Senin, 04 Oktober 2010

KOPI KOTHOK: Djajus Pete (7)

@ Jilid 7 








Maknane Ilir-Ilir
Djajus Pete, 13 Agustus 2010


lir, ilir,lir, ilir,tandure wis sumilir
takijo royo-royo, taksengguh penganten anyar
bocah angon, penekna blimbing kuwi
lu, lunyu, ya penekna,kanggo masuh dodotira
dodotira, kumitir bedhahe pinggir
jumatana, dondomana, kanggo seba mengko sore
mumpung padhang, rembulane
mumpung jembar kalangane
ya suraka..., surak hore.

          Tandur sing ijo royo-royo iku sanepane bocah sing katon seger awake. Tandur  iku terus kepiye ing sabanjure,bisa ngasilake woh (pari) sing mentes apa gabug. Iku kari gumantung ing pangrumate.( Sing kuwajuiban ngrumat, ya sing nduwe tanduran, wong atuwane. Kepiye olehe ndhidhik,nggulawenthah, mulang-wuruk).

          Senajan sing maune bocah iku ing sateruse dadi penganten (dewasa), iku ya  ora beda kayadene bocah angon. Kaya isih boca sing,durung pinter, ndadak kudu angon...., hiya ANGON HAWA NAPSUNE. Angon hawa napsu iku banget angel,akeh lan gedhe pepalange,  ora beda kaya menek wit blimbing sing lunyu, mlorat-mlorot.. Wohing blimbing plimpingane lima,ya lakonana sholat limang wektu, sranane.  Angon hawa napsu sing memtokake beja lan cilakane urip. Yen bisa angon, ya beja,  slamet uripe,kanthi nindakake sholat. Sholat ya  kudu weruh dununge, weruh i inti maknane : dilakoni, diamalake. HABLUM MINANAS,  HABLUM MINALLAH, gawe kabecikan marang sapepdhane urip lan bekti marang Pangeran,Allah Swt.

          Senajan bener wis  nglakoni, nanging sing aran menungsa, ya isih kedunungan luput, kedunungan dosa awit wis kinodrat yen menungsa iku dudu makluk sing sampurna.Wis mesthi duwe salah, kanggonan dosa jroning angon hawa napsu sing pancen rumpil,angel.  Dosane, ing tembang iku, disanepakake kayadene SUWEK DODOTE. Dodot iku sandhangane wong  Jawa jaman biyen saka jaruit, dibebetake. ora beda kaya sing diagem Kanjeng Sunan Kalijaga. Suweke dodot  sing KUMITIR BEDHAH pinggir, dondomana kareben ora katon ala,kanggo  SEBA MENGKO SORE (bali menyang jaman akhir, marak  seba ing ngarsane Gusti).

         Mumpung saiki isih urip ,mumpung isih padhang rembulane, ya enggala  ndondomi sandhangane sing suwek  iku.  Nyuwun ngapura, tobat, saya ngakehi-akehi gawe kabecikan. Yen nganti kasep,rembulane wis surup, peteng, kok lagi eling durung dondom...,lha, kojur...Ora wurung enggone  seba kanthi sandhangan suwek pating slawir,ala dadine... Nanging yen wis bisa tata-tata ing sadurunge, bisa slamet, tembunge : padhang dalane, jembar kubure........ YA SURAKA....,SURAK HORE. Surak seneng nemoni kamulyan.

         Termbang sing ngandhut makna pasemon mengkono iku mau, ya gumantung masing-masing kepiye enggone ngonceki, kepiye enggone maknani. Iku gumantung ing kadewasan pikir lan rasane dhewe-dhewe.  Bisa wae sanak-kadang liyane  kagungan oncek-oncekan sing beda, Ya nyumanggakake lan prakara  ngonceki (napsiri) mengkono iku ya ora kena kanggo bebantahan.( Turmaneh enggonku  ngempyangi melu fesbukan mengkene iki, butuhe ya mung melu ngrejakake. Bisa sambung enggone memitran karo sanak-kadang, mitra kinasih, mumpung isih padhang rembulane. Mumpung isih padha weruh padhange jagat, jagad kang gumelar tekan  jagading MAYA,  melu golek sing sakira  mupangati ).*
                                                                                         (Djajus Pete,Bojonegoro)

________________________________________

 

 


 

U r i p 

Djajus Pete, 13 Agustus 2010



1.     Aku iki urip
2.     Keparingan urip dening Sing Gawe Urip
3.     Supaya urip karo sing padha urip
4.     Kudu ngerti lan ngajeni marang kabeh sing urip
5.     Yen ora, pikir lan rasaku mati ora urip
6.     Yaiki dununge urip
7.     Nindakake dhawuh prentahe Sing Gawe Urip
8.     Aja nganti mati ing sajroning urip.
__________________________
Aja nganti mati ing sajroning ...

__________________

       WONG urip kok ora ngerti marang dununge urip. Yen ora ngerti jenenge dudu wong urip, nanging mung wong -wongan utawa mung urip-uripan.. Nanging apa hiya, kula,ndika lan sampeyan gelem diarani mengkono?  Wis genah emoh! Yen emoh diarani mengkono, banjur kepiye supaya ora diarani  wong-wongan?

Wangsulane, kudu seneng ngakeh-akehi gawe kabecikan. Eling marang dhawuhe Kanjeng Nabi, yen  sing diarani wong becik iku, ya  wong sing ana gunane kanggo liyan.

      Sing sugih mbantu sing miskin ; sing pinter mbantu sing bodho, sing rosa  mbantu sing ringkih ; sing gedhe mbantu sing cilik, lan sateruse... Mengkono iku arane nindakake wajib , jalaran Pangeran,Allah...,ngodratake nasibe umate beda-beda  (kosok-balen) kaya mengkono kanggo ngubengake laku jantraning ndonya, ubeng ingere  urip, umate. Sing sugih kudu rumangsa yen enggone kinodrat sugih amrih bisa mbantu sing miskin, mengkono kersane Pangeran (Sing ngawaki, menungsane, kudu bisa rumangsa dhewe). Ora kok malah kumenthus rembuge," Lho,kok penak, trima adhong-adhong ngenteni diwehi wong?  Sugihku saka olehku nungsang njempalik rina-wengi...,Ya kesel tenan, gemrobyos, melar-mingkus ambeganku..Perkara ewek-ewek, menehi, ya sak-sukaku. Menehe apik, ora ya apik.  mBokarani pait, medhit, pelit....,ya arep mboyak. Apa ya terus dosa nek medhit? Kaji-Kaji kae rak ya akeh sing pait. Paite ora mung kaya butrawali,ning nemen, ngungkuli paite jadham Arab.

      Sing rumangsa pinter hiya kudu rumangsa yen enggone kinodrat pinter, kareben bisa mbantu sing bodho.Ora kok malah dienggo  minteri uwong, ngakali uwong, mblithuki uwong...Ya  genah ora bakal slamet wong-wong sing padha nyimpang saka kautaman, maksiyat...Lawas utawa enggal, wis mesthi bakal ketiban "sing ora kepenak" saka Gustine. Iku wis mesthi, wong urip bakal ngundhuh wohing pakarti,wohing panggawe. Ya yen ora kepenake dilakoni dhewe. Yen sing ketiban anak,puitune...,apa ora gawe sengsara turune? Biyen embah-embahe tau mateni wong....,mulane, saiki, putune ya ana sing dipateni wong. Biyen,embah-embahe, kondhang dadi maling sing julig,mulane,saiki...,ya ana putune sing dadi bandhol rampog. Mengkono iku, tegese, wong urip kudu tansah ngati-ati ing samubarang tumindake, jalaran bakal ana sambunge karo nasibe anak-turune. Yen seneng nindakake kabecikan, kejaba awake dhewe bakal oleh kabecikan, anak-tuirune ya bakal oleh kabecikan (saka ngundhu h tandutane embahe), oleh pitulungan, ya embuh saka kersane Pangeran. Budhala golek gawe...,ya ndilalahe  ana sing tetulung mapanake, ora kesurang-surang entek sangune, mulih nganggur,balki  ndhoglog neng omah, kelop-kelop.... (Jebule, mbahe utawa bapake, seneng ngapusi wong. Lha ya wis pas, mathuk yen anak-ptuine nemoni nasib ala,, saka adiling Sing Kuwasa).

      Dadi, gampange rembug, wong urip iku kudu bisa rasa-rumangsa. Ora kok rumangsa bisa (angkuh,gumedhe  enggone bisa sugih ; pinter ; kuwat ; gedhe....) Saka rumangsane, bisane mengkono iku, mung saka pambudidayane  dhewe. Ora  gelem mikir-ngrasake yen "kaluwihan"  iku ing satemene  saka panguwasane Pangeran kanggo nata gelaring ndonya, jagading menungsa. Sing kesampiran AMANAH, kudu rumangsa wajib nindake ing urip sadina-dinane.* (Djajus Pete)

-----------------------------------------------------------------------------
(Kairing donga kanggo anakku Ninong Nindarti (sakanak-bojone)  ing Pojok,Campurdarat,Tulungagung. Aturna salam taklime kluwarga Bojonegoro marang kluwarga Tulungagung, Sugeng siyam wulan Romadhon).-

________________________________________

 

 

 

Seneng

 Djajus Pete, 14 Agustus 2010


          APA sing digoleki wong urip ing ngalam ndonya iki ? Wangsulane mung satembung : SENENG .Ora ana wong urip kok golek sengsara, kelara-kelara..Kabeh golek seneng. Selagine tekan puputing umur, mati, ya isih ngarep-arep bisane oleh seneng, mlebu  swarga. Lan batine ya seneng yen ing kana bisa ketemu karo kabeh sedulure kanthi kahanan becik.Mung ana ing empering swarga ora dadi apa,ya wis seneng , tinimbang  diuncalake mrana kae.

          Senajan bener kabeh golek seneng, nanging seneng iku ana rong werna, 1) seneng sing mbarokahi, 2) seneng sing mitunani. Miilih sing endi, ya nyumanggakake.Wong urip pancen wenang milih ing antara rong pilihan  :

               Milih keset apa milih sregep
               Milih bener apa milih luput
               Milih apik,apa milih ala
               Milih beja apa milih cilaka
               Milih mulya apa miolih sengsra
               .....................................

              Kabeh iku kari gumantung ing pilihane dhewe-we. Mung wae yen kleru enggone milih, kok banjur sara awake, ya aja nyalahahe wong liya. Piye lan piye,  apa dadine, ya saka pilihane dhewe.

              Yen milih salah, ya dadi bubrah
              Yen milih ala, ya dadi cuwa,  cilaka
              Yen pilih penak, ya kudu ngajar awak ( sinau , gelem kangelan).
              Yen pilih ayem, ya kudu sing temen
              .........................................................................
              ........................................................................
              WONG urip kudu awas marang lakuning uripe i sing kebak begalan,kebak goda werna-werna sing mencutake. Ngalam ndonya sing katone padhang njingglang iki, ing sanyatane mituruit pamawas batin, KEBAK ANGIN GEDHE, BARAT BANTER, PRAHARA.Sing ora ngati-ati, bakal katut ubenge lesus..., kebenthus-benthus. Konclang disawatake angin, embuh parane.... Uga kena diarani  KEBAK GUMULUNGE OMBAK SING NGGEGIRISI ,KEBAK ULEGAN   SING BISA NGGERET KELEM  WONG SING KURANG PRAYITNA. Angin gedhe lan ombak iku wujude  kesenengan-kesenengan maksiyat sing marahi bujat.( Nanging pancen nyenengake ing wiwitane,akeh wong sing ora kuwat nahan saka banget kepencute.)

             Akeh pejabat, wong  pangkat, wong terhormat.....mlebu tipi  ngandhani rakyat.Nanging rakyat wis ora butuh weruh dhapure, apamaneh krungu swarane,salin chanel...Luwih  seneng nyetel sing klucu-lucu,lawakan, kanggo nglipur ati, tinimbang weruh rupane pejabat  sing njemberi. Mengkono iku nandhakake yen jenenge pejabat wis ora kajen blas awit luwih nengenake enggone  "ngeruk dhuwit" tinimbang mikir rakyate.Akehe pejabat sing korup iku, mula bukane ya golek seneng. Wong burip seneng gopelkmdhuwit, wis carane,nanging yen klerundalane..,entek-entekake ya dadi ora seneng. Apamaneh kebacut diukum, saya getun.

            Seje karo kuli batu sing golek seneng sing mbarokahe, senajan mung sethithik olehe,ning ya seneng. Senenge ya akeh, ora mung seneng nalika nampani opah, nanghingbuga seneng atine bisa mnehake dhuwit iku marang bojone. Dienggo blanja, weruh anake mangan telap-telep saka kayane nguli, ya seneng.

            Nindakake pasa wulan Romadhon mengkene iki, senajan weteng kothong ngintir-ngintir, ya seneng bisa nindakake kuwajibane minangka wong Islam. Weruh srengenge ngarepake surup, ya wis seneng. Krungu DHENG,  buka, ya tambah seneng.Sukur bisa tutug sewulan, saya tambah seneng.  Dene kok nganti mokak, saka kepeksa, ya isih golek seneng yen bisa ngijoli...Dadi, kabeh wong urip ing ngalam ndonya iki  sing digoleki  SENENG.Bedane, seneng sing kepiye? Seneng sing mbarokahi apa seneng sing mitunani..Tekan fesbukan ngene iki sing digoleki ya seneng. Seneng kanca kenalane akeh, saya akeh saya seneng, tambah   gayeng , senajan embuih mengko pira mbayare Spidy ing Telkom.  Mbayar pira-pira,gak masalah, senengok!*

________________________________________

  

 

 

Orong-Orong; Huuuuuuu...

 Djajus Pete, 14 Agustus 2010


              NALIKA  arep ngedegake  mesjid Demak ,Kanjeng Sunan Kalijaga uga melu tumandang nyandhak kayu kanggo balungane mesjid. Nalika kuwi, ana orong-orong keterak pasahe Kanjeng Suinan nalika Kanjerng Sunan masah kayu.Orong-orong sing mati tugel gulune,dening Kanjeng Sunan bisa diuripake maneh kanthi gulune disambung nganggo tatal kayu jati. Mula tekan saiki, ing njero gulune orong-orong ,ana balung kaya kayu sing jare,  miturut dongeng, asale saka orong-orong sing disambung tatal iku.

              Miturut sing takrungu saka sawenehing winasis (wong pinter), crita bali uripe orong-orong sing disambung tatal dening Sunan Kalijaga iku ngayawara.  Senajan bener Kalijaga iku sunan peng-pengan, bontos kawruh Islam lan Kejawene, ngayawara yenbisa ngundang baline nyawa sing wis ucul  awit kang bisa tumindak  ghaib  mengkono iku mung Pangeran. Dadi sing bener, bali uripem orong-orong sing disambung tatal kayu jati iku mung pasemon, pralambang,ora sabanere.

           Genahe, miturut sing takrungu saka wong pinte iku , mengkene :
           SIRAH iku dununge uteg (pikiran ) dene GEMBUNG dununge ati (rasa). Kanggo percaya marang anane Pangeran, Allah,ora bisa mung saka dayane pikir. Lan uga ora bisa yen anane Pangeran iku mung dirasakake thok sarana ati.Sirah lan gembung, hiya dununge pikir lan rasa, kudu sambung. Dipikir lan dirasakake  :  dirasakake lan dipikir, bener yen Pangeran iku temen-temen ANA. Wong-wong sing ora percaya utawa kurang piyandele marang anane Pangeran,  mung saka nggunakake pakartine sirah utawa pikir, tanpa nganggo  ngrasak-ngrasakake.Bener sanepan dongeng orong-oronge Sunan Kalijaga sing uripe  disambung nganggo tatal   kayu jati. Tegese : yaiku    se-jati-ne urip, kudu sambung antarane  pikir lan rasane kanggo percaya manteb marang anane Pangeran.

          Luwih mantebe, ora mung percaya saka maca unine buku lan uga ora mung saka krungu khotbahe Kiai utawa Pendhita. Nanging saka manunggaling pikir lan rasane sing jero satemah kaya bisa weruh klebate sing ghaib-ghaib. Tembunge sing bregas : Iman adalah bisa melihat yang tak dapat dilihat.*
-----------------------------------------------------------------------------

(HUUUUUUUU..........)

         DONGENG maneh, nanging dudu pasemon,isih sambung karo Sunan Kalijaga. Nalika Kanjerng Sunan Kali tindakan, ing dalan pirsa  kodhok montang-manting diuber ula." Huuuu....," mengkono Kanjeng Sunan nyuwasra, njalari ula sing nguber kodhok mandheg lan nyuwun pirsa. Apa kersane Kanjeng Sunan kok nyuwara Huuuu....

           " Huuu kuwi mau, tegese HUNTALEN, jalaran kodhok iku wis dadi panganmu."

           "Wadhuh..., kojur ane. Mencolot nyang ndi iki mau? Ilang, ndlesep neng grumbul," grenenge ula sing ing batin nyalahake awake dhewe dene  ora bisa tanggap kersane Kanjeng Sunan."ula ingkang bodho,mboten tanggap ing sasmita."semambunge banjur pamit nggoleki kodhok sing wis embuh parane, ora ketemu.

           Kodhok sing digoleki sabenere mung ndlesep ing njero leng  sacedhake4. Salungane ula,.kodhok mencolot rikat nututi Kanjeng Sunan,lan nyuwun pirsa, ana apa kok Kanjeng Sunan mau nyuwara Huuu...

          " Huuu  kuwi mau, tegese HUCULNA. Mula kowe ora sida dicaplok ula."

          "O...,ngaten. Menawi mboten kepanggih Njeng Sunan, bar awak kula....,temtu sampun kecaplok sawer. Matur nuwun, Njeng Sunan."

          Ya mengkono iku kudune dadi wong sing urip ing satengahe bebrayan, kaya Sunan Kali sing ana ing antarane ula lan kodhok iku mau. Ora ana endi sing disenengi lan ya ora ana endi sing digethingi.  Karo ula, apik. Karo kodhok ya apik. Ya mengkono iku sing aran wicaksana.  Kudu bisa KARYENAK TYASING SASAMA , sing tegese, gawe enake sapadha-padha. *

________________________________________









Melek Sabar Narima
 Djajus Pete,15 September 2010

                    aja turu sore kaki
                    ana dewa ngangklang jagad
                    nyangking bokor kencanane
                    isine donga tetulak
                    sandhang klawan pangan
                    yaiku bageyanipun
                    wong melek sabar narima

            Tembang Jawa tinggalane embah-embahe wong Jawa, akeh sing mentes isine, isi pitutur, wewarah becik ngenani ngaurip.Bobot isi, makna kang kinandhut ing sajroning tembang, dirasa  penting kanggo nggegulang, nggulawenthah ngenani paugeraning ngaurip. 

           Tembung kaki ing ukara iku, tegese : kaki iku sebutan kanggo wong lanang kang wis tuwa umure, ya wong kang wis  dewasa nalar lan rasane. Kanthi mengkono mratelakane yen tembang iku ditujokake marang wong kang wis bisa mikir lan ngrasakake awit isine  tembang iku ngenani kawruh kang jero. Yen mung nom-noman utawa bocah, durung gaduk nalare.  

            Aja padha turu sore, meleka tekan tengah wengi, kareben keduman isine bokor sing diedumake Dewa, isi donga tetulak, sandhang lan pangan. Tembung Dewa iku ora kena diulu warasan,nganggep kayadene Dewa Naradha sing medhun saka Kahyangan ing crita pewayangan. Sing dikarepake Dewa bisa uga Malaikat sing adum rejeki saka prentahe kang Maha Kuwasa utawa bisa uga sing dimaksuid Dewa iku hiya Kang Maha Kuwasa iku dhewe, adum rejeki.

            Wong-wong sing ahli tirakat, seneng melek,racake ora gampang kena lelara, adoh saka penyakit, akeh warase. Kaya-kaya enggone betah melek kena kanggo tulak penyakit, awit ana wong omong yen bibit penyakit iku jare tekane ing wayah bengi. Merga wonge melek, bibit penyakit sing nglambrang  ya ora wani menclok. Mencloke ya  menyang wong-wong sing lagi turu nglepus. Bener lan orane,ya  embuh. Mung wae, aku kang nate medhayoh ing daleme saweneh Kiai ing Banyuwangi, Kiai kasebut ngandhakake yen roh-roh jahat, santhet-tenung iku, mlakune ing wayah bengi sangisore jam suwelas, yen wong sing dituju lagi turu,kurang bejane bisa klebon.  Mula becike , kanggo nyingkiri  pracekane roh-roh jahat iku, prayoga turu ing sadhuwure jam suwelas bengi. Kanthi anane katrangan mengkono iku, ukara ing tembang kasebut   ana benere,yen wong  betah melek uga bakal keduman : donga tetulak. Kena kanggo nulak pracekane roh-roh jahat lan ya ana benere yen uga kena kanggo nulak bibit penyakit. Akeh warase,senajan  wong betah melek iku awake kuru-kuru. Kuru nanging sehat,nggangseng.

           Wigatine wayah wengi uga nduweni "nilai" ing agama, kanggo nindakake sholat tahajud, nenuwun marang Pangerane. Ing kahanan sepi, tintrim, bisa luwih konsentrasi enggone meneges,ngeningake cipta.Kanthi mengkono, isine tembang  kasebut kang mrayogakake perlune wong melek wengi, prahiatin, uga ana trepe karo piwulang agama bab anane sholat wengi.

           Ora mung melek thok,nanging uga sabar lan narima, jangkepe ing tembang iku.

           Sabar iku pengendhalian dhiri. Nahan,ngempet, murih becike, senajan abot rasane, senajan kaya nguntal pil pait,paribasane.Dikuwat-kuwatane , dibetah-betahake, disabar-sabarake, suwe-suwe rak ya antuk kawelasane Pangeran. Mulane ana tembung : sabar-subur. Sing sabar bisa bakal nemoni subur. Sing ora sabar, ya masuk kubur.

          Tembung nrima, wis cetha tegese. Ora ngangsa-angsa, ora kemrungsung, nanging bisa ngukur sepira kekuwataning awake.Yen kuwate mung ngangkat  bobot seprapat kuintal, kok ngangsa ngangkat bobot setengah kuintal punjul, ya jepluk, lara awake. Nrima ora ateges putus asa, pasrah-sumarah marang Allah lan ora obah. Ora mengkono. Yen pancen kurang, ya kudu tetep ikhtiyar, samurwate. Ora kok terus rina-wengi nungsang njempalik nyambutgawe ora leren-leren. Kuwi arane meres raga kliwat taker, bisa dadi lan rusake awake,saka nuruti rasa kemrungsung.

         Sambung karo perlune rasa nrima, bisa takaturake ing kene, wejangane Ki Pamdosusastro :

(1)     Panarima iku tuking katentreman. Tanpa panarima, tanpa tentrem. Empaning panarima niteni tibaning takdire kang metu saka ing ikhtiyare, dadi ora meri marang kebegjaning liya. Awake tumiba ing papa utawa mulya, dianggep padha bae, awit pancen wis pesthine mengkono.

(2)     Satemene ora ana wong marem atine, senajan karepe ketekan kabeh : iya isih kurang. Saben wis klakon karepe : banjur bosen, nuli salin salaga kepengin nduwe liyan maneh, mengkono sabanjure.  Iya iku sekarate wong  ing ngalam ndonya, mari-mari yen wis mati.

        
         Cathetan :
         panarima           :  nrima
         tuking                :  sumbering
         empaning          :  sumelehe ; papane
         papa                 :  sangsara
         salin salaga       :  salin pepenginan ; salin karep.

__________________________________________

Tidak ada komentar:

Posting Komentar