Jumat, 15 Oktober 2010

CERKAK: Djajus Pete (3)

     # Petruk   # Dhor !   # Dasamuka

http://sastra-bojonegoro.blogspot.com/
Djajus Pete
____________________________

Add   

Cerkak : Djajus Pete

  P e t r u k

             KEJABA  dhalang, Ki Darman uga baud natah wayang kulit. Saka baude, akeh budhayawan lan para pinter kang gawok ngungun ndulu endah edining kreasi tatah sunggingane. Temahan  padha sapanemu nyebut yen Ki Darman iku hiya empune wayang purwa ing jaman anyar kiye. Garapane alus, tatahane ngremit-ngrawit. Kejaba kreatif nyanggit cakrik-cakrik wayang purwa, cakrik wayang yasane Ki Darman katon ekspresif. Mung wae sing bisa weruh lan ngerti bobot karyane Ki Darman ya mung golongane para winasis kang wis awas pandulu lan panggraitane.

             Ki Darman,  hiya Ki Darman Gunacarita. Lagi ketungkul gawe ngengkrengan  wayang Petruk ing jrambah cedhak lawang. Saka wis banget apale  marang sawernane 
wanda wayang, yen gegaweyan langsung diawang nganggo potlot minangka ancar-ancer.

            Petruk iku pesenane Har Purnomosidhi, sawenehing dhosen kang dhemen marang kagunan wayang. Wektu Har mara pesen seminggu kepungkur, Ki Darman kober pitakon.

           "Butuh kok Petruk ki arep diagem apa ta, Dhimas?"  
    
           "Apa saiki wis ora ana wong butuh Petruk?"

          "Yen kabeh dhalang ya mesthi butuhe, kanggo jejangkep ngesing lelakon. Mung gumunku, selawase ora nate ana wong butuh Petruk kejaba mung lagi, Dhimas. Apa arep diagem souvenir?"

          "Arep takpasang ing perpustakaan kampus."

          "Ah, apa ya apik?  Wong mung Petruk  wae. Petruk iku rak mung punakawan. Gur batur, gur kawula alit," tembunge Ki Darman tanpa niyat tutur nerangake.

          Ki Darman ngerti yen Har Purnomosidhi wis ora perlu didunungake marang siji-sijine wayang. Kekarone malah wis kepara asring bawarasa ngonceki wayang kang kebak bundhelan. Wayang sambunge karo jagad kang gumelar, wayang kang kebak simboling urip lan panguripan.


         Ki Darman, hiya Ki Darman Gunacarita.
         Jeneng Gunacarita mawa pangajab, pakaryane crita sawarna dhalang, diajab ana guna paedahe tumrap bebrayan. Mula pedhalangane Ki Darman anteng anteb nengenake bobot isining crita. Ora mung mamerake ing ulah sabet kebak tehnik jotos waton rame.

        Rampung gawe ngengrengan Petruk, Ki Darman menyat, nuruti pangatake sisihane kang jelih-jelih ngakon mangan. Wis kepatuh wiwit biyen, janji wis njenggruk gegaweyan, anane mung sengsem ngematake garapane. Sauger wis ketunggon kopi kothok lan rokok klobot karemane, mangane sok keri-keri. Bareng kecandhak lara mah, sisihane dadi juweh, ngelingake welinge dhokter supaya ajeg mangan ing wayahe.

         Nengah-nengahi mangan iku, keprungu swarane asu gumerah ing plataran. Pating jregug, pating kraing, pating grudug keprungu uber-uberan ngubengi omah. Banjur ana bocah cilik gita-gita mlebu omahe, ngandhakake yen lulange digondhol asu. Ki Darman meh keseleg enggone ngulu sega.

        "Kirike lik,Sun, mBah, sing nggondhol  metu. Aku maeng ruh. Terus dioyak asu-asu," semambunge bocah iku ora kober dirungu Ki Darman awit wonge wis mencolot metu ninggal segane kang lagi kalong separo piring.

        Ki Darman misuh-misuh weruh lulange kewer-kewer ing congore asu. Gupuh golek antem, golek penthung. Asu uber-uberan saya adoh. Ki Darman kontrang-kantring nututi, dietutake bocah-bocah cilik.

       Swara gumerahe asu kang worsuh karo swarane bocah njalari tangga reparo padha mbrubul  metu. Nanging ora ana  wong sing gelem rerewang Ki Darman ngoyak barang darbeke. Saperangan wong malah bali mlebu omah karo grenengan cuwa, nganggep tiwas kaget metu, mung weruh kedadeyan sepele.

       Saperangan wong kang isih nganjir nggrombol  ing njaba, ana kang mesem mlengeh nyawang polah kethanthilane Ki Darman. Apamaneh bareng Ki Darman mundur-mundur meh disander  asu, ana sing kebacut ngguyu ngeklek.

       Sisihane Ki Darman kang melang-melang, nututi sing lanang, menggak, nguwatirake keslametane. 

       "Ki!  Aja nyedhak,Ki! Sawangen wae, doyan tenan apa ora. Dha kaliren antarane."

       "Watege asu iku nistha. Wareg lan kaliren ora ana bedane. Arepa wis wareg diweleg sega daging, imbuh roti lan ngombe susu pisan, ya isih saba pawuhan, doyan panganan rusuh. Kaya ngono kuwi apa irunge mung ambon-ambonen  daging wae? Mangka Petruk iku wis ora ana daginge. Kari lulang garing kok dimangsa."

        "Lha hiya...,ben. Sawangen wae, doyan tenan apa ora. Ngko nek mendelik kloloten, lara gorokane, rak ya dieculake."

        "Ckk, rak ya sedheng rusak," wangsulane Ki Darman karo isih nyawati.

        "Takplinthenge, mBah!  Takplinthenge, mBah!"

        "Ya,Le. Sing gedhe watune. Ben moncrot. Ngko nek mati, lulange takgawene wayang Dasamuka."

        "Sampeyan ki kok werna-werna. Wong yen nduwe pikiran kok aneh-aneh," grenenge sisihane kang banjur ngajak sing lanang, diajak mulih, nanging Ki Darman isih njenger nyawangi nasibe lulange kang dieneng-eneng asu papat. Kirike mung nyawang pengin.

         Asu putih, asu ireng, asu coklat, lan asu blontheng,  padha  nyokot karo nggeret nyendhal ngetog karosan. Sateruse kena dikakahi dening asu gedhe kang menang kerahe. Kewer-kewer digawa ngadoh, nanging asu liyane padha terus nguber. Hug! hug! Hug! Hug! Hug! Kiriki nututi, kaik, kaik,kaik, kaik!

         Watege swara asu, gampang narik kawigatene asu-asu liya. Asu-asu saka papan adoh padha mara gemrudug. Kempyung melu rayahan, cathek-cathekan kaya wedi yen ora keduman. Pating jregug!  Pating kraing !  Pating gereng!  Pating baung! Matane jlalatan pating cliring. Ambegane ngosos pating  krenggos. Ilate abang pating klewer.

         Ki Darman mengkorog singunen weruh cacahe asu tanpa wilangan. Nanging asu-asu iku banjur ambyar. Ki Darman angkluh njupuk lulange kang setengah ajur. Suwek-suwek mubeng, bedhah, bolong-bolong pingget kebak tatu.

        Petruk ketaton.

        Gegere Petruk lakrak. Pundhak, githok, lan sirah sisih mburi uga ajur dikemah asu-asu kang murang tata. Asu-asu wengis, asu-asu degsiya kang mung mikirake kabutuhane wetenge.

        "Pucuke irung ya suwek, mBah." cluluke bocah ngrubung.
        "Anu, ditambal, didondomi," semaute bocah paling cilik.

        "Uuuuu...,ya elek, Le. Ning kepiye maneh wong irunge lara. Wong kecelakaan kae yen kulite suwek rak ya dijahit pak Dhokter," wangsulan nglegani  atine bocah.

        Atine dhewe kelara-lara nyipati Petruke. Senajan Petruk iku isih wujud lakaran potlot, nanging kewuhan bisane  ngingsret menyang papan kang wutuh. Puteg nalare, diingar-inger meksa ora bisa mapan. Papan sakupenge Petruk wis rupak, wis rusak. Petruk kecepit, kelangan papan kanggo urip.

        Har Purnomosidhi kang niyat mrono ndeleng Petruk pesenane, diduduhi lulang ajur iku sarta dicritani larah-larahe. Har ditawani Petruk lawas saka njero kothak. Petruke Ki Darman akeh, nanging wis padha amoh  lencu buceg saka lawase kanggo  ing pakeliran.

        "Yen ora kersa, aku takgolek lulang anyar. Ya kudu sabar."

        "Wis, iki wae, Mas. Butuhku takanggo bahan mata kuliyah budhaya dhasar," wangsulane Har milih siji, nanging Ki Darman emoh dilironi dhuwit.

        Ki Darman, hiya Ki Darman Gunacarita.
        Senenge marang lulang, ora beda kaya seneng tukang kayu marang kayu. Senajan kayu mung setugel, yen sekirane isih kena kanggo dandanan, ana rasa eman arep ngobong. Mula dening Ki Darman, lulang rusak iku isih disimpen awit isih kena digawe  wayang siji sing ukurane luwih cilik. Gareng, Bilung utawa wayang putren. Digaweya piranti gegamane wayang hiya bisa dadi akeh, tumbak, pedhang, bindhi, panah lan sapanunggalane. Kepepete yen butuh tangan wayang, lulang iku kena digunakake.



        NGANTI pirang-pirang sasi lulang rusak iku isih diumbar cemanthel kebak bledug. Ki Darman malah wis ora ngeling-eling. Mung wae nalika muli ndhalang, Ki Darman kedadak kelingan marang lulang iku.

        Mulih ndhalang numpak bis bareng karo kanca pengrawit. Ki Darman kang nyawang-nyawang menjaba, weruh kekayon mati garing ing tengah sawah. Ki Darman nggagas-nggagas, geneya kekayon iku mati  ing sawah loh kang banyune mili gemlidhig. Apa oyote akeh kang kepacul, apa mati ngarang, utawa mati lodong disamber gludhug. Godhonge wis brindhil, pang-pange uga wis akeh kang sempal. Anane mung kari wit ngracung, dhuwur mlengkung, katon ireng saka kadohan.

       Wis ireng bungkuk iku banget ngosikake atine. Cumithak keket ing telenging cipta rasane.Gagasane Ki Darman saya ngambra-ambra lan jero, adreng enggone kepengin rumeksa Petruk.

       Sabenere, isih ana perangane lulang kang wutuh ing sangarepe ngengkrengan Petruk iku. Nanging merga anane mung wates weteng tekan sapendhuwur, ora cukup yen kanggo ngajokake awake Petruk sawutuhe. Nanging yen gegere Petruk dibungkukake mlengkung kaya wangune wit ireng bungkuk ing tengah sawah, kena.

        Kanthi dibungkukake mengkono, tatu suwek ing gegere, ing pundhak, githok, lan sirah sisih mburi, bisa disingkiri. Pernahe sirah kang maju mlengkung, uga ateges ngendhani tatu ing pucuk irung.

       Petruk bungkuk klakon ditatah lan dipulas njlengut. Klakon dadi perangane wayang kang murwat urip ing jagading pakeliran. Wayang hiya weyangane  sagung tumitah, titahing Hyang Sukma Kawekas kang urip nepusi alang ujuring dalan lelakone. Mula yen durung tinakdir mati, Petruk kang kecepit ing karusakan iku isih bisa ketulungan  lumantar Ki Darman.

        Gapit lan cempurite apik, saka penyu warna kuning gadhing. Mung wae saben sisihane weruh Petruk iku, sisihane sok banjur maido. Uga nalika Ki Darman nuduhake Petruk iku marang Har Purnomosidhi, sisihane Ki Darman sing suguh wedang, grenengan maneh.

        "Petruk kok wandane kaya ngono. Ora umum."

        "Petruk dikerah ngasu kok. Kena racun rabies, awake rusak salah kedaden dadi kaya ngene iki."

        Har Purnomosidhi saya gawok  eram marang  kreatifitase  Ki Darman. Ora uwis-uwis dhosen iku enggone nyawang ngematake Petruk nyleneh kuwi. Kuru bungkuk, ireng, sirahe nlolor nyengangik. Praupane dipulas putih klawu, nuwuhake kesan  pucet ing panyawange Har Purnomosidhi.

        Sawetara suwe Har legeg. Gagasane kaya keseret adoh nglangut. Tanpa noleh marang Ki Darman, Har kumecap lirih," Petruk iki nuwuihake gagasan kang matumpa-tumpa ,Kangmas."

        "Saka tresnaku, benere atiku nangis nyipati Petruk  dadi kaya ngono, Dhimas."

        "Ya, aku bisa ngrasakake. Kangmas trenyuh jalaran iki dudu pangothak-athik. Kangmas ora njarag yasa sing aneh-aneh. Aku dhewe wong ya  melu meruhi, panjenengan tuduhi rusak ajure lulang kae."

        "Mula, saka akehe tatu kang ngrubung, kangelan bisaku mapanane menyang papan kang resik lan wutuh. Pirsanana, iku rak katon isih ana tatune."

        Har Purnomosidhi  nyawangi tatu-tatu kang isih bisa dititik. Ana tatu bolong rong enggon ing pilingane Petruk. Ing dhadhane uga ana tatu pingget sing nedhas.*


       (Kepacak ing Jaya Baya, No.4, tanggal 23 September 1990).
       Crita ksb  (lan crita liyane)  nate diwaca pengarange ing Taman Ismail  Marzuki, Jakarta, 24 Juni  1999, acara Pentas Sastra Daerah.
                                                                                                                caption

Add

Cerkak : Djajus Pete

  D h o r ! 

             KANG ngetik ing kamar iku sawijining pengarang. Lagi ngarang crita cekak ngenani pencurian kayu jati ing alas Perhutani. Grambyangane pikire, dawane naskah crita sing lagi digarap iku bakal rampung antarane nem tekan  wolung lembar. Wektu iku, tekan jam wolu bengi iku, enggone ngarang lagi oleh telung lembar.
            Telung lembar asil ketikane banjur disemak. Disemak wiwit saka judhule karo dibenerake yen ana salah  ketik. Judhulre : DHOR !


                                                      D H O R !
                                          Dening   :    Pangripta

            Tengah wengi ing alas jati.
            Kasbi  lan  Setu lagi  patroli.
            Abot sanggane ngreksa alas. Apamaneh alas wewengkone kinepung dening desa, akeh gangguane. Wong-wong mlebu alas mburu butuhe dhewe.  Alas jati enom kang larangan kanggo pangonan, diculi rajakaya sarana nglimpe-nglimpe. Kebo sapi nasak-nasak, neraki lan ngosoti jati-jati enom kang uwite isih melur.  Mengkono wit-wit jati enom dadi rusak dhoyong.  Wit kang cilike rusak dhoyong, gedhene  uga dadi wit kang dhoyong. Ora bisa lurus lempeng dadi tegakan kang becik kaya kekudangane Perhutani.

            Saliyane dilimpe  kanggo  pangonan, jati-jati enom umur sepuluh taun kang gedhene uwite kurang saka salengen, uga ora mesthi kalis saka cendhalane tangan ngglithis, dicolong kanggo kayu bong. Selagine maling-maling kayu, ora mari-mari enggone nggrumut negor jati,  diedol dadi kayu peteng.

            "Jaga alas, ewuh enggone nyangkani. Nek disabari,   alase mawut, dikrampyang pimpinan. Kereng-kereng, digethingi masyarakat,"  grenenge  mandhor Setu sing pegaweyane nguripake lan ngreksa tanduran jati ing lahan reboisasi. Mula sebute Setu aran mandhor tanem senajan jabatane Setu ing SK-ne katulis : polhuter (polisi hutan teritorial). "Penak sing neng kantor, jam kantore mesthi, panggonane iyup, sing dicandhak mung dluwang. Ora ngadhepi wong akeh sing watege modhel-modhel. Angon digurak, batine wis mringkil.  Dhendham, ngobong alas, mbabati janggleng. Durung nek ngadhepi maling kayu sing watege mogol. Nek konangan, kebentel ra isa mlayu, wani mogok, mbacok petugas."

             "Yen diogoki, mongsok Mantri lan polhute sing arep mlayu, Tu."

             "Ah, nggih mboten patut. Teneh diguyu cah angon."

             "Lha hiya."

             "Ajenga kadospundi nggih diadhepi. Pripun sagede kecepeng, petugase slamet."

             "Pancen kudu ngono. Jenenge tanggung jawab. Ora mung seneng Jaspro-ne thok pendhak arep Riyaya," tembunge Kasbi, mantri alas.

             Alas jati tengah wengi. 

             Peteng lan sepi.

             Sepi nyenyete alas kaisen dening swarane urip-uripan. Gangsir ngenthir, jangkrik ngerik, worsuh karo swarane orong-orong lan gegremetan liyane. Swara orok-oroke kodhok bangkak, kempyung karo pangerike walang kecek ora meneng-meneng ing godhong jati. Kala-kala kaseling swara blag-blug, swarane kukukbeluk lan swara krak-krek ing kekayon.  Swara krak-krek iku swarane manuk saba bengi kang duwe swara kaya swarane wong nyuwek mori buntel mayit.

             Kasbi kang cekel pistul Colt 38 nyenteri pernahe swara manuk krek ing epange wit klampis kang mangklung ndhuwur pernahe lungguh. Manuke ora katon. Sing katon ora kejarag, kalane Kasbi nyenteri sepedha motore, katon ula ijo ing ngisor sepedha motor. Nanging merga Kasbi lan Setu sirikan mateni ula,  ula ijo iku digusah supaya sumingkir.

            "Hes, hes...,ayo, hes...,nyingkrih kana.  Kon nyingkrih kok alot," grenenge Setu karo isih nyuthik-nyuthik ula ijo kang munggah menyang dalan makadham  papane Kasbi lan Setu lungguhan. "Tujunipun pas njenengan senter-senter. Umpami mboten..."

             "Ya embuh. Ula mandi. Yen kepidak mesthine ya nyawel. Beda karo watege ula tali picis utawa ula jangan. Lagi krungu kreseg ngono wae wis mlayu nggeblas, adoh parane. Umpama bisa omong, kira-kira unine, eee...,ya wani mlayu aku, butuh slamet. Takcawela ya ora nggandra, wong aku ora nduwe upas mandi. Tiwas aku sing digepuk. Beda karo watege ula mandi, malah kendel ngaglah ngono kuwi. Kaya ora wedi uwong.  Kokcuthik-cuthik nyatane ya angel nyingkrih ngono kok."

              "Nggih, kados angkuh, rumangsa duwe upas ampuh.  Mangsa waniya wong sembrana nyang aku. Apa ngono kira-kira, batine," Setu ngegongi karo mapan ing boncengan awit Kasbi  atasane wis nyetater sepedha motor, nerusake patroli.

              Patroli mengetan sawetara dohe. Kasbi nggragap weruh sorote lampu mobil saka kadohan.  Kasbi mandheg, nyegat mobil iku kanthi ati sujana jalaran ora tau ana mobil bengi-bengi ngambah dalan Perhutani njero alas. Anaa trug liwat mung truge Perhutani ing wayah awan menawa ana tebangan.  Kayu asil tebangan diangkut menyang TPK, gudhang kayu papane  Perhutani  ndhasarake  kayu dagangane.  Mobil iku, sawise cedhak, lagi cetha yen dudu mobil cilik bangsane Colt tepak utawa Colt pickup, nanging trug ban engkel. Mesine kemrangsang ngeden-ngeden kaya kabotan muatan ngambah dalan ala.  Dalam makadham ancur,  watune pating blesat,  morat-marit.

             Trug gelem diendheg. Bak trug disenteri. Muat kayu jati pesagen. Nomere trug disenteri. Banjur nlesih, iku kayune sapa, kayu saka endi, arep digawa menyang endi lan apa ana surat-surate? Ora ana swara wangsulan kejaba unine manuk krek sing saya  ngganter. Kasbi sing isih ana  ing mburi trug anyel atine. Sauntara suwene uga durung ana wong mudhun saka trug. Mengkono njalari Kasbi saya panas,  rumangsa  disepelekake.

            "Iki kayune sapa?!  Aku butuh ngerti surat-surate!"

            "Kayuku."

            "Lho..., sinten?  Kok ngoko?" grenenge Setu lirih.

            "Ckk, mbuh."

            "Kok ngoko? Ngko ndang kanca, wis kenal."

            "Semene iki ora ukur. Padha karo ngrampog. Iki punjul rong-kibig."

            Regemenge wong mudhun saka sirahe trug, banjur disenteri. Senter isi battery  lima, padhang kencar-kencar. Dudu tepungane. Weruh wae Kasbi durung nate. Gedhe dhuwur. Raine bethem. Rampute potong pendhek. Duwe brengos. Lengene kang pengkuh kanggonan wulu ketel  dawa-dawa. Sing isih dipanjer senter misuh kasar kaya emoh dibloloki, kaya emoh kaweruhan rupane.  Nesu, misuh maneh kaya arep wani njalari Kasbi mundur prayitna. Eling wayah lan papane adoh  lor - kidul,  supaya wong iku ora kebacut bangga, Kasbi terus ngunekake tembakan peringatan  :  dhor !

           "Tu!  Ati-Ati!"

           Dhor!  Dhor!

           Kasbi ambruk kena pelor.

           Setu kang njumbul gage mencolot mlebu alas. Ditututi swara tembakan  :  dhor!  dhor!  Setu krungu siyute pluru nruntun nrabas gegodhongan sandhinge mlayu. Mlayu nasak-nasak, ora weruh grumbul, diterak-terak. Entek atine, lagi sepisan iku ngalami dieles pluru.  Lagi dheweke ngglethak satibane sawuse rumangsa aman, adoh playune.

          "Hadhuh, hadhuh, huh, huh, huh,huh...,kaya arep, pedhot ambeganku. Kuwi maeng bangsane apa. Kok ya nde cekelan kaya ngono. Dhore malah luwih banter. Huh huh huh huh huh...Dadi apa aku nek ra ndang mlayu plecet. Pluru mak-ciyut, ciyut, cedhak kupingku.  Halhah-halhah,   meh ae..."

          Setu ngglethak athang-athang. Weruh lintang surem siji-loro ing selane mendhung gegolongan, nanging pikire kelingan Kasbi. Batine kepengin weruh nandhang kepiye, kepengin tetulung sabisane. Nanging merga durung dirungu gerenge trug nerusake laku, Setu dadi ora wani mingket saka papan kono.  Raine kang perih kekrendhet eri digroyang-grayangi.

             Mengkono naskah crita-cekake Pangripto kang wis dadi ketikan telung lembar. Kertas  kosong, lembar kapapat, dilebokake menyang rolling mesin tulius. Bali ngetik, nutugake laku enggak-enggoke crita. sastra-bojonegoro.blogspot.com

            Ing alas.

            Kasbi kebacut tiwas.

            Perhutani geger. Esuk repet-repet, Administratur Perhutani, Ajun, Asper, Mantri-Mantri alas, sawetara polsus, sawetara polhut lan wong-wong Perhutani wis gumerap ing TKP. Mandhor Setu dadi paran pitakonan. Administratur Perhutani, pejabat paling dhuwur ing wilayah KPH Perhutani, miterang, apa Setu weruh cirine wong sing nembak iku?

           "Wekdal pak Kasbi nyenteri tiyang menika, panggenan kula ngadeg, kaling-kalingan bak treg. Kula namung mireng  anggenipun misuh-misuh. Nomeripun treg kulacathet."

           "O...,ngono?"

          "Tregipun cet kuning wetah. Nomeripun kulacathet wonten bungkus rokok awit kula mboten ngesaki kertas. Anggen kulanyerat  dipunterangi  senter pak Kasbi. Selajengipun nembe kepireng swantenipoun tiyang mandhap saking treg.  Dipunsenteri, lajeng kedadosan sulaya menika.  Kedadosanipun cepet sanget mergi kalih-kalihipun mpun sami nesu."
            "Nomere treg pira?"
           
          Durung nganti Pangripto ngetik wangsulane Setu sing arep ngandhakake nomere trug, Pangripto kaget ana pistul ditodhongake pilingane. Pangripto njeketet. Bathuk, pilingan lan gulune sakala  kemringet. Jantunge nitir nganti ora wani ngobahake sirahe. Nanging mripate bisa nglirik-nglirik lan weruh yen pistul iku ditodhongake dening tangan kang kanggonan wulu ketel dawa-dawa.Todhongan pistul ilang bareng karo glibete wong metu saka kamare. Pangripto unjal ambegan lega, banjur metu saka kamar. Takon marang sisihane, sapa wong sing mentas metu saka kamare?
          "Elho...,kok lucu ta?" wangsulane sisihane mlenggong. Sisihan lan anak-anake lungguh kupeng ing kursi ngarep kamar papane Pangripto ngetik karangane. Sisihane maca majalah. Anak-anake lagi sinau. " Umpama tenan ana wong metu saka kamar kono, aku lan cah-cah iki rak ya weruh, wong ora ngalih-ngalih saka kene."
          "O..., ya uwis." Pangripto ngulapi kringet ing gulune."Katone kaya cetha, ngglibet metu cepet banget."
          Sisihane wis  ora ngreken, bali ketarik maca majalah. Sisihane wis apal marang slagane sing lanang yen wis ngadhep mesin tulis. Konsentrasi total, ora weruh kiwa tengen lan sok ora nyaut yen diajak caturan. Mula sisihane banjur nganggep ora aneh yen sing lanang salah deleng rumangsa kaya weruh  glibete wong metu saka kamare.
          Pandumuk mengkono iku beda karo pikire sing nglakoni. Tengan wulu ketel kang nodhong pilingane, persis kaya tangane wong kang nembak mantri Kasbi. Apa karepe?  Moh kasuse diungkap?  Pangripto thenger-thenger mikirake. Lembar kapapat ing roll  mesin tulis sing wis isi ketikan separo, disawangi suwe. Ana rasa gojag-gajeg enggone arep nerusake,  wedi yen todhongan pistul mara maneh.
          Mesin tulis ditinggal kluyur-kluyur ing njaba. Banjur nyimak-nyimik ngambah lurung jemek ngarep omah, menyang warung  kulon dalan kang iosih bukak, butuh rokok. Sawise pikirane lerem, dienggo ngobrol  sedhela karo wong-wong ing warung, naskah crita cekake sing lagi dadi separo bali nggodha atine. Wis dicepaki prangko lan amplop awit pangajabe ing sakawit, crita iku bakal dirampungake bengi iku. Sesuk esuk dikirimake menyang majalah sing dituju. Mula banjur diterusake enggone ngetik.
         
         Mandhor Setu kang ditakoni pira nomere trug,  wangsulan yen rokoke kecer ing alas mau bengi nalika dienggo mlayu nubras-nubras.""Kula dereng saged madosi. Kejawi wekdalipun taksih peteng, kula mboten saged nilar jisimipun pak Kasbi. watawis jam sekawan nembe wonten tiyang langkung mriki. Lare-lare enem mbeta  sepedha motor, bakda ningali sindir. Lajeng kula suwuni tulung supados ngaturi pak Asper," semambunge Setu kang raine njlaret abang krendhet  eri nalika nerak grumbul mau bengi.

          "Saiki wis padhang. Titiken rokokmu karo polsus lan polhut-polhut kuwi."

          "Nggih. Kula piyambak nggih kuwatos menawi ical dipun panggih tiyang.   Menawi kantun bungkus thok ngaten, mboten dipunsaki tiyang".

          "Alas jajahanmu, wewengkonmu, kowe mesthine ora bingung.  Eling menyang endi arah playumu mau bengi. Nanging aja nganti krungu wong njaba, apa sing lagi digoleki. Akeh wong. Bisa wae ana wong sing mau bengi melu ngunggahake kayu iku, banjur seneng yen bisa mbuwang rokokmu."

          Rokok Jarum 76 sing jare Setu isih ana isine rokok nem ler, dadi golekan ngrusuk-ngrusuk, Karo nggoleki pating clileng, kanca polsus lan polhut sing cedhak Setu, seneng takon kedadeyan mau bengi. Setu nganggo ngandhakake rembuge mantri Kasbi sing nggepok watege ula. Watege ula mandi, wani ngaglah ora wedi wong. Yen kepidak, nyawel.

         "Bareng pak Kasbi kaya ngono, aku dadi mikir, ngrasak-ngrasakake. Apa sing ngaglah nggawa kayu satreg iku bangsane wong mandi?  Emoh kepidak petugas, banjur nyawel?"

         "Ya. Akeh wae wong sing arep mati ndadak, duwe gunem werna-werna ing sadurunge."

         "Aku kelingan wae marang ula ijo mau bengi. Ing ngisor sepedha motor, mung karotengah meter dohe saka papane lungguh pak Kasbi. Takcuthik-cuthik ora gelem nyingkrih. Apa ula ijo ngalamat rupane bebaya sing bakal nekani? Pak Kasbi ya omong tekan ula talipicis lan ula jangan."

         "Piye?"

         "Takgagas-gagas kok ya pas.  Maling-maling kayu golonge wong cilik sing negor dholog sauwit-rong uwit iku, sanepane rak ya padha karo ula talipicis utawa ula jangan sing ora nduwe upas mandi. Krungu kresege polhut liwat ya terus mlayu adoh. Yen ula mandi  ya ora mlayu krungu kresege sikil. Yen ora kebeneran lakune sikil, ya kecawel," wangsulane Setu karo isi terus nyawangi ngisor, nyawangi kiwa-tengen lan nyawangi papan sawatara dohe. Mripate Setu mlolo amba bareng weruh rokoke ora adoh saka papane ngglethak mau bengi. Setu gage mlayoni.
         
          Nanging durung nganti Pangripto ngetik senenge Setu weruh cathetan nomer trug ing rokok iku, todhongan pistul mara maneh luwih cepet nodhong pilingane. Cepeting tekane kaya lakune wong nesu, ora sabar, banjur : dhor !  Mengkono njalari sirahe Pangripto wiwit ngliyeng. Pandelenge peteng. Samubarang sing disawang kaya mubeng. Kursi sing dilungguhi kaya obah miring-miring. Wekasan : brag!
Pengarang umur 47 taun iku tiba nggeblag sakursine. nJrebabah ora obah, gilang-gilang cedhak kursi njrekangkang. Sisihan lan anak-anake nangis pating njlerit nggondamake tangga teparo. Pangripto didhabyang menyang paturon. Pilingane tatu getihen.
         "Tatu mboten sepintena. Kados ketatap wekdal dhawah," tembunge Mantri Puskesmas sing ditekakake. Pangripto wis eling saka enggone semaput. Tatu ing pilingan ditambal perban." Raosipun kadospundi? Pusing-pusing, mual, menapa kadospundi?"
         "Namung radi mumet," wangsulane cekak. Ora butuh crita saka mulabukane jalaran pengalaman psikis sing mentas dialami bakal angel dipahami dening wong liya. Mula Pangripto trima meneng katimbang dianggep wis ora waras.
         Tekanan dharahe dipriksa. Ketege jantunge dirungokake nganggo stetoskop.
         "Kadospundi?" pitakone sisihane semu kuwatir.
         "Tensinipun normal. Saged ugi namung kesayahen kemawon."
         "Pak Ripto menika, samireng kula, wiwit riyin, kok ngetikkkkkk mawon mben dalu. Kados mboten nate sare," clemonge tanggane paling cedhak, ngemu karep mbenerake tembunge mantri kesehatan.
        "Lehku ndrememel wis ora jamak. Karepku, disuda nggone dhur-dhuran melek. Eling ragane, saiki wis tuwa.  Blas, gunemku ora tau digugu. Lha...,dadi ngono kuwi suwe-suwe. Glenthangan kaya wong kesambet," semaute sisihane kresah-kresuh.
         Pangripto diinjeksi. Ditinggali kapsul lan pil. Sapungkure mantri kesehatan, uga sawise tangga-tanggane entek mulih, sisihane kebacut ngomel.
        "Wong nek wis njenggruk, nek wis mancep neng mesin tulis, kok ora eling apa-apa. Ora eling adus, ora eling mangan, ora eling turu, nganti awake njlebut. Wayahe mangan ra ndang mangan. Nek wetenge mules mung digosak-gosok rhemason."
        Pangripto meneng wae.
        Karo ngangkat mesin tulis , liwat  ngarepe sing lanang, durung entek enggone muna-muni," Wis.  Leren.  Kukut. Ngeman awake. Ora urip dhewe. Anak-anake sing mburi isih cilik. Isih akeh tanggungane. Kathik anak wedok, akeh ragade. Ngarang diatur. Aja umbar-umbaran. Nek ambruk, wong saomah susah kabeh." Mesin tulis dilebokake lemari lan dikunci. Kuncine didhelikake.
        Pangripto ndemak-ndemek perban ing pilingane. Eling enggone nggeblag, eling naskah crita cekake  sing durung rampung. Lagi ing sateruse dheweke ngrenengan," Apamaneh wong wani nyuwara lan wani tumindak nglabuhi bebener ing alam kanyatan. Lagi ing angen-angen wae wis nyumelangi."
       Sisihane ora ngerti sing dikarepake.
       "Wong wis bisa giris, wedi karo pikirane dhewe. Isih ana ing njero pikiran wis ana sing inceng-inceng."
       "Sampeyan ki omong apa?  Aku kok ora mudheng."
       "Kasbi, mantri alas, mati ketembak kena jantunge."
       "Mantri alas ngendi?"
       "Pluru sijine nyrempet natoni baune tengen."
       "Sing nembak sapa?"
       "Lha ya kuwi perkarane."
       "Aku kok ora  krungu. Kapan?  Yen ing alas cedhak-cedhak kene kok ora ana wong crita?"
       "Esuk iki jisime mantri Kasbi isih dirubung wong Perhutani ing tengah alas. Nunggu tekane polisi lan dhokter sing arep ninjo lokasi. Klongsong pluru limang iji ditemokake ing TKP. Sing siji ,klongsong plurune Kasbi kanthi ukuran luwih cilik lan luwih cendhak. Sing papat, klongsong plurune oknum sing nembak  Kasbi kuwi. Klongsong  pluru sewelas mili sing kalibere luwih gedhe lan luwih adoh jangkauan tembake."
        "Kuwi crita tenan apa mung karangan?"
        "Apa bedane crita tenan lan karangan"
        "Kok muni  esuik iki jisime Kasbi isih dirubung wong ing alas. Saiki iki, bengi , ora esuk. Mulane mlipir wae ditakoni, ing ndi, kapan? Mlipir wae ora  ndang diwangsuli. Dirungokake tenan-tenan kok mung karangan."
        "Lha hiya, aku takon, apa ana ta bedane crita tenan lan karangan."
        Sisihane wis sumingkir, butuh nutup kordhen-kordhen cendhela lan nliti kabeh lawang apa wis dikunci rapet. Senajan ing sateruse Pangripto manut dipeksa sisihane supaya ngaso, turu, nanging mripate isih panggah kancilen. []


       Cathetan :
       Ajun            :     pejabat setingkat ing sangisore Administratur  Perhutani
       Asper          :     Asisten Perhutani ; sinder alas
       dholog         :    wit jati enom diameter 19 - 28 sentimeter
       janggleng     :    tanduran jati , uga arane woh jati
       jaspro         :    jasa prodhuksi
       KPH          :    Kesatuan Pemangkuan Hutan
       polsus         :    polisi khusus 
       polhut         :    polisi hutan
       psikis          :    ana sambunge karo jiwa ; pikiran
       sindir          :    tayub ; tledhek ; tandak
       tegakan      :    sebute wit tanaman pokok  ( istilah Perhutani )
       TPK           :    Tempat Penimbunan Kayu

       (  Kepacak ing Panyebar Semangat, No.18, tanggal 6 Mei 1995 )
.
                                                                                                              
caption
Add  

Cerkak : Djajus Pete

 D a s a m u k a

            Anila mati.

            Anggada mati.
            Anoman klenger ketiban bindhi.
            Sugriwa ambruk glangsaran.
            Ramawijaya kendhang saka pabaratan
            ...............................................
            ...............................................
            MENGKONO lakon pakelirane Ki Bilung Sarawito kang gawe muntape penonton jalaran dianggep nyimpang saka kalumrahan. Penonton pating braok misuh-misuh, ngundamana Ki Bilung sauni-unine. Ana sing muni dhalang mendem ora ngerti pakem. Ana sing muni dhalang dhegleng, dhalang gendheng, dhalang edan njaluk disawat klethong kebo.

          "Wis! Wis!"

          "Ngawur! Ngawur!"

          "Kukut, Lung!  Kukut, Lung!"

          "Orat-arit kono gonge! Karuwan olehe kukut! Kemropok aku! nDeleng wayang ora marem malah kudu nothok dhalange!" guneme Dul Sabrang getem-getem.

           Penonton maju nganseg, nyuraki dhalang saka cedhakan. Nanging Ki Bilung kaya wis tahan bantingan, kaya wis kuwat mentale ngadhepi gunem braokan kebak pamisuh lan poyokan.

           Ki Bilung ucap-ucap, nyritakake lelakone Sinta nalika kadhustha dening Dasamuka ing alas Dandaka. Sinta kepranan sumurup kidang kencana akulit emas. KIdang kencana iku panjilmane Kala Marica, abdi kinasihe Dasamuka kang nindakake karti sampeka supaya Ramawijaya pethal saka garwane. Adreng pamintane Sinta marang garwane supaya  nyekel kidang kencana iku kanggo klangenan awit warnaning kulite banget endah.

          Ramawijaya mbujung playune kidang kang sedhela ngilang, sedhela ngaton ing kadohan. Saka akal julige Kala Marica mengkono mau, njalari Ramawijaya saya adoh saka garwane. Dasamuka kang wis sesingidan ana ing grumbul sacedhake Sinta, wekasan bisa ndhustha Sinta.

          "Gampilipun Sinta kepranan dhateng kidang akulit emas, suka pralambang bilih kodrating Sinta punika mboten benten kaliyan wanita sanesipun,  inggih wanita ingkang gampil kepranan dhateng gebyar isen-isening jagad. Mila mboten mokal sesampunipun Sinta  dhawah wonten ing panguwaosipun Dasamuka ingkang abandha-bandhu, saya dangu saya wudhar singseting kembenipun. Malah ing wekdal samangke Sinta sampun anggarbini."

           Krungu antawecana Ki Bilung kaya mengkono, Dul Sabrang mbengok sora," Rusakkk...! Rusak ! Huuuuu...! Sinta kok ngono! Sinta kok geleman! Kuwi Sinta endi...,kuwi!"

           "Dhalang njaluk disawat klethong tenan kok!" Jan Kempul petota-petoto.

           "Lha hiya, apa wong-wong kene iki dianggep ora juntrut crita wayang, kok didoli lakon nggedhabyah kaya ngono!" Min Kombor kresah-kresuh.

           "Sing nde omah kandhani.  Omongi. Dhalang ora waras kok ditanggap. Pilih ngebari mBilung apa njaluk dikrutugi bata omahe!"

           "Sore-sore mau critane ya kaya juntrut. mBuri-mburi kok nggleyor kaya dhalang teler. Aja-aja mBilung kuwi gek doyan ngombe?" grenenge bakul bakso karo nyerbeti mangkok.

           Dul Sabrang, Jan Kempul lan Min Kombor ita-itu nemoni Suro Melik sing duwe gawe sunatan iku. Nanging Suro Melik emoh disalahake.

           "Kleru yen kowe nutuh aku.  Aku dhewe malah ora ngerti  lakon-lakon wayang. Lakone wis takbodhokake dhalange. Terserah, pokoke rame, ngono lehku njaluk sore mau."

           "Ya, ramene lakon mblangkrah. Rame maneh nek omahmu dibandhemi  bata  wong  akeh," semaute Jan Kempul ing mburi kelir panggonane Suro Melik nampa tamu.

           "Ah, ya aja ngono. Ngono kuwi jenenge rak arep ngrusak aku."

           "Mulane, dhalang mBilung kuwi konen leren yen ora bisa ndhalang sing bener," guneme Dul Sabrang.

           "Sik ta, aku takmelu omong. Sing sareh atine, aja padha kemrungsung," wong tuwa aran  Darmo Dipo kumecap nengahi.

           Ing sisihe swara gamelan ngungkung, swarane penonton isih pating brengok. Mbilung...! mBilung...! mBilung...! Sarawito!  mBilung...! mBilung....! mBilung....! Sarawito! Saben jeneng Bilung diucapake kaping telu sarana bebarengan, banjur diselani jeneng Sarawito kang uga diucapake bareng-bareng. Mengkono diucapake marambah-rambah njalari penonton ngguyu ger-geran.

           Suro Melik njawil nom-noman supaya ngladekake wedang telung gelas. Dul Sabrang sakanca gelem dilungguhake. Darmo Dipo nerusake rembuge, "Kowe kabeh iki, semono uga aku,  mung wong nonton. Bedane, olehku nonton ing njero karo jagong. Wong nonton iku, yen seneng marang tontonan sing lagi ditonton, enggone nonton bisa diterusake. Nanging yen ora seneng, tinggalen mulih wae supaya gelamu ilang."

           "Wong mpun kadhung sumerep lakon mblangkrah, dugiya nggriya nggih tetep mangkel, mBah," wangsulane Dul Sabrang nglungani, ora kena dicandhet supaya ngenteni metune wedang.

           Jan Kempul lan Min Kombor nututi Dul Sabrang kang wis lungguh jengkeng ing ngarepe panjak kenong. Pitakoine Dul Sabrang marang panjak kenong, lakon kang dijereng dhalang mengkono iku nganggo dhasar pakem saka ngendi?

           Merga Dul Sabrang sakanca kresah-kresuh terus, panjak kenong kang mapan ana ing sacedhake kothak wayang iku akhire kumecap," Ah, niku sanese  karepe pak dhalang  piyambak kok, Mas. Niku rak merga Dasamukane sing mbrengkele, mboten purun dikawonaken."

           "Ckk, kok modhel. Dhalang kok kawon kalih wayang. Kula taken saestu," pandhesege Dul Sabrang adreng.

           Panjak kenong banjur ngandhakake yen wayang Dasamuka iku digawe saka kulite bromocorah kang mati dikroyok massa ing pinggir kali  Lawas. Saka bangeting kemropoke sing padha ngroyok, kaya durung lega mateni, kulite dibeset pisan. Kulite ditemu wong sing gawene yasa wayang kulit, banjur ditatah dadi Dasamuka kuwi.

          Sing dikandhani kaget pating pendongong, banjur padha nyawangi saparipolahe dhalang. Panjak kenong nindakake pakaryane nabuh. Sasuwuke gendhing, Min Kombor kumecap," Eh, malati napa ngoten, wayang niku."

           "Pripun angsale mastani wong nyatane saged mengaruhi dhalang."

           "Mengaruhi pripun?"

           "Wayahe Dasamuka kawon, pak dhalang kados kesurupan, ngantos lakune crita kwalik-kwalik kados ngoten niku."

           "Wayang  saged  mbentokaken  dhalang ngoten kok taksih diengge ta?  Kok mboten diselehake mawon." grenenge Dul Sabrang.

           "Niki wau sedaya pengrawit nggih kaget. Nanging pak dhalang mpun kebacut mbandhang, mboten kenging dielikaken. mPun mboten karepe piyambak.  Akhire sedaya pengrawit nggih  lajeng mendel,  butuhe terus  nabuhi ngoten mawon."

           "Niku wayang pundi ta?  Napa betane dhalang?":

           "Niku napa sing gadhah. Rasukan lorek niku," wangsulane panjak kenong karo nudingake tabuh kenong menyang arahing klambi lorek kang lungguh ing sacedhake panjak gender.


           Dul sabrang sakancane ribut ngandhakake critane panjak kenong marang penonton. Saka cepete rembug gethok tular, penonton dadi ngerti yen lakon  kang dianggep nyimpang saka kalumrahan iku ora saka lupute dhalang. Swara braokane penonton dadi sirep. Ombyake penonton saya ngangseg bareng wayang  Dasamuka diwetokake maneh. Penonton butuh nyawangi Dasamuka saka cedhakan.

           Dasamuka ngguyu ngakak karo nebah dhadha," Ha ha ha ha !  Ya bandhaku!  Ya donyaku!  Marem atiku, Mannn...!  Lega penggalihe pun Rama, Jitttt...!  Ramawijaya modar!   Anoman bangka!"

          "Senaosa Ramawijaya saha Anoman taksih gesang keplajeng wonten ing wana, nanging sampun pepes, sampun risak kekiyatanipun. Kasembadaning anak  Prabu angrengkuh Sinta minangka tandha yekti bilih mboten wonten sedya ingkang nglengkara kagayuh menggahing anak Prabu," wuwuse patih Prahastha kang kapernah bapa pamane.

          "Nggih, leres, ndika, Man. Sareng Sinta kelampahan dados bojo kula, hmmmm...., jagad iki katone saya padhang gumrining  kebak kanikmataning urip. Rak ya ngono ta, ndhuk, Sinta?"

          "Kasinggihan. Kula namung ndherek sakersa Paduka."

          "Rama Dewaji malah saged nyuwak cariyos  lami  ingkang nyariyosaken bilih negari Alengka rebah risak. Mangka nyatanipun mboten. Tembok Alengka mboten gempal, mboten gempil. Rama Dewaji taksih meger-meger ngembat pusaraning praja, mboten gugur kasambuting jurit  kados ungelipun pustaka saratanipun pujangga Walmiki," panyelane Indrajit.

          "Iku rak dongeng saka mblakraking angen-angene  Walmiki. Mula sengitku marang Walmiki kepati-pati. Walmiki pancen bangsat keparat, banget anggone ngasorake kawibawaningsun.  Umpama menus Walmiki iku isih urip, o...,mesthi taktugel gulune. Mula Jit, rungok-rungokna, tiling-tilingna..."

         "Nggih, kadospundi?"

         "Sapa wae, ora perduli Mantri  Bupati  manggalaning praja, yen ana sing ngurip-urip dongenge Walmiki, patenana!"

         "Nggih."

         "Dhalang-dhalang, yen ana sing nggelar lakon kaya dongenge Walmiki, patenana pisan!"

         "Nggih."

         "Majalah-majalah, yen ana sing ngemot crita kaya dongenge Walmiki, rangketen redakturre!"

         "mBoten dipunpejahi?"

         "Pateni!"

         Wataking Dasamuka kang brangasan sawenang-wenang mengkono iku gawe sengite penonton. Satemah ana kang nylemong kebak pangigit-igit, yen wayang Dasamuka iku antuk dituku, arep diremuk nganti ajur. Rembug mengkono iku cepet ditanggapi gethok rambat satemah kabeh penonton lan bakul-bakul padha sayuk nyawiji, gelem urunan wragad yen wayang siji kuwi oleh dilironi dhuwit.

           Dul Sabrang dietutake sawetara penonton banjur nyaketi panjak kenong. Kajat niyate masyarakat penonton dikandhakake supaya diterusake menyang sing duwe wayang.

           Sing duwe wayang ora kabotan wayange dituku." Kula culke, janji purun kalih atus ewu rupiyah."

           "Pinten-pinten purun. Nanging anu...,menawi sampun tancep kayon, kula sedaya niki mpun mboten butuh," guneme Dul Sabrang.

           "Nggih, gampil."

           Wayahe wis nyedhaki gagat raina, tandange sawetara wong sing makili penonton dadi sarwa cepet. Gage enggone ngubengake baskom, lengser, panci utawa apa wae sing kena kanggo wadhah nampani dhuwit. Akeh sing mung urun Rp 25,00 utawa Rp 50,00. mBah Grontol, bakul grontol sing enggone dodol direwangi kadhemen sendhen pager mung antuk bathi Rp 450,00,  eklas urun Rp 75,00.

            "Aku ya mangkel, Le, satriya apik-apik nglabuhi bener kok padha kalah," guneme mbah Grontol.

            "Eh,  mbah Grontol  thik  ngerti satriya, " tumanggape sing ngathungake baskom, nampani dhuwit lawen telung iji.

            "Lho, ngerti, Le, aku. Saka kulinaku dodol ing wayangan, njalari aku apal lakon-lakon wayang. Sing ora ngerti ki rak cah-cah nom kuwi, senengane ndhangdhut."

           "Eh , mbah Grontol thik isa ngritik."

           Merga Ki Bilung wis dirembugi sing duwe wayang, Ki Bilung api-api ora weruh kalane tangane Dul Sabrang njabut Dasamuka iku. Penonton keplok mawurahan, banjur gemrudug suk-sukan ngetutake Dul Sabrang menyang tengah latar wayah srengenge  rantak-rantak.

           Dening Dul Sabrang,  Dasamuka  iku terus disawatake mendhuwur. Kabeh penonton padha ndhangak pating braok, tangane padha ngracung. Tibane Dasamuka tinampan rasa pangigit-igit. Dasamuka kang ngudi kamelikan, pakareman, kanikmatan, kamukten lan kawibawan, ajur dirusak rame-rame. Dieneng-eneng, ditarik-tarik ngiwa nengen. Diuntir, diprekes, dikeplek-keplekake, ditekuk-tekuk nganti tangane putung kabeh. Senajan rupane wis ora rupa wayang, ewasemono isih digejugi, banjur dipetelake ing ndhut-ndhutan gupakan kebo.

           Swara  gumerahe penonton ngalahake ramene gendhing Ayak-ayak  Pamungkas, tandha tancep kayon. Darmo Dipo kang jagong ngebyar lagi metu saka omahe Suro Melik sawuse nyeselake amplop  buwuhan menyang  sak klambine  sing duwe gawe.

           Weruh Dul Sabrang isih dikupeng sawetara penonton ing ratan ngarepan, Darmo Dipo kumecap," Piye? Wis padha marem?"

           "Plong!"


           KI BILUNG SARAWITO, dhalang nylelek saka tlatah Bojonegoro, ndhalang maneh ing wewengkon kono. Lakone padha persis kaya nalika mayang ing omahe Suro Melik. Penonton akeh sing ambrol mulih, wegah ndeleng lakon sing  dianggep mblangkrah. Dul Sabrang unuk-unuk nglabrak panjak kenong.

           "Niki mesthi mpun kethikan kalih sing gadhah wayang, kajenge Dasamuka niku ditumbas malih. Nggih ta?!"

           "Lho,,lho..., sampeyan niku dados tiyang kok mboten sabaran. Kulite bromocorah sing  kulakandhakake nika, dados Dasamuka kalih."

           "Ahhh..., sampeyan mpun ngarang crita!"

           "Sing sampeyan njabut nika rak Dasamuka wanda begal. Sing niki Dasamuka wanda bugis. Wandane wayang niku rupi-rupi. Mang setitekaken, wandane rak benten."

           "Wong kok arep diapusi melek-melekan. Cekake kula mboten ngandel!"

           Merga dianggep nggaggu pakaryane pengrawit, ana Hansip sing terus nggeret Dul Sabrang diajak nyingkrih. Sing digeret mogok karo isih ngempo-ngempo. Dul Sabrang lagi gelem mundur sawuse dijawil Darmo Dipo, tokoh masyarakat kang banget disungkani dening wong desa kono.

           Dul Sabrang diajak menyang panggonane  bakul wedang, banjur digunemi," Marem iku pancen larang regane. Regane sok ora kubuk karo pikolehe kemareman sing ora langgeng. Marem, bungah, susah , mangkel, cuwa lan muring iku, wis dadi pirantine urip. Maremmu ilang, saiki kowe mangkel maneh, muring maneh  bareng weruh Dasamuka isih ana."
           "Nanging niku genah akal-akalan."

           "Embuh mung saka akale dhalang  njarag gawe lakon kaya ngono, embuh pancen dhalange sing kesurupan tenan, aku ora bisa ngarani. Sing genah, kowe sakancamu ora bisa ngilangi Dasamuka, jalaran Dasamuka iku wis dadi isen-isene wayang. . Wayang sakothak yen ora ana  Dasamukane jenenge  ora  komplit."

           "Lho, nggih, kula ngertos. Ning Dasamuka niku kudune rak kawon nek nurut pakem. Pakem wis apik-apik kok dirusak," wangsulane Dul Sabrang karo ngiling wedang  panas ing lepek.

           "Pakeme ora apa-apa. Ora rusak, ora suwek. Kowe weruh ngono wae kok wis kemrungsung, nganti Suro Melik sing ora weruh jawane arep kokamuk. Mangka ing urip saben dina iki, apa ya wis apik nurut pakem?  Nyatane  pakem disampar, disandhung, diteraki ngalor ngidul."

           Dul Sabrang ora wangsulan. Sing keprungu nywara banter, guyu ngakake Dasamuka ing pakeliran kang mung diadhep Indrajit.

           "Ha ha ha ha ha....! Ya bandhaku! Ya donyaku! Jit, anakku Nanggggg...."

           "Nggih,  kadospundi Rama Dewaji?"

           "Kowe warisku ya, Nang.  Kowe sing takgadhang nglintir keprabone pun rama. Nanging kowe aja kesusu, jalaran manut petungku, isih perlu ngenti mangsakala kang becik."
           Indrajit sumanggem.
           Saka bungahe, Indrajit banjur ngambung dlamakane Ramane  kaping  pitu. (*)


          (Kepacak ing majalah Jaya Baya, No. 19, tgl 5 Januari 1992 )

Kamus
bindhi                  =  penthung ; senjata pemukul
pabaratan            =  palagan ; medan peran
ucap-ucap           =  tutur; narasi dhalang
kadhustha            =  tercuri ; dibawa kabur
kepranan             =   tertarik
panjilmane           =   perubahan bentuk ; alih wujud
karti sampeka      =   akal dalam ketrampilan perang
adreng                 =   keinginan yang sangat
klangenan            =   hiburan
mbujung              =   mengejar
akal julige            =   kepandaian menipu
abandha bandhu   =   kekayaan yang berlimpah ruah
anggarbini            =   hamil
antawecana        =   percakapan dalang
sasuwuke           =  seusai
pakem                  =  cerita wayang yang asli
tandha yekti         =  sebagai bukti ; tanda yang nyata
menus                  =   manusia ( sebutan kasar )
ngasorake            =   merendahkan martabat
kawibawaningsun =  kewibawaanku
rangketan             =  cincanglah ; ikatlah tubuhnya
sayuk nyawiji        =  menyatu
tancep kayon        =   tandha berakhirnya pertunjukan wayang
wanda                  =   sipat wujud  (bentuk)  wayang
pengrawit             =    penabuh gamelan
nglintir keprabon   =   mewarisi tahta kerajaan
                                                                                                         caption
http://sastra-bojonegoro.blogspot.com/

mentas saka aggone maca becike ninngali komentar.....hehehe.....Suwun.

1 komentar:

  1. Panjenengan leres, Pak. Paugeran utawi pakem ing jagading bebrayan punika wancinipun asring dipun terak kaliyan manungsa saengga tatanan risak. Ingkang bener dados salah, ingkang salah katonipun dafos bener

    BalasHapus