Selasa, 04 Juni 2013

Gampang Prawoto "puser bumi" Antologi Geguritan







sastra-bojonegoro :
"puser bumi" Antologi Geguritan   Masgampang Prawoto 
Tintingan: Bonari Nabonenar 
Antologi Geguritan

Masgampang Prawoto



puser bumi
tintingan: Bonari Nabonenar

gunggung kaca: xvi + 108

penerbit: Azzagrafika
isbn: 978-602-777-715-6


 reginipun: Rp25.000
...
ongkos kirim: Rp15.000
menawi ngresakaken ngaturi sesambetan lumantar: 08155143443 - 081335262371





Puser Bumi: Kasetyan marang Gurulagu

Nalika Mas Gampang Prawoto kirim layang setrum amrih aku bisa melu maca kumpulan geguritane sadurunge kababar dadi buku, takkira manawa aku mung kudu urun panemu (yen duwe) amrih bukune mengko dadi luwih nges. Mula sawise maca sakeplasan aku banjur mbaleni kanthi menehi tandha ing tembung-tembung kang manut pangiraku kurang trep utawa ngusulake milih tembung sejene, amarga tembung-tembung ing sawijining guritan ora mung dipilih merga tegese, nanging uga amarga tetimbangan seje. Nanging, sawise cathetan isi usulan telu apa papat ngono takkirimake, Mas Gampang malah nyuwun ”komentar”. Takkira yen cukup saukara apa rong ukara kang padatane dipacak sajroning buku (endorsment) ngana kae. Tibake, Mas Gampang kepengin ana cathetan rada dawa kaya kang nate kapacak ing buku guritane Mas Yusuf Susilo Hartono, Ombak Wengi. Tundhone, ya rada gedandapan! Sagaduk-gadukku iki takgawe palapuran saka olehku ambal-ambalan maca isine Puser Bumi iki. Yen ana wong sewu maca buku iki, mesthi bisa dadi sewu cathetan kang beda-beda. Muga-muga ana kang banjur ndadekake tulisan kang bisa kapacak ing ariwarti/kalawarti apadene ing kacamaya. Yen cathetanku banjur kapacak ing kene, ora amarga iki cathetan kang paling apik, nanging mung amarga saka wus guletku karo Mas Gampang Prawoto.


(1)
Mas Gampang Prawoto kerep maca geguritane, ing desa, ing kutha, malah uga wis tekan negara liya. Kanyatan iku bisa kanggo salah sawenehe pancadan kanggo miyaki geguritane kang banjur dibukokake iki kanthi sangu pangira: bakal nemokake luwih akeh (yen ora kabeh) guritan kang nengenake dhong-dhing (-ing) suwara, musikalitas, lan kang kanthi enggal bisa ditampa lan diwerdeni dening kang padha nyekseni nalika diwacakake ing ”panggung” (dening penggurite utawa wong liyane). Mula, gurit kang mangkono iku ing donyane Sastra Indonesia sinebut puisi panggung, kanggo mbedakake karo puisi (guritan) kamar.
Guritan kang sajak luwih mathuk diwaca ing panggung, contone: Ana Ambune Ora Ana Rupane, Panembrama, Banjire Wis Surut, S u m i l a h, Gurit Swarna Dwipa, dene kang sajak kurang pas di-panggung-ake contone: Wader Kalen Jenang Sela, Wisik Merapi, Lesus, Pepesthi, Perkutut, Ngelak, Mung Siji. Iku mung contone. Nanging, yen mung awewaton kasetyane penggurit marang guru lagu ing saben guritan, kaya-kaya (meh)  kabehisine Puser Bumi iki bisa dadi apik yen di-panggung-ake. Nanging, dhong-dhing (efek musikalitas) kang kaya-kaya mung diwenehi papan kadidene guru lagu (dhong-dhinge suwara ing pungkasane larik) bisa ndadekake ’ilat’ kesrimpet utawa kesandhung-sandhung.
Kajaba dhong-dhing kang manjila, guritan kang banget mathuk di-panggung-ake padatane ora aweh papan jembar marang tembung apadene ukara-ukara rinengga mawa sanepan, pralambang, wangsalan, lan sapiturute, kajaba kang wus banget populer ing bebrayan. ”Guritan panggung” mrayogakake tembung lan ukara-ukara kang luwih ”thok-ngel”, blak kotang. Guritan Ana Ambune Ora Ana Rupane kawiwitan kanthi larik kang top banget lamon dipanggung-ake: //Aku turun anglingdarma/satriya binathara kinasih dewa// --nanging guritan iki kebak ukara-ukara pasemon, pralambang kanggo nggambarake saweneh tlatah (Bojonegoro = Bumi Anglingdarma) kang sugih SDA (sumber daya alam): lenga patra, marmer, gas bumi: //kalamun bisa gegerku bakal dakbur/dakdadekake sumur/dakilekake klawan pipa-pipa otot waja/ kang senajan ora rumit banget bakal mrelokake atur ater-ater (pengantar) yen arep di-panggung-ake, luwih-luwih ing satengahe ”para rawuh” kang durung banget wanuh marang Bojonegoro.

(2)
Puser Bumi ngemot guritan cacah 71 kanthi maneka warna underan prakara (tema) kang diguritake, saka saka tresna-asmara, politik, ekonomi, panguripane wong karang padesan apadene wong kutha gedhe. Ana guritan kang rinipta kanthi njawil saweneh paraga: Hery Lamongan –sapepadhane penggurit (Prampang),  Adhiku Agus (Candhikala Isuk), KY (GuritKembang Jati).
Ginurit kanthi njawil paraga Hery Lamongan (sapepadhaning pengurit) gurit Prampang sipate mung aweh pawarta, ora ngajak wawanrembug, ora melingake apa-apa kanthi walaka. Beda karo Gurit Kembang Jati kang ’kaaturake’ marang KY (= Kang Yoto, Bupati Bojonegoro nalikane guritan iki karipta?) isine wujud piweling utawa saemper ’pitutur’ kanggo paraga kang lagi nyekel bang-bang pangalum-auming praja (Kabupaten Bojonegoro). Dene Candhikala Isuk mujudake tembang kingkin/sedhih (serenade), awit kelangan sedulur enom (adhi) kang banget ditresnani, kang luwih dhisik tinimbalan dening Gusti Kang Murbeng Gesang.
Pinangka sapepadhaning penggurit, geneya Hery Lamongan dijawil ing guritan Prampang kang wantah ngemot pawarta tanpa ngajak rembugan, upamane kanthi ngungalake ukara pitakon, utawa nawakake panemu, utawa meling apa ta apa ngono? Geneya Hery Lamongan pinangka sapepadhaning penggurit ora dijawil ing guritan Rembulan, kang ngemot larik-larik mengkene iki (?):

apa penggurit kudu pati geni
apa amung nunggu kang aran pesthi
apa kanthi lumahing asta lan memuji
Kanugrahaning Gusti Kang Maha Suci

Muga-muga ana ing seje wektu mengko ana kang tlaten nggoleki wangsulane pitakon iku.
Guritan ngarep dhewe, Kleting Abang, sajak dijarag amrih sing maca nggoleki dhewe sesambungan antarane ”Kleting Abang” (salah sijine paraga ing lakon (crita rakyat) Andhe-Andhe Lumut karo ”Indonesia kang adil makmur….”
Kleting Abang digambarake mengkene:

Mekaring kembang ing tamansari
endah sulistya ing warni
mangambar amrik wangi
akeh tangan jahil melik methik slirane

Lho, geneya kok Kleting Abang? Kamangka ing antarane Kleting Abang, Kleting Ijo, Kleting Biru, Kleting Kuning, rak kang sinebut pungkasan iku kang ing lakon asline dadi protagonis? Iku pitakon kang thukul, lan mesthi wae babarpisan ora ngluputake nalare guritan. Malahan, yen manut-miturut crita asline sawutuhe, bisa dipitakonake, ”Banjur apa sing ditawakake dening guritan iki?” Mulane, pitakon, ”Geneya kok Kleting Abang?” kae mau sawantah mung kanggo ngabarake manawa penggurit sajak njarag amrih guritane dadi sangsaya rumit.
Pitakon sabanjure, ”Padha-padha milih kang dudu Kleting Kuning (protagonis) geneya padha-padha antagonis-e kok ora Kleting Ijo utawa Kleting Biru? Rong larik pungkasan ing Kleting Abang:  /titi mangsa wanci tumiba mring slira/Indonesia bakal adil makmur lan sentosa// --mbokmanawa bisa aweh dalan kanggo mangsuli pitakon-pitakon mau.

(3)
Geguritan kang kaimpun ing buku iki ngabarake anane cakrik basa (Jawa) kang mbokmanawa bisa diarani tus utawa khas penggurite. Puser Bumi kaya dadi papan ketemune tembung-tembung khas, mbokmanawa saka dielek kang lumrah kango ing bebrayan papane penggurite (nrecik, sethepe, nderuwes, ngawar, ribi-ribi, nyingklo, muges, nerek) lan tembung-tembung kang wis ora pati populer ing pacaturan padinan sarta tetembungan (kang isih) populer kang kapethik saka karya sastra warisane para rumuhun utawa kang wus dadi basa pinathok (bagaskara, ingwang, ewuh aya ing pambudi, wader kalen –saka ”wader kali”, nglurug tanpa bala, menang tanpa ngasorake, eka marang sawiji, satriya piningit, nut ing jaman kelakone).
Puser Bumi uga ngandhut tembung-tembung anyar katon kang digeret saka wewengkon kabudayan seje (fenomena, tivi, dolar, euro, nafsu birahi, liberal kolonial, bagi asil, pornografi, pornoaksi, investor asing).  
Ngrakit geguritan kanthi rerangken tembung-tembung lawas, tembung-tembung padinan, lan tembung-tembung ’silihan’ anyar cetha dudu pakaryan entheng. Untunge, ing Puser Bumi, ketemune maneka jinis tembung kuwi mau ora pati nuwuhake horeg kang ngrubuhake wewangunan gurit sawutuhe, senajan sok ana kalane krasa rada nyrimpet utawa nyandhungi. Sepisan maneh, iki bab rasa-pangrasa saka maca mung pirang ambalan ngono, awit ora ana wektu kang luwih omber nganti titi tibaning wektu kudu dadine atur iki. Tur maneh, seje kang maca mesthine ya seje maneh komentar-e.
Akeh penggurit kang ’kepleset’ gedhene nganti ’kejlungup’ ing babagan pamilihing tembung (diksi), keladuk ngebaki guritan-guritane kanthi tembung-tembung kang wus ora populer ing pasrawungan padinan, kepara saiki malah wus ora (pati) kanggo, kajaba nalika ana kang ngidungake karya sastra/guritan gagrag lawas (tembang) saka riptane para rumuhun: Wulangreh, Wedhatama, utawa basa pakeliran (wayang) candraning nagara, candraning wanodya, lan sapiturute. Tembung ’srengenge’ (kang lumrah digunakake ing bebrayan saiki) kudune ora luwih puitis tinimbang baskara, bagaskara, sang hyang arka, mengkono uga kosokbaline. Endi kang luwih prayoga dipilih dening penggurit, gumantung konteks lan keperluane. Bisa dipilih bagaskara, upamane, amrih bisa ’ketemu’ karo tembung bagas waras kang digunakake (ing larik) sadurunge. Kudu ana wigatine, aja nganti ngrumpaka basa (niyat gawe geguritan) kanthi sangu wewaton manawa: sangsaya ’kawi’, sangsaya ’sanskrit’, iki sangsaya ’sastra’!
Matrape telung jinis tembung: (1) tembung kang wis arang kagunakake ing pacaturan padinan, (2) tembung padinan, lan (3) tembung anyar silihan saka tlatah kabudayan seje iku sajake kaya-kaya wis pancen kudu mangkono ngelingi greget, semangat, lan jiwa-ne Puser Bumi kang bisa kaaturake kanthi: ”prihatin manoni (kabudayan) Jawa kang sangsaya kagiles dening globalisasi: //geneya/kokjabel basaku/basa kang kebak piwulang luhur/suba-sita, tatakrama /lan tepa-slira//, apadene rasa prihatin kang (bisa) mrenthul dadi sengit marang: … kancil liberal kolonial kang ngajak bagi asil//.
Sinawang saka pandhapuking tembung-tembung ing saben guritane, cetha yen Mas Gampang Prawoto wis yasa papan mligi pinangka jejering pangripta guritan ing donyaning Sastra Jawa Gagrag Anyar. [Bonari Nabonenar


LESTARIKAN SASTRA JAWA



Lestarikan Sastra Jawa 

 

Reporter : Tulus Adarrma


Bojonegoro (beritajatim.com) - Sosok ibu Sri Setya Rahayu (63) yang sudah lihai dalam menulis sastra jawa ini masih kental menempel dalam jiwanya untuk melestarikan sastra jawa agar tetap bertahan meskipun di zaman era modernisasi.

Sri Setya Rahayu yang biasa dipanggil Bu Yayuk itu mulai menulis sastra jawa mulai tahun 1969 dan masih bertahan hingga kini. Melalui tulisan "cerita cekak" atau cerpen dan dalam geguritannya itulah terdapat harapan agar khususnya kepada anak muda saat ini mau melestarikan sastra jawa.

"Mulailah dengan membaca dulu, dan nanti pasti suka," katanya kepada beritajatim.com beberapa waktu lalu dalam menghadiri ulang tahun PSJB ke 30 di Desa/Kecamatan Padangan, Bojonegoro.

Bu Yayuk yang juga aktif dalam Sanggar Sastra, Pamarsudi Sastra Jawi Bojonegoro (PSJB) ini menuturkan jika peran orang tua untuk mengenalkan anak dengan tradisi jawa juga sangat penting. Karena lingkungan anak beradaptasi juga harus mendukung.

"Yang tua juga harus turun untuk menjemput yang muda dengan karya yang bisa menarik perhatian mereka," ujarnya lembut.

Beberapa karyanya seperti antologi cerkak dengan judul "Rembulane Wis Ndhadhari". Dalam bukunya itu terdapat 30 judul yang sudah pernah diterbitkan dalam sebuah majalah maupun tabloid jawa. Diantanya, Dharma Nyata, Penyebar Semangat, Jayabaya, dan Kumandang.

Saat ini Wanita yang sudah pensiun tahun 2009 sebagai abdi negara menjadi guru di SDN Rangkah 7 Surabaya, itu sudah mempunyai kumpulan karya sebanyak 80an cerita cekak dan 60an judul geguritan. "Yang paling penting adalah membaca dan jangan takut menulis," tuturnya.

Seperti dalam karya milik wanita kelahiran Bojonegoro tahun 1949 itu, dalam judul Rembulane Wis Ndhadhari, membawakan cerita tentang percintaan remaja yang sederhana namun sangat lucu dan bisa membawa pembaca tertawa, ditambah suasana yang romantis karena rembulan yang terlihat bulat penuh.

Dalam bait cerkak terakirnya, Dibalik jendela, sinar keemasan rembulan di balik daun-daun dan suara senyum renyah dalam cerita seakan bisa dengan mudah pembaca menggambarkannya.

"Ing njaba wiwit peteng. Krungu guyune Masku renyah ana latar, ing sisih wetan, sumorot lewat jendhela, nginceng ing samburine godhong-godhong pelem, rembulane katon moblong-moblong".

Senin, 03 Juni 2013

JFX. Hoery Ketua Sanggar Sastra PSJB Terima "Rancage" 2013

sastra-bojonegoro.blogspot.com


sastra-bojonegoro.blogspot.com - Hadiah Sastra "Rancage" 2013 untuk jasa dalam bahasa Jawa diberikan kepada JFX Hoery,   Penggiat sastra Jawa di Bojonegoro sekaligus Ketua Sanggar Sastra "Pamarsudi Sastra Jawi Bojonegoro.  Pmenulis guritan dan cerita pendek bahasa Jawa yang
kerap dimuat dalam majalah-majalah bahasa Jawa juga kemudian dibukukan. Buku dia, misalnya,
Pagelaran (mendapat Hadiah "Rancage" 2004 untuk karya), Banjire Wis Surut (2006), dan Wulu Domba Pancal Panggung (2011).

JFX. Hoery pernah menjadi wartawan media massa bahasa Jawa seperti Kumandang (Jakarta), Djaka Lodang dan Mekarsari (Jogjakarta). Juga dalam media massa berbahasa Indonesia seperti Kedaulatan Rakyat (Semarang) dan Berita Nasional (Jogjakarta).

 Hadiah Sastra "Rancage" 2013 untuk sastra Jawa kategori karya diberikan kepada "Pratisara", kumpulan cerita pendek karya Krisna Mihardja terbitan Leutikaprio,  Jogjakarta. Sedangkan Hadiah Sastra "Rancage" 2013 untuk jasa dalam bahasa Jawa diberikan kepada JFX Hoery, Penggiat sastra Jawa sekaligus Ketua Sanggar Sastra "Pamarsudi Sastra Jawi Bojonegoro.

Rektor Universitas Padjadjaran Ganjar Kurnia mendapat penghargaan Hadiah Sastera "Rancage" 2013 untuk jasa dalam bahasa Sunda berkat keaktifannya dalam kegiatan kesundaan sejak mahasiswa dan gagasannya menyelenggarakan Hari Bahasa Ibu Internasional di Unpad.

Siaran panitia "Rancage" 2013, Kamis, menyebutkan berkat gagasan Ganjar Kurnia, Unpad menjadi lembaga pertama di Indonesia yang memperingati Hari Bahasa Ibu Internasional, yaitu kegiatan yang dipromosikan oleh Unesco.

Untuk kategori karya sastra Sunda, panitia memilih "Lagu Padungdung", kumpulan sajak Deni A Fajar, sebagai pemenang.

Untuk sastra Bali 2013, penghargaan serupa diberikan kepada "Sentana", roman pendek karya I Made Sugianto, terbitan Pustaka Ekspresi. I Made Sugianto pernah mendapat Hadiah Sastra "Rancage" sastra Bali untuk jasa tahun 2012. Sedangkan Hadiah Sastra "Rancage" sastra Bali untuk jasa tahun 2013 diberikan kepada I Nyoman Suprapta.

I Nyoman Suprapta pernah bekerja sebagai guru agama (1981-1997), dan kini memusatkan perhatian pada penulisan karya puisi tradisional Bali jenis geguritan. Sejak 2000 Suprapta sudah menulis 100 judul geguritan, 80 di antaranya sudah diterbitkan sebagai buku.

Panitia juga memberikan Hadiah "Samanhudi" 2013 untuk "Dongeng Aki Guru" karya Elin Samsuri terbitan Kiblat Buku Utama, Bandung. Penghargaan ini diberikan kepada bacaan anak-anak dalam bahasa Sunda.

Upacara penyerahan Hadiah Sastera "Rancage" dan Hadiah "Samsudi" 2013 akan dilaksanakan atas kerjasama Yayasan Kebudayaan "Rancage" dengan Universitas Padjadjaran di Kampus Unpad, di Jalan Dipatiukur, Bandung, Mei.

Setiap yang memperoleh penghargaan akan mendapat hadiah Rp5 juta. Penghargaan "Rancage" sudah berjalan selama 25 tahun tanpa jeda.

 sastra-bojonegoro.blogspot.com

Penerima Hadiah Sastra Rancage 2013

sastra-bojonegoro

TEMPO.CO, Bandung - Yayasan Kebudayaan Rancage kembali menganugerahkan Hadiah Sastra 2013 bagi para sastrawan yang menulis buku dengan bahasa daerah.

Untuk karya dalam bahasa Sunda, buku kumpulan sajak berjudul Lagu Padungdung ditetapkan sebagai karya terbaik, begitu pula buku sastra Jawa yang berisi kumpulan cerita pendek berjudul Pratisara. Adapun untuk sastra Bali dipilih buku roman pendek berjudul Sentana.

Menurut Ketua Dewan Pembina Rancage Ajip Rosidi dalam siaran persnya, pemenang penghargaan dipilih dari 38 buku sastra Sunda yang terbit pada 2012. Setelah disaring menjadi 5lima buku unggulan, buku Lagu Padungdung yang berisi kumpulan sajak Deni A. Fajar dinobatkan sebagai karya terbaik.

Bentuk dan bahasanya dinilai sangat sederhana dengan tema kematian dan kritik sosial dibalut humor. Adapun anugerah jasa sastra Sunda diberikan Rancage kepada budayawan sekaligus Rektor Universitas Padjadjaran, Ganjar Kurnia.

Untuk sastra Jawa, kata Ajip, pada 2012 terbit 29 judul buku. Rancage memilih kumpulan 29 cerita pendek pada buku Pratisara karya Krishna Mihardja sebagai karya terbaik. Tokoh ceritanya memakai orang-orang desa yang menyampaikan kritik tidak langsung seputar kekuasaan dan masalah perempuan. Rancage juga memberikan anugerah jasa sastra Jawa untuk J.F.X. Hoery.

Sastra Bali juga masih menggeliat dengan sembilan buku terbitan tahun lalu. Dua di antaranya karya Nyoman Manda. Menurut Ajip, Manda meminta panitia untuk tidak menilai bukunya karena sudah tiga kali meraih karya terbaik dari Rancage pada 1998, 2003, dan 2008.

"Beliau memberikan kesempatan kepada yang muda-muda," ujar Ajip. Hadiah lalu diberikan I Made Sugianto atas karya roman pendeknya yang berjudul Sentana. Adapun anugerah jasa sastra Bali dinobatkan untuk I Nyoman Suprapta.

Selain itu, Rancage memberikan Hadiah Samsudi bagi para pengarang buku anak berbahasa Sunda. Kali ini penghargaan diberikan kepada Elin Samsuri lewat bukunya, Dongeng Aki Guru. Hadiah Rancage itu akan diberikan kepada para pengarang terbaik itu di Bandung. Waktunya akan ditetapkan kemudian.

Anwar Siswadi

Senin, 01 April 2013

Lomba Penulisan Cerita Rakyat Bojonegoro


                                                           
LOMBA PENULISAN CERITA RAKYAT BOJONEGORO

      Cerita rakyat merupakan kekayaan budaya bangsa Indonesia yang perlu dilestarikan dan
      dikembangkan. Selama ini kekayaan itu terus terpendam dalam komunitas yang terbatas, misalnya
      dalam ingatan orang tua atau pencerita di kalangan mereka sendiri.

      Salah satu usaha untuk melestarikan dan mengembangkan khazanah budaya bangsa itu dilakukan
      dengan cara menggali dan memopulerkan kembali cerita rakyat. Sehubungan dengan hal itu, Sanggar
      Sastra (PSJB) Pamarsudi Sastra Jawi Bojonegoro  menyelenggarakan Lomba Penulisan Cerita Rakyat
      Bojonegoro.  Kegiatan lomba ini diharapkan akan membangkitkan gairah dan kecintaan  masyarakat
     terhadap cerita rakyat serta mengetahui nilai-nilai yang terkandung di dalamnya. Nilai ini diharapkan dapat
      menangkal efek negatif dari era globalisasi



          Persyaratan :

1. Lomba untuk umum.

2. Mengunakan bahasa Indonesia yang baik dan benar.

3. Cerita yang ditulis berupa legenda/dongeng yang benar-benar ada di  

    masyarakat Bojonegoro, (seperti Anglingdarma, Tinggang, 

 Joko Sangsang dll.) bukan karangan.

4. Panjang tulisan minimal 6 halaman kwarto, spasi 1,5, huruf Times New Roman font 12

 
5. Naskah dikirim dalam bentuk print out dan CD atau via email

6. Semua naskah yang masuk menjadi milik panitia

7. Keputusan juri mutlak dan tidak bisa diganggu gugat

8. Naskah Lomba dikirim sejak tanggal diumumkan dan ditutup tanggal 30 April

     2013 dan diumumkan bulan Juni 2013.

   (Waktu dan tempat penyerahan hadiah menyusul lewat undangan)



           Hadiah:

1. Pemenang I      :  Dana Pembinaan Rp.1.500.000, dan

                               Trofi Bupati, dan piagam

2. Pemenang II     :  Dana Pembinaan Rp.1.250.000, dan

                               Trofi Kepala Dinas Pariwisata  Bojonegoro, dan piagam.

3. Pemenang III    :  Dana Pembinaan Rp.1.000.000, dan

                               Trofi PSJB, dan piagam.

4. Nominasi terpilih 10 ceritera  :   Dana Pembinaan  dan  piagam.


           Naskah dikirim ke :

1.      Pamarsudi Sastra Jawi Bojonegoro

Jl. Diponegoro 59 B Padangan, Bojonegoro, 621620

2.      Suwarno, S.Pd, M. Pd.

Perumahan Gajah Indah Blok Q Gang 7 No.18-19

Baureno, Bojonegoro 61292

3.      Kantor Dinas Pariwisata Bojonegoro

Jl. Teuku Umar Bojonegoro

4.      Radio Istana FM

Jl. Monginsidi Bojonegoro

5.      Via email: lombaceritarakyatbojonegoro@yahoo.com

                 lombaceritarakyatbojonegoro@gmail.com