Jumat, 03 September 2010

KOPI KOTHOK: Djajus Pete (3)

@ Jilid 3
____________________________________________________________________________________


TUWA TUWAS
Djajus Pete, 21 Agustus 2010

WONG urip yen wis tuwa (ngenteni metune nyawa), lagi nggetuni marang sawernane lelakone kang ala. Getun anane, lagi bisa mikir jero : kok sing ngana-ngana kae, bangsane sing maksiyat nganti taklakoni mung saka nuruti rasa kemrungsung. Tibake,suwening-suwe, akhiring wong urip ing ngalam ndonya iki kok ya mung kaya ngene. Tuwa, ringseg, lara kabeh. Asil kesenengan saka sawernane laku maksiyate wis embuh parane, abot dadi sesanggane atine. Apamaneh anak-anake sing biyen digedhekake lan disekolahane ( dikuliahake) nganggo dhuwit sing ora bener, padha ora ngreken sing tuwa saka (mung) nuruti repote dhewe-dhewe...Anane mung kari getun-keduwung...,kethip-kethip mripate nyawangi wuwung sing ngejojor kaku, sing ya bakal mengkono iku awake, kaku digotong kang ateges wis rampung engggone dadi wong.

Yen digagas luwih landhung...,kok isih apik wuwung omah iku tinimbang awake sing tansah nerak-nerak,nabrak-nabrak, ora weruh ing sarak (larangan). nDadekake uripe ora kepenak, tiba babak-bunyak, tambah rusak...,lara ngglethak, tangga-tanggane emoh nyedhak, saka wis padha weruh watake sing mulang-sarak, kemethak ora weruh tangga lan sanak. Bojone uwong ya digasak.

Oalah...,tibake kok ya mung kaya ngene entek-entekane.

Sakehing dosane bakal ditanggung dhewe.

Untu ompong : tandha yen wis arep digotong. Rambut putih : tandha yen wis arep mulih. Mripat bawur : tandha yen wis cedhak lawange kubur. Awak kesel : tandha yen wis arep dibuntel ( saka wis tuwane,ora kuwat ragane, gampang kesel). Oalah..,nyuwun ngapura dhuh Gusti Allah .Sakathahing dosa kula ingkang sak-ambrah-ambrah .Lan nggih nyuwun ngapura dene kula mboten nggulawenthah, ngantos anak-anak kula sami mblangkrah.

Oalah...,Mah, Kimah... Kowe saiki neng ndi, apa isih urip? , grenenge kelingan Sriamah, randha cedhak kantore biyen sing tau ngentekake bayare lan korup dhuwit kantor. Saiki, watuk cekah-cekeh, dhadhane seseg, kok ya isih kelingan Sriamah sing biyen ayu nduleg.Randha anak siji asal saja Ponorogo. Biyen, umure Sriamah watara 30 taun, untu dhuwur sisih kiwa ana sing gingsul. Yen ngguyu, manise saya dudu-dudu ,gawe sirahe ngelu. Cekot-cekot , cintane tambah abot. Cleng-cleng, saya gawe gendheng. Pikir peteng, dana bantuwan desa ya di-pleng, mung kanggo nuruti seneng.

Oalah, Mah, Mah...
Guyumu kok ya renyah
Rai padhang, sumringah

Dadine saya tambah kelingan Sriamah
Wis ora mbacutake enggone njaluk sepura Gusti Allah
Saya tambah kelingan Sriamah
Wis ora mbacutak\take enggone njaluk sepura Gusti Allah.

Ya kuwi sing arane tuwa tuwas, tuwane ampas ampas.
Sedhela maneh amblas, bablas.
Uripe ora duwe tilas.*


------------------------------------------------------------------------------------
Cathetan :
wuwung = (bubungan rumah) ,perangan omah sing melu berjasa kanggo ngayomi wong sajrone omah.

tilas = tipak (bekas kaki), maksude : uripe ing ngalam ndonya ora duwe tipak tinggalan sing apik.-
____________________________________________________________________________________


RASAN- RASAN
Djajus Pete, 01 September 2010

Wong lanang lan wong wadon iku jelas beda.

Bedane sing paling nyolok ing bab kasetyan, kasetyane wong lanang lan kasetyane wong wadon iku ya beda.Kanggone wong wadon, cinta iku segala-galanya, nomer siji, diseleh ana ing ngarep dhewe, diagung-agungake. Wong lanang cintane kokepek wong, ooo....,aja takon dosa. Ketemu ing tengah pasar ya digelut, cakar-cakaran, jambak-jambakan , ora wedi mati. Beda karo wong lanang, bojo kok diepek uwong. Halah, mboyak...,jagad ora mung sagodhong kelor...Tiwas takgandhulana wong sing diepek gelem, ya arep mboyak, arep mbodhil, arep sotak, arep sothil.

(Ya ora kabeh wong lanang kaya mengkono. Ya ana sing rumangsa ditantang, rumangsa dikilani dhadhane.Sadumuk bathuk, sanyari bumi, sing tegese : bojo utawa lemah, dikukuhi tekan pati. Jaja bang mawinga-winga ,bramantya,muntap. Nanging akeh-akehe, yen bojone diepek wong, padha mupus. Ana rasa isin yen arep ngajak tukaran, krungu wong akeh. Yen bojo sing digandhuli meksa mberot, ucul ...cara wong oyok-oyokan, kalah. Kok tiwas isin,wirang. Bojo sing mberot ngeboti wong lanang liya mengkono iku, cara parikane : sekilo abot gulane , karo bojo abot cintane.

Kasetyane wong wadon marang bojo, moh yen nganti disenggol uwong, arepa dikaya ngapa rekasaneing uripe, merga bojone lara ora mari-mari, umpamane. Bojone sing lara isih dirumat apik, karo luru pangan, kanggo ngingoni anak-anake sing isih cilik. Kuwat nglakoni sangsara mengkono iku klebu dadi wataking wanita secara umum. Ora kok merga bojone lara, terus ditinggal nglayap, thruthusan. Ora.

Ora kecukupan kabutuihane batin, merga bojone lara, ora dadi apa, senajan nganti tetaunan, betah. Ngantia sing lanang mati pisan, ya ora kesusu rabi saka mikir anak-anake, mesakake anak-anake yen dikwalokake.

Mengkono mau ya beda karo watake wong lanang umume. Wong lanang, yen bojone lara, ajamaneh kok larane nganti tetaunan, lagi lara sesai wae pikirane wis nglambrang...,sapa ya sing takrabi nek bojone mati? Mangka bojone sing mengkjis-mengkis kuwi isih urip, kok wiis mbayangake randa kana-kana sing diweruhi. Apamaneh kok bojone mati tenan, arepa duwe anak cilik sing dipikir ya ora anake. Nek perlu anake dibrukna mBahe, ben taneg olehe manten-mantenan karo bojone sing anyar.*
____________________________________________________________________________________

ISI NANGING KOTHONG, KOTHONG NANGING ISI (1)
Djajus Pete, 18 Agustus 2010

IKI kawruh sing ora baen-baen. Mapane kawruh iku adoh nglangut ing pucuk gunung sing rekasa unggah-unggahane. Rumpil lan lunyu akeh keplesete yen kurang santosa tekade marsudi. Mengkono yen kena disebut nganggo tembung saumpama, mapan ing pucuk gunung dadi gegebengane pendhita linuwih sing wis gentur tapane. Sing kepengin necep kawruh saka banget kepencute, meguru menyang papane Guru,hiya pendhita kuwi, lunyu rumpil dalane lan kebak grumbul peteng sing akeh pepalange.Kewan galak pating kliwer, ula mandi pating tleser, gegremetan mawa wisa mblader.
....................................................................................


HONG WILAHENG , SEKARING BAWANA LANGGENG
JAGAD PADHANG ORA KATON PETENG
HIYA JAGAD PRIBADINE DHEWE
SAKEHING NAPSU DISELEHAKE


TIDHEM PREMANEM

ADHEM, AYEM



----------------------------------------------------------------------------------- ------------------------------------------------------------------------------------

Pendhita waskitha sing sing awas paningaling batin, kanthi sareh mejang kawruh : KOTHONG NANGING ISI, ISI NANGING KOTHONG,

hiya kawruh sing dadi entek-entekake kawruh, wis ora ana kawruh liyane sing ngungkuli lungite kawruh iku.
------------------------------------------------------------------------------------

HONG WILAHENG SEKARING BAWANA LANGGENG

PARA CANTRIK LUNGGUH MENENG
------------------------------------------------------------------------------------



(Ing nalikane Sang Guru mbeber ilmu marang sawetara cantrik sing bisa tekan pucuk gunung kanthi kebak tatu saka tiba-tiba glundhung jurang, sepi nyenyet tanpa ana swara liyane. Manuk-manuk sing adate padha ngoceh, padha meneng , kaya ora kepengin ngganggu pangandikane Guru. Tekan gegodhongan ora ana sing obah, samirana datan lumampah. Mendhung tumiyung ing sandhuwuring gunung hiya padha miyak sumingkir mamprung).



------------------------------------------------------------------------------------

------------------------------------------------------------------------------------

Guru : Kabeh wong urip wis mesthi duwe kesenengan,kang mengkono iku ora kleru mungguhing urip. Ana sing seneng IJO, ana sing

ABANG, ana sing seneng PUTIH, ana sing seneng BIRU, ana sing seneng KUNING ,lan sapanunggalane .Lumrahe, wong sing warnane IJO , sing diarani apik ya sing warnane ijo. Yen ora ijo,diarani ala. Uga sing warnane ABANG, yen ora abang ya diarani ala, merga ora padha karo kesenengane . Sing PUTIH, sing BIRU, sing KUNING, uga kaya mengkono panganggepe.Warna-warna iku yen kumpul ,padha ngelem warnane dhewe, nacat marang warna liyane, anane mung bakal dredah, congkrah. Mangka sawernane warna iku mau, godhong kang IJO, sulaking srengenge sing ABANG, mega sing PUTIH, langit sing BIRU lan rembulan sing KUNING, saka endi asale warna-warna iku mau? Mara coba grayangana saka weninging pikirmu, alusing rasamu. Iku kabeh asale saka Pangeran, hiya Gusti kang murbeng dumadi. Dadi ora kena poyok-poyokan, gegethingan. Urip ora kena mengkono kejaba kudu bisa ngajeni marang sawernane warna isen-isenening ndonya.

Wong-wong sing padha duwe kesenengan warna dhewe-dhewe iku mau,sebute padha karo duwe ISI, ya isi kesenengan sing manjing ing jroning jiwane. Bedane warna iku mau, ora beda kaya wong sing beda-beda enggione nggilut agama.Siji lan sijine sing ora padha agamane, kena wae ngelem agamane dhewe sing paling apik, nanging aja pisan-pisan nacat ala marang anane agama liya. Nanging angel mungguhing wong kanggo nampa anane sing liya, yen ora sinartan kawruh kasampurnan. Kepiye laku-lakune ,mengko yen wis padha ndunung, gegemen sing bakuh, aja pisan-pisan ceblok ilang saka sembranamu nggonmu nggegem.

------------------------------------------------------------------------------------

HONG WILAHENG SEKARING BAWANA LANGGENG

HIYA KEMBANGE JAGAD KANG MEKROK NGGANDA ARUM TEKAN JAMAN LANGGENG

------------------------------------------------------------------------------------


____________________________________________________________________________________

ISI NANGING KOTHONG , KOTHONG NANGING ISI (2)
Djajus Pete, 20 Agustus 2010

WONG kang nduweni kasenengan kang wis manjing ing jiwane, kasebut ISI. Isi kuwi mau, kanggo gampange rembug amrih gampang ditampa , bissa kaumpamakna warna. Apa isine IJO ; apa isine ABANG ; apa isine PUTIH , lan sapanunggalane. Mengkono uga tumrape wong kang nggilut sawenehing agama, arane ing jiwane wong mau ya ISI agama. Agama apa, ya gumantung agama sing dianut jalaran akeh wernane agama. Agama iku ageman. Ageman iku sandhangan, hiya sandhangane ngaurip , kanggo sampurnane urip yen padha temen mituhu nindakake Dhawuh (Sabda) kang kinandhut jroning agama . Kabeh agama apik awit padhadene nggegulang kautaman. Isi tuntunan marang perlune nindaake sing becik lan nyingkiri kang ala kareben ora rusak uripe. Krembyah tumandang nindakake sakehing Dhawuh iku nduweni aji kang luwih dhuwur tinimbang mung rame ing ucap ,ngecuwes mung kanggo pepantes, mung bengak-bengok karo ndhodhok, laku-lakune nggayuh kautaman ora dilakoni. Agama iku ageman, yen ageman iku ora dienggo (kaya mung dicantheklake cagak) arane banjur kepiye? Wuda ote-ote, saru dinulu.

Mangkono Sang Guru mbacutake enggone nggegulang pangerten marang cantrik-cantrike ing padhepokan pucuk gunung kang hawane seger. Ora ana kewan galak sing wani saba ing sakupenge padhepokan, kalah dening prabawane Sang Guru, wong linuwih sing wis bisa ngregem gelaring jagad dadi kari samrica jinumput.(Seluk beluk seluruh isi dunia dan kehendak yang Kuwasa telah digenggamnya). Ya amarga saka enggone wis sugih ing kautaman, remen nindakake darmaning ngaurip minangka pangabektine marang Kang Akarya Jagad : sawernane godha padha lunga ; kewan galak wedi nyedhak.....Yen sira isi ABANG, sira iku ABANG, sira ora bakal ngilangake



HONG WILAHENG SEKARING BAWANA LANGGENG

KEMBANGE JAGAD HIYA KEMBANGE LANGGENG



Langgeng asmane kaya kembang mekrok sing ora bakal alum, dadi patuladhan. Senajan bener akeh kemruwet cacahe wong ing ngalam ndonya, mung sethithik kang atekat waja nggeguru mungggah pucuking arga, kepencut ngupadi kawruh ISI NANGING KOTHONG..

kang bisa gawe jiwa mencorong ( penuh cahaya aura ).

............................................................................................................................................................

............................................................................................................................................................

Sang Guru mbacutake mejang ilmu :

APA kang dadi isinira, kang manjing ana ing jiwanira ,senajan ta sira banget senenge marang isinira., iku ora kena kanggo poathokan maido liyan.Sira kudu bisa mardika ( bebas) kanthi "nyelehake " isi iku. Aja kleru ing panampa, tembung nyelehake iku ora ateges mbuwang utawa nyingkirake. Anane ISI isih meger-meger ing jiwamu jalaran pancen wis manjing ing jiwamu. Tegese, yen sira iku isi IJO, apa ABANG , apa PUTIH...,sira kudu bisa ngothongake jiwamu kang ateges : sira tanpa warna.

Mara coba, waspadakana....,semambunge Sang Guru karo nuduhake kaca bening kang aran Kaca Wirangi, kaca pengilon kang banget bening. Wong kudu bisa "ngothongake" jiwane kaya Kaca Wirangi iku. Kanthi mengkono, yen warna abang mara, kaca uga bisa abang (senajan sabenere kaca iku ora abang). Warna IJO mara, kaca uga bisa IJO ( senajan sabenere kaca bening iku ora rupa ijo ).

.Mengkono uga padha pangrengkuhe marang warna-warna liyane. Putih, kuning, biru lan liya-liyane bisa ditampa kanthi becik, ora ana sing ditampik. Tanpa nganggo mbedak-mbedakake, tanpa nganggo milih endi sing disenengi lan endi sing digethingi.

( Wong urip, yen enggone nyawang gelaring jagad kanthi pathokan apa sing disenengi,anane mung bakal kemrungsung,jalaran weruh apa-apa sing ora padha karo sing disenengi. Malah uga sing kosok-balen (bertentangan) karo apa sing diugemi,sing disenengi. Dadine malah saya kemrungsung mengkap-mengkap dhadhane, nesu, dhemo,rumangsa diina. (Mangka sabenere,ya ora ana sing ngina.Ya mung merga beda kesenengan).

Patrape wong kang wis bisa ngothongake isi mengkono iku, anane mung meneng saka beninge pikir lan alusing rasane.Kaca ketekan bajingan, ya bisa ditampa,kaya ya ana bajingan ing njero kaca, senajan sabenere bajingan iku ing sajabane kaca. Weruh pelacur,begengggek,balon apa upruk arane yen cara Bojonegoro, kaca bisa nampa upruk, katon kaya upruk,nanging si kaca dudu upruk. Kuwi tegese, wong urip sing wis bontos kawruhe,alus rasane, awas pandulune..., bisa nampa sakabehing kang ana ing ngalam ndonya, tanpa gething lan uga tanpa rasa seneng. Nyelehake ati ing antarane seneng lan gething, yaiku pasinaon gedhe sing banget angel lakune nggayuh yen ora ngerti cara-carane.

------------------------------------------------------------------------------------

Tidak ada komentar:

Posting Komentar