JENENGKU Gombreg. Kerjaku serabutan ora tamtu. Yen aku antuk milih ing wernane profesi minangka tukang rongsokan bakal taktulis ning KTP. Mula kanthi kerja sing kaya mengkono asil saben dina ora bakal bisa nyukupi kebutuhane anak bojo. Kasampurnan apa sing bakal takgayuh kanthi kerjaku, ora liya mung nggoleki cangkriman sing ndhelik ing tengahe panguripan. Apa bener Gusti menehi cangkriman saben wong ing uripe? Yen bener kaya mengkono tamtune ana rahasia sing kudu kawiyak.
Banjur yen aku milih dadi tukang rongsokan iku tegese ora pilihan kanthi rasa sadhar. Mataun-taun uripku mung kadhungsangan kagiles mangsa. Nyoba ngreka-reka yen saktemene rodha kuwi mesthi muter mbokmenawa taun ngarep nasib bakal owah. Nanging nganti anak telu tetep wae mung wesi, karton, aluminium, plastik lan liya-liyane sing ngupengi. Cangkriman kepriye maneh sing kudu takwangsuli?
“Mbreg…!’
Suwara iku nyentak kupingku. Gono tanggaku krenggosan nyedhak.
Pet! Mripatku dadi peteng ndadak. Glangsing lan rengkek wadhah barang-barang rongsokan takuncalne neng pinggir ndalan. Sepedha pancal banjur takgenjot mulih.
“Kecelakaan ning endi? Kecelakaane piye?” pambengokku karo kringet dleweran. Aku lan Gono kayadene wong balapan.
“Numpak sepedhae kancane. Karepe pengin blajar, banjur kecebur kalen.”
“Apane sing tatu?”
“Dhengkule. Nanging Dimin semaput.”
Tekan omah wis akeh wong ngebaki plataran omah. Warti bojoku nangis ngguguk. Mantri kesehatan Sudiman tangga kiwane omah mriksa Dimin.
“Piye kahanane Mas Mantri?” pitakonku karo nyedhak.
“Mung kaget wae lik Gombreg. Sedhela maneh sadhar. “
Sawetara aku isa unjal ambegan landhung. Apa maneh nalika suwara ngrintihe Dimin keprungu.
“Min, Dimin….” panguundangku.
“Uh….uh…..uh……!”
“Apane sing lara? Sing endi? Bapak pijeti,ya.”
Wong-wong padha bubar sakwise ngerti yen Dimin wis sadhar. Lega rasane ati. Sakwise ngucap matur nuwun lan ngandhani yen Dimin ora apa-apa, wong-wong iku banjur ngelingake yen sinau nyetir sepedha sing ati-ati. Untung maneh sepedhae ora apa-apa. Aku banjur nerusne gaweyanku.
Dimin nyilih sepedha kancane mung saperlu kanggo sinau nyetir. Umpama Dimin wis duwe sepedha wiwit mbiyen tamtune saiki dheweke wis prigel lan ora keri karo kanca-kancane. Ya, saking kesrakatku nganti ngene iki, nukokna sepedha wae ora bisa. Aja maneh tuku kanggo sepedha, buku-buku sekolahe Dimin wae akeh saka rongsokan sing didol kilonan. Aku terus mancal sepedha marani rengkek lan glangsing sing tak uncalne ning pinggir dalan mau. Senajan srengenge rasane kaya ngobong mbuyn-mbunan,kringet dleweran wis dadi pakulinan. Yen ora nglakoni kahanan kaya ngene iki, aku wis ora duwe pilihan urip sing luwih kepenak. Gombreg,Gombreg nasibmu!
Rengkek lan glangsing isih gumlethak ning pinggir dalan. Ora bakal ilang amarga isine mung rongsokan, barang buwakan. Mula lelakon sing saben dina mung ngongkreh-ongkreh sampah nggoleki plastik, kertas utawa wesi sing isih bisa didol ora bisa taktinggalne. Wis dadi pilihan urip kanggo nyukupi kabutuhane anak lan bojo. Nanging awan iki srengenge bener-bener ngobong sirah. Mula nalika ana gardu Hansip aku banjur mlebu. Sepedha tak glethakne wae lan rasa ngantuk ora bisa tak empet maneh. Aku keturon saking keselku.
Embuh pirang jam anggonku keturon ning gardu Hansip. Nalika srowang-srowang ana suwara aku njenggirat tangi. Tibake wis akeh nom-noman sing ngubengi gardu Hansip.
“Lha, iki malinge!” pambengoke nom-noman sing rambut gondrong karo nuding raiku.
“Bangsat kowe! Jebul dadi tukang rongsokan mung ethok-ethok.”
Aku kaget banget. Lambeku durung nganti kumecap nanging sandal jepit wis miber ning sirahku.
“Endi barang-barang sing mbok colong? Ngakua!”
“Jawab bajingan….!”
Plak! Lambeku njedhir.
“Sik,sik! Aja nganggo kekerasan! Ditakoni ndhisik!” sing nganggo peci ngelus pundhake nom-noman iku karo nyedhak.
“Coba diwenehi kesempatan njawab pertanyaane awake dhewe. Aja plak plek sak penake dhewe-dhewe! Endi barang-barang sing mbok colong?” pitakone karo nyedhaki aku.
Lambeku gemeter ngemu getih, perih banget.
“Kula sanes maling, Pak. Kula pados rongsokan mawon.” Ora kuwagang aku arep ngadeg apa maneh niat males tumindake nom-noman mau.
“Lho, sing ilang iki barang berharga.”
“Saestu, kula mboten maling barang berharga gadhahe tiyang ngriki. Kula mboten maling.”
“Maling nek ngaku, penjara mesthi kebak,” liyane nyela.
Lambeku tansaya perih, nanging isih luwih perih nalika wong-wong iku tetep meksa yen aku iki saktemene maling. Perih atiku.
“Nek ora ngaku ayo diseret ning ndalan!”
“Diobong wae!”
“Aja! Aja! Iki pelanggaran HAM. Ditakoni sing apik supaya enggal ngaku. Nek tetep ora ngaku, lagi diserahne polisi.”
“Kenaken nek diserahne polisi. Gebugi wae sak matine!”
Awakku dadi adhem panas. Kringet dleweran ning pipi, keprungu tembung polisi. Aku nyebut asmane Gusti. Dhuh, abote nasib sing kudu takpikul.
“Hah, sawangen! Maling iku mulai pipis ning kathoke.”
“Hu….!”
Wong-wong padha ngguyu lan aku krasa banyu anget ndlewer ning selakangan. Bebarengan iku rengkek karo kranjangku digawa ning ngarepku bakal dibongkar kanggo nggoleki barang bukti.
“Ayo, Mbreg! Bongkar kowe dhewe!” prentahe sing nganggo peci.
Aku krengah-krengah tangi. Awak kesel, lambe njedhir ngemu getih lan selakangan anget saka pipis tak dadekna siji mbangun kekuwatan kenggo mbuktekna yen aku ora maling. Glangsing lan rengkek tak bukak lan isine takwuntahne. Aku njejer ngadeg wae lan nom-noman iku sing ngongkreh-ongkreh isine. Kardus, wesi rongsokan, aluminium, botol plastik, dipriksa siji-siji mbokmenawa sing digoleki ketemu. Nanging nganti seprene nom-noman iku ora nemokake sing digoleki. Nganti buku-buku bekas dibuwaki ning ngarepku pratandha yen sing digoleki ora ketemu. Tak klumpukna maneh buku-buku sejarah Indonesia, buku kumpulan lagu nasional, buku matematika lan liya-liyane. Udakara rong jam nom-noman iku mung ngongkreh-ongkreh barang rongsokan sing kasil takklumpukake. Gardu Hansip kebak karo barang-barang bekas. Nom-noman iku mundur.
“Mboten wonten,Pak.” palapurane.
“Digoleki maneh,mbokmenawa nylempit ning tengahe buku-buku ning ngarepe kae!” prentahe.
Buku-buku sejarah lan liya-liyane kepeksa diorat-arit maneh. Dibukaki per lembar lan mripate nom-noman telu iku ora ucul saka saben lembare. Banjur kabeh padha gedheg.
“Tetep mboten wonten, Pak. Lajeng pripun niki?” pitakone karo wong sing nganggo peci.
Wong iku unjal ambegan landhung karo nyedhaki aku maneh.
“Ngene, Mbreg. Ana saksi mata sing ngerti yen kowe jelas nyolong mula saiki dudohna barang colongan mau lan kowe ora bakal takgawa menyang kantor polisi. Iki cara musyawarah penak.”
“Pak, kula mendheti barang-barang menika mboten nyolong. Wesi, kardus, buku-buku menika sampun mlebet bak sampah lajeng kula pendheti kula sade kilonan. Saestu, pak kula mboten nyolong. Mboten slamet nek kula nyolong!”
“Kowe tak kongkon ngaku wae kok angel temen. Pancen gak ana maling banjur ngaku. Sepisan maneh aku takon apik-apik,mbok dhelikna ning endi?”
“Kula mboten nyolong, Pak.”
“Apa wis mbok dol?”
“Kula sanes maling.”
“Nek ngono, sudah Gombreg gadaikan?”
“Saya bukan pengecut, saya bukan pengkhianat…!”
Plak! Lambeku mingkem, getih ndlewer. Perih banget. Wong sing nganggo peci ireng menthelengi aku maneh. Sirahku krasa mumet-mumet. Wetengku mulai protes.
“Mbreg,Gombreg! Wong-wong ning njaba sajak ora sabar maneh. Nek kowe bisa diajak rembugan apik-apik, saiki kesempatanmu. Nek wong-wong iku wis entek kesabarane, aku ora tanggung jawab maneh. Duduhna ning endi olehmu ndhelikake barang-barang colongan iku!”
Aku ora mangsuli, tangan kiwaku nyekeli weteng.
“Geneya karo wetengmu?”
Lambeku isih mingkem. Wong sing nganggo peci iku banjur mundur lan kandha karo wong-wong ning njabane gardu nek Gombreg wetenge lara. Sing siji usul supaya mantri kesehatan ditekakne kanggo mriksa kesehatanku. Usul disaguhi, lan ora let suwe mantri kesehatan sing isih nom mlebu. Sirahku tansaya mumet. Cetha banget yen aku saiki wis dadi barang dolanane wong-wong iku. Saliyane wis ndadekna aku minangka barang gak duwe aji, sajake Gombreg uga nampa kanugrahan liyane yaiku simbole wong goblok. Nom-noman iku wis ndadekna aku ora kaya manungsa maneh.
Sakdurunge mriksa mantri kesehatan njaluk supaya wong-wong sing ngupengi aku mundur. Hawa pengab lan panas malah bisa ndadekne aku semaput. Kandhane mantri dituruti. Gardu Hansip banjur kosong. Ngati-ati mantri kesehatan iku mlangkah ing ndhuwure wesi rongsokan,sajak kuwatir banget sikile kecubles kawat banjur dadi tetanus. Nganggo stetoskop wetengku banjur dipriksa.
“Wis mangan apa durung?” pitakone.
Aku meneng wae ora bisa mangsuli. Wetengku tansaya perih.
Mantri mijet-mijet weteng sisih kiwa. Dheweke unjal ambegan landhung banjur metu nemoni wong sing nganggo peci.
“Pak Lurah, Gombreg luwe. Saene nek Njenengan badhe tanglet malih, wetenge Gombreg kedah wonten isine. Tiyang luwe mboten saged konsentrasi kalih penyidikan,” kandhane mantri kesehatan. Wong nganggo peci sing sinebut Pak Lurah iku manthuk.
“Wo, tukokna sega pecel sabungkus!” prentahe karo nom-noman kaos putih.
Gardu Hansip isih kosong. Ora ana wong sing kumawani mlebu. Mripat-mripat iku isih betah menthelengi aku najan srengenge kaya ngobong sirah. Kayadene isih ngenteni lambeku menga banjur ngaku nek aku sing nyolong. Pak Lurah uga isih ning njaba ngenteni sega pecel sabungkus. Udakara limolas menit sega pecel teka banjur diuncalna ning ngarepku.
“Ndang dipangan!”
Kanthi tangan isih gemeter bungkusan sega pecel taksaut. Ora ana sing takpikir maneh kejaba wetengku enggal ana isine supaya ora nganti semaput. Lurah lan wong-wong liyane ora takgubris maneh. Semana uga nalika aku ngombe, pikiranku dadi blong. Wetengku wareg. Lali yen saiki aku dadi wong paukuman. Aku andep sapenakku dhewe.
“Wis siap, Mbreg?” takonane Lurah.
Aku manthuk. Lurah nyedhak lan wong-wong liyane uga nyedhak.
“Jujur wae, kowe ta sing nyolong? Ayo, nek ngaku ora bakal digebuki maneh!”
Durung nganti aku mangsuli watengku bali kumat maneh. Rasa mlilite malah luwih nemen diperes-peres kayadene arep tugel. Wong-wong njabane gardu dadi penasaran nyawang polahku banjur padha mbengok.
“Mbreg, aja kakehan alasan! Brengsek kowe! Ini bangsa yang besar, kowe uga kudu duwe jiwa besar. Nek salah ndang ngaku, ora plolat-plelet golek alasan thok. “
Aku ora mangsuli, tangan isih polah ngiwa nengen nyekeli weteng. Wong-wong tansaya ribut. Malah ana sing njupuk botol plastik lan disawatna aku. Luput. Tembok gardu dadi kotor. Lurah nyedhak nanging ndilalah wetengku sing ora kulina karo sambel pedhes mbuwak angin banter banget. Wong njabane gardu Hansip padha ngguyu, raine Lurah mbrambang.
“Maling edan!” pambengoke Lurah.
Wong-wong malah ngguyu Lurah sing krepotan nyumpeti irunge.
“Pak Lurah, nyuwun sewu, kula badhe mbebuwak,” kandhaku karo isih nyekeli weteng.
Lurah metu sedhela.
“Gombreg kebelet. WC ne sapa sing antuk dienggo?” pitakone Lurah marang wargane.
“WC kula mboten angsal Pak Lurah. Penyakite Gombreg nular.”
“Wah, WC kula sampun kebak Pak Lurah.”
“ Niku penghinaan pak Lurah.”
Wetengku bener-bener mlilit. Aku ora bisa ngempet maneh yen kebebasanku bener-bener dirampas. Wong-wong iku wis ora mung ndadekna aku minangka pesakitan, nanging barang rongsokan sing dadi guyonan. Tepa slira ,tatakrama, njunjung dhuwur mendhem jero wis ilang saka bangsa iki. Bangsa sing adiluhung nyatane mung dadi slogan lan impen para sesepuh. Gardu Hansip iki dadi saksine. Aku ora beda karo kethek sing ditaleni lan disoraki. Najan tukang rongsokan aku uga manungsa. Aku ora kuwat maneh. Mula botol-botol plastik ning ngarepku tak sawatna wong-wong sing isih ngguyu banter.
Plak! Sirahku ditempiling maneh.
“Kowe mung maling! Aja wani-wani mbales nyawati!”
Aku ora kapok, takjupuk maneh sandal jepit lan taksawatne sakuwatku.
Plak! Plak! Plak! Aku njerit. Sirahku bener-bener mumet. Kayadene wong mabuk aku gloyoran ngadeg cekelan tembok. Isine wetengku rasane wis tekan gulu, mungkug. Wuoooook! Ora bisa tak empet maneh aku wuntah. Sikile pak Lurah jibrat wuntahan, semana uga buku-buku sejarah ning ngarepku. Kamangka buku-buku sejarah kuwi sing dipesen Dimin kanggo sinau. Aku ambrug, semaput.@
Cathetan :
Nganggo jeneng Landung.
___________________________________________
Ibu
IBU nyoba lungguh jejeg karo ndhelikna rasa larane. Aku ngerti yen carane ibu kaya mengkono mung salah sijine rasa ora kepenak karo anak-anake. Apamaneh karo bojoku ya mantune dhewe. Pasuryane ora sumunar kaya padatane, rambute nyemu abu-abu lan pakulitan garing njengkirut. Saben tindak, ibu mesthi golek cekelan kayadene kuwatir bakal rubuh.
“Ibu kenek apa?” pitakone mantune nalika ibu sempoyongan arep lungguh ning kursi.
“Ahh, ora ngerti ndhuk. Dhek wingi sore sirahe ibu kayadene ana bandhule wesi gedhe abot banget. Saiki rasane muter-muter, sirah rasane kaya arep copot. Ibu kaya pingin muntah wae,” wangsulane.
“Sampun priksa dokter?”
“Mas Darso,” kandhane ibu. Bojoku nglirik aku. Iku mantri pukesmas sing omahe cedhak kreteg tinggalane Walanda. Bojoku mijeti gulune ibu.
“Obat wis ape entek, nanging mumete sirah durung mari, gak ana bedane. Malah saya abot. Ahh….,” ibu ngrintih karo sumendhe ning kursi.
Mangerteni ibu kaya mengkono saktemene aku kepingin srengen. Ibu bola-bali tak kandhani yen dhedhaharan kaya biasane kudune diganti, ora mathuk kanggone kesehatan sing umure kaya ibu. Nanging ibu tetep wae ora ngreken aturku. Jarene iku wis dadi kasenengane wiwit biyen nalika isih bebrayan karo bapak. Nanging sakwise bapak kapundhut tetep wae ibu ora ngowahi padatane.
“Guluku rasane nggandhok banget, pijeti sisih mburi Ndhuk!” prentahe menyang bojoku. Tangane grayah-grayah golek cekelan. Mripate nolih ngiwa nengen kaya arep njejegake sing bakal rubuh saka awake.
“Saiki kepriye kersane ibu?” pitakonku.
“Jane ya ora apa-apa,mung mumete iki sing ora mari-mari.”
“Mung mumet? Mumet iku tetep wae penyakit.”
“Embuh obat apa sing diwenehne mantri Darso, kok mumet iki ora enggal mari. Aku njaluk ngombe dhisik!”
Aku njupuk banyu sagelas. Ibu nyruput saithik. Ibu mesem .
“Rada seger. Nek wis kepenak aku terna mulih.”
“Ibu gak usah mikir mulih ndhisik. Ibu isih lara, mengko nek ning omah kijenan banjur sapa sing arep mbiyantu ibu?”
“Hmm,ora usah kuwatir! Ana Parti mburine omah sing saben dina nyambangi ibu.”
Aku lan bojoku banjur meneng. Ibu semendhe ning kursi lan katone liyep-liyep ngantuk.
“Ibu sare ning kamar ya?”
“Ora usah ndhuk! Mengko selak kewengen,” wangsulane ibu karo gumregah ngadeg.
Sidane aku ngeterne ibu mulih wektu iku uga. Wis suwe anggonku ngajak supaya ibu gelem melu aku. Nanging kekarepane ibu sing ora bakal ngrepoti anak-anake tetep wae ndadekne ibu manggon ning omah dara kepeg lore dalan, sijine omah modhel kuna sing isih ngadeg nganti saiki. Jarene ibu omah iku ora bakal ditinggalne, saliyane minangka pakurmatan karo bapak omah iku wujude tresna sing wiwit dibangun mbiyen. Kahanan omah dara kepeg iku uga ora bakal diowahi, mung kala-kala ngepasi arep riyaya ibu ngongkon Darto supaya nglabur gedhege. Yen tak kandhani usuk lan reng saka kayu-kayu jati iku wis pantes diganti, ibu tetep ngotot yen kahanane isih kuwat. Iku saka kayu jati pilihan, kandhane maneh banjur ngojahi aku yen mbangun omah kudune milih materiale sing apik, tetep nganggo petungan jawa madhep lan wektu ngedegaku.Ibu njaluk aku supaya bisa mandhiri. Aku manthuk-manthuk wae, ora wani mbantah ibu. Yen ibu ngepasi kojah kaya mengkono banjur aku nyrambul ngomong ibu mesthi duka. Ibu banjur meneng lan ora nerusne omong.
Ibu nate kandha yen omah iku ora bakal diwenehne sapa-sapa. Luwih becik anak-anake bisa mbangun omah dhewe-dhewe lan ora njagakne warisan omah dara kepeg iku. Yen arep nggawe modhel kepriye wae jarene ibu ora bakal pekewuh, ora kudu kaya dara kepeg tinggalane. Nom-noman saiki duwe kasenengan karo modhel-modhel sing anyar. Apamaneh yen ana gandane modhel saka njaban rangkah ora dipikir kaping pindho kabeh banjur ditampa. Yen ora melu kaya mengkono jarene keri karo obahe ndonya. Dara kepeg iku mung omah kuna lan ora cocog kanggo modhel saiki. Omah kudune dibangun adhedhasar tresna kekarone, kandhane maneh. Ibu pancen tentrem banget manggon ing omah sing dibangun karo bapak.
Sakwise bapak kapundhut ana wae bagean saka omah iku sing ora krumat. Gentenge siji mbaka siji pecah lan gawe banyu udan mlebu tanpa pepalang. Nanging mangerteni kaya mengkono ibu tetep wae meneng sajak ora kepingin ngowahi. Ya mung ngarepake riyaya wingi gedheg ngarep dilabur nganggo gamping lan saka ratan katon sumunar putih. Karepku, ibu pancen ora perlu maneh ndandani omah. Ibu melu aku lan sakabehe kabutuhane urip dadi tanggungjawabku. Nanging ibu ora kepingin ninggalne omah, ibu ora kepingin ninggalne tandha tresnane karo bapak. Banget gedhene tresna sing dibangun lan kukuh nganti seprene. Najan ibu nandhang lara tetep wae manggon ing omah iku. Banjur sing uncla unclu ngalor ngidul ngurusi sapa maneh saliyane aku. Mbak Har ya wis lunga adoh melu sing lanang.
“Aja mbok kojahi yen melu anak iku luwih kepenak!” kandhane ibu nalika sore.
“Ora perkara kuwi. Nanging aku mesakna yen ibu kudu kijenan ning omah iki. Yen ibu melu aku, Aldi uga bakal seneng amarga simbahe bisa ngajak guyon saben dina. “
“Urip ijen iku ora medeni. Aku wis siap nampa kahanan kaya ngene iki. Kowe wis gedhe duwe tanggung jawab mengarep sing luwih abot. Aja mbok peksa pemikiranmu bali karo kahanan sing mesthine mbok tinggal.”
“Ibu, tegese aku bakal dicandra minangka anak sing ora duwe tanggungjawab karo wong tuwa.”
“Ora. Aku ya ora kepingin diarani wong tuwa sing bakal nyusahne anak.”
“Ibu…..”
Banjur ibu kukuh karo pamikirane. Najan ibu lara tetep wae ora kepingin melu anake. Umpama darah tinggine kumat kaya mau banjur ana Darminto bocah umur rolas taun mancal sepedhane ngabari kahanane ibu kaya mengkono. Nanging nganti seprene ibu ora gelem yen priksa ning dokter. Jarene mung mumet lan ora mbebayani. Sedhela maneh bakal mari, aku mung kurang turu, kandhane karo mlaku kalem-kalem. Ing omah sing paling ditresnani iku, ibu banjur lungguh kursi ing teras. Sesawangan sore nalika srengenge katutup godhong-godhong pelem lan angin katiga ngobah-obahake, wewayangan sing tumiba ning plataran sajak ngawe-awe. Aku kandha yen hawa panas ngene iki ora apik kanggo kesehatan, ibu meksa yen dheweke wis kulina. Mula aku banjur ngalah ngrumangsani yen wong saya tuwa saya egois klebu ibuku dhewe. Aku banjur takon, apa mumet sirahe ibu wis kepenak.
“Ora apa-apa, iki mumet biasa. Tak kira ora perlu ning dokter utawa mantri puskesmas, sedhela maneh mari dhewe. Ya mung kurang turu. Ora apa-apa ta nek ibu ngalem karo mantune?” takone karo mesem.
“Yuli ya ora kabotan kok ,Bu.”
“Saiki wis sore, omahmu adoh saka kene. Ibu matur nuwun wis mbok terne, suk nek mumete wis bener-benr mari, ibu bakal guyonan karo Aldi maneh lan mulihe ora usah mbokterna. Ibu bakal mulih dhewe.”
“Yen ibu kepingin guyon karo Aldi, ibu gak usah mrana dhewe. Aku bakal mrene marani ibu.”
“Ya,ora apa-apa. Saiki wis sore. Aldi ngenteni bapake.”
Aku banjur pamit mulih nalika srengenge durung angslup. Hawa garing lan awu mabur-mabur, keterak kendharaan banjur nemplek ning godhong-godhong. Sesawangan sing ana mung werna putih awu, kaya uripe ibuku sing kukuh bakal kijenan. Ibuku wis nandhang lara. Urip kijenan ora perlu kanca najan anake. Yen ana Parti tegese iku mung kanca nalika ibu mbutuhake kaperluane sing ora bia ditindakne dhewe. Ibu wis cukup kulina ngadehepi asin orane urip kanthi kesabaran sing dituwuhne dhewe. Nalika isih bebrayan karo bapak kesabarane ibu ora ana tandinge. Iku uga diakoni karo tangga kiwa tengene omah. Banjur nalika ibu ngalem karo Yuli aku ya ngrumangsani yen kangene karo mbak Har wis nggunung banget.
Nanging nganti seprene kabar ngenani mbak Har ora ana teka. Layang pungkasan sing ditampa ngabarake yen dheweke ing Kalimantan Tengah ngayahi tugas perusahaan. Nanging nganti seprene ora ana layang sing teka maneh. Telpune ya ora bisa dihubungi. Mula yen ibu kangen karo mbak Har, Yuli bojoku sing bakal ngganteni. Aku ngerti kangene ibu gedhe banget. Nalika ibu gawe keputusan yen ora bakal melu aku, iku sing ora bisa tak tampa. Ngendikane ibu iku minangka ujud tresnane karo bapak lan ora bakal ninggalna omahe bisa tak tampa. Nanging nalika ibu nandang gerah najan mung mumet iku sing dadi pamikiranku.
“Ibu mesthine dipriksana dokter. Dadi penyakite bisa diweruhi lan ora mung sambat,” bojoku nalika sore kandha.
“Ibu ora gelem. Nyatane ya mung mumet thok!”
“Sampean iki piye? Mumet iku mung tandhane wae. Apa sampean ora keprungu kepriye sambate ibu yen sirahe kaya ana bandhule wesi. Tegese iku kudu digawa ning dokter, ora mung cukup ning puskesmas. Malah ibu kandha yen arep ning nggone dhukun pijet. Walah…!”
“Yuli, ibu wis kulina ngadhepi kahanan kaya mengkono. Ibu paling luwih ngerti apa sing dibutuhne.”
“Ya. Nanging yen ana kedadean sing ora dinyana-nyana banjur sampean ora tumindak apa-apa, rumangsa salah mesthi ning mburi Mas.”
“Yul, umpama ibu gelem ning omah kene,aku bisa ngramut saben dina lan ngawasi kesehatane. Ibu isih kuwat urip ijen. Ibu ora bia dipeksa kaya kekarepanmu. Ibu wis kulina karo kesabarane. Rasa tresnane karo bapak ora kepingin kecampuran karo tresna awake dhewe. Ibu kepingin urip ijen saperlu njaga tresnane.”
“Banjur sampean uga sarujuk yen ibu saben wengi kudu kasepen?”
Aku meneng. Lagi sepisan iki Yuli wani ngomong kaya mengkono. Aku banjur padudon ngenani kahanane ibu. Nganti wengi pungkasane Yuli nangis ngguguk njaluk sepura wis wani karo aku. Kandhane iku mung ujud saka tresnane karo ibu. Yuli ora kepingin nyawang ibu urip kijenan lan kasepen ing antarane sisa-sisa rasa tresna saka bapak.
Pirang-pirang dina mumete ibu ora dadi rembugan maneh. Nalika ibu geguyonan karo Aldi ya ora sambat mumete kumat. Nanging saben ibu arep jumangkah aku bisa nyawang yen mripat abange sajak nyimpen rasa lara. Ibu katon ndhelikne lan ora dikandhakne aku. Uga nalika ibu kandha yen kangene karo mbak Har saktemene wis nggunung, banjur ngalem karo Yuli, aku bisa ngrasakne yen ibu saktemene lara. Nanging ibu tetep wae kepingin anak-anake bungah ora keganggu karo dheweke. Mula yen ibu banjur asring guyon karo Aldi tegese ibu pancen lara banget.
Aku ngerti ing yuswane sing sepuh iki ibu ora pingin ngrepoti anake. Apamaneh aku karo Yuli lagi omah-omah udakara patang taunan, isih enom lan wis duwe momongan Aldi. Aku karo Yuli antarane langit lan bumi. Yuli lair saka kaluwarga sarwa kecukupan sawetara aku mung kaluwarga buruh. Yen tresna iki banjur lumaku nganti saiki iku amerga nekate Yuli nabrak kekarepane wong tuwane. Jurang jero ing uripku dadi masalah sing abot banget. Aku mung buruh pabrik lan Yuli kulina karo urip cara kulawargane. Saben blanja Yuli ora gelem ning pasar tradisional apamaneh pasar krempyeng. Supermarket senajan kudu numpak bis bakal ditekat. Bayaran sesasi mung antuk klambi siji. Aku menggeh-menggeh ngetut lakune urip kaya Yuli. Durung pungkas anggonku mikir kahanan iki, ibu kandha yen lara mumete saya ndadi.
Kahanan iki uga sing asring ndadekna aku karo Yuli padudon.
“Ora masalah pelit, Yul. Nanging kebutuhan saiki kudu ditata karo manajemen sing apik.”
“Lho,Mas. Nek sampean ngomong manajemen sing apik,aku uga duwe manajemen wektu sing apik. Pira ta regane kompor gas? Jaman saiki mbutuhake wektu ringkes, cepet. Nek ora ngono bakal ketinggalan jaman,” suwarane Yuli ngganyang aku.
“Pancen ora salah. Nanging kanggo apa yen durung pati butuh. Kompor minyak iku ya isih apik.”
“Huh,mental buruh. “
“Aku pancen mung buruh.”
“Tuku sing murah malah manajemene bubrah. Iki pemborosan. “
Ngono iku saben dina sing keprungu. Yen ora perkara urusan pawon, Yuli asring nabrak aku karo teori sing diajarne wong tuwane. Tamtune teori wong sugih sing cara uripe ora tau metu ing impenku. Aku lan Yuli mubeng-mubeng golek teori lan praktek sing pas karo kasunyatan urip. Nanging nganti seprene sejarah urip sing takgawa ora bakal tinemu karo cara mikire Yuli. Banjur Yuli ndhangakne sirahe nyawang aku.
“Aku njaluk sepura sing gedhe, Mas. Bener-bener aku ora ngerti. Karepku.…aku bener-bener salah. Pangapuramu,Mas! Pemahamanku ora cukup kanggo nampa kenyataan kaya ngene iki, sepurane.”
Aku unjal ambegan landhung, mesem lan praupan sumringah takduduhake. Aku wong lanang sing ora nangisan, ndheprok mung ngadhepi perkara cilik kaya ngene iki. Aku wong lanang sing kukuh lan dhewasa. Ora bakal ngundhat-undhat senajan katresnan iki tetep lumaku amerga nekate Yuli nabrak tatanan kulawargane. Lan katresnan buruh pabrik iki wis ngasilake Aldi.
“Banjur kepriye saiki?” pitakonku.
“Kepriye maneh? Aldi butuh klambi,mosok riyaya ngarep iki ora ganti. Apa sampean ora isin mengko ketemu karo dulur misanane klambine tetep kuwi-kuwi wae? “
“Yuli, kerepku ngenani kahanane ibu?”
“Enggal digawa ning dokter! Nek gak ngono ibu gak enggal waras. “
“Menyang dokter? Mengko sik ta.”
“Ya, ampunn….. iki perkara nyawa. Mbok anggep aku iki apa yen ora bisa ngramut ibu? Aku bisa kadakwa mantu ora duwe tata krama yen ngebene wae kahanane ibu nandang lara.”
Aku dheleg-dheleg, percuma atiku takkukuh-kukuhne. Yuli bener, kesarasane ibu kudu enggal dicandhak. Takpeksa yen ibu saktemene mbutuhne dokter, dudu dhukun pijet.
Jam lima sore ibu takterne ning dokter numpak becak. Sakwise stetoskop ditemplekne ning lengene ibu, dokter gedheg-gedheg.
“Pripun,Dok?” pitakonku.
“Tekanan darahnya dua ratus tiga puluh”
“Hhhaaa!” aku kaget.
“Saya beri pengantar, ibu Anda harus opname.”
Aku ndomblong. Sawetara iku ibu ndhingluk ndhelikne pasuryane sing pucet.
“Mmmm…..napa mboten wonten cara lintune, Dok? Umpaminipun obat jalan mawon,” takonku.
“Resikone gedhe banget, yen ibu nganti tiba. Aku ora bisa njamin kesarasane ibumu yen sampean meksa ora opname,” kandhane doker.
Nalika bali, ana becak ibu nangis.
“Ora usah opname, Le. Ibu ora apa-apa, mumet iki wis biasa. Mengko nek ibu tekan omah arep turu dhisik lan mangan timun karo ngombe obat saka Puskesmas, bakal mari dhewe. Dhuwitmu klumpukna kanggo tuku omah najan cilik ora apa-apa. Aja suwe-suwe nek kontrak omah! Aja kuwatir, ibu mesthi waras. Ibu iki wis tuwa, Le. Ikhlas umpamane katimbalan dening Gusti….!”
Aku pengin mbengok kaya bledheg. “Oraaaa! Oraaa……!” Nanging dina iki aku bener-bener ora duwe dhuwit. Aku banjur meneng wae karo ndhingluk nyawang dalan aspal.Tekan omah Yuli mapag tekaku.
“Kepriye…….?”
Aku ora mangsuli. Ibu taktuntun mudhun saka becak. Yuli wis nganggo klambi apik saperlu ngajak Aldi ning toko tuku klambi. Ibu tak lungguhna ning kursi.
“Bapak, ayo tumbas klambi kalo pelmen ning toko!” Aldi anakku nggandholi clanaku. Aku meneng wae.
“Nak, ora mung kowe sing pengin nangis glimpungan kaya ngono iku. Umpama bapakmu isih pantes tumindak kaya ngono, bapak uga bakal tumindak luwih seru,” suwara penjeriting atiku. @
KANGGO ngadhepi bakal anane ancaman krisis pangan sejagat, pangajabe Bapak Presiden supaya rakyat gelem mbudayakake mengonsumsi makanan non beras, minangka keanekaragaman pangan. Bahan sing digunakake yakuwi singkong, jagung, ketela rambat, uwi, gembili lan sapiturute. Kabeh kuwi minangka bahan pangan sing nyata kekayaane bumi nuswantara sejene bahan baku industri kayadene timah, tembaga, emas, batu bara lan minyak.
Mula iku pemerintah kabupaten Bojonegoro ngadani nganakake festival makanan non beras. Senajan tlatah Bojonegoro mono lemahe gersang, wondene wuluwetune tetanen para kadang tani arupa palawija, pala pendhem, uga masalah sing kependhem ora kalah potensine yen dibandhingake dhaerah liya, yagene durung ditangani lan dimanfaatake kanthi maksimal.
Festival dipapanake ana ing njero Gedung Wanita Bojonegoro, sing kajibahan ngayahi para ibu PKK saka sakehing kantor instansi pemerintah kabupaten. Sing dipamerake lan disosialisasiake makanan saka bahan singkong arupa sawernane gethuk, yaiku gethuk lindri, gethuk mulur, gethuk mawur, uga isih akeh maneh maceme gethuk.
Diajab masyarakat ing kutha lan desa bisa mangerteni tata carane ngolah lan milih bahan sing becik, mula para ibu PKK ing desa-desa uga diundang ing mengkone bisa aweh penyuluhan marang warga desane.
Ing kalodhangan iku ana sekelompok ibu–ibu PKK saka Desa Mayanggeneng uga ora gelem ketinggalan. Watara jam setengah enem para ibu wis padha ngumpul ing daleme Pak Sekdes, senajan liyane isih ana sing durung teka. Rombongan dipandhegani dening Bu Sekdes dhewe.
“Ibu-ibu, mengko sing melu rombongan menyang Gedung Wanita pira, ta?” pitakone Bu Sekdes marang Tika.
“Nek ningali cathetane niki tiyang sedasa, Bu,” wangsulane Tika karo ngulungake kertas marang Bu Sekdes.
“Lho, Bu Kades apa ora ndherek, kok ora ana?” Bu Sekdes takon maneh.
“Uminah mbokmenawa ora sida melu, wingi lagi bar ningkebi wetenge,” celethuke Bu Eni karo mbenerake kaca mripate.
Lagi wae dirasani, Uminah mara ita-itu karo kandha marang Bu Sekdes, “Bu, kula mangke mboten saget tumut rombongan mobil niki. Kula ajenge goncekan sepedhah montoran mawon kalih Kang Padi, radosane taksih njeglong-njeglong,” kandhane.
“Mobile ya isih gothang ta, Um. Bojonem ya durung mulih,” Bu Eni nrambul omong.
“Pancen durung, jare ndhek esuk mau melok ngedhos nang sawahe Lik Sakur. Ya embuh nek gabahe terus diusung nang selepan, didol pisan. Jaman saiki gabah wis dha lali omah kok, Bu!” Kandhane Uminah.
Apa sing diomongake Uminah, Bu Sekdes mung mesem, ngerti apa sing dikarepake. Gabah lali omah tegese asile panen gabah teka sawah langsung didol nggo nyaur utang.
Ora sawetara suwe wis tekan sangarepe Gedung Wanita. Ibu-ibu padha mudhun tumuju lawang gedhung sisih wetan, amarga lawang utama sisih ngarep wis katon tutupan. Katone kursi mburi wis dikebaki para undhangan sing teka luwih dhisik.
“Mangga, Ibu-ibu kula aturi mlebet, langsung kemawon pinarak, kursi ngajeng taksih kosong!” panyumanggake panitia terima tamu karo ngedumake brosur resep marang ibu-ibu undhangan.
“Rombongane dhewe tekane keri malah entuk lungguh kursi ngarep,” grenenge Bu Sekdes karo mapan lungguh.
“Malah enak ta, Bu. Isa karo nyawang sakpolahe Bapak-bapak penjabat sing padha pinarak kursi ngarep kuwi,” semaute Bu Eni.
Nalika Uminah arep mapan lungguh, panyawange lingak-linguk mengarep karo grenengan, “Lho, aku kok ora tumon Bapak Wakil Bupati!”
“Takokna dhewe kono, Um! Sing ora ana mboktakokna. Wis, ndang lungguh kene!” semaute Bu Sekdes.
Senajan penyelenggaraane festival mung sedherhana, jroning gedhung tumata katon rapi lan regeng. Pinarakane para penjabat dipapanake ana ing dhuwur panggung ngadhep palungguhane para ibu PKK lan para tamu undhangan liyane. Krana iku panyawange para undhangan bisa mbedaake lan niteni antarane penjabat instansi lan wakile rakyat wektu saiki. Stand makanan gethuk dipapanake ana sisih tengen kursi undhangan. Ing ndhuwur meja siji lan sijine disajeake sawernane gethuk kanthi rasa sing beda-beda.
Krana ing panggonan liya isih ana acara sing luwih wigati uga perlu dirawuhi Bapak Bupati, mula jam setengah wolu acara festival gethuk enggal diwiwiti.
“Sambutan dari Bapak Bupati, sekaligus beliau berkenan membuka acara Festival Makanan Gethuk yang diikuti oleh Ibu-ibu PKK dari berbagai instansi pemerintah sekabupaten Bojonegoro. Waktu dan tempat dipersilakan!” mengkono pambiwarane pranatacara.
Bapak Bupati jumeneng, jumangkah tumuju podhium njur nyandhak mike. Sadurunge uluk salam, ngetuk-ngetukake mike nganti ambal kaping telu.
“Lho, kok ora muni?” aloke Bapak Bupati.
Sawijine Ibu PKK sing ngadhep stand weruh mengkono iku karepe reka-reka ngelingake, “Anune niku dipetelake mengandhap, Pak!” pangandhane, karo nudingake drijine.
Krungu gunem mengkono iku ibu-ibu liyane padha ngguyu cekikikan ora bisa ngempet. Ana sawijine ibu nyaut gunem sing beda asosiasine semu cengengesan, “Mbok ya anune bapake dhewe wae sing ngko dipetelake, kok ngongkon Bapak Bupati!”
“Woooalah, Bu, njenengan niku lho, ngarani skakel wae kok anune!” aloke ibu liyane.
Sawise skakel mike diceklekake isih krungu guyune para ibu. Bapak Bupati isih kober mirsani arahe swara guyu cekikikan, swasana malih lerem, njur miwiti sambutan.
“Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh! Kanthi raos syukur dumateng ngarsanipun Allah SWT ingkang paring pinten-pinten nikmat, berkah ugi rahmat tumrap kawula lan panjenengan sedaya. Para Bapak pimpinan dinas, kantor, instansi, para anggota legislatif, para Ibu PKK, saha para undhangan ingkang wonten gegayutanipun kaliyan festival menika. Sedaya kalawau ingkang dimulyaaken Allah, ugi ingkang tansah kawula antu-antu saran lan panyaruwenipun. Ing kalodhangan dalu menika panjenengan sedaya sampun kersa mbucal wekdal sakperlu ngrawuhi ing gedhung mriki kanthi wilujeng nir sambikala ing marga,” mengkono pambukane sambutan, kanthi tata basa lan ukara kang titis lan teteh.
Swasana jroning gedhung tidhem, tintrim lan tentrem ora krungu swara guyu sing wagu, mung kadhangkala ana swara dhehem lan watuk saka njaban gedhung. Bacute sambutan, “… dene panjenengan sedaya rawuh ing papan mriki supados mangertosi tatacara ngolah makanan non beras, ingkang arupi manekawarna gethuk ingkang kadamel saking bahan singkong. Lha, singkong menika menawi masyarakat Bojonegoro mastani minyak …!”
Krungu tembung minyak, ibu-ibu gage nyaut gunem mbenerake ngendikane.
“Ooo, inggih! Radi keplecuk atur kawula. Ngapunten nggih, Bu! Arep ngarani menyok wae kok kleru minyak. Sanes wekdal mawon, Bu, ngrembak minyak. Insyaallah mbenjang tahun ngajeng minyakipun sampun produksi. Wangsul malih masalah gethuk. Nuwunsewu, kula kuwatos, mbokmenawi wonten ingkang ngudaraos makaten, ’wektu iki rega BBM mundhak, rakyat cilik sambate ngaruwara, yagene nganaake sosialisasi kok ya, festival panganan gethuk. Panganan liyane sing luwih enak apa ora ana? Apa para penjabat ora bisa mikir kepriye solusine, apa utege wis kaya gethuk?’ insyaallah mboten wonten ingkang mekaten, senajan awrata kados punapa pemerintah enggal mbudidaya ngluwari panandange rakyat cilik ingkang sakmangke nembe kesulitan ekonomi. Mliginipun para anggota DPR, insyaallah mboten sedaya kupinge sami kesumpelan gethuk, taksih wonten ingkang kersa mirengaken swara rakyat ingkang sami sambat …”
Ibu-ibu PKK krungu ucapan mengkono mung padha ngguyu kecut.
“Mbakyu, ngendikane Bapak Bupati ceplas-ceplos, nggih?” rerasane sawijine ibu karo kancane.
Semono uga bapak-bapak penjabat sing pinarak ana ing kursi ngarep, krungu ucapan mengkono iku mung padha mbesengut praupane, njur klesak-klesik sajak ora karenan penggalihe.
Bacute sambutan, “… Ibu-ibu mangke saget mirsani ugi ngicipi, ngraosaken macem-macem gethuk ingkang sampun disajekaken wonten ing stand sebelah menika. Mbenjing Ibu-ibu saget mraktekaken ndamel gethuk piyambak wonten ing ndalem. Kanthi mirsani resep ingkang sampun diaturaken dumateng panjenengan sedaya. Wusana cekap semanten sambutan kawula nyuwun agunge samodra pangaksami. Kanthi ucapan bismillahirrohmanirrohim, festival gethuk ing dalu punika kawula bikak. Wassalammu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh,” mengkono pungkase sambutan.
Sawise para undhangan mbales salam, Bapak Bupati jumangkah tumuju papane stand makanan gethuk. Para undhangan bapak-bapak penjabat liyane uga melu ngetut mburi sakperlu melu ngrasakake ngicipi gethuk, uga bawarasa karo ibu-ibu sing jaga stand.
“Lagi ngicipi rasane gethuk menyok wae wis ngono, durung maneh yen wis ngrasakake asile produksi minyak!” semaute bapak liyane karo ngguyu.
Bapak Bupati mireng gunem mengkono, panjenengane mung mesem, njur nerusake tumuju meja sebelahe sing nyajekake gethuk lindri. Sawise ngicipi njur bawarasa karo ibu-ibu sing njaga, mengkono sateruse meja siji lan sijine beda-beda gethuk sing disajekake.
Sarehne isih ana acara sing luwih wigati ing panggonan liya, mula Bapak Bupati sarombongan njur ninggalake papan kono.
“Mangga Ibu-ibu, menawi badhe nyobi ngraosaken gethuk, gratis kok! Lha, menika kangge oleh-oleh keluwarganipun ingkang wonten ndalem. Setunggal bungkus kotak alit namung tigang ewu rupiah, setunggal bungkus ageng enem ewu rupiah,” panawane Ibu sing nduwe stand.
“Nek nang ndesa ngono kae paling-paling menyok ya mung digawe gaplek, digawe sega thiwul. Isa nggawe gethuk pol-pole ya mung ngono kae!” aloke sawijine ibu PKK saka ndesa.
“Menyok nek nang ndesa, ya akeh! Nanging durung isa carane ngolah, ngrasakake mangan gethuk enak wae malah tuku nang kutha, najan regane larang,” semaute kancane, njur ngudarasa jroning batin, ‘bisa dibayangake kaya negarane dhewe wektu iki, sumbere minyak akeh, nanging kebutuhan bahan bakar kepeksa tuku rega larang. Lha, kepriye maneh, sumbere minyak wis dikuwasani pengusaha mancanegara.’
JAYA BAYA No. 29 Minggu III Maret 2010
__________________________________________
Miskin
KRANA polah tingkah anak-anak lan bojone sing angel ditata sarana becik, padha nggugu karepe dhewe, entek-entekane rumah tanggane dadi bubrah, bandha donyane ludhes, njur morat-marit keluwargane. Lelakon iku sing dialami Kang Jadi. Senajan nemahi panandang mengkono dheweke ora nglokro, tansah istiqomah. Alhamdullillah ora watara suwe dheweke wis kelakon nggondhol predikat DPR. Nanging dheweke ora gelem tumindak kaya para anggota DPR liyane sing sok gelem melik barang kang melok, ora gelem milih lan milah endi sing halal lan haram.
Anggone klakon lelomban ing jagade DPR krana keglandhang dening sawijine partai sing wektu iki tansah digatekake dening pemerintah yaiku Partai Golongan Ekonomi Lemah sing tansaya mundhak anggotane, apadene simpatisanne.
Predhikate Kang Jadi sing mengkono iku tansah ndadekake rerasanan tangga teparone.
“Yu Nem, aku kok arang pethuk irunge Kang Jadi. Saiki nyambut gawe apa ta?” takone Kamisah marang Ginem.
“Aku krungu jare nyambut gawe DPR, ta apa!” Ginem lehe wangsulan sajak ora ngerti.
Aminah tangga sebelah krungu wong loro padha rerasanan, dheweke njur mara karo ngguyu mengengeh.
“Sore winginane aku kepethuk Kang Jadi nang lore pasar kana, lho! Wira-wiri karo nggawa sak amoh golek rongsok, malah kober takceluk, dheweke mara njur ngandhani aku, ‘menenga wae ya Min, aja mbokkandhak-kandhakake wong. Saiki aku DPR kok, Min. Dadi Pemulung Rongsok’ lehe ngandhakake,” mengkono Aminah nyritakake marang Ginem lan Kamisah.
“Whooalah, rumangsaku ta DPR sing dadi wakile rakyat ngono kae!” semambunge Ginem.
“Rakyat sing endi maneh ta, Nem, sing gelem diwakili DPR dhapurane ngono kuwi!” semaute Kamisah.
“Kok, kaget klakuwane Kang Jadi , ta, Sah. Ya wis ngono kae omongane,”
trambule Aminah, njur nglungani.
*
Sore kuwi lagi wae Kang Jadi mulih anggone golek rongsok, Darman kancane mara nang omahe, “Entuk rongsok akeh, Kang?” takone.
“Eee, lumayan, Man. Lha iki entuk semene,” Kang Jadi nuduhake sake isi rongsok.
“Saiki golek rongsok nang kampung-kampung angel, Kang, sepi. Apa enake sesuk golek nang kutha pa piye?” guneme Darman semu ngajak.
“Gak masalah. Nanging mangkate saka omah rada esuk, kira-kira jam enem ngono, lho! Mlaku wae turut ril sepur rada cepet, ra menggak-menggok. Nanging sadurunge aku wanti-wanti marang awakmu, sesuk nek mlaku liwat ril, weruh wesi baut utawa paku ril gemlethak aja nganti mbokopeni, mundhak ndadekake perkara,”
“Ora kok masalah regane, Man. Sing takkarepake mbokmenawa ana kedadeyan ril mleset, ana sepur liwat njur ngguling. Apa ora cilaka, uga ngrugekake wong akeh. Nek bener-bener kowe sing njupuk aku ora ngelingake, apa ora kedosan aku lan kowe,” panjlentrehe Kang Jadi.
Krungu guneme Kang Jadi, Darman mung meneng karo manthuk-manthuk sajak ngerti sing dikarepake.
“Kae ana sawijine penjabat kebukten nindakake korupsi, manipulasi, suap-menyuap ngrugekake negara lan rakyat, kok, aman-aman wae ya, Kang?” kumecape Darman.
“Ooo, nek ngono kae seje, Man. Najan ngrugekake negara uga rakyat, nanging rak isih ana oknum penjabat sing rumangsa diuntungake, kayadene kejaksaan, kepolisian, bisa uga KPK lan pengacara-pengacara ngono kae. Rumangsaku penjabat sing gelem tumindak mengkono kuwi wong-wong sing dha ora waras pikire, gendheng, edan. Najan diwara-waraake, uga potone dipajang nang koran-koran, disiarake radio, ditayangake nang tipi. Nek pancen pikire waras rak nduwe isin lan wirang, mula becike nek ana sawijine penjabat tumindak mengkono kuwi diglandhang wae njur dilebokake rumah sakit jiwa,” guneme Kang Jadi kedawa-dawa semu gregeten.
“Njur dikumpulna wong gendheng-gendheng kae, ben ketularan ngguyu kepingkel-pingkel dhewe, mengko anak lan bojone rak dha kewirangan,” Darman ngimbuhi gunem, njur pamit mulih.
Esuke kira-kira jam setengah enem, Darman wis mara nang omahe Kang Jadi, njunjuk omah pawon. “Ayo, mumpung isih esuk, ndang budhal!” pangajake.
“Ya, ya! Entenana sedhela, aku takmakani pitik dhisik!
Sawise rampung. Wong loro njur budhal mlaku turut ril sepur. Darman tansah migatekake sing dikandhakake Kang Jadi wingi sore. Sadalan-dalan mung njupuki gelas aqua bekas, plastik-plastik, kardhus lan apa wae barang bekas sing wis dibuwang. Jam rolas awan wong loro lagi tekan njaban kutha.
“Lha, iki ngko terus ngendi, Kang?” takone Darman.
“Awakmu ngko terus mlaku ngetan turut ratan gedhe, kiwa tengen kono ya ana perkampungan, kok, aku takmlaku ngalor. Kira-kira nek wis rada awan entenana nang tanggul lore pasar!” welinge Kang Jadi.
*
Watara jam rolas, wong loro bisa kepethuk maneh nang nduwur tanggul lore pasar.
“Piye, Man, entuk barang akeh?” takone Kang Jadi.
“Cek sepi kok, Kang. Ora kaya biasane. Nang ndesa sepi, nang kutha ya sepi. Lha, iki mung entuk sithik.” Darman sajak ngresula.
“Eee, sabar Man. Entuk sithik, entuk akeh ya disyukuri. Ora sah ngresula nemen-nemen, aku maeng weruh nang njero gedhung kidul ratan akeh wonge, mobile apik-apik diparkir jejer-jejer nang ngarepan, embuh rapat, embuh resepsi. Enake saiki wong loro mrono pa piye? Cedhak kok!” kandhane Kang Jadi.
“Ya, ayo! Ngko karo golek imbuh nang kono,” semaute Darman sajak jemrinthil.
Wong loro njur mlaku ngulon tumuju papane gedhung sing dikarepake. Ora watara suwe wis tekan sangarepe gedhung.
“Ooo, resepsi manten, Kang. Lha kae ana mobile sedan sing dihias kain pita rupa putih, kuning, abang, ijo. Enteni nang njaba pager kene dhisik!” Darman ngandhakake, njur lungguh.
Sajake wiwit mau kanca-kanca pemulung uga wis padha ngenteni ana sanjabane pager.
Ora watara suwe katon tamu-tamu padha metu saka njerone gedhung lan padha munggah ana mobile dhewe-dhewe, pratanda serepsine wis rampung, mung kari para sinomane sing isih wira-wiri, ibut ringkes-ringkes. Para pemulung njur gemrudug padha mlebu njero gedhung njupuki larahan sing pating blasah ana jogan lan plataran. Darman lan Kang Jadi ora kari.
Ana pawongan marani sawijine pemulung sing lagi njupuki larahan, “Mas, kanca-kancane kandhanana ngko turahan panganan sing isih ana ndhuwur meja kae jupukana kabeh, dumen sakancamu!”
“O, nggih Pak, maturnuwun!”
Sawijine sinoman ngerti menawa turahan panganan nang ndhuwur meja dijupuki dening para pemulung dheweke njur ita-itu marani pawongan sing ngongkon mau.
“Lho, turahane panganan kok padha dijupuki wong-wong, apa sampeyan ta, Mas sing ngongkon?”pitakone.
“Wis ben, Dhik. Mau aku sing ngongkon, kok! Kuwi mono rak panganan turahan sisane didhahar bapak-bapak lan ibu-ibu undhangan mau. Wong-wong ngono iku uga pengin ngrasakake pangan enak,” semambunge.
Para pemulung sawise rampung njupuki larahan lan panganan njur ninggalake papan kono.
“Wis, Man, ayo mlaku alon-alon, ngko leren maneh nang njaban kutha kana!” pangajake Kang Jadi karo ngangkat sak sing kebak isine.
Wong loro terus mlaku ngurut dalan nganti sanjabane kutha.
“Leren ngisor wit kene, lho Kang, enak, adem!” pangajake Darman karo nyeleh sak plasyik warna ireng.
Ora sranta, tangane ngrogoh bungkusan sega saklawuhe ana njero sak. Muluk telap-telep, mripate pendirangan, sajak ora nate ngrasakake panganan enak.
“Enak, Kang, panganan sisane wong sugih!” aloke Darman karo kecap-kecap nikmati lehe mangan.
“Kanggonem lan kanggoku, najan panganan sisa, rasa enake wis ora kaprah, apa maneh ora sah tuku,” semaute Kang Jadi karo mbukak bungkusane dhewe, karo sedhela-dhela lenger-lenger ngudarasa jroning batin, ‘ngrasakake urip sing taklakoni sabendinane, ibarat mung kaya larahan sing kleleran, ana angin ngetan katut ngetan, ana angin saka kulon uga katut ngetan. Kadhang dieker-eker asu, njur diisingi lan diuyuhi. Lha, yen ora ana wong sing gelem peduli nulung rak mung panggah kleleran.’
“Mangan kok karo lenger-lenger. Mikir apa, ta, Kang?”
“Ora mikir apa-apa, kok, Man,” semaute Kang Jadi, nglereni lehe mangan, njur segane dibuntel maneh. Kelingan keluwargane nang omah.
“Nyambutgawe sabendina entuk pengasilan nggo nyukupi kebutuhan pawon wae kuwalahen, reregan sembako tansaya mumbul krana mundhake rega BBM 30 % kuwi apa!” grenenge Darman karo ngusap upa sing isih nemplek lambene.
“Bener kok, Man! Yen kahanan terus ngene, reregan tansaya mumbul, suwe-suwene wong cilik rak klakon dha makar,” semambunge Kang Jadi.
“Lho, kok makar piye ta, Kang? Malah meden-medeni!” semaute Darman.
“Sing takkarepake, makar kuwi tegese mangan kurang. Wektu iki wong cilik dha nandang kurang mangan. Kemampuane dhuwit sing arep nggo tuku sembako ora nyukupi,” panjlentrehe Kang Jadi.
“Ooo, ngono, ta! Rumangsaku makar kuwi masyarakat wis padha ora percaya karo sing dadi kebijaksanaane pemerintah, tunggale arep kudeta ngono kae,”
“Whoooalah, Man! Wong cilik wae, kok arep nulak kebijaksanaane pemerintah!”
“Kaya awak dhewe iki, sabendina gaweyane mung truthusan turut-turut kampung, turut ratan, asile mung cukup nggo ngurubake pawon wae wis alhamdulillah. Kabare ya arep entuk dhuwit BLT maneh, Kang. Ngentas kemiskinan wong-wong sing uripe kaya awake dhewe ngene iki,” guneme Darman.
“Whoooalah, Man, Man! Dhuwit semono kuwi paribasane mung kaya sega sing bar dipangan awake dhewe mau, lho! Dhuwit kuwi mung sisa-sisane dhuwit sing bar dinikmati wong-wong sugih kae. Aku biyen uga melu nampa dhuwit BLT. Kabeh mau gumantung marang masyarakat kepriye cara nanjakake dhuwit bantuwan kuwi mau. Nek masalah miskin banda donya kaya awake dhewe ngene iki, senajan nyambut gawe nistha, nanging tansah urip jroning syareate Allah. Saiki sing layak dientas kuwi kemiskinan moral, yaiku wong-wong sing uripe mung seneng lomban ing samodra kemewahan njur klelep jroning kesrakahan,” semambunge Kang Jadi kedawa-dawa. Dene Darman ora ngerti sing diomongake Kang Jadi, njur takon, “Kok, apik sampeyan nek ngrakit ukara. Nalare piye ta, Kang?”
“Delengen Bapak-bapak kae, wis dha nglungguhi kursi empuk, dadi penjabat. Bayarane sakdhabreg, omahe gedhong magrong-magrong, mobile mengkilat, nanging kok isih rumangsa kurang wae. Isih kemilikan sing dudu hake, tega lan tegel gawe sengsarane rakyat, uga ngrugekake negara, krana isih padha miskin atine. Miskin kang mengkono iku mesthine uga dientas,” panjlentrehe Kang Jadi.
Sawise rampung olehe padha ngaso sawetara wong loro njur jumangkah nerusake laku ninggalake papan kono. Mlaku nurut dawane ratan sing kebak bledug ketrajang rodhane kendharaan lan angin sing tumiyub mapag tekane mangsa ketiga. @
Roman Max Havelaar karya Multatuli memasuki tahun ke 150 pada 2010 ini. Senin (12/4) lalu, Fakultas Ilmu Budaya UGM Jogjakarta menggelar peringatan 150 tahun Max Havelaar. Saya sempat diundang oleh almamater. Namun, saya tak bisa datang. Saya memilih membaca ulang Max Havelaar saat menikmati suasana sore yang mendung dengan kereta api Blora Jaya Senin lalu menuju Semarang. Sesampai di Semarang, saya sengaja turun stasiun Tawang. Keluar dari pintu stasiun, di sore yang gerimis, saya menikmati suasana Kota Lama Semarang yang dibangun Belanda. Gedung-gedung tua yang menjulang. Gereja Bledug yang masih kokoh. Saya membayangkan, satu sisi Belanda mampu membangun gedung-gedung sangat megah. Namun, di sisi lain, di Rangkasbitung, Kabupaten Lebak, Banten nasib bangsa ini ditulis sangat tragis oleh Multatuli dalam Max Havelaar. Rakyat Lebak ditindas dan dihisap kekayaanya oleh kolonial Belanda.
Max Havelaar terbit pertama pada 1860 di Eropa. Buku ini di tulis pada 1859 pada musim dingin di Belgia. Karya ini diterjemahkan di berbagai negara Eropa. Untuk edisi Indonesia diterjemahkan oleh HB Jassin dan terbit kali pertama pada 1972.
Saya beruntung memiliki buku itu sejak SMA. Saya membeli toko buku legendaris di Solo, Budi Laksana. Kali pertama membaca, saya agak kurang paham. Maklum masih duduk di bangku SMA. Pemahaman saya tentang buku sejarah masih minim. Saya mendapatkan informasi Max Havelaar dari sebuah tulisan panjang tentang perayaan Max Havelaar pada sebuah koran nasional. Saya membeli Max Havelaar tapi saya tak tuntas saya membacanya.
Saat mengerjakan karya ilmiah sebagai persyaratan lulus SMA, saya menulis tentang sajak-sajak Rendra. Beruntung saya menemukan sebuah buku kumpulan puisi Rendra yang berjudul Orang-Orang Rangkasbitung. Puisi-puisi itu merupakan pembacaan Rendra atas roman Max Havelaar. Rendra dengan sikap tegas menolak kekuasaan yang korup. Kekuasaan harus membela rakyat seperti tokoh dalam Max Havelaar, Saijah dan Adinda
Syahwat saya membaca Max Havelaar bergelora kembali setelah membaca Orang-Orang Rangkasbitung. Lepas SMA saya tuntaskan lagi membaca Max Havelaar.
Sebenarnya apa itu isi Max Havelaar? Buku itu dari bab I-IV hanya menulis kehidupan suasana perdagangan utamanya kopi di Eropa, terutama Belgia-Belanda. Baru pada bab V, menceritakan kehidupan ekonomi masyarakat Lebak yang memprihatinkan.
Pada paragraf pertama bab V, Multatuli menulis jalan di Lebak sulit dilalui. Karena banyak jalan berlubang dan berlumpur. Hampir sama kondisinya dengan jalan berlubang di Bojonegoro saat ini. Digambarkan kereta kuda yang lewat di Lebak harus berhati-hati melalui jalan berlubang. Bacalah kutipan ini, perjalanan diteruskan beberapa waktu tergoncang-goncang, sampai datang lagi saat menyedihkan, kereta masuk lagi sampai ke asnya ke dalam Lumpur. Maka kedengaran minta tolong.
Yang menarik saat Multatuli masuk ke bab menceritakan kondisi Lebak adalah bercerita tentang jalan. Dia bercerita infrastuktur jalan. Soal infrastruktur jalan merupakan permasalahan di Indonesia hingga saat ini.
Bahkan, persoalan infrastruktur juga disinggung oleh CLM Penders dalam buku Bojonegoro 1900-1942: A Story of Endemic Poverty in North-east Java-Indonesia. Penders menulis kondisi Bojonegoro hampir sama dengan Lebak kedua di Hinda-Belanda seperti yang ditulis oleh Multatuli, yakni infrastruktur jelek dan dibelit kemiskinan.
Roman ini dibaca di seluruh Eropa. Dari roman ini, bangsa Eropa tahu, Belanda bukan sekadar menjajah tapi juga menghisap dan menindas bangsa Indonesia kebijakan Belanda menjajah Indonesia mendapat kritikan. Akhirnya, Belanda mengubah kebijakan dengan mengganti Tanam Paksa dengan Politik Etis. Sayang, kebijakan politik etis juga tak tuntas.
Membaca ulang Max Havelaar, seperti membaca alur cerita kolonial yang filmis. Kekuasaan cenderung arogan dan menindas. Namun, menjadi berkuasa harus berpijak kepada politik kesejahteraan.
Dua pekan lalu, saya berkunjung ke rumah dalang wayang krucil kuno, Mbah Soekijah di Desa Soko Kecamatan Temayang, saya teringat novel Ronggeng Dukuh Paruk karya Ahmad Tohari. Dua tokoh perempuan yang hampir sama, yakni merawat seni tradisi. Mbah Soekijah tetap mendalang dengan wayang krucilnya dan Srintil tokoh utama dalam Ronggeng Dukuh Paruk yang setia menjadi seorang ronggeng desa.
Namun, kesetiaan merawat kesenian tradisional terasa langka pada era saat ini. Sebab, bukan hanya pemerintah yang kurang peduli, tapi juga laju kebudayaan makin meminggirkan mereka. Tapi, kesetiaan memang tak pernah mengenal musim dan zaman. Dia harus tetap dirawat agar tidak punah.
Awalnya, saya kurang akrab dengan karya-karya Ahmad Tohari. Tapi, novel Ronggeng Dukuh Paruk membuat saya jatuh hati. Sebuah cerita yang filmis tentang jalan hidup dan pergulatan penari ronggeng dengan zamannya. Seperti novel Para Priyayi karya Umar Kayam, Ahmad Tohari mampu menukik ke dalam persoalan psikologi tokoh dalam Ronggeng Dukuh Paruk. Jika novel Para Priyayi merupakan kitab sosiologi perubahan sosial kaum elit di Jawa. Maka Ronggeng Dukuh Paruk sebenarnya adalah kitab perubahan sosiologi masyarakat desa atau masyarakat kelas bawah. Bukan hanya perubahan kultural, tapi juga perubahan psikologi masyarakat desa.
***
Saya mengenal Ahmad Tohari saat SMA di Solo. Bukan dari karya sastranya tapi dari esai-esainya dalam Mas Mantri Gugat. Esai-esainya enak dibaca, mengangkat persoalan sosial dari kacamata masyarakat kelas bawah.
Saat kuliah, teman se kampus mengkaji novel Ronggeng Dukuh Paruk secara sosiologi menggunakan teori Michael Foucult. Saya tertarik membaca kajian itu. Jadilan saya membeli novel itu. Mak thek…rasanya di hati usai saya membaca novel itu, seorang Srinthil harus berjuang sendiri merawat seni tradisional ronggeng, apalagi kesenian ronggeng juga dicap sebagai pengikut partai terlarang pada awal Orde Baru. Bukan hanya itu, tarian ronggeng dianggap erotis sehingga dapat merusak moral generasi muda. Sehingga pergulatan Srintil cukup kompleks, merawat kesenian tradisional tapi dia juga berhadapan dengan masyarakat yang sok moralis dan pemerintah yang anti-kesenian.
Sayang, saya tidak lengkap dan tuntas membaca lanjutan dari Ronggeng Dukuh Paruk, yakni Lintang Kemukus Dini Hari dan Jentera Bianglala. Beberapa kali, saya ngubek-ngubek toko buku di Semarang tapi tidak menemukan dua novel lanjutan dari Ronggeng Dukuh Paruk itu.
Tapi untung, saya masih menemukan dua novel karya Ahmad Tohari lainnya, yakni Kubah dan Bekisar Merah. Dua novel yang juga menjadi karya besar dari Ahmad Tohari. Kubah pernah menyabet Penghargaan Yayasan Buku Utama pada 1981 dan diterjemahkan ke Bahasa Jepang. Sedangkan Bekisar Merah pernah menjadi cerita bersambung di harian Kompas.
Ahmad Tohari hingga kini masih setia tinggal di Banyumas. Ahmad Tohari enggan pindah ke kota atau Jakarta seperti penulis lainya. Dinamika sastra yang terus bergerak ternyata juga tak menyurutkan Ahmad Tohari meninggalkan Banyumas.
Ditengah gencarnya, karya sastra yang bertema tubuh dan bergaya surealis, saya masih merindukan karya sastra yang realis. Yang berbicara bukan hanya untuk diri sendiri dan kaumnya saja. Tapi juga menyuarakan hati nurani masyarakat yang terpinggirkan.
Seperti Ahmad Tohari masih setia menunggu ronggengnya yang tak pernah mati.