Sabtu, 02 Oktober 2010

CERKAK: JFX. Hoery (1)









Kidung 01   

 * Sawabe Mbah Maridjan  
 * Tandure Wis Sumilir 
               * Layang Saka Warga
              
Rama Hoery














_________________________________________________________
Add                
Cerkak, JFX. Hoery
Sawabe Mbah Maridjan
            “KULANUWUN,….” uluk salame nalika ana ngarep lawang. Durung ana jawaban. Dibaleni, karo nothok lawang. Keprungu swara sandhal tumuju lawang. Disawang saka ngarep ora katon, marga kaca teras kaca riben. Kang uluk salam, mundur, nalika lawang arep dibukak saka njero.
            “Punapa leres dalemipun Pak Pandaya?”
“Inggih leres.”
“Bapak wonten ndalem, Bu.”
“Dereng kondur, mangke jam kalih.Wonten kersa menapa?
“Dipun utus Ibu, ngaturaken kintunan punika.”
“Menika menapa?”
“Sekul.”
“Sekul? “ sing dikandhani semu kaget, kok ana wong nonjok, ki sapa, wong ora ana undhangan, lan bojone ya ora ngomong utawa pesen. Marga isih ragu-ragu, banjur takon,
“Griyanipun pundi?”
“Ngraho.”
“Mangke gek mboten kangge mriki.”
“Leres kok, Bu?”
“Lho, Bapake kagungan kersa menapa?”
“Mboten gadhah damel. Namung, anu, Ibu matur nuwun, amargi awit pambiyantunipun Pak Pandaya, warungipun  rame lan laris”
“Bantuan pripun, ta?”
“Duka nggih. Wong kula namung kapurih ngaturaken dhaharan punika.”
“ Niki leres Bapak ingkang dipun kintun?” pitakone Bu Pandaya isih tidha-tidha, karo utege kebak pitakon.
“Inggih, leres.”
“Mangga, pinarak rumiyin.”
Baskom gedhe dibungkus tamplak meja ditampani, banjur digawa  memburi. Tekan ndhapur, bareng mbukak isine baskom, Bu Pandaya tambah kaget. Isine sega karo panggang ayam utuh, katambahan lalaban. Karo ngelih sega menyang wadhah liya, batine isih ngudarasa, aweh bantuan apa bapake bocah-bocah. Yen dhuwit ora ngarah, wong gandhengane karo kelarisan olehe dodolan...
Rampung ngelih sega menyang cething , banjur bali nemoni sing ngirim, karo kandha.
“Wah baline kothong.”
“Mboten punapa-punapa, Bu.”
“Inggih, mangke dipun aturaken sinten asamne IBu, bilih  Pak Pandaya sakulawarga sampun nampi kintunanipun lan ngaturaken panuwun”
            ”Inggih, Bu. Ngendika Bu Tum, warung makan “Padha Wareg” Ngraho ngaten rak sampun pirsa. Pareng Bu, nyuwun pamit.”
Sapungkure tamune sing ngirim tonjokan mau, Bu Pandaya isih nggagas gek bantuan apa, mengko gek kleru tenan. Nanging nitik anggone langsung njujuk omahe lan tangga-tanggane ora ana sing  jenenge Pandaya, ya bener. Kiriman sega lan ayam panggang, disinggahake ana lemari makan, ora weni nguthik-uthik yen sing lanang durung teka. Nalika putra-putrane teka saka sekolah, ya ora ditudohi, yen ana lawuh panggang ayam.
Jam loro seprapat, sing dianti-anti teka. Mlebu ngomah, sing wadon langsung methukake, karo kandha.
“Kae entuk kiriman panggang ayam, durung tak kapak-kapakake.”
“Panggang ayam saka sapa?”
“Lha embuh, jare saka Ngraho ki, Bu Tum ngono?”
“He, Bu Tum Ngraho?” semantane sing lanang uga sajak kaget.
“Lho, piye ta kok sajake kaget. Mengko gek kleru tenan, ora kanggo kene.”
“Lha sing ngeterake mau kandha piye?”
“Jare kagem Bapak, marga saka bantuan Njenengan, anggone dodol Bu Tum  jare malih rame lan laris.”
“He? Wah, gawat.”
“ Gawat piye.?” pendhesege sing wadon.
“Mengko wae takcritani. Aja dipurak dhisik, aku tak ngundang wong-wong.’
“Ngundang sapa? Piye ta jan-jane?”
“ Pak Mashari, Pak Sabas karo Mas Iman Supari. Mengko rak ngerti larah-larahe, kok ana kiriman panggang ayam.”
Pandaya ngetokake HP, banjur kirim SMS. HP ne  aweh tengara kaping telu, mratandhani yen sing dikirimi SMS wong telu. Ora suwe ana kode mlebu. Sijine malah langsung telpun, nggenahake.
“Ana apa, sajake kok penting banget?”, pitakone Imam Supari liwat HP.
“Iya, penting banget, pokoke wong telu takenteni saiki.uga. Ana  masalah berita sing ora bisa ditundha.. Pak Mashari karo Pak Sabas sampean ampiri,” wangsulane Pandaya nadhesake.
“Bu, karo ngenteni wong-wong siapna unjukan. Panggang ayame deleh meja tengah kene wae, karo piringe pisan,” kandhane Pandaya menyang sisihane. Dheweke banjur cucul klambi dhines, ganti nganggo kaos.
Lungguh ana kursi tamu, karo maca koran sinambi ngrokok. Pikirane ngrambyang, kelingan anggone munggah Merapi sesasi kepungkur wong papat saperlu ketemu Mbah Maridjan, juru kunci Merapi.
Bali saka Kinahrejo, daleme Mbah Maridjan wis sore lan tekan Ngraho bengi. Marga Sabas sing nyekel setir kesel, kebeneran ing Ngraho warunge Bu Tum isih bukak, wong papat banjur leren, saperlu mangan lan ngopi.
“Saking pundi ta Mas, kok dalu temen,” pitakone Bu Tum marang Pandaya katon yen wis kulina njajan ana kono.
“Saking, Merapi, niki napa murugi Mbah Maridjan,” jawabe Pandaya karo ngingeti Mashari sing nganggo udheng wulung ing sisihe.
            “Who omongane wong ra mbeneh kok digugu,” kadhane Imam Supari nanggapi omongane  Pandaya sing katon serius banget. Sing diajak omong ketok  percaya, apamaneh mimike Pandaya  ora ketok yen mung gawe-gawe.
            “Mpun yen kepengin laris, nyuwun sawab Mbah Maridjan niki, mumpung rawuh mriki. Tebih-tebih kula ngaturi Mbah Maridjan, saperlu kula suwune sawab berkahe badhe gadhah damel njing wulan ngajeng.,” kandhane Pandaya mbacutake .
“Inggih napa, Mbah?” pitakone Bu Tum ditujokake Mashari sing disebutake Mbah Maridjan.
            “Lheh, kok nggatekna wong ngomong ngaya wara.” jawabe Mashari, karo ngiling wedang kopi, ning ora nggatekake sing takon.
            “Sampeyan niku nggih ngaten, pundi wonten tiyang pinter ditakoni ngaku. Sing gelem ngaku niku nggih tiyang sing ngaku-aku pinter utawa sing keminter nanging opra nate pener. Sampeyan rak nggih nyetel televisi ta, kados pundi wekdal niki Merapi ngutahake lahar, tiyang-tiyang sami ngungsi, Mbah Maridjan malah minggah dhateng kawah, saperlu bawa raos kalih panguwaosing Merapi. Asile napa, lho desane Mbah Maridjan niku aman saking udan awu, menapa malih lahar. Niki wau meh mboten kersa, margi mbenjang wonten acara ing mrika, lajeng kula semadosi mbenjang enjang kula dherekaken kondur,” kandhane Pandaya ngecuprus.
Sing diomongi nganti ndomblong anggone ngrungokake, karo bola-bali ngingeti Mashari, sing udheng-udhengan wulung, persis kaya dhukun ndesa, karo ngempet guyu ngrungokake omonge Pandaya. Imam Supari  nganti keseleg anggone ngempet guyu, sedheng Sabas  mung mesem-mesem, malah nambahi  umuke Pandaya, ditujokake bakule sing wis kena sugestine Pandaya.
“Mpun, yen sampeyan kepengin laris, lan warunge tambah gedhe mrika mendhet toya pethak wonten nggelas   kalih sarem, bene disranani Mbah Maridjan.”  
“Saestu napa, Mbah?”
“Lho kok malah takon. Sampeyan niku kok mboten percaya kalih kula,” panandhese Pandaya.
“Hreng,..hreng,.. dhin…dhin….” Pandaya kaget, sadhar saka lamunane. Gragapan mapag wong telu sing lagi markir sepeda motoreana  ngisor pelem.
“Ana apa, ngganggu wong arep turu awan,” pitakone Imam Supari sing pancen sok ora sabaran yen ana kabar.
“Wis, mlebu dhisik. Wis padha dhahar durung?” jawabe Pandaya., karo minger mlebu ngomah.
Wong telu sing teka kaget, nyawang meja tamu wis ana tatanan dhahar. .Pandaya mbukak wadhah iwak pitik panggang sing maune ditutupi lembaran koran.
“Lho, kagungan kersa menapa Bu, kok manggang ayam?” pitakone Sabas menyang sisihane Pandaya.
“Niku, Bapake Diah sing gadhah kajat.”
“Perkara kajat lan dongane mengko, bubar mangan. Sing penting mangan dhisik. Bu, jupukne peso,” kandhane Pandaya.
“Ora ta, jan-jane bar entuk rejeki saka ngendi  ta? Takkira ana berita penting apa ta apa,” semantane Sabas karto nyidhuk sega.
“Pokoke mangan dhisik, mangan karo ngomong mundhak keseleg.”
Rampung olehe padha mangan, Bu Pandaya metu karo nggawa unjukan kopi. Wis apal, wong-wong iku padha  nggathok kopi. Kopi diseleh, banjur ngukuti piring –piring lan wadhah liyane.
“Wis wareg ta? Iki mau rejeki saka  sawab sarta berkahe Mbah Maridjan,” kandhane Pandaya karo mesam-mesem. Sing diomongi isih durung  mudheng.
“Aku ora kolu arep mangan dhewe, karomaneh wedi kuwalat karo Mbah Maridjan, dosaa yen disangga bareng” sambunge Pandaya.
“Genahe piye, kok ndadak sawab saka Mbah Maridjan ki,”pitakone Mashari.
“:Iki mau  panggang ayam kirimane Bu Tum.”
“Bu Tum warung  makan Padha Wareng Ngraho.?
“Ha,… ha,… ha,…” Padaya ngguyu, kasusul wong telu uga padha ngguyu bareng ngerti asal usule kiriman  panggang ayam mau.
“Lho piye ta, kok guyon ki? Niki wau rak ngaten ta Mas Imam, jam kalihwelas wau wonten tamu criyosipun kekengkenanipun Bu Tum warung makan Ngraho, ngintun Bapake Diyah margi saking pambiyantunipun warung makanipun dados laris. Lha kula rak bingung, mbantu apa Bapake Diah, kalih malih mangke gek mboten kangge mriki, mila kula ngrantos konduripun Bapake Diah niki wau, mboten wantun nguthik-uthik” kandhane sisihane Pandaya sing durung mudheng larah-larahe.
“Ngaten lho Bu,”Sabas nerangake.“Dhek emben saking gunung Merapi wangsul rak mpun dalu, krasa luwe lan ngantuk. Lho dumugi Ngraho, warung makane Bu Tum kok taksih bukak, lajeng sami kendel ngopi. Lha niku, Pak Mashari niki rak ngangge udheng wulung wah jan kaya wong dhuwe ngelmu perdukunan nika. Pak Pandaya kandha kalih bakule, yen Pak Mashari niki Mbah Maridjan juru kunci Merapi. Yen kepengin laris, kapurih mendhet toya pethak kalih sarem ben didongani Mbah Maridjan, kersanipun warunge tambah laris. Lho kok nggih manut, Bu Tum niku. Janne kula tiyang tiga niku mpun ngampet guyu, lha kok  Pak Pandaya nggih tenang mawon, malah sajak mpun ta pripun ngaten anggenipun ngyakinaken Bu Tum.”
            “Lha kok terus ngirimi niki wau?”
            “Lha niku, sareng mpun nyediaaken banyu putih kalih sarem, kula nggih mbumboni. Mpun Mbah Maridjan ndang didongani, terus pripun niku. Pak Mashari ketok-umak-umik, lajeng  mrentah pak Pandaya supaya uyahe disebar ana ngarep warung, banyune kapurih ngombe Bu Tum.”
            “Ika kok dongani apa ta, Kang,” pitakone Pandaya marang Mashari  nganggo sebutan Kang , kulina jaman interkoman biyen.
            “Umak-umik kae jan-jane aku nglairake batinku, nyuwun ngapura karo Mbah Maridjan, kok asmane nggo sebaranan,” jawabe Mashari.
“Dadi ora kok dongani?”
“Kapan awakmu ngerti aku bisa ndonga?”
“Nanging ya mandi ngono. Mau jare sing ngeterake kiriman, warunge saiki rame lan laris banget. Perlu ditiliki marana maneh iki” panylethuke Imam Supari.
“Ya ora marga dongaku, pancen ya lagi ketiban pulung laris.”
“Lha yen aku ya percaya, iki marga sawab lan berkahe Mbah Maridjan.tenan. Lho masiya aku nyathut asamne Mbah Maridjan, nanging rak ora dakanggo tindak duraka, utawa ngremehake,  malah dakluhurake. Mula ya diberkahi, warunge Bu Tum kelarisan tenan,” pambelane Pandaya , banjur nylethuk marang Mashari, “ Wis Kang, wiwit saiki nganggoa jeneng Mashari Maridjan bae, ben bener-bener kanggonan sawab lan berkahe Mbah Maridjan.  Sing luwih penting, awakmu aja njajan dhisik ana warunghe Bu Tum, yen konangan .“
“Wis, wis wong tuwa-tuwa padha sembrana., yen nganti kesiku Mbah Maridjan tenan terus piye?” panjelane sisihane Pandaya bareng wis ngerti dhodhok selehe kiriman panggang ayam.
Wong papat padha nguyu bareng, Imam Supari nganti keselak-selak, dene Pandaya kang dadi Sutradara mripati nganti mbrebes mili marga  anggone ngguyu. @


JAYA BAYA, No. 25
Minggu III Februari 2007.
                                                                                                                    caption

A             
Cerkak, JFX. Hoery
Tandure Wis Sumilir

            “WAH, pancen buruhe Pak Lurah ki sregep tenan mergawene. Yah mene olehe matun sakedhok wis kemput. Leren dhisik, Kang. Iki lho sarapne.”
Mangkono pambedane sisihanku, kang wis ngacir ana galengan sisih kulonku karo isih nyangking rantang. Bareng aku nolih, dheweke ngguyu cekikikan.
“Inggih, Mbak. Punapa menika wau prei, kok wonten ndalem kemawon?” wangsulanku genti mbeda.
Dheweke ora mangsuli malah ngguyu kepingkel-pingkel. Karo tumuju pojok kedhokan sing asat. Rantang diselehake. Angin kang sumilir, nggawe dolanan sinome sisihanku, saperangan rambute nyempyok mengarep nutupi raine. Dheweke nyawang aku karo mesem.
“Cepet ta, Mas, ndang wisuh.!”
Aku ora mangsuli , terus mentas saka tengah kedhokan karo wisuh, banjur tumuju panggonane Wati ya sisihanku. Aku lungguh ngedhangkrang ana ndhuwur watu, dheweke mbukak rantang gawanne. Terus nyidhukake sega sak jangane pisan kanggo aku. Dheweke uga melu mangan nganggo ajang godhong gedhang sing dipincuk.
Wis, wis semono wae, aja akeh-akeh,” abaku.
“Ora diimbuhi?”
“Mengko bae.”
“Iki, Mas sambele.”
Sambel dicedhakake aku. Aku nglethok nganggo driji.
“Hah,…. Adhuh,… sapa iki mau sing nyambel”, pitakonku karo gebres-gebres kepedhesen.
“Geneya?”
“Pedhes banget.”
“Ngendi ana sambel sing ora pedhes?”
“Lha tapi rak ya ora nganti kaya ngene iki. Endi kuwi kendhine, hah,…. Gleg,….gleg,…”
Kendhi daklenggak, kanggo ngurangi rasa pedhes. Jan nikmat banget, mangan ana sawah segane sega thiwul, jangan terong lawuhe iwak asin.
Aku lenger-lenger krasa wareg, sinambi nyawang pariku sing wis sumilir. Katon seger-seger kena rabuk kandhang. Katerak angin katon lembyak-lembyak kaya ombak segara. Wati kukut-kukut, nata rantange terus dicantholake ana wit pelem sisihe.
“Lho sampeyan ora ndang mulih, kok rantange dicantholake?”
“Mengko bae, Mas, bareng, Takmelu njegur.”
“Apa Ibu ora repot?”
“Ora, Sri karo Jaka wis ana ngomah. Sing sisih wetan iku kok ora bisa lemu ta, Mas?”
“Pancen iku kurang rabuk. Rabuk kandhang isih kurang, suk emben yen aku menyang kantor takmampir Pak Sarman, nyuwun urea.”
“Sing kulon iki ya diurea pa?”
“Ora , iku wis cukup rabuk kandhang karo awu uwuh kae.”
“Ndhuwur iku, parine Pak Sis ledhung-ledhung banget ya, Mas.”
“Pancen kono iku papane loh, senajan ora dirabuk ya lemu.”
“Wow iya, mau taktukokake rokok Kebo kok lali isih ana sak. Rokok dhisik, Mas, aku taknjegur.”
Bubar ngulungake rokok, dheweke njegur kedhokan sing mau wis takwatun separo luwih. Sisihanku anggone matun daksawang, katon wekel lan prigel. Ora maido, dhasare bocah desa kang seneng tetanen. Garapan tani mujudake getih daginge Wati apadene Pak Lurah, Bapake Wati alias maratuwaku. Pikiranku nglangut banjur kelingan kedadeyan rong taun kapungkur, aku ketemu Wati.
Sawise lulus saka SPG, karepku arep nerusake kuliah. Nanging bareng ngelingi kahanane wong tuwa kang ora cukup lan adhi-adhiku isih mbutuhake ragat, kekarepan mau dakpupus. Nem sasi aku lonthang lanthung ora duwe garapan, marga durung entuk pengangkatan. Ati sumpeg, pikiran buneg.
Desaku klebu desa minus, lemahe cengkar, mula akeh pendhudhuke sing padha golek pegaweyan menyang desa-desa liya sing subur. Malah ora sethithik sing padha lunga menyang luar Jawa, mligine menyang Sumatra. Bengkalis, Lampung, Riau , daerah-daerah perkebunan Sumatra, kang padha disaba wong-wong desaku lan sakiwa tengene.
Aku nyoba melu ombyake wong-wong kang padha golek gaweyan menyang desa liya ngiras nunggu pengangkatan. Arep melu menyang luar Jawa kuwatir yen ana pengangkatan. Katut melu golek pegaweyan sakecandhake ana Desa Karangnangka. Aku njujug daleme Pak Lurah. Sawise aku ngaturake niyatku arep golek gaweyan apa wae ing kono, e ndilalah lha kok malah aku didhawuhi ndherek ana ndaleme Pak Lurah. Ngrewangi pegaweyan apa bae, wiwit olah tetanen, ngarit kanggo pakane sapi nganti ngusung banyu saka sendhang, dakpikul. Amarga ing desa pegunungan mau ora ana sumur, anane sendhang. Dadi pendhudhuk ngusungi banyu saka sendhang, wong wedok-wedok padha ngindhit jun, sing lanang nganggo ember utawa blek dipukul. Dhangir, macul, ngarit mangkono wis dudu garapan anyar kanggoku. Wis kulina ana ngomah.
Putrane Pak Lurah kabeh ana papat, sing gedhe putri, Iswati kelas telu SMP. Adhike kelas enem SD karo kelas telu sing cilik durung sekolah.
Dina iku aku didhawuhi resik-resik ana ndalem. Pinuju dina Minggu, dadi putrane esuk iku kabeh ana ndalem. Wati, senajan dina Minggu bikut karo garapan sekolahe, bekah-bekuh sambat sajake ora bisa nggarap. Tekan cedhak meja panggonane sinau Wati, aku sumela arep dakresiki.
“Nuwun sewu, Mbak, kula resikane rumiyin.”
“Wong ngerti isih ana wong repot ngene rak ngrusuhi. Liyane kana dhisik rak ya isa digarap.Kae lho cedhak lemari.”
Disengkreng mangkono, aku mung meneng bae, terus ngalih ing panggonan liya. Bareng dheweke wis ngalih, lagi aku ngresiki nggon meja mau. Buku garapane aljabar isih bukaan. Anggone ngarap PR lagi rampung telung nomer. Aku mesem ngerti garapane. Isih ana soal pitu sing durung digarap. Kertas buram kanggo nggarap, mblasah. Ketok yen dheweke ora bisa nggarap.
Nganti awan PR mau ora digarap maneh, dijarake bae ana meja. Nalika wayahe padha sare awan, Wati uga turu sajake jengkel marga ora bisa nggarap. Buku garapane Aljabar Wati takjupuk karo nggawa kertas oret-oretan. Soal sing durung digarap takgarapake ana kertas oret-oretan. Rampung olehku nggarap banjur dakbalekake, garapan soal sing wis dakrampungkae dakdeleh ana ndhuwure soal-soal. Karepku, bene dheweke mengko kari nurun sarana ngelih saka olehku nggarap.
“Kang sing nggarap soal-soal aljabarku mau, Sampeyan?” pitakone Wati nyusul aku ana kandhang lagi makani sapi.
Aku nolih, Wati wis ana sandhingku karo nyekeli saka kandhang sapi. Tembung lan sikepe beda banget karo dhek esuk. Dheweke nyawang aku, banjur melu nyekel suket sing tak usungi menyang panggonan pakan sapi. Aku isih durung mangsuli pitakone.
“Sampeyan ndhisik sekolah ana ngendi, Kang?”
“Mboten sekolah, ragade mboten wonten.”
“Ora percaya, aku. Wong ora sekolah kok bisa nggarap aljabar.”
“Saestu mboten sekolah. Mlebet wonten SMP, nanging namung kelas setunggal lajeng prothol. Bapak mboten saget ngragati”
Wati katon ora percaya karo jawabanku. Lan wiwit kedadeyan iku, sikepe Wati marang aku beda banget karo dina-dina sadurunge. Yen maune mrentah sakkepenake, omongane atos, saiki malih lan  ketok sungkan. Malah yen pinuju digawani soal-soal sing angel, bangsane aljabar, ilmu ukur, ilmu alam, yen dheweke ora bisa saiki ora sungkan-sungkan njaluk warah aku.
Oleh setaun aku ndherek Pak Lurah, aku pamit mulih, pawatanku arep melu transmigrasi menyang Sumatra, pumpung isih enom. Kamangka olehku mulih mau, marga aku entuk kabar yen arep ana pengangkatan. Dadi arep siap-siap, mbokmenawa katut diangkat tenan. Dak pamiti mau, sakjane Pak Lurah sakulawarga nggondheli, apamaneh Wati sing wektu iku wis mlebu SPG.
“Lha mbok uwis ana kene bae ta An, kowe ki wis dakanggep kulawarga dhewe. Yen koktinggalake, Bapakmu rak tambah repot no.” pangrimuke Bu Lurah.
“Iya, Kang ana kene bae. Kok tinggal rak dadi sepi,”Wati uga melu nggandhuli.
“Matur nuwun, Bu. Kados pundia kemawon, kula kepareng mboten kepareng inggih tetep nyuwun pamit.”
“Ya yen karepmu ngono, aku ora bisa ngalang-alangi. Pangapuramu bae sing gedhe, mebokmenawa Bapakmu, aku sarta bocah-bocah akeh lupute.”
“Semanten ugi kula, Bu. Kula inggih nyuwun pangapunten mbokbilih sadangunipun ndherek wonten mriki kathah kalepatan. Kula matur nuwun sanget awit pangrengkuhipun Bapak Ibu saha adhik-adhik. Nyuwun pangestu kemawon.”
Pancen krasa abot pepisahan mau. Apamaneh Wati, ketok ngendhelonge ati. Pancen ing atiku uga krasa banget pangrengkuhe kulwargane pak Lurah marang aku. Nanging kabeh mau wis dakpetung, kanggo dina ngarepku.
Ora let suwe aku entuk pengangkatan. Sawise setaun  manggon ing desa kapencil, aku dipindhah menyang SD Karangnangka. Bingung campur seneng atiku, bareng entuk kabar yen aku dipindhah mrana. Bingung, kepriye mengko yen ketemu Pak Lurah sakulawarga sarta warga desa kana sing sasuwene iku nganggep aku buruhe Pak Lurah. Seneng marga aku bakal ketemu Wati maneh, kembang desa Karangnangka sing sasuwene aku ndherek Bapake  klakon dhodhogi atiku, luwih-luwih bareng dheweke wis mlebu SPG. Katon saya mocer, weweg lan ayu. Nanging apa kembang sing arum ngambar-ambar iku durung ana sing nyirami gedhene methik. Iku sing durung dakweruhi, marga sajrone siji setengah taun aku ora ngerti kabare. Pikiranku rada judheg.
Akhire surat prentah pindah daktampa lan aku kaya  rindhik asu digithik, langsung budhal. Aku banjur tunjuk muka menyang sekolahan. Kepala sekolah lan guru-gurune padha kaget, marga sasuwene iki weruhe aku rak bocah sengkan sing golek buruhan ana Karangnangka lan ditampung  Pak Lurah. Maune lrasa padha kikuke, nanging banjur guyon gayeng, lan dadi akrape. Sing maune ketok ngremehake, saiki malik grembyang.
Saka sekolahan aku banjur menyang daleme Pak Lurah malah diterake Bapak Kepala Sekolah. Pak Kepala Sekolah dhewe uga ngendikakake, yen wis nampa layang yen bakal antuk tambahan guru. Nanging ora ngira yen sing dipindhah mrono aku.
Tekan daleme pak Lurah, kebeneran pas ana ndalem. Bareng Pak Kepala sekolah uluk salam, pak Lurah metu lan kaget kok Pak Kepala Sekolah bareng karo aku. Aku gageyan nyalami Pak Lurah, karo ngaturake kasugengan. Pak Lurah ngundang Bu Lurah, ngandhani yen aku sing teka. Bu Lurah metu, terus ngepuk-epuk pundhaku.
Pak Kepala Sekolah banjur ngendika, yen aku dipindhah ana SD kene. Gandheng perumahane wis rusak lan ora kena dienggoni, Pak Kepala Sekolah mudhut supaya Pak Lurah sekaliyan kersa tak dhereki kanggo sawatara, yen durung entuk panggonan kost.
“Lha kowe kok pinter temen nyandiwara ta, An. Ya wis ana kene bae, nanging saiki ya ora takkon ngarit lan dhangir. Takkon momong bae, momong anake wong-wong desa kene, ben pinter,” ngendikane Pak Lurah.
Bungahku ora bias dakgambarakae, bareng aku tetep didhawuhi ana daleme Pak Lurah. Kabeh gegambaran kang ngrenggani utegku nalika arep budhal dadi sirna.
Wati teka saka sekolahan, bareng diomongi aku teka lan dikandhani yen dadi guru ana SD,  langsung methuki ana ngarep.
“Mas, pe ef ya. Selamat!,” kandhane karo ngathungake tangan ajak salaman. Aku dhewe kaget, nganti ora kumecap marga krungu ucape Wati, sing sak tembung mau.  “Mas…?” suwara batinku.
Aku mung mesem nampani tangane Wati. Dheweke dhewe uga banjur ora kumecap maneh, embuh apa sing ana ing njero atine. Kethok lambene keduwal keduwel arep omongan, nanging ora kawetu kajaba mung nyawang  aku kang saka rumangsaku sunar mripate nembus atiku. Aku uga nyawang dheweke, tempuking panyawang, ah.
Akhire aku tetep ana ndaleme Pak Lurah. Senajan aku ora entuk mergawe kaya biyen, nanging marga wis kulina iya tetep bae mergawe kaya ndhisik senajan ora mugen. Lan sing hebat maneh, let setengah taun Wati lulus saka SPG , Wati tambah ijasah maneh saka kursus RAB-I  alias kawin karo aku. Kembang gunung mau klakon dakpethik.
“Mas, nggabar apa?” pembengoke Wati, karo mbalang aku.
Aku kaget, tangi saka turu melek. Tibake wis adoh lan wis suwe olehku nglamun iki mau. Rokok kang mau dakcekel nganti ora krasa yen wis meh entek tanpa takisep malah genine wis mati embuh suwene. Aku agahan ngadeg, terus njegur kedhokan nyusul Wati nerusake matun pari sing wis sumilir. @





KUMANDANG 
Tanggal 9 Nopember 1974                              n   


Add   


Cerkak, JFX. Hoery
Layang Saka Warga
           
LAYANG SAKA WARGA , iki salah sawijining rubrik ing  majalah Panjebar Semanagat. Rubrik iki digunakake bawa rasa antarane redhaksi karo pemaos, utawa antar pemaos, malah bisa sapa wae.. Maneka warna prakara sing ditulis saka pemaose. Majalah liya nengeri rubrik mangkene rupa-rupa, manut selerane redakture. Ana sing ngango jeneng kabar saka redaksi, surat pembaca, kontak lan sapanunggalane.
            Rubrik iki uga bisa kanggo naymbung silaturahmi antar kanca sing wis suwe ora ketemu. Bisa uga nggoleki sedulur, kanca, lan sapanunggalane. Ya marga anane rubrik mangkono mau, aku banjur bisa ngarang. Biyen ana ing sawijining majalah ana rubrik Pos Saka Redaksi. Aku nyoba kirim surat, takon carane ngarang lan antuk wangsulan. Dakcoba, ee kok bisa lan akhire aku dadi pengarang nganti saiki.
            Aku klebu pandhemen rubrik Layang Saka Warga ing Panjebar Semangat iki. Kerep nggunakake rubrik iki. Salah sijine pengalaman nggunakake rubrik iki yaiku nggoleki kanca lawas, nalika ana SMP biyen .. Aku nggoleki mitra kenthel, sing sawise lulus SMP banjur pisah lan ora kontak wis ana 30 taun luwih.
            Seminggu sawise  layangku kang nggoleki kanca lawas mau diemot, aku entuk surat, telpun lan SMS ora mung  mitra sing taksebuitake, nanging malah ana kanca-kanca lawas sing padha eling lan banjur kirim surat. Bungahing atiku ora bisa takgambarake. Kanca-kanca lawas sing wis telung puluh taun luwih pisah, saiki bisa sesambungan maneh. Bisa ngandhaake rupa-rupa, kabar kinabaran. Marga saperangan gedhe kanca-kanca mau pranyata ana sanjabane bumi kelairan. Malah ana sing manggon ing Bengkulu, manggon ing Sumatra Lor. Lho eloke, mitra-mitra mau ing kana ya padha langganan majalah basa Jawa. Jare kanggo nostalgia karodene ben ora lali karo leluhure. Marga mitra-mitra mau ing kana wis bebranahan lan ora bakal bali menyang tanah Jawa maneh.Wis padha urip kepenak, lan makmur.
            Salah sijine mitra lawas sing raket lan nanggapi LSW-ku mau, Marsudi. Biyen kanca kenthel ana SMP ing bumi kelairan. Anggonku raket karo dheweke marga padha-
padha seneng karo kabudayan. Dheweke pemain wayang wong dadi Cakil,. Malah nate entuk pangaji-aji kanggo sekolahanku nalika dheweke menang ing lomba  pragmen Bambang Cakil.
            Kaya apa bungahe atiku bareng bisa sesambungan maneh, liwat telpun lan kala-kala liwat HP, padha ngudhar lelakone sajrone pepisahan. Kanggo ngirit pulsa malah sarana SMS. Jan
kemajuwane teknologi informasi migunani banget.
 “ Yan, aku maca wara-waramu liwat Layang Saka Warga ing Panjebar Semangat. Aku, Marsudi kancamu sakelas sing kok goleki. Saiki aku ana Yogyakarta, dadi buruhe pamarentah. Iki alamatku..”
Mangkono SMS sing daktampa ing sawijining dina, seminggu sawise LSW ku diemot ing Panjebar Semangat. Dheweke menehi alamate., lan  dakcathet. Kebeneran yen ana Yogya, aku wis apal tlatah Yogya, marga nate rong taun manggon ana kana. Saliyane saka Marsudi, aku uga antuk surat saka Kaderi, uga salah sijine kanca raketku ing SMP biyen. Dheweke tetep manggon ing bumi kelairane, desa Tanjungpura, Lorok.
Kaderi maune ora ngerti yen aku nulis LSW ing Panjebar Semangat, marga dheweke ora langganan. Ana kancane sing langganan, banjur dikandhani. Dheweke  merlokake kirim surat lan uga ngandhakake yen Miskiran saka Hadiluwih, kanca sakelas biyen wis tinggal donya. Nyritaake kahanan ing Lorok saiki lan liya-liyane.
            Sesambunganku karo mitra-mitra lawas mau dadi raket maneh. Banjur thukul pepenginan arep ketemu langsung. Salah sijine kang arep dakpethuki, ya Marsudi amarga dheweke kanca sing paling raket nalika isih ana bumi kelairan. Sakelas wiwit kelas siji ing SMP biyen. Aku lan dheweke kerep sambang sinambang senajan omahe adoh. Yen mara aku utawa dheweke sing mesthi njupuk dina Sabtu lan banjur nginep.
            Wis nem sasi anggonku sambung maneh karo dheweke. Tukar pengalaman liwat  SMS. Utawa telpun sawise jam 23.00 amarga ngirit. Nanging pepenginanku arep dolan menyang omahe ora dakkandhakake. Karepku arep makbedhengus ujug-ujug mara, arep  nggawe kejutan.
Ing pangangen kebak gegambaran, mengko yen wis ketemu, iba senenge. Wis telungpuluh taun ora ketemu, saiki bisa ketemu maneh, wis padha anak-anak. Malah kanca-kanca uga wis akeh sing padha duwe putu.
Jam siji aku tekan Yogya, mudhun ing terminal Giwangan, banjur nggolek becak tumuju alamat omahe Marsudi. Tekan sawijining omah ing komplek perumahan, aku mudhun. Krungu ana becak ngerem ing dalan ngarep omah, sawijining putri pandugaku bojone Marsudi, ngawasake saka ngarep dhapur. Aku banjur tumuju lawang pager.. Priyayi putri mau bareng ngerti yen aku marani omahe banjur marani.
“Kulanuwn,” uluk salamku.
“Mangga.,” jawabe . Aku wani mesthekake yen sing nemoni iki bojone Marsudi.
“Nuwun sewu, punapa leres, menika dalemipun mas Marsudi?”
“Marsudi, sinten inggih?.”
“Mas Marsudi ingkang ngasta wonten Perkebunan”
“Menawi ngasta wonten Perkebunan, leres, nanging  asmanipun sanes Marsudi.”.
“Menapa sakiwa tengenipun mriki wonten ingkang asmanipun Marsudi?”
“Kok mboten wonten.”
“Menika rak leres alamat dalem mriki nggih, Bu?” kandhaku karo nudohake SMS ing HPku sing nyathet alamate Marsudi. Dheweke nampani HP banjur diiling-ilingi.
“Inggih leres, nanging asmanipun kok Marsudi.”
“Nuwun sewu, dipun pirsani nomeripun, menapa leres nomeripun Bapak?”  kandhaku wis ora nyebut jenenge Marsudi, marga aku uga wiwit bingung.
“Lho, inggih leres menika nomer HPnipun Bapakipun Diah.. Nanging kok jenenge Marsudi.,” kandhane priyayi putri mau.
“ Lajeng ingkang leres asmanipun Bapak sinten?”
“ Mardiyono. Lha nomer menika angsal saking pundi?”
”Inggih saking piyambakipun. Lha punika SMS-SMS ingkang dereng kula busek.  Sedaya nomeripun sami,” kandhaku karo nudohake sawatara SMS.
“Lha asal mulanipun kados pundi ta?”
“Waunipun kula ndamel serat pembaca wonten majalah Panjebar Semangat ing rubrik Layang Saka Warga, madosi kanca-kanca lami, ing antawisipun Mas Marsudi punika. Let seminggu nampi telpun, ngaken  Marsudi ingkang kula padosi wau. Wiwit wekdal punika terus sesambetan  lumampah sapriki.”
“Menapa kinten-kinten kancanipun Bapake Diah, ingkang nyambut HP.”
“Menawi nyambut mosok terus-terusan, lha semanten kathahipun ngaten. Kaliyan
malih ingkang kathah menika wanci dalu  Lha sapunika dereng kondur nggih?”
“Dereng, wong tugasipun wonten wilayah Gunung Kidul. Rawuhipun radi sonten. Mangga pinarak rumiyin,” jawabe karo ngacarani aku, lungguh ana kursi teras.
“Nuwun sewu, lah dalemipun Panjenengan pundi?”
“Bojonegoro.”
“Bojonegoro,….?” dheweke kaya ngangen-angen, ngendi Bojonegoro iku.
“Bojonegoro, Jawa Timur,” sambungku nerangake..
“Asli Bojonegoro?”
“Mboten, asli Pacitan. Rumiyin kancanipun Mas Marsudi setunggal kelas wiwit kelas setunggal ngantos kelas tiga SMP.Pacitan”
“Lho, lha bapake niku SMPne wonten Karanganyar, mboten Pacitan.”
Aku dadi rada bingung, mangkono uga wong putri sing dakarani bojone Marsudi ya katon yen tida-tida marang aku. Ya iku kira-kira sing njalari aku ora kon mlebu omah, mung ditemoni ana teras.
“Mas Marsudi punika asli Arjosari, Pacitan. Rumiyin nalika taksih wonten mrika, kula kaliyan piyambakipun kados sedherek kemawon. Sasampunipun lulus SMP lajeng pisah, nembe saget sambet malih punika. Lha panjengnan   mriki kemawon menapa, Bu?”
“Inggih, nanging saking pinggiran mboten kitha Menapa  sampun semadosan menawi badhe tindak mriki?”
“Dereng. Namung waunipun sampun natos  raosan, menawi kula badhe mriki.”
“Kula rak inggih radi bingung, Njenengan asli Pacitan, lajeng bapakipun Diah saking Karanganyar.  Kok mboten nate raosan bilih nate wonten Pacitan. Ngertos kula ijasahipun inggih saking SMPN Karanganyar. Nanging  nomer HP nipun punika cetha menawi HPnipun Bapake Diah. Inggih, dipun srantos, mangke kados pundi cethanipun.”
“Inggih, matur nuwun. Mangga dipun lajengaken pedamelanipun, kula ngentosi rawuhipun keng raka.”
Aku banjur ditinggal dhewekan ana teras. Pikiranku nglangut, apa bener yen dudu Marsudi kancaku. Nanging ing SMS e kok cetha banget. Nyritaake kahanan omahe sawise Bapake seda, ngandhakake adhike Sri Bandiyah saiki sing nunggoni omahe karo dodol grabadan. Banjur nyritakake yen nganti saiki dheweke isih tetep nerusake jiwa senimane, malah dipercaya mimpin  wayang wong, ing perusahaane.
SMS saka dheweke sing durung takbusek, dakjinggklengi maneh. Wis rong jam luwioh aku lungguh ijen ana teras, lan ya ora diacarani mlebu ngomah. Ora nyalahake, jer aku ya rumangsa dadi wong kang durung ditepungi. Dadi saupama aku disujanani, iku wis sapantese. Yen aku ora ditawani mlebu ngomah,  ya sakmesthine, jaman saiki ora gampang percaya karo wong sing durung jelas asal usule. Aku yakin yen disujanani, apa maneh sing takgoleki ora cocog jenenge.
Ngancik jam papat sore, ana swara sepeda motor mlebu gang.
“Lha nika napa, Bapake Diah sampun dhateng,” aku kaget saka lamunan, bareng sing daksengguh bojone  Marsudi liwat ngarepku tumuju lawang pager. Tenan, sepeda motor terus  bablas menyang teras ngiringan omah, sawise dibukakake lawang pager.
Bareng nyawang aku sing wis telung jam ana teras omahe, dheweke katon kaget marga ana tamu sing durung ditepungi. Aku bareng nyawang dheweke, ing batin uga kaget, jeneh bener iki dudu Marsudi kancaku biyen. Masiya wis pisah telung puluhan taun, nanging lageyan lan praupane rak ya isih memper karo dhek biyen. Lha iki ora ana blas sing nandhakake yen dheweke Marsudi kancaku biyen.. Aku ngadeg, manthuk aweh pakurmatan banjur   salaman. Bojone ngetutake ana mburine, karo kandha.
“Kancane Njenengan dhek isih ana SMP Pacitan, Mas.”
“Heh,….” jawabe sing lanang, sajak bingung.
“Tepangaken, kula Hardiyanto.”
“Saking Bojonegoro inggih? Ooo, mangga, mangga sugeng pinangggih. Pinarak rumiyin. Lho kok ora diaturi mlebu ta Bu.”
“Sampun, mriki kemawon, santai.” jawabku, isih kebak tandha pitakon. Cetha dheweke dudu kanca raketku Marsudi sing dakgoleki liwat LSW. Apa dheweke ngaku-aku? Banjur apa karepe ngaku jeneng Marsudi. Lha banjur aku iki mengko kepriye. Maneka warega pitakon ing utegku, bareng aku duwe keyakinan yen dheweke dudu Marsudi. Rasa gela, mangkel wiwit mrambat ing atiku.
“Wadhuh, jam pinten kalawau rawuh?”, pitakone karo mapan lungguh.
“Jam setunggal.”
‘Hwa lah mpun tigang jam nggih. Nyuwun sewu  lan kula nyuwun duka ingkang kathah. Kula sampun tumindak dora kalih Panjenengan, saengga ndamel repot Panjenengan. Adhuh, sampun kula badhe Panjenengan napakaken namung nyumanggakake, pancen kula lepat lan inggih dosa. Saestu Mas, kula mboten gadhah niyat punapa-punapa. Pripun nggih, kok ngantos kados makaten. Kula lepat, nyuwun pangapunten, kula ngaku-aku kanca Panjenengan, ngaku Marsudi ingkang panjenengan padosi. Kamangka pancen kula sanes Marsudi lan inggih mboten saking Pacitan, menapa malih sekolah wonten Pacitan.” kandhane nyrocos ora ana selane, raine katon mbrabak nandhakake yen kawirangan. Aku isih durung kumecap, bingung kepriye anggonku arep aweh tanggapan. Mangkel, gela, wis ngaya adoh-adoh dakparani, tibake keblithuk.
“Kula menika pengagum Panjenengan. Basa menterenge, fans panjenengan. Sedaya seratan Panjenengan ingkang arupi Cerkak,  geguritan tansah kula kangeni. Awit saking anggenkula ngefans Panjenengan, nalika Panjenengan nyerat ing LSW madosi kanca lami ing antawisipun Marsudi, kula lajeng kintun SMS ngaken nami Marsudi. Kula percados, bilih Marsudi ingkang panjenengan padosi kepanggih, mesthi SMS kula mboten Panjenengan tanggapi lan sesambetan lajeng cuthel. Nanging ketingalipun Marsudi ingkang Panjenengan padosi mboten kepanggih, pramila kula inggih terus tatag ngaken nami Marsudi. Kamangka, sejartosipun namung ngaku aku lan sepindhah malih kula nyuwun pangapunten, ndamel repot Panjenengan, ngantos keraya-raya madosi mriki. Nanging lahir batos,  kula mboten gadhah niyat menapa-menapa.”
“Inggih, inggih mboten menapa-menapa. Kula inggih remen, malah tambah sedherek,” jawabku marga pancen rumangsa bingung olehku arep nanggapi omongane sing nrecel, apamaneh bola-bali dheweke ngaku salah. Nengahi omong-omongan, ketrambul sing wadon metu karo nggawa unjukan. Batinku, gorokanku bisa teles, marga terus terang telung jam garing, thenguk-thenguk ana teras, arep metu nggolek ngombe kok saru.
“Bu, iki Mas Hardiyanto sing karangan-karangane kerep dakcritakake kae lho. Wis suwe aku kepengin ketemu, lha iki kok malah rawuh kene. Kebeneran,”
“Aku mau ya bingung, wong ngendikane kancane Njenengan dhek ana SMP Pacitan. Mau ya dakaturi yen dudu daleme Pak Marsudi, lan takaturi yen Njenengan ora nate ana Pacitan, kok jare kanca sakkelas. Aku ya bingung lan ya rada wedi,  ning nomer HPne kok nomer Njenengan,” kandhane sing wadon.
“Pancene aku sing salah Bu, ngaku-aku jeneng Marsudi.”
“Njenengan ki ya sembrana kok. Lha yen ngene iki, nggawe repote Mas Hardiyanto ta.Lha njur perlune apa ngaku jeneng Marsudi barang?”
‘Sampun, sampun mboten menapa-menapa, ngiras nambah sedherek. Menawi mboten ngaten kula rak mboten dumugi mriki lan mboten tepang Panjenengan sekaliyan” jawabku dakgawe luwes.
Sawise omong-omongan meh sakjam, aku banjur pamit. Karepe digandhuli, dikon nginep jare pinangka panebusing kaluputan. Nanging aku meksa bali, embuh mengko nginep ana terminal ora apa-apa. Marga yen arep terus bali ya sengara oleh bus jurusan Ngawi-Bojonegoro, wong bengi-bengi. Aku banjur meksa pamit.
Aku diterake menyang terminal, karepku kipa-kipa emoh diterake.                Nanging Mardiyono ya meksa ngeterake. Sidane aku sing ngalah. Ing dalan bola-bali dheweke mlepah-mlepah anggone njaluk ngapura.
Aku njaluk mudhun ana ngarep terminal, sepisan maneh salaman .
“Mbenjang –mbenjang kula sowan Bojonegoro, Mas.” kandhane karo ngegem tanganku kenceng...
“Inggih, kula tengga. Sampun, pareng,” jawabku.
 Aku mlebu terminal, karo nggawa ati kuwur. Rasa gela ing atiku bali ngganjel. Batinku misuh-misuh.
“Mlaku ora ngingeti dalan.”
Aku kaget krungu swara nggetak , marga aku ora sadhar nabrak wong sing arep salang liwat karo aku. Weh, tibake aku iki mau mlaku karo ngalamun. Wong sing daktabrak ngingeti karo mencureng lan aku uga ngingeti dheweke.
“Maaf, Mas ora sengaja,” kandhaku. Dheweke nyawang aku kanthi manther.
“Kaya,…. Dhik Har,….” kandhane wong kang daktabrak mau karo isih ngingeti aku. Raine sing mau mencereng dadi bias bareng ngerti raiku.Aku uga nyawang dheweke.
“Lho, sampeyan Mas Marsudi?”
Dakbadhe mangkono, dheweke ora mangsuli, nanging banjur nubruk aku, ngrangkul aku,  karo mlaku minggir ing teras terminal.
“Iki mau saka ngendi. Ora njarak, ketemu ana kene. Karo sapa?’
“Dhewekan, ya saka Yogya kene dolan. Lagi bali?”
“Iya, aku tugas ana Klaten. Arep nggawa kendharaan dhewe kesel, penak numpak bus bae.Lha iki arep terus menyang endi?”
“Arep bali?”
“Bali? Saiki ana ngendi?”
“Ana Bojonegoro.”
“Yah mene arep bali menytang Bojonegoro? Numpak apa mengko? Wis ayo menyang nggonku wae, kangen-kangenan. Wah jan, beja tenan, ora ngira lho awake dhewe bisa ketemu maneh. Ayo, wis ra sah bali saiki, sesuk bae,” kandhane ngglandhang aku.
“Menawa Gusti Allah sing nuntun aku ketemu sampeyan maneh. Wah critane lucu, mengko wae crita yen wis tekan ngomah.”
 Aku wong loro ninggalake terminal Giwangan..Rasa mangkel, gela, sing mau dakgembol saka ngomahe Mardiyono, sanalika ilang bareng ora njarag ketemu Marsudi., kanca lawas sing wis telungpuluh taun pisah  @


PANJEBAR SEMANGAT No. 50
Tanggal 16 Desember 2006
                                                                                                                                    caption

Tidak ada komentar:

Posting Komentar