngalam ndonya,ngerti lan apal. Dawane sepira,bobote sepira, warna kulite kepiye, duwe upas apa ora. Yen duwe upas, sepira mandine upase lan uripe ana ing benua endi, ing negara endi, weruh kabeh. Bebayane upas ula mandi sing gawe lumpuhe syarap, apal, ula-ula apa wae sing klebu ula mandi. Tekan jeneng-jenenge ula sing ora padha ing negara siji lan sijine, ya ngglodhog di luar kepala.

Ora ngertiya yen saperangan mahasiswane ana sing arep mirang-mirangake. Mengko arep padha takon ngenani gajah. Wis mesthi Sang Profesor klabakan merga sing dingerteni mung perkara ula. Tenan. Sang Profesor mlebu ruang kuliyah, bathuke sing nglenas meleng-meleng ngatonake enggone dadi wong pinter. Tenan ana sing ngacung,angkat tangan, takon perkara gajah.

"O, ya. Bagus. Gajah menarik juga dibicarakan," wangsulane Sang Profesor tenang. "Begini...."

Klompok mahasiswa sing njarag arep gawe wirang, wis padha mesam-mesem karo sawang-sawangan marang kancane.Profesor nerangake wujude gajah satleraman. Gdhe-dhuwur,duwe tlale, lan ya duwe gadhing loro cacahe. Buntute cilik, tansah kopat-kapit. Cilike buntut gajah kuwi, saumpama ula, padha karo gedhene ula Anu sing uripe ing negara Anu. Ula Anu iku ya duwe upas,nanging upase ora pati mandi. Seje karo ula saliyane ula Anu,..........(Sang Profesor salin crita ngenani ula werna-werna. Mahasiswane sing arep njiret Guru Besare, padha pating pringis karo kukur-kukur sirahe sing ora gatel. Lha ya kuwi bedane Profesor karo mahasiswa, ya isih pinter Profesore)*
____________________________________________________________________________________

Nulis Jawa
Djajus Pete,01 September 2010

AKEH anak turune wong Jawa sing kurang bener enggone nulis basa Jawa.Akeh-akehe padha kleru enggone nulis sing kudune "a" ditulis "o" lan kurang bisa mbedakake anane vokal t lan th sarta vokal d lan dh.

Conto : meja , sega ,lara , mara , saka , ora kena ditulis mejo ' sego , loro , moro, soko. Yen lara ditulis loro, terus kepiye yen nulis loro (dua). Lara (sakit) lan loro (dua) jelas yen beda panulise. Yen enggone nulis kleru : Ibuku irunge loro. Lha, dadi lucu, endi ana wong irunge loro (dua). Tembung mrana ya kudu ditulis mrana, ora kena ditulis mrono. Kejaba panulise kleru, mrana lan mron iku beda tegese.

mrana = ke sana (menyang papan sing adoh)
mrono = ke situ (menyang papan sing ora adoh utawa sing rada
cedhak)
mrene = ke sini (papan cedhak)
Lan ya dadi lucu yen tembung cara, ditulis nganggo o, dadi coro. Cara
lan coro jelas beda.
"Piye ta carane supaya bisa mlaku? (Bagaimana caranya supaya bisa
berjalan?)Yen enggone nulis kleru : " Piye to corone supoyo biso mlaku?"

Merga tulisan iku dianggep lucu, ya diwangsuli ," Ya dudulen ta, corone, ngko rak mlaku. Wong coro ya wis bisa mlaku,bisa nggremet.
Kanggo mbedakake panulise "t" lan "th" kanthi ngrungokake swarane lambe nalika tembung iku diucapake.

Conto : ( t )
sepatu , soto , tatu, tangi , takon , ketiga , ketabrak , patut, ta, putu lan sapanunggalane.( ora kena ditulis sepathu , sotho , thathu , thangi ' thakon , kethiga , kethabrak , tha, puthu ).

(Sing lucu kanthi salahe tumpuk-tumpuk, tembung "ta" sing kudune ditulis "ta" ing fesbuk kene akeh sing nulis "tho" Salahe dadi
dhobel.
Kejaba salah ora perlu nganggo "h" kok ya ditulis "o", dadi saya tambah salahe. Putu yen ditulis puthu, ya lucu awit putu
sing maksude cucu, dadi puthu, arane panganan.

Conto : ( th)
cathut , kathok , gethuk ,penthung , pethel , senthir, thukul , thethel lan sapanunggalane.( Ora kena ditulis catut, katok, getuk,
pentung , petel , sentir, tukul, tetel)>

Conto : (d)
dadi , durung , kedumuk , kedudul ,kedadak , lan sapanunggalane.(Ora kena ditulis dhadhi , dhurung , kedhumuk , kedhudhul ,
kedhadhak )

Conto : (dh)
dhadhu , bedhug , gludhug , bledheg , gedheg , mbedhal , mbedhil , dhudhuk , ndhodhok , lan sapanunggalane ( ora kena ditulis
dadu , bedug, gludug , bledeg , gedeg, mbedal, mbedil , duduk , ndodok).

Sepisan maneh, kanggo supaya ora kleru panulise, antarane t ; th ; d lan dh ,bisa kanthi ngrungoake swarane cangkem (vokal) nalika ngucapake tembung kasebut. Tembung didik ing bahasa Indonesia, yen ing basa Jawa katulis : dhidhik.

Lan ukara bsing kudune katulis "i" akeh uga wong Jawa kleru nulise,nganggo "e". Conto : pitik (pitek ) ,cilik (cilek) ,wis (wes), grimis ( grimes) , nangis (nanges), mampir (mamper), apik (apek). Sing ana ing njero kurung kleru panulise.

Mengkono pangerten ngenani panulise basa Jawa sing bener. Sing akeh, klerune ing bab kasebut. Yen prakara iku bisa dikuwasani, kesalahan fatal nulis bisa disingkiri. Ora ana alane wong yen ngerti ing sabenere, katimbang kleru.Wong Jawa,prayogane ya kudu ngerti Jawane. Merga ya dadi wong Indonesia, ya kudu ngerti panulise bahasa Indonesia sing bener.*

____________________________________________________________________________________

Jawa–Indonesia
Djajus Pete,17 September 2010

WONG Jawa yen kepengin bisa nulis basa Jawa, wis trepe. Merga wong Jawa,perangane bangsa Indonesia, ya wis saktrepe yen uga paham nulis migunanake basa Indonesia. Yen bisa kaya mengkono, yen bisa nulis rong bahasa kanthi bener lan becik, jempol temenan. Carane wong ndeduwe, bisa duwe rong gegeman,kiwa lan tengen.Kawruh basa Jawane bontos,kawruh Indonesiane ya mumpuni.(Nanging kang mengkono iku arang-arang ana ). Sing akeh : kawruh basa Jawane : cukup , kawruh basa Indonesiane : ora nguciwani (ngene iki wae wis apik kanggone wong ndeduwe loro-lorone).

Penulis sing nulis rong bahasa, Jawa-Indonesia, kudu paham marang beda-bedane cara nulise.Awit antarane siji lan sijine nduweni ciri dhewe-dhewe.

Conto (Jawa - Indonesia ) :

krupuk = kerupuk kramas = keramas kreta = kereta krasan = kerasan
kraton = keraton krajan = kerajaan slendhang = selendang sutra = sutera klapa = kelapa klilip = kelilip klabang = kelabang grimis = gerimis grenda = gerenda prasaan = perasaan plataran = pelataran trima = terima

(Hurup kaloro (kedua) ing kata basa Indonesia, ilang yen ditulis (nganggo) basa Jawa. Akeh tembung-tembung liyane sing nduweni ciri kaya mengkono.Kejaba saka iku, akeh tembung Jawa sing dijumput kanggo nambahi kurange kosa=-kata basa Indoensia,lan ana sing panulise owah ora kaya asline. Conto : gubug (gubuk) ; bedhug (beduk) mandheg (mandek) ; sumpeg (sumpek) ;apeg (apek) ringseg (ringse) ,lan isih akeh maneh. Hurup pungkasan (g) ing basa Jawa, owah dadi (k) ing basa Indonesia. Nanging ya ana sing tetep (g) ing tembug : reyog dadi (reog).

Lan akeh anak turune wong Jawa sing olehe weruh (panulise) basa Jawa saka weruh ing media basa Indonesia, mangka panulise ing basa Indonesia iku wis owah saka asline. Lha, dadi kleru. Contone, nulis mengkene : Aku ing sawah tunggu manuk ing gubuk (mangka benere : gubug). Apa saiki wis jam rolas kok wis beduk? (Mangka sing bener : bedhug).

Ater-Ater
Ater-ater tegese awalan. Ing basa Jawa ana ater-ater sing aran ater-ater tripurusa,atur-ater cacah telu, yaiku : di ,dak lan kok.
Ing FB kene, akeh puisi Jawa sing serius lan ya bener panulise. Nanging sok isih kerep ana sing kleru panulise ing prakara tripurusa iku.
Conto sing kleru panulise :
- Saka papanku lungguh dak sawang rembulan bunder.(Sing bener : daksawang / ditulis gandheng
- mBok dol payu pira,Kang, parimu? (Sing bener : mbokdol / ditulis gandheng

Mula, kena kanggo undhakling sesurupun, amrih ora klera-kleru, bisa takturake ing kene ngenani tripurusa iku.


(di) ( dak/tak ) (kok / mbok )
digawa (dibawa) dakgawa /takgawa (kubawa) kokgawa / mbokgawa (kau-bawa)

dipangan (dimakan) dakpangan / takpangan(kumakan) kokpangan / mbokpangan(kau-makan)

dicangking(dijinjing) dakcangking /takcangking(kujinjing) kokcangking / mbokcangking (kau-jinjing)



Akeh tulisan ing Fb enggone nulis ater-ater dak lan kok dipedhot saka tembung gandhengane, mangka tembung iku sabenere wutuh dadi satembung. Kanggo nggampangake supaya ora kleru-kleru, bisa dibandhingake karo ing basa Indonesia, panulise padha karo ing bs Indonesia.Ing kata bahasa Indonesia ya ora pedhot.

Interjeksi
Tembung kok ing basa Jawa, aran tembung interjeksi. Tegese interjeksi, tembung iku ora ndeweni teges (arti), anane mung kanggo pemanis. Kayadene tembung ta, ah, ih, lho, o...,uh, uga aran interjeksi.

-Piye ta, kok ngono karepmu?
-Pancen ngono kok carane,biyen mula.

(Tembung kok,interjeksi, simng mung kmanggo pemanis, jelas yn pedhot ,panulise.Ora beda interjeksi : ta. "Piye ta, kok ngono carane?"

Nanghing tembung (ater-ater) kok sing tegese padha karo mbok, ya tetep digandhng kaya conto ing dhuwur (kokgawa ; kokpangan ; kokcangking).*
____________________________________________________________________________________
Djajus Pete______________________________

Selasa, 14 September 2010

KOPI KOTHOK: Djajus Pete (5)

@Jilid 5
____________________________________________________________________________________

Rasan - Rasan
Djajus Pete,01 September 2010

Wong lanang lan wong wadon iku jelas beda.

Bedane sing paling nyolok ing bab kasetyan, kasetyane wong lanang lan kasetyane wong wadon iku ya beda.Kanggone wong wadon, cinta iku segala-galanya, nomer siji, diseleh ana ing ngarep dhewe, diagung-agungake. Wong lanang cintane kokepek wong, ooo....,aja takon dosa. Ketemu ing tengah pasar ya digelut, cakar-cakaran, jambak-jambakan , ora wedi mati. Beda karo wong lanang, bojo kok diepek uwong. Halah, mboyak...,jagad ora mung sagodhong kelor...Tiwas takgandhulana wong sing diepek gelem, ya arep mboyak, arep mbodhil, arep sotak, arep sothil.

(Ya ora kabeh wong lanang kaya mengkono. Ya ana sing rumangsa ditantang, rumangsa dikilani dhadhane.Sadumuk bathuk, sanyari bumi, sing tegese : bojo utawa lemah, dikukuhi tekan pati. Jaja bang mawinga-winga ,bramantya,muntap. Nanging akeh-akehe, yen bojone diepek wong, padha mupus. Ana rasa isin yen arep ngajak tukaran, krungu wong akeh. Yen bojo sing digandhuli meksa mberot, ucul ...cara wong oyok-oyokan, kalah. Kok tiwas isin,wirang. Bojo sing mberot ngeboti wong lanang liya mengkono iku, cara parikane : sekilo abot gulane , karo bojo abot cintane.

Kasetyane wong wadon marang bojo, moh yen nganti disenggol uwong, arepa dikaya ngapa rekasaneing uripe, merga bojone lara ora mari-mari, umpamane. Bojone sing lara isih dirumat apik, karo luru pangan, kanggo ngingoni anak-anake sing isih cilik. Kuwat nglakoni sangsara mengkono iku klebu dadi wataking wanita secara umum. Ora kok merga bojone lara, terus ditinggal nglayap, thruthusan. Ora.

Ora kecukupan kabutuihane batin, merga bojone lara, ora dadi apa, senajan nganti tetaunan, betah. Ngantia sing lanang mati pisan, ya ora kesusu rabi saka mikir anak-anake, mesakake anak-anake yen dikwalokake.

Mengkono mau ya beda karo watake wong lanang umume. Wong lanang, yen bojone lara, ajamaneh kok larane nganti tetaunan, lagi lara sesai wae pikirane wis nglambrang...,sapa ya sing takrabi nek bojone mati? Mangka bojone sing mengkjis-mengkis kuwi isih urip, kok wiis mbayangake randa kana-kana sing diweruhi. Apamaneh kok bojone mati tenan, arepa duwe anak cilik sing dipikir ya ora anake. Nek perlu anake dibrukna mBahe, ben taneg olehe manten-mantenan karo bojone sing anyar.*
____________________________________________________________________________________

Orek-Orek Montore Mabur
Djajus Pete,03 September 2010

ING gendhing Orek_Orek, ana ukarane sing populer, yaiku ukara parikan sing unine mengkene :

orek-orek montore mabur
montor mabur gedhe rodhane
aja ngenyek wong gedhe dhuwur
gedhe dhuwur larang regane.


Tembung larang regane ing parikan iku, maksude : wong lanang gedhe dhuwur iku bisa narik kesengseme wanita sing nyawang. Senajan ora kena diarani kabeh, racake wong wadon, gampang ketarik marang wong gagah, gedhe-dhuwur. Kathik ya nggantheng ,isih jaka, duwe brengos pisan,katon ngengkreng. Akeh prawan sing puyeng, gendheng. Dadi rebutan. Ora beda jaka-jaka yen weruh prawan ayu,menthur...,jor-joran, saingan.

Prawan kang klakon dikawin sing gedhe dhuwur iku, mulya (bahagia) banget atine. Nanging suwening-suwe...,bareng nyandhak perkara kabutuhan, dadi wiwit kisruh, saka watak kesete sing lanang sing wegah nyambutgawe. Omah-omah butuh ragat, sembarangkalir nganggo dhuwit. Selagine wong turu wae ya nganggo wragad (obat nyamuk), apamaneh wong melek, eling lan weruh kebutuhan thenthek-mbengek.. Sabune entek, wedhake ya entek, durung berase, lawuhe apa, lombok,uyah,trasi.....ya wis koret-koret. Arep utang maneh ing warung kok monga-mangu, wong sing dhisik durung dibayar,tekan sak-rokoke sing lanang....

Bahagiane oleh bojo wong lanang gedhe-dhuwur,kaya wis ora pati dirasakake. Apamaneh metu anake, saya akeh butuhe lan ya saya kerep tukarane merga sing lanang keset nyambutgawe. Mung ocas-acus adol bagus, entek-entekake bojone njaluk pegat saka wis ora kuwat..Terus budhal menyang Hongkong, apa menyang Taiwan, apa menyang Arab, golek dhuwit gedhe. Tilik omah, tumpakane MIO gres.

Dhasar ayu rupane, turah-turah dhuwite kanggo ngadisalira. Sore-sore, nganggo kacamata,rambuten kledher-kledher keterak angin, numpak MIO anyar gres.Wengggggggg.....,liwat ngarep gerdhu sing dienggoni cangkruik tilasane.

":Lho...! Bojomu, Har! Halhah-halah, kaya bintang sinetron saiki," cluluke kancane cangkruk.

"Wong mandhak buruh ae,kok. Pacakane kok kaya bojone Camat," wangsulane ora ngrumangsani luputing kesete,nganti diemohi bojone, lara atine.

"Umpama isih dadi bojomu, ya sengara isa tuku Mio jreng!" tembunge kancane antep, kaya watu gedhe nibani awake,nganti ora bisa thengel-thengel saka benere ukara iku.' Sakinge kowe sing keset, ra isa ngrumat bojo ayu....,ya malah kowe sing terus diguwak. Apa ra isin nek kowe diliwati, wenggggggg....ngono kuwi maeng?"

Wong gedhe dhuwur keset nyambutgawe mengkono iku,kaya wis dadi watak cirine wong gedhe dhuwur. Senajan ora kabeh mengkono,nanging akeh-akehe mengkono, keset. Sing akeh, wong-wong sing sukses, dudu wong sing dedege gedhe -dhuwur, nanging wong-wong lanang sing dedege mringkil-mringkil, rada endhek. Ya sing mringkil-mringkil iku sing wekel ing gawe, lincah blebar-bleber kaya ora duwe kesel , etungane ya memet, gemi nastiti,ngati-ati.

Mulane...,,marang kabeh putu-putuku sing isih dha prawan-prawan kuwi....,rungokna welinge Embah. Ati-ati golek bojo.Aja mung gampang ketarik marang gebyaring rupa ,bagus-nggantheng tata laire, gedhe-dhuwur, breges. Eling-eling welinge Embah yen rasa seneng, cinta, bisa bubrah ing njero omah yen kurang ragade. Sing diarani ragad kuwi ya pengasilan, pekayaan utawa nafkah. Yen sing lanang ora duwe asil, ya tempur saben dina, bubrah cintane suwe-suwe.

Pancen bener anane tembung ,yen : gegaraning wong akrami, dudu bandha,dudu rupa,amung ati pawitane (pathokane wong omah-omah, dudu bandha lan rupa, nanging mung saka ati). Yen atine wis sreg, dadi, bisa tutug-lestari enggone mbangun bale wisma. Ayem,tentrem, nemoni rahajo. Iku mau yen ya cukup dhuwite kanggo nyuikupi butuh. Cukuping kabutuhan mung kudu kanthi nyambutgawe.

Mula, aja mung waton seneng oleh sing gedhe-dhuwur, kira-kira pegaweyane apa? Bisa apa sing kena kanggo nyukupi butuh?

Yen nganti kleru, ukara ing gendhing Orek-Orek, ya bisa seje unine :

orek-orek montore mabur
montor mabur, gedhe rodhane
wani ngenyek sing gedhe dhuwur
gedhe dhuwur keset gawene
.*
____________________________________________________________________________________

B e j a
Djajus Pete,07 September 2010

WONG BODHO KALAH KARO WONG PINTER
WONG PINTER KALAH KARO WONG BEJA


Yaiku adiling Pangeran, hiya Kang Murbeng Dumadi, hiya Kang Maha Kawekas,hiya Kang Maha Agung, ya Allah Swt.Mulane sing rumangsa pinter, dhuwur sekolahe, aja kumingsun, gumedhe, ngendelake dupeh awake luwih pinter, nyepelekake wong sing dianggep bodho ,kurang sekolahe utawa kepiye....Bodho lan pinter iku, ora beda kaya wong kang tinakdir sugih lan miskin. Yen tinakdir bodho, arepa digembleng guru dina-dina....,undhake kepinterane sethihtik banget, ora sumbut karo panggemblenge guru. Arepa enggone nyambutgawe nganti jungkir-walik...,yen pancen wis tinakdir ora bisa sugih, ya ana wae jalarane kutah saumpama banyu. Seje karo sing takdire sugih, satiba-malange sarwa kepanak lan bisa mlumpuk pengasilane, dadi lan sugihe.

Bodho lan pinter, sugih lan mlarat, wis tinakdir kudu ana kanggo tetimbangan ubenge wong urip ing ngalam ndonya. Siji lan sijine padhadene mbutuhake. Sing sugih mbutuhake wong mlarat sing gelem rerewang ing omahe sarana dibayar. Sing mlarat gelem nandangi saka butuh bayarane kanggo nyukupi kabutuhane uripe.Mengkono uga wong bodho lan wong pinter, padhadene mbutuhake.

Wong bodho, ing endi wae, ora bakal menang mungsuh wong pinter. Iku wis mesthi. Nanging merga saka adiling Pangeran sing andum nasib, wong pinter bisa kalah karo wong beja. Bodho yen awake beja, nasibe apik, sing pinter kalah.

Akeh lelakon mengkono mau ing ngalam ndonya. Sing ora dhong bisa ndongong, gumun....,kok akeh wong pinter gagal, ora dadi, malah entek dhuwite kanggo ngoyak pepinganane sing ora kecandhak.

Sing pinter mesthi dadine, mesthi menange...., terus endi bageyane sing bodho, kurang pinter? Saka asihe Pangeran sing maringi bodho, sateruse nibakake peparing liyane sing aran BEJA marang sing bodho kuwi. Lha,dadi menang, bodho duwe kabegjan.Wong pinter sing saiki kalah karo wong beja iku, ya ora mesthi kalah ing sateruse. Ing liya wektu bisa uga menang mungsuh wong bodho sing ora kedunungan beja.

Bodho kok selawas-lawase, ora kedunungan beja, ya kudu ditrima yen pancen mengkmono garis uripe. Katimbang bodho, isih ana pangarep-arep apik yen pinter. Mulane sing aran kepinteran banget diudi ,awit sing digoleki wong urip ing ngalam ndonya iki mung werna telu, yaiku (1) golek kepinteran (2) golek bandha-donya, (3) golek drajat-pangkat.*
_____________________________________________________________
_____________________________________________________________

Senin, 13 September 2010

KOPI KOTHOK: Djajus Pete (4)

@Jilid 4
____________________________________________________________________________________

Panyuwun>
Djajus Pete,16 Agustus 2010

ING saumpama Gusti Allah iku bisa ditekani sarta bisa diajak wawanrembug,..,bakal ana crita kaya mengkene :

ANA wong papat, Suto, Noyo, Dhadhap lan Waru marak sowan menyang ngarsane Pangeran kanthi karep kang padha, yaiku : nyuwun dawane umur.Ing mangka dawa lan cendhake umur, ora kena kanggo ngukur ala lan apike uwong. Umur dawa yen ngamale ala, ya ala. Cendhake umure, yen ngamale apik, hiya apik. Senajan kang mengkono iku bener, kabeh wong urip, termasuk Suto, Noyo, Dhadhap lan Waru ,luwih seneng yen duwe umur dawa.
Dening malaikat Jibril, diadhepake,nanging ora kena ngadhep bareng-bareng. Antri, ngadhep siji-siji . Sarampunge ngadhep ,kudu terus lunga, ora kena nyedhaki kancane sing durung ngadhep, perlune , kareben ora cocog-cocogan gunem.
Suto ngadhep dhisik, matur apa perlune lan ditakoni, apa alasane kok nyuwun panjang umur?
"Sageda tutug anggen kula momong anak,putu."
"Terus..."
"Nggih namung niku, singkat mawon."
"Umurmu wis Ingsun tulis 40 taun, ora bisa owah."
Suto sing wis umur 35 taun njegreg. Malah ana rasa getun enggone ngerti yen umure mung kari sethithik. Iku sing ndadekake lemesing awake.Mundur kluntrung -kluntrung,drop sakala semangat uripe sing mung kari sak-Pemilu.
Gilirane Noyo ngadhep. Ditakoni, kanggo apa dawaning umure? Kok padha nyuwun, apa dawaning umur iku penting banget?
"Namine tiyang gesang...,sinten kemawon nggih kepengin panjang umur. Sageda tutug momong anak putu,dugi buyut.Panjang umur, sehat, rejeki lancar..,ngoten.".
" Umurmu 52 taun .Matimu ketrabrak sepur."
"Wadhuh, mati aku...," sambate Noyo mbayangake awake ajur ketabrak sepur."Nek saged ,mpun ngantos ah, ketrabrak sepur. Mesakake anak-anak kula nek ngantos njumputi awak kula sing ting kececer...." semambunge Noyo nyuwun owah-owahan pepesthening patine sing kaya mengkono. Pokoke aja ketabrak sepur sing ngeres-eresi..Dadine Noyo malah getun banget enggone ngadhep. Bakune karep ora keturutan, malah krungu garis patine sing ala. Nek ngono, aku ora arep cedhak-cedhak sepur, grenenge nglipur awake dhewe. Cedhak ril sepur ae moh, takeling-eling tenan. Mati kok sara. Aku ruh wong terak sepur awake ajur,njumputi, kok terus aku sing ya arep nglakoni. Sara.
Sabanjure,gilirane Dhadhap.Apa alasane nyuwun umur dawa lan arep digunakake kanggo apa wae dawaning umure?
"Anak kula kemriyeg, utang nggih nggrembel teng pundi nggen."
"Kuwi Ingsun wis pirsa, ora perlu sira sebutake," pamunggele Pangeran supaya Dhadhap ora nyimpang saka bakune ngadhep,prakara umur.
"Sedaya bang thithil nggih kula sambuti. Utang blanja teng warung- warung nggih nggrembel, kangge buka, kangge saur... Kalih nggih gadhah setoran bang kredhit,nyuwun sajadah, "semambunge Dhadhap nekat mbacutake gunem, nyebut enggone nglakoni pasa Romadhon tekan kridhit sajadah supaya Pangeran remen sarta melasi enggone nyuwun dawane umur. " Nek umur kuila mboten panjang, napa nggih saged kula menangi mentase anak-anak kula, wong sakniki taksih alit-alit, kemriyeg. Nggih sageda kula maleni, sami nikah, nindakaken Sunah Nabi . Tur nggih sageda tutug nggen kula momong anak putu mbenjingipun. Ngoten."
"Umurmu 53taun."
"Semonten niku rak mpun nggawil,.." semaute Dhadhap sing wis umur 50 taun. " Nyuwun kanthi sanget, Paduka tambahi pitu mawon. Suwidak pas, ngoten.Suwidak niku, sukur dipunlangkungi kedhik-kedhik, tiga,napa sekawan." tembunge Dhadhap mundhak-mundhak panjaluke.
"Ingsun sing ngratoni jagad saiisine. Lan ya Ingsun sing netepake dawa-cendhake umur.Senajan Ingsun bisa ngowah saka kang wis Ingsun tetepake, nanging umurmu lan umure kancamu loro mau, ora bisa owah saka pesthi kang wis Ingsun tibakake."
Dhadhap unjal ambegan, wis ora duwe harapan.Mundur lemes,ganti gilirane Waru,ngadhep.
Kaya kanca-kancane sing wis ngadhep dhisik, Waru matur nyuwun panjange umur. Panjang sing dikarepake iku pira, Waru ora nyebutake angkane. Waru kumecap matur,kanthi tembung," Anggen kula nyuwuin panjange umur, sageda kengging kangge ngathah-ngathahi ndamel kasaenan."
Pangeran mesem, katon remen mireng mengkono iku. Beda karo kancane telu sing dhisik,dawaning umur mung kanggo ngurusi anak-putu, alasan sing wis umum, wis lumrah kabeh wong. Dawaning umure sing dijalkuk kok mung kanggo awake dhewe. Seje banget karo alasane Waru sing kanggo nindakake kautaman minangka darmaning urip. Rembug alasane Waru kang mengkono iku banget elok, ora kabeh wong bisa nggunakake dhasar kaya mengkono ing dawaning umure.
"Umurmu Ingsun tambahi 10 taun. Ingsun wenang nambahi jalaran ora ana sing luwih kuwasa kejaba Ingsun,.Nanging yen sira ora netepi apa kang wis sira ucapake ing ngarsaningsun, bakal Ingsun jabel tambahe umurmu lan sira bakal Ingsun bendu saka enggonira ora netepi ucapira." _____________________________________
(Wosing crita, sing aran umat, uga kula ndika lan sampeyan sing tansah nyuwun marang Pangeran,yen enggone nyuwun dikantheni resiking ati, wis mesthi tuwuh welasing Gusti.Tanpa nyuwun wae, sabenere Pangeran uga wis pirsa , apa kang dibutuhake umate ing sadina-dinane .Lan wis mesthi paring pepadhang, paring kemudhahan, marang sing padha netepi sarat-sarengate panjaluk kepiye bisane antuk sih welasing Gusti.Hablum minanas, hablum minallah .( Gawe kabecikan marang sapepadhane lan bekti marang Pangeran).
Ukara : hablum minanas, hablum minallah iku, bisa gawe njondhile wong sing cethek pengertene. Ing batase Pangeran, Allah,kok asmane kersa ditulis mburi dhewe, nomer loro. Iku kepiye nalare? Mangka akeh umate ing ngalam ndonya sing emoh yen dadi nomer loro. Ya sing NOMER SIJI sing dioyak. Gusti Allah wae gelem nomer loro ,kok menungsane kemaki,njaluk apa-apa sing nomer siji. Apa mengkono?
Nalare : gawe kabecikan marang sapepadhane iku, uga wis ateges nindakake dhawuhe Pangeran. Kanthi mengkono,nindakake dhawuh prentahe sing Kuwasa, uga wis ateges mapanane sing KUWASA ing ngarep. Dadi ora ana sing jenenge nomer siji, nomer loro. Ya ing ngarep,ya ing mburi, wutuh mengkoni ing sajembaring jagad, ndonya-akherat.-
____________________________________________________________________________________

Wedokan
Djajus Pete,19 Agustus 2010

IKI i ana prakara wigati sing perlu disumurupi dening kabeh kanca lanang. Prakara wanita, sing pancen werna-werna watake. Nanging aja pisan-pisan keprojol marang wong wadon, mundhak aku diujar-ujari, dianggep mbukak rahasiane.
"Alah...,paling-paling mung arep omong saka buku nek sing rambute brintik , watake, akeh geleme dijak slingkuih. Kuwi wis mbokomomg," semaute Sular, kancaku, wong PLN.
"Ora kuwi kok."
"Sing cangkeme mblawah amba, watake, moh dikalahna wong lanang. Kabeh wong lanang mesthi mengkeret,kalah karo bojone nek cangkeme bojone mblawah amba," semambunge Sular.
" Ayo omong neng warunge lik Mo, karo ngopi kothok," tembungku karo mancal spd montorku sing mogak-mogok.
Takkandhakake yen sing arep takomong saka buku kuna sing diwaca Pakdheku , nganggo aksara Jawa sing ora kabeh wong bisa maca. Isine ngenani watake wanita sing beda-beda ing bab asmara.
"Wah,penting iki. Seneng aku. Piye, piye...," Harno sing nggames wedokan langsung ngangseg kaya ora sabar krungu bacuting kandhaku.


Senenge wong wadon marang wong lanang iku beda-beda,kaya wis kinodrat, gumantung saka watake dhewe-dhewe. Ana watak lima cacahe, aran WIRYA : RAHSA : GUNA : DANA lan WARNI.
"Wadhuh...,tekan Warni barang. Seneng aku. Warni ki rak anake lik Warno, sing ayune sadubilah, ra umum.Ayu mblongor, menthur, entute ya gak mambu blas," semaute Harno,kancaku wong Perhutani." Aku ya tau diujar-ujari Warni. Ning aku ya mung ngguyu. Ora apa-apa, gela ya ora, nek sing ngujar-ujari ayu."
"Ya, wong rupamu kaya wedhus. Ra isin." Sular ngelokake.
" Ha ha ha ha....." guyuner benghkah. Ora isin ngaku, malah nyekakak.

Terange mengkene :
1. WIRYA tegese kaluhuran. Wanita iku seneng marang wong lanang sing duwe drajat-pangkat sing ngungkuli pangkate sing bojone.
Apamaneh bojone mung tani, utawa mung ngojeg, kok dikedhap-kedhepi wong pangkat, mangka watake wong wadon
iku seneng marang drajat- pangkat , bisa akeh katute, jebol imane.
(Jane nalika isih prawan, idham--idhamane kepengin duwe bojo wong pangkat,ora klakon....).

2. RAHSA tegese rasa. Senenge marang wong lanang kegawa saka bangete seneng marang rasa, jalaran pancen wis dadi watake
wiwit lair procot ing ngalam ndonya, dhemen marang rasa. Merga wis bosen, kurang marem karo bojone. Lha, dadi gampang katut,
kepencvut wong lanang liya. Oraa duwe pangkat ya gelem, cah angon ya gelem, wong butuhe mung rasa.

3. GUNA utawa kagunan, tegese, kepinteran. Lair procot wis cinorek watake, seneng marang kapinteran. Wong wadon kang mengkono
iku ,seneng marang wong lanang sing pinter, sugih kawruh, sing ngungkuli kapinterane bojone. Bojone SDMe rendhah, kok neng
ndalan, dicethot wong lanang pionter, lha, ra isa turu, kethap-kethip karo mecucu nyawang bojone sing ora duwe guna kapinteran.

4. DANA utawa sardana, sing tegese sugih dhuwit, sugih bandha-donya. Sing lair procor watake kadonyan, ya seneng marang wong
lanang sing sugih. Kok bojone mlarat, catho-cartho uripe...,halhah..., iming-imingi dhuwit, akeh semrinthile. Nanging nek mung
wong pinter utawa wong pangkat, nek gak gableg dhuwit, ya akeh emohe,wong watake mung seneng dhuwit.

5. RUPA, tegese, seneng marang rupa bagus, rupa nggantheng, sing baguse ngungkuli rupane bojone. Wong wadon sing watake
gampang kepencut marang rupa bagus, malah gelem torog, cucul dhuwit utawa apa wae ora eman, kanggo nyenengake wong bagus
sing diedani, digandrungi .Ora butuh njaluk dhuwit, butuhe diladeni, saka nuruti senenge ati.

...............................................................................................................................................................

Senajan wis jlentreh kaya mengkono, Sular ya ngengkel, unine," Kabeh wong wedok ya seneng dhuwit. Gak enek sing ora seneng. Nek ruh dhuwit ya ijo matane.Bojoku ya ngono, malah nemen. Ruih dhuwitku limangatusan ngglindhing nyang sor amben, ya gage dibrosoti."
" Pancen ora ana wong wadon sing ora seneng dhuwit, merga kabeh wong wadon ngubetake butuh .Sing takrembvug iku mau prakara beda-bedane watak, ora prakara dhuwit. Dadi aja mbokgebyah-uyah padha asine yen wong wadon iku mesthi gelem diiming-imingi dhuwit .O...,kleru nganggo banget. Nggodha wong kok ngawur..., ketanggor sing ora seneng dhuwit, ya diujar-ujari tenan. Soale sing digodha iku watake seneng marang kapinteran. Menenge nek digodha wong pinter, nglumpruk,manut. Tanpa dhuwit ya gelem. Metu bareng, yen njajan, ya genti-genten sing ndhuwiti."
"Kula taktangklet,kadose kok gayeng sale rembagan," wong tuwa Harjo Kamin sing ngopi ing pijokan,sumela.
"Nggih, pripun,mBah?"
"Sedaya niku wau leres. Lampahing tiyang gesang menika gumantung ing watakipun. Ewasemanten, menawi kiyat imanipun minangka betenging manah , digodha rak nggih mboten mesthi gampang."
"Leres, mBah... Gumantung betengipun, moral, iman. Nanging wonten bedanipoun awit saking wontenipun watak menika wau."
"O...,dospuindi?" pitakone sawuse ngakep udute ,rokok klobot.
"Ingkang watakipun remen rupi bagus, kok digodha pak Camat, senajan duwe pangkat, ya emoh wong rupane camate pecos.Ora butuh dhuwit, ora butuh pangkat, senenge rupa bagus. Senajan imane wong wadon iku mau sabenere ringkih, ya ora katut pak Camat. Olehe moh iku ora kok merga kuwat imane, nanging merga moh weruh pecose. Nanging bareng weruh wong bagus, mangka wong bagus iku ora nggodha, malah dheweke sing klabakan nyegat-nyegat, mbuk ethok-ethok apa, isa ae. Apamaneh nek sing bagus iku sing nggodha, bar tenan, dhadhal sakala.,ambrol..... Kaya oleh gempuran sing hebat , mematikan. Serangan sing memastikan mbutuhake benteng moral sing luwih dene kuwat... Ya bisa, ning abot banget sanggane." tembungku akeh ngokone kaya taktujokake kanca-kancanku.
mBah Harjo manggut-manggut, buleg rokok mbrubul metu saka irunge.
Taksruput wedang kopiku, jam sepuliuh bengi ing warung pojok desa. Swara Tadarus kempyung saka langgar-langgar, wulan Romadhon iki. Takbacutake rembugku, yen KESENENGAN iku padha karo KELEMAHAN. Yen kepengin weruh kelemahane wong, sawangen apa KESENENGANE wong iku. Seneng ngombe ; seneng main kertu,; apa seneng wedokan kaya Harno iku .Harno kok dithuki inuman arak ,bir,jeneweer...,ya ora diambus. Jajal nek dithuki wedokan, manut, wong neng kono kuwi kelemahane. Kok pengin njatuhnya Lurah, umpamane, setitekna, apa senengane Lurah. Kok seneng main kertu,ya dipancing, jak main kertu, wus mesthi geleme....Ora ngertiya wis ngontak polisi. Tangkep polisi, bar...,wis. Kurang bejane, ilang beslite, ilang bengkoke,*


(Djajus Pete,Bojonegoro)
____________________________________________________________________________________

Cangkem
Djajus Pete,20 Agustus 2010

MANGSA ketiga, panas sumelet, apamaneh ing tengah sawah. Banyu ngombe sangune Joyo Kadut sing maune kari setengah botol mung kari sethithik awit dijaluk nDimun, tangga sawah sing ngelak ngorong. nDimun diakon ngombe dhewe ing botol Aqua njero gubug, mula Joyo Kadut ya ora weruh kari sepira banyune ing botol. Bareng kepengin ngombe, weruh banyune mung kari sacingkir, Joyo Kadut nggremeng misuh-misuh.
"O....,asu! Kok ra dientekna pisan, diulu sakbotole!" pisuhe Joyo Kadut sing dhangir kacang.'Sabane sawah kok gak nggawa dhewe. Njagakna jalukan, ya penak! Banyu cara saiki tuku, isi ulang, kok njaluk!"

Pisuhe Joyo Kadut iku yen digagas sabenere ora ana gunane. Malah mitunani awake dhewe .Enggone eklas dijaluki banyu ngombe , ora ketang sepira, bakal oleh pituwas ( sembulih / ganjaran ). Malah bisa uga kabecikane tulung banyu iku wis dicathet ing buku-NE, kana. Bareng misuh-misuh kaya mengkono, cathetan apik ing buku bisa uga terus ditip-ex. Kanggone wong sing bisa mikir, mengkono iku rugi, ilang cathetan apike. Mangka arepa enggone misuh ping suwidak jaran punjul kebo, sisa banyu ngombene ya ora bakal owah, ora bakal tambah. Kudune, yen miturut piwulang becik, ora perlu ngresula weruh sisane banyu, trima meneng. Sukur ngucap alhamdulillah..., dene banyune kok isih ana, isih disyukuri , tinimbang entek resik.
Gunemen ala lan guneman apik iku, sabenere padha-padha ngobahake uwang. Padha-padha mangape. Omong ala,mangap. Omong apik ya mangap. Tinimbang ya padha mangape, ya luwih prayoga yen omong sing apik.Tinimbang ngrasani alane wong, ya luwih apik ngrasani apike uwong, wong ya padha mangape. Omong sing apik-apik, sing migunani tumrap awake dhewe lan ya migunani tumrape wong sing diajak omong. Ora kok malah cathetane sing apik malah ditip-ex utawa disuda bijine, saka klerune.

Akeh wong sing maune eklas tetulung, lillahi taala. Nanging bareng atine kagelan, terus ngundhat-undhat. "Apa matamu ra melek nek tau taktulung rena-rena...Merema matamu, ya eling utegmu! Kok ming kaya ngono walesmu nyang aku! nDang muni, nek pengin takjejeli watu cocotmu!"
Pisuhe ya ndhridhil, lepas kendhali. Ilang kabeh cathetane sing apik-apik enggone tetulung biyen, ditip-ex sakala. Mangka gawe kabecikan iku angel yen ora diniyati, cathetane sing apik kok dibuangi dhewe. Apa mengkono iku ora gawe rugine awak dhewe? Gela kena, nesu kena, ora maido, arane wong urip. Mung wae aja ngundhat-undhat enggone nate aweh pitulungan.
Ya anane prakara sing cilik-cilik mengkono iku sing ndadekake wong sembarana,ora mikir rugine. Tekan sing jenenge genduren, ya ana sing salah weweng. Genduren cara desaku, kejaba oleh brekat, nganggo diaturi dhahar yen kajate gedhe , sunatan apa mantenan.Kancaku sing lungguh ing sandhingku, nalika arep mangan ,lambene ya muni , bismillah...Bareng wis nyendhok sega, nyamuk-nyamuk...,sakala misuh nyandhak iwak oleh rongkong, akeh balunge." Pathake siset. Joh-njaran. Balung ah, nggonku." pisuhe alon kaya nggremeng."Nggonmu apa?" semambunge karo nginguk piringku.

Lha hiya, mangka sabane ya langgar. Lha terus ing endi dununge tembung bismilllah kuwi mau? Bismilllah ing cangkeme kok kalah karo balung rongkong. Ngono kuwi ya ana ,jenenge cangkem uwong. Mangka tembung CANGKEM, jarwadhosoke : nek dicencang, mingkem, mengkono jarene. Dicencang, maksude, ditaleni ( dikendhaleni ) , aja nganti waton ngucap yen enggone ngucap gawe rugine dhewe. Becik mingkem, meneng, awit wong memeng iku akeh bathine tinimbang mangap sing akeh klerune.*
____________________________________________________________________________________


Bintang Surem
Djajus Pete, 25 Agustus 2010

MONGKOG atine Bintang sawuse diwisuda kanthi kesampiran titel, S1 saka sawenehing universitas. Mengkono uga wong tuwane sakloron sing madhul-madhul enggone ngragadi, lega atine dene enggone ngragadi ora muspra.Saka banget panuwune marang Pangeran dene anake bisa ngrampungak kuliyah, nganakake syukuran panggang buceng dikepung tangga-teparo.
Mung wae, Bintang sing meling-meling ing njero kelas saka kepinterane wiwit SD, bareng wis sarjana, ambyur ing donyaning panguripan, ora katon meling-melinge. Anane mung kluyar-kluyur, dadi penganggur. Malah sok njaluk rokoke Slamet, tukang tambal ban kancane sekolah ing SD biyen sing bodho sekolahe. Biyen,yen nggarap soal, Slamet sok mepet Bintang, nurun garapane sing akeh benere.Saiki kwalik, Bintang sing mepet Slamet, butuh rokoke.
"Ya ngene iki,Bin, sagawe-gawene, wong ming SD wae. SMP ae jare saiki ya wis gak payu dinggo golek gaweyan kantor, senajan mung tukang kebon," tembunge Slamet sing ora mung mligi tambal ban, nanging uga jual-beli sepedha onthel bekas lan dodolan oli ing kiose pinggir dalan aspalan.
"Lha katimbang aku, Met...,sukses kowe nek takpikir."
"Tambal ban ae kok sukses. Gak enek,Bin, wong muni..., kae lho Slamet, saiki sukses dadi tambal ban."
"Sakora-orane, kowe duwe cekelan sing dadi dalane dhuwit."
"Lha, rak ngono. Aja nganggo tembung sukses. Sing sukses rak ya kowe. Sukses kuliyahmu, Bin."
Saka wis jegeg angel golek pegaweyan alusan, nembung mandhor bangunan melu nukang batu. Nanging mandhore sing mung tamatan SMP emoh nampa kuli duwe titel sarjana. Ora kok wedi yen status mandhore kegeser yen Bintang pinter disenengi Boose. Ora.Tembunge Mandhor," Kuli batu ngene iki pegaweyan kasar. Abot, bandha otot."
"Kula nggih kuwat."
"Ora kok aku ngarani kowe ra kuwat. Apamaneh karuwan isih enom. Mung wae, pegaweyan kuli batu ngene iki ladhang pegaweyane wong-wong sing endhek sekolahe. Dhuwur-dhuwure SMP, aku gelem. Wong kowe sarjana, ya ra patut nek melok-melok nggarap pegaweyan sing isa ditandangi cah SD. Kudune, ya goleka pegaweyan sing ora isa ditandangi cah SD.Ngono. Aja neng kene. Kabeh kuli-kuliku ngko ya dha ting kresuh, nyalahna aku."
Bintang unjal ambegan.
Apamaneh ana kuli sing nimbrung," Abot tenan ngene iki, ngudheg luloh jebrot kabeh ,kathik ya panas. Nganggo penekan barang kaya sing masang bata kae. Sara pokoke. Akua umpama sarjana ya golek sing alusan-alusan,sepaton. Mung nulis-nulis ing njero kantor sing iyup, bayare akeh."
Krungu mengkono Bintang tambah thenger-thenger,kelingan gegayuhane kaya sing diucapake kuli kuwi,kepengin dadi pegawai sarampunge kuliyah. Bola-bali melu test penerimaan pegawai negri,ceblak-ceblok bareng lan tambahe umure. Mangka urip mbutuhake ragad, ya ragad kanggo ngadhepi urip, mangan lan nyandhang. Selagine wong tuwane sing wis rumangsa nyangoni kepinteran, kumecap," Kowe wis taksekolahake kanggo golek kepinteran. sawuse pinter, ya piye caramu, aja mung klonthang-klanthung..."
Bener anane tembung : Bukan kepandaian untuk menghadapi hidup, tetapi keterampilan.
Slamet kancane sing bodho sekolahe, merga duwe ketrampilan nambal ban,kena kanggo ngadhepi kanyatane urip. Malah bisa mundhak-mundhak ketrampilane sing kena kanggo dalane dhuwit mlebu. Sepedha pancal elek-elek sing dituku, didandani, mundhak regane.Kejaba bisa nyetel peleg sepedha montor, dodolan oli lan bensin, uga dodolan sithik-sithik ondherdhil sepedha pancal. Batine Slamet trima wae senajan pegaweyane sing rena-rena iku mung diarani Tukang Tambal Ban.*
_____________________________________________________________________________________(Djajus Pete,Bojonegoro)______________________

Jumat, 03 September 2010

KOPI KOTHOK: Djajus Pete (3)

@ Jilid 3
____________________________________________________________________________________


TUWA TUWAS
Djajus Pete, 21 Agustus 2010

WONG urip yen wis tuwa (ngenteni metune nyawa), lagi nggetuni marang sawernane lelakone kang ala. Getun anane, lagi bisa mikir jero : kok sing ngana-ngana kae, bangsane sing maksiyat nganti taklakoni mung saka nuruti rasa kemrungsung. Tibake,suwening-suwe, akhiring wong urip ing ngalam ndonya iki kok ya mung kaya ngene. Tuwa, ringseg, lara kabeh. Asil kesenengan saka sawernane laku maksiyate wis embuh parane, abot dadi sesanggane atine. Apamaneh anak-anake sing biyen digedhekake lan disekolahane ( dikuliahake) nganggo dhuwit sing ora bener, padha ora ngreken sing tuwa saka (mung) nuruti repote dhewe-dhewe...Anane mung kari getun-keduwung...,kethip-kethip mripate nyawangi wuwung sing ngejojor kaku, sing ya bakal mengkono iku awake, kaku digotong kang ateges wis rampung engggone dadi wong.

Yen digagas luwih landhung...,kok isih apik wuwung omah iku tinimbang awake sing tansah nerak-nerak,nabrak-nabrak, ora weruh ing sarak (larangan). nDadekake uripe ora kepenak, tiba babak-bunyak, tambah rusak...,lara ngglethak, tangga-tanggane emoh nyedhak, saka wis padha weruh watake sing mulang-sarak, kemethak ora weruh tangga lan sanak. Bojone uwong ya digasak.

Oalah...,tibake kok ya mung kaya ngene entek-entekane.

Sakehing dosane bakal ditanggung dhewe.

Untu ompong : tandha yen wis arep digotong. Rambut putih : tandha yen wis arep mulih. Mripat bawur : tandha yen wis cedhak lawange kubur. Awak kesel : tandha yen wis arep dibuntel ( saka wis tuwane,ora kuwat ragane, gampang kesel). Oalah..,nyuwun ngapura dhuh Gusti Allah .Sakathahing dosa kula ingkang sak-ambrah-ambrah .Lan nggih nyuwun ngapura dene kula mboten nggulawenthah, ngantos anak-anak kula sami mblangkrah.

Oalah...,Mah, Kimah... Kowe saiki neng ndi, apa isih urip? , grenenge kelingan Sriamah, randha cedhak kantore biyen sing tau ngentekake bayare lan korup dhuwit kantor. Saiki, watuk cekah-cekeh, dhadhane seseg, kok ya isih kelingan Sriamah sing biyen ayu nduleg.Randha anak siji asal saja Ponorogo. Biyen, umure Sriamah watara 30 taun, untu dhuwur sisih kiwa ana sing gingsul. Yen ngguyu, manise saya dudu-dudu ,gawe sirahe ngelu. Cekot-cekot , cintane tambah abot. Cleng-cleng, saya gawe gendheng. Pikir peteng, dana bantuwan desa ya di-pleng, mung kanggo nuruti seneng.

Oalah, Mah, Mah...
Guyumu kok ya renyah
Rai padhang, sumringah

Dadine saya tambah kelingan Sriamah
Wis ora mbacutake enggone njaluk sepura Gusti Allah
Saya tambah kelingan Sriamah
Wis ora mbacutak\take enggone njaluk sepura Gusti Allah.

Ya kuwi sing arane tuwa tuwas, tuwane ampas ampas.
Sedhela maneh amblas, bablas.
Uripe ora duwe tilas.*


------------------------------------------------------------------------------------
Cathetan :
wuwung = (bubungan rumah) ,perangan omah sing melu berjasa kanggo ngayomi wong sajrone omah.

tilas = tipak (bekas kaki), maksude : uripe ing ngalam ndonya ora duwe tipak tinggalan sing apik.-
____________________________________________________________________________________


RASAN- RASAN
Djajus Pete, 01 September 2010

Wong lanang lan wong wadon iku jelas beda.

Bedane sing paling nyolok ing bab kasetyan, kasetyane wong lanang lan kasetyane wong wadon iku ya beda.Kanggone wong wadon, cinta iku segala-galanya, nomer siji, diseleh ana ing ngarep dhewe, diagung-agungake. Wong lanang cintane kokepek wong, ooo....,aja takon dosa. Ketemu ing tengah pasar ya digelut, cakar-cakaran, jambak-jambakan , ora wedi mati. Beda karo wong lanang, bojo kok diepek uwong. Halah, mboyak...,jagad ora mung sagodhong kelor...Tiwas takgandhulana wong sing diepek gelem, ya arep mboyak, arep mbodhil, arep sotak, arep sothil.

(Ya ora kabeh wong lanang kaya mengkono. Ya ana sing rumangsa ditantang, rumangsa dikilani dhadhane.Sadumuk bathuk, sanyari bumi, sing tegese : bojo utawa lemah, dikukuhi tekan pati. Jaja bang mawinga-winga ,bramantya,muntap. Nanging akeh-akehe, yen bojone diepek wong, padha mupus. Ana rasa isin yen arep ngajak tukaran, krungu wong akeh. Yen bojo sing digandhuli meksa mberot, ucul ...cara wong oyok-oyokan, kalah. Kok tiwas isin,wirang. Bojo sing mberot ngeboti wong lanang liya mengkono iku, cara parikane : sekilo abot gulane , karo bojo abot cintane.

Kasetyane wong wadon marang bojo, moh yen nganti disenggol uwong, arepa dikaya ngapa rekasaneing uripe, merga bojone lara ora mari-mari, umpamane. Bojone sing lara isih dirumat apik, karo luru pangan, kanggo ngingoni anak-anake sing isih cilik. Kuwat nglakoni sangsara mengkono iku klebu dadi wataking wanita secara umum. Ora kok merga bojone lara, terus ditinggal nglayap, thruthusan. Ora.

Ora kecukupan kabutuihane batin, merga bojone lara, ora dadi apa, senajan nganti tetaunan, betah. Ngantia sing lanang mati pisan, ya ora kesusu rabi saka mikir anak-anake, mesakake anak-anake yen dikwalokake.

Mengkono mau ya beda karo watake wong lanang umume. Wong lanang, yen bojone lara, ajamaneh kok larane nganti tetaunan, lagi lara sesai wae pikirane wis nglambrang...,sapa ya sing takrabi nek bojone mati? Mangka bojone sing mengkjis-mengkis kuwi isih urip, kok wiis mbayangake randa kana-kana sing diweruhi. Apamaneh kok bojone mati tenan, arepa duwe anak cilik sing dipikir ya ora anake. Nek perlu anake dibrukna mBahe, ben taneg olehe manten-mantenan karo bojone sing anyar.*
____________________________________________________________________________________

ISI NANGING KOTHONG, KOTHONG NANGING ISI (1)
Djajus Pete, 18 Agustus 2010

IKI kawruh sing ora baen-baen. Mapane kawruh iku adoh nglangut ing pucuk gunung sing rekasa unggah-unggahane. Rumpil lan lunyu akeh keplesete yen kurang santosa tekade marsudi. Mengkono yen kena disebut nganggo tembung saumpama, mapan ing pucuk gunung dadi gegebengane pendhita linuwih sing wis gentur tapane. Sing kepengin necep kawruh saka banget kepencute, meguru menyang papane Guru,hiya pendhita kuwi, lunyu rumpil dalane lan kebak grumbul peteng sing akeh pepalange.Kewan galak pating kliwer, ula mandi pating tleser, gegremetan mawa wisa mblader.
....................................................................................


HONG WILAHENG , SEKARING BAWANA LANGGENG
JAGAD PADHANG ORA KATON PETENG
HIYA JAGAD PRIBADINE DHEWE
SAKEHING NAPSU DISELEHAKE


TIDHEM PREMANEM

ADHEM, AYEM



----------------------------------------------------------------------------------- ------------------------------------------------------------------------------------

Pendhita waskitha sing sing awas paningaling batin, kanthi sareh mejang kawruh : KOTHONG NANGING ISI, ISI NANGING KOTHONG,

hiya kawruh sing dadi entek-entekake kawruh, wis ora ana kawruh liyane sing ngungkuli lungite kawruh iku.
------------------------------------------------------------------------------------

HONG WILAHENG SEKARING BAWANA LANGGENG

PARA CANTRIK LUNGGUH MENENG
------------------------------------------------------------------------------------



(Ing nalikane Sang Guru mbeber ilmu marang sawetara cantrik sing bisa tekan pucuk gunung kanthi kebak tatu saka tiba-tiba glundhung jurang, sepi nyenyet tanpa ana swara liyane. Manuk-manuk sing adate padha ngoceh, padha meneng , kaya ora kepengin ngganggu pangandikane Guru. Tekan gegodhongan ora ana sing obah, samirana datan lumampah. Mendhung tumiyung ing sandhuwuring gunung hiya padha miyak sumingkir mamprung).



------------------------------------------------------------------------------------

------------------------------------------------------------------------------------

Guru : Kabeh wong urip wis mesthi duwe kesenengan,kang mengkono iku ora kleru mungguhing urip. Ana sing seneng IJO, ana sing

ABANG, ana sing seneng PUTIH, ana sing seneng BIRU, ana sing seneng KUNING ,lan sapanunggalane .Lumrahe, wong sing warnane IJO , sing diarani apik ya sing warnane ijo. Yen ora ijo,diarani ala. Uga sing warnane ABANG, yen ora abang ya diarani ala, merga ora padha karo kesenengane . Sing PUTIH, sing BIRU, sing KUNING, uga kaya mengkono panganggepe.Warna-warna iku yen kumpul ,padha ngelem warnane dhewe, nacat marang warna liyane, anane mung bakal dredah, congkrah. Mangka sawernane warna iku mau, godhong kang IJO, sulaking srengenge sing ABANG, mega sing PUTIH, langit sing BIRU lan rembulan sing KUNING, saka endi asale warna-warna iku mau? Mara coba grayangana saka weninging pikirmu, alusing rasamu. Iku kabeh asale saka Pangeran, hiya Gusti kang murbeng dumadi. Dadi ora kena poyok-poyokan, gegethingan. Urip ora kena mengkono kejaba kudu bisa ngajeni marang sawernane warna isen-isenening ndonya.

Wong-wong sing padha duwe kesenengan warna dhewe-dhewe iku mau,sebute padha karo duwe ISI, ya isi kesenengan sing manjing ing jroning jiwane. Bedane warna iku mau, ora beda kaya wong sing beda-beda enggione nggilut agama.Siji lan sijine sing ora padha agamane, kena wae ngelem agamane dhewe sing paling apik, nanging aja pisan-pisan nacat ala marang anane agama liya. Nanging angel mungguhing wong kanggo nampa anane sing liya, yen ora sinartan kawruh kasampurnan. Kepiye laku-lakune ,mengko yen wis padha ndunung, gegemen sing bakuh, aja pisan-pisan ceblok ilang saka sembranamu nggonmu nggegem.

------------------------------------------------------------------------------------

HONG WILAHENG SEKARING BAWANA LANGGENG

HIYA KEMBANGE JAGAD KANG MEKROK NGGANDA ARUM TEKAN JAMAN LANGGENG

------------------------------------------------------------------------------------


____________________________________________________________________________________

ISI NANGING KOTHONG , KOTHONG NANGING ISI (2)
Djajus Pete, 20 Agustus 2010

WONG kang nduweni kasenengan kang wis manjing ing jiwane, kasebut ISI. Isi kuwi mau, kanggo gampange rembug amrih gampang ditampa , bissa kaumpamakna warna. Apa isine IJO ; apa isine ABANG ; apa isine PUTIH , lan sapanunggalane. Mengkono uga tumrape wong kang nggilut sawenehing agama, arane ing jiwane wong mau ya ISI agama. Agama apa, ya gumantung agama sing dianut jalaran akeh wernane agama. Agama iku ageman. Ageman iku sandhangan, hiya sandhangane ngaurip , kanggo sampurnane urip yen padha temen mituhu nindakake Dhawuh (Sabda) kang kinandhut jroning agama . Kabeh agama apik awit padhadene nggegulang kautaman. Isi tuntunan marang perlune nindaake sing becik lan nyingkiri kang ala kareben ora rusak uripe. Krembyah tumandang nindakake sakehing Dhawuh iku nduweni aji kang luwih dhuwur tinimbang mung rame ing ucap ,ngecuwes mung kanggo pepantes, mung bengak-bengok karo ndhodhok, laku-lakune nggayuh kautaman ora dilakoni. Agama iku ageman, yen ageman iku ora dienggo (kaya mung dicantheklake cagak) arane banjur kepiye? Wuda ote-ote, saru dinulu.

Mangkono Sang Guru mbacutake enggone nggegulang pangerten marang cantrik-cantrike ing padhepokan pucuk gunung kang hawane seger. Ora ana kewan galak sing wani saba ing sakupenge padhepokan, kalah dening prabawane Sang Guru, wong linuwih sing wis bisa ngregem gelaring jagad dadi kari samrica jinumput.(Seluk beluk seluruh isi dunia dan kehendak yang Kuwasa telah digenggamnya). Ya amarga saka enggone wis sugih ing kautaman, remen nindakake darmaning ngaurip minangka pangabektine marang Kang Akarya Jagad : sawernane godha padha lunga ; kewan galak wedi nyedhak.....Yen sira isi ABANG, sira iku ABANG, sira ora bakal ngilangake



HONG WILAHENG SEKARING BAWANA LANGGENG

KEMBANGE JAGAD HIYA KEMBANGE LANGGENG



Langgeng asmane kaya kembang mekrok sing ora bakal alum, dadi patuladhan. Senajan bener akeh kemruwet cacahe wong ing ngalam ndonya, mung sethithik kang atekat waja nggeguru mungggah pucuking arga, kepencut ngupadi kawruh ISI NANGING KOTHONG..

kang bisa gawe jiwa mencorong ( penuh cahaya aura ).

............................................................................................................................................................

............................................................................................................................................................

Sang Guru mbacutake mejang ilmu :

APA kang dadi isinira, kang manjing ana ing jiwanira ,senajan ta sira banget senenge marang isinira., iku ora kena kanggo poathokan maido liyan.Sira kudu bisa mardika ( bebas) kanthi "nyelehake " isi iku. Aja kleru ing panampa, tembung nyelehake iku ora ateges mbuwang utawa nyingkirake. Anane ISI isih meger-meger ing jiwamu jalaran pancen wis manjing ing jiwamu. Tegese, yen sira iku isi IJO, apa ABANG , apa PUTIH...,sira kudu bisa ngothongake jiwamu kang ateges : sira tanpa warna.

Mara coba, waspadakana....,semambunge Sang Guru karo nuduhake kaca bening kang aran Kaca Wirangi, kaca pengilon kang banget bening. Wong kudu bisa "ngothongake" jiwane kaya Kaca Wirangi iku. Kanthi mengkono, yen warna abang mara, kaca uga bisa abang (senajan sabenere kaca iku ora abang). Warna IJO mara, kaca uga bisa IJO ( senajan sabenere kaca bening iku ora rupa ijo ).

.Mengkono uga padha pangrengkuhe marang warna-warna liyane. Putih, kuning, biru lan liya-liyane bisa ditampa kanthi becik, ora ana sing ditampik. Tanpa nganggo mbedak-mbedakake, tanpa nganggo milih endi sing disenengi lan endi sing digethingi.

( Wong urip, yen enggone nyawang gelaring jagad kanthi pathokan apa sing disenengi,anane mung bakal kemrungsung,jalaran weruh apa-apa sing ora padha karo sing disenengi. Malah uga sing kosok-balen (bertentangan) karo apa sing diugemi,sing disenengi. Dadine malah saya kemrungsung mengkap-mengkap dhadhane, nesu, dhemo,rumangsa diina. (Mangka sabenere,ya ora ana sing ngina.Ya mung merga beda kesenengan).

Patrape wong kang wis bisa ngothongake isi mengkono iku, anane mung meneng saka beninge pikir lan alusing rasane.Kaca ketekan bajingan, ya bisa ditampa,kaya ya ana bajingan ing njero kaca, senajan sabenere bajingan iku ing sajabane kaca. Weruh pelacur,begengggek,balon apa upruk arane yen cara Bojonegoro, kaca bisa nampa upruk, katon kaya upruk,nanging si kaca dudu upruk. Kuwi tegese, wong urip sing wis bontos kawruhe,alus rasane, awas pandulune..., bisa nampa sakabehing kang ana ing ngalam ndonya, tanpa gething lan uga tanpa rasa seneng. Nyelehake ati ing antarane seneng lan gething, yaiku pasinaon gedhe sing banget angel lakune nggayuh yen ora ngerti cara-carane.

------------------------------------------------------------------------------------

Selasa, 31 Agustus 2010

KOPI KOTHOK: Djajus Pete (1)

@ Jilid 1
___________________________________________________________________
http://sastra-bojonegoro.blogspot.com/
___________________________________________________________________

JEMBAR SEGARANE
Djajus Pete,29 Agustus 2010

Sedhela maneh Idul Fitri kang uga sinebut Hari Lebaran, saka tembung "Lebar" kang tegese wis bar enggone nindakake pasa wulan Romadhon. Idul Fitri, Lebaran, uga sinebut Ariadi. Ari (hari ) = dina ; adi = becik. Dina becik kanggo apura-ingapura, nglebur kaluputan. Adate sing enom sowan marang sing tuwa, nyuwun pangapura, bisoa lebur kaluputane ing dina becik iku, minal aidin wal faizin.

Senajan sing enom ora bisa sowan , embuh karana apa...,sing tuwa jroning batin ya wis bisa ngapura. Kasugihane wong tuwa ing prakara pangapura iku ora mung dicakake ing dina Lebaran wae, kepara malah wis diecakake ing urip sadina-dinane.Iku tumrap wong tuwa sing wis bisa netepi jejering kautaman yen wong tuwa iku kudu jembar segarane. Tembung sanepan (perumpamaan) wong tuwa kudu jembar segarane iku wis kaprah keprungu ing satengahe bebrayan Jawa. Yen ana wong tuwa kliwat teker enggone nesu nganti milara anake sing luput, yen ana wong tuwa liyane sing nengahi, tembunge," Sabar. Kokpatenana anakmu ya mati. Piye ra piye, wong tuwa kudu jembar segarane, arepa dikaya ngapa lupute anak."

Akeh anak-turune wong Jawa sing ora mudheng marang tembung sanepan iku, kepiye nalare jembaring segara digunakake kanggo sanepane wong tuwa. Segara iku, kanggone wong sing ora ngerti, mesthi reged, rusuh, akeh larahane sing asale saka katut iline banyu-banyu kali sing kabeh nyemplung segara. Ing sanyatane ora mengkono. Segara iku resik saka sawernane larahan. Kabeh larahan sing mlebu segara gage diuncalake minggir dening ombake,dibuwang menyang gisik, pesisir. Larahan iku sanepane piala utawa kaluputane wong sing ngenani awake, sing tumuli dibuwang kareben ora ngrusuhi atine. Yen durung bisa kaya mengkono, tegese, durung bisa dadi tuwa sing sugih pangapura.

Lakuning ombak (lakuning rasa) yen mung kanggo mbuwang rereget, iku aran ombak sing becik. Yen anane ombak becik, mung kanggo ngresikake banyu, kapal-kapal lan prau sing lelayaran uga slamet. Seje karo yen ombak gedhe-gumulung , segara kaya kinebur , kapal-kapal lan prau njempalik, kerem. Ya mengkono iku sanepane wong tuwa sing durung bisa dadi tuwa. Sing durung bisa lerem, ngumbar hawa napsune keliwat-liwat, gawe kapitunane ngakeh. *
____________________________________________________________________________________


WATAK lan WATUK
Djajus Pete,29 Agustus 2010

WATAK lan WATUK iku beda. Ora mung beda ukurane nanging ya beda asal-usule. Yen watak, asale wis saka kanane, gawan lair. Yen watuk, saka bangsane baksil penyakit sing ora genah saka endi asale. Apa saka kakehan ngrokok, apa saka ketularan kancane sing cekah-cekeh mau, ora cetha. Sing genah, watuk bisa ditambani. Yen watuke campur riak, tambane ya gampang : gaweya susu putih, cemplungi jae gecekan, beres. Apa sebabe nek watuk gampang ditambani, yen watak ora bisa ditambani (ora bisa diowah ). Saka nyawang hurupe wae ya wis beda. Bedane WATAK lan WATUK mung ana ing hurup A lan U. Hurup U iku rak bolong ndhuwur,yen dicemplungi obat, lara watuke ya bisa imetu ilang, mari. Yen WATAK aja ngarep-arep marine jalaran hurup A iku rak ora bolong. Watake manggon ana ing njero. Nganggo palang ngiwa-nengen kathik isih dipatek palang tengahe. Lha ya angel metune, ora bisa mbrabas metu wong rapete palang kaya ngono.Mulaner ya ana wong omong yen watak iku RITI, marine yen wis mati, katut digawa mulih menyang papan asal-usule kana. Iki ora kok othak-athik mathuk, dupeh wong Jawa diarani seneng othak-athik. Kedhiri rak kuthane. Sing dadi rak nyatane. Ngono cara parikane. mBahku biyen sing wis tuwa banget, nalika lara, ya duwe lara watuk .Pisan pindho digolekake obat watuk, ora mari-mari watuke. Terus dikandhani supaya disuda enggone ngrokok, bisa uga rokoke sing marahi watuk. "Halhah, ya gak isa nek aku mbokkon leren udut,"wangsulane. Dadine, mboyak-mbodhil, anak-anake wis ora ngreken watuke kuwi, wong kandhanane angel, watake ngenyel. Ngeyelan kuwi ya watak. " Ben, nek watuke ora mari. Malah apik," guneme mBokku nalika aku isih cilik. "Kok malah apik?" pitakone Lik Ni, adhine mBokku. "Soale nek bengi...,sepi wong dha turu. Pikiranku rak ya rena-rena wong ora ana sing nunggoni , turu ijen, neng kamar mburi.Nek krungu watuke atiku lagi lega, ruh nek jik urip."*
____________________________________________________________________________________


GAK JEGOS
Djajus Pete,29 Agustus 2010

JAM 10 bengi ing sawijing hotel, ana tamu lanang wadon sing tekane bareng. Mangka kamar kosong sing ana mung kari siji. Arep nulak salah siji atine ora mentala awit wong iku ya wis omong yen kabeh hotel liuyane wis ora ana kamar kosong. Kepeksa sing duwe hotel nawakake cara yen padha disetujoni, yaiku , ranjang njero kamar sing anane mung siji, diwatesi guling tengahe, ora kena nglanggar menyang wilayah sing dudu wilayahe.Kekarone, tamu lanang wadon sing ora kenal iku manut, katimbang oleh enggon nginep.

Nalika padha mapan buk, omong-omong, lagi takon-tinakon, sapa jeneng endi omah lan arep menyang endi sesuke, awit enggone nginep mung suwengi. Sing wadon sing ngaku jeneng Atik, muni yen sesuk arep numpak sepur menyang Semarang." Sami menawi ngaten,mBah, kula nggih badhe nyepur ngilen, dhateng Cirebon," tembunge Wisnu, wong lanang iku, umur watara 40 taun.

Atik sing awake seger mbranyak, umure luwih enom sethithik. Ayu, rambute brintik. Awake padhet, singset, lambene dipulas abang manda-manda lan kladuk mandul-mandul dhadhane yen dienggo mlaku. Mung wae, mripate Atik pijer kethap-kethip. Glebagan ngiwa-nengen kaya angel turu. Miring, mengkurep, mlumah kaya ora kepenak kabeh. Wisnu sing bisa terus mak-seg, saka kesele.

Esuke, kekarone padha mlaku bareng menyang setasiyun sing pancen ora adoh saka hotel. Lagi wae munggah sepur, ndadak Atik muni yen dhompete keri ing hotel, ngisor bantal. Dene sing dienggo tuku karcis sepur iku mau, dhuwit recehahe ing njero sak, blas ora kelingan dhompete sing keri. Ora sranta Wisnu mencolot mudhun, mlayu sipat-kuping menyang hotel. Dhompete ketemu. Senajan napase kaya meh pedhot, isih bisa mlayu rikat, mbalik menyang setasiyun, wedi yen kepancal sepur. Sepure wis wiwit mlaku, Atik ngobah-obahake tangane karo bengak-bengok .Ora sranta pager sing dhuwure karotengah meter dilumpati Wisnu,mak-bleberrrrr...., ngoyak sepur awit yen ndadak liwat lawang peron akeh kerine.

Kanthi kangelan, Wisnu sing maune gandhulan sepur,bisa munggah. Nanging Atik malah mrengut enggone nampani dhompete sing diulungake.. Ora muni matur nuwun senajan Wisnu ya ora njaluk dimaturnuwuni, butuhe mung tetulung. Sawuse Wisnu aso napase, Atik sing lungguh kursi jejere, kumecap, " Lha hiya.,nglumpati pager semana dhuwure,isa. Mlumpat guling ae kok gak jegos. Mangkel aku!*
____________________________________________________________________________________


C E M B U R U
Djajus Pete, 28 Agustus 2010

alangkah cemburu
burung di sangkar memandang kupu


Itu adalah Haiku (puisi pendek Jepang bercirikan dua baris saja).Saya lupa siapa penyair yang menulisnya, tapi sya tak akan pernah lupa dua baris kalimatnya yg begitu menyergapku, dua puluh tahun lalu, ketika kubaca haiku itu.Sampai sekarang, keindahannya yang begitu menggoda masih terngiang-ngiang, meski hanya dua baris pendek.

Sebagaimana karya seni dibuat, menyampikan pesan nilai, tergantung kepekaan masing-masing penikmatnya, meski tidak harus sama dg maksud penulis dan kepekaan penikmat lainnya yg bervariasi.

Dua baris pada haiku dia atas sangatlah sederhana, bahkan sangat mudah dicerna ,tentang kecemburuan burung yang terpenjara terhadap kebebasan kupu di luar .Kebebasan demikian mahalnya ,nilai tak terhingga yang tak tergantikan oleh apa pun. Bahkan juga sangkar emas sekalipun, yang penghuninya tercukupi kebutuhannya, belumlah sebanding .Pesan nilai kebebasan yg disampikan penyair, menimbulkan ragam imajinasi pada masing-masing penikmat. Dua baris haiku di atas seolah telah terelepas....,menimbulkan imajinasi yang mengembang di benak masing-masing, membuat penikmatnya gembira, sedih, mendongkol bahkan ingin marah terhadap keadaan yang sedang mengurung kebebasannya.

Seorang wanita simpanan yang terkurung di rumah mewah, dijaga Satpam, ke mana pergi diikuti, bisa kemudian cemburu melihat kebebasan wanita yang sedang melenggang riang di dalam gang. Gadis yang tak bebas menentukan pria pilihane ,bisa kemudian terisak oleh haiku yang mngingatkan kepaitan nasibnya. Atau seorang pekerja kasar di Jakarta yang harus minta izin Satpam setiap menunaikan ibadah Sholat, Dan pekerja kasar itu sangat gembira ketika pindah kerja, boos barunya yang dimintai izin serupa,menjawab," Sholatmu berurusan dengan Tuhan, tidak harus izin saya".

"Tapi sholat saya lama,Pak."

"Lakukan.Tuhan pun tak akan marah meski kau takmelakukannnya lebih lama lagi," jawab Boss barunya yg sekalipun orangnya masih muda, tapi pengertian dalam berbagai hal, itu yang membuatnya sejuk kerasan kerja di situ.

Dan ragam kebebasan dalam bentuk yang lain, tercakup pada makna haiku yang mempesona itu. Dengan bahasa yang singkat, padat,

dan tepat dalam kesederhanaan kalimat yang memikat.Justeru kesederhanaanlah yang sering membuat sesuatu menjadi sangat memikat. Itulah antara lain bentuk kreatifitas, membuat yang sederhana menjadi bernilai yang hanya dapat dilakukan oleh orang jempolan yang telah sangat kenyang berbagai pengalaman. Berpikir lebih jernih, merasakan lebih dalam, dan memandang lebih luas adalah perjalanan jauh

seorang kreator murni. Sudah pasti, apa yang digarapnya akan sangat mempesona.*