-->
- Blangkon
- Putih Malih Ireng
Herry Abdi Gusti
Blangkon
JENENG asline Mono Prawira, nanging ing tlatah Renjeng sakiwa-tengene luwih ditepungi kanthi paraban Mbah Wir-Blangkon. Mula bukane paraban iku mung amarga dheweke nduwe blangkon kuna sing jarene aeng tur nduweni katiyasan ngedab-edabi.
Yen ndeleng wujude blangkone Mbah Wir sing ana mondholane sak endhog banyak iku jan ora mingsra. Warnane wis luntur amarga kepangan umur, kathik ambune penguk. Sok ngonowa Mbah Wir banget ngaji-aji barang tinggalan saka leluhure iku, marga wis bola-bali kabukten katiyasane. Yen ana tangga teparo sing kulawargane lara panas utawa lara weteng, mesthi playune menyang omahe Mbah Wir, saperlu nyilih blangkone minangka tamba. Anggone nambani kanthi cara ngekum mondholan ing banyu putih sagelas, banjur diombekake sing lara. Ndilalahe wong-wong sing wis ngombe banyu koloh iku let sedhela kok ya bisa waras kaya wingi uni.
Mbiyen kae Bakri anake Lik Kasan-Dhokar nate ketaman lara panas nemen. Panas awake ra mekakat, nganti polahe gedabigan. Wis digawa royang-royong nyang nggone Mbah dhukun Samirin lan Puskesmas, meksa durung paja-paja waras. Pancen sawise diombeni banyu saka mbah dhukun utawa kapsul saka Puskesamas panase rada suda, nanging let sedhela bali munjuk maneh. Kasangsarane Bakri ngono mau suwene nganti pitung dina pitung bengi. Lagi dina kaping wolu ana sawijining tangga sing mrayogakake supaya nyilih blangkone Mbah Wir. Senajan Lik Kasan maune ora percaya lan kudu ngguyu bareng krungu ana blangkon sing bisa marasake wong lara, nanging kepeksa nuruti pakone tangga mau ngelingi panandhange anake, apamaneh wis ora ana tamba sing cespleng. Tenan, sawise mondholan dicelupake banyu sagelas banjur diombekake Bakri, lha kok esuke wis ilang blas panase. Malah pendhak sorene Bakri wis bisa angon jaran.
Pengalaman ngono mau uga dialami dening Yu Tarmi bakul sega pecel sing keterak lara weteng lan murus-murus. Tingkahe kaya ana kobongan wae. Sedhela-sedhela mlayu menyang mburi saperlu bebuwang. Oralit sing diwenehi bu RT saka posyandu ora masah, mula Yu Tarmi banjur kongkonan bojone supaya nyilih blangkon wasiyat. Anehe, kaya wong-wong liyane sing padha nyilih blangkone Mbah Wir minangka tamba pamungkas, Yu Tarmi uga banjur luwar saka panandhange.
Ana maneh sing percaya yen sakliyane bisa ngusadani lelara, blangkone Mbah wir iku uga bisa nulak udan. Ndilalah kok ya kerep kabukten. Nyatane yen ana wong nduwe gawe mantu utawa nyunatake anake ing mangsa udan, kena dipesthekake ing ngarep omahe ana linggis tumancep lemah. Ya ing pucuke linggis kuwi panggonane blangkon penguk methangkring.
Meruhi kanyatan mangkono mau para warga desa saya imbuh-imbuh anggone mercayani kaluwihane si blangkon. Kapercayane warga desa sing saya mbangeti iku tumrape Mbah Wir malah nambahi rasa mongkog lan gemati marang pusakane. Saben sasi Sura blangkon iku dikumbah kembang setaman, najan ora bisa ngilangi penguke, banjur disimpen primpen ing njero pethi kayu lan ora bakal dibukak-bukak yen ora ana parigawe. Saking gematine marang pusakane nganti saben ana jagongan Mbah Wir ora bakal lali ndongeng bab blangkone. Enak-enak ngobrol ngalor-ngidul ora wurung pantoge tekan blangkon. Kaya sawijining bengi nalika ana jagong bayek ing omahe pak mantri pertanian. Sauntara ing njaba udane ngreceh kawit sore.
“Aku jan judheg mikirake udan, mosok wis wayahe mangsa ketiga kok isih kerep udan wae, nganti ra kober nyanja.” kandhane Tromejo mbukani rembug. Ing kalangan iku ana Mbah Wir, Mbah Soma, Waras, Jomerto lan pak mantri dhewe. Dene para nom-nomane padha umyeg main kertu dhomino tanpa bunci, karo nyomak-nyamuk nyambi nyamikan uwi godhog lan wedang kopi nasgithel.
“Nek perkara udan salah mangsa ngene iki ora kowe thok Tro sing nyangga, malah aku iki sing kena diarani apese pitung apes. Lha piye, nyanja wiwit esuk thekluk nganti sore entre bar-barane mung digrojog udan.” semaure Waras karo nggetuni nasibe.
“Pancen nelangsa kok dadi wong tani kuwi, yen njaluk udan diwenehi panas, nanging yen njaluk panas diwenehi udan.” Jomerto molak-malik ukara.
“Dadi wong ki aja sok ngresula, mengko kena sikune dewa sida cilaka kowe. Satemene kowe kabeh ki padha ra nganggo petung. Mesthine sadurunge nglakoni apa-apa saktindak-lakune kudu golek dina sing becik, dadi ora angger wae. Lha wong sing jeneng nyanja kuwi rak padha karo nempil lemahe sing mbaureksa bumi, mula ya kudu nyuwun idi pangestu dhisik supaya slamet nir ing sambikala. Rak nggih ta pak mantri?” Mbah Soma njlentrehake nganggo pamikiran tuwa sing isih nggondheli adat.
Pak mantri mesem sadurunge mangsuli pitakone Mbah Soma sing dianggep lucu kuwi :
“Menawi sampun ngaten adate nggih mangga kersa mbah, nanging sejatosipun kangge Kang Tromejo, Kang Waras lan Kang Jomerto niku saged pados tanem-tuwuh sanes ing mangsa-mangsa kados ngaten niki, dados mboten nggantungake sata mawon.”
“Tanduran napamalih ta pak mantri, tiyang ngriki menawi mboten sata kalih pantun mboten purun sanese…, paling-paling nggih jagung niku. Napamalih regine palawija dereng amput-ampute katandhing kalih sata.” Tromejo ngeyel anggone ngukuhi tradisine.
“Ya bener kandhamu Tro. Mbandhingake bab rega pancen ora kaya mbako, ning yen wis katerjang banjir ngene iki pa ra poyang-payingan kowe. Mula sing becik ya kaya dhawuhe pak mantri kuwi. Dene yen kowe pancen ngukuhi asile mbako ya manuta mbahmu Soma, yaiku kudu kanthi petungan. Takon-takona nyang wong tuwa supaya digolekake dina sing becik. Lha yen prakara nulak udan kuwi pasrahna aku wae. Apa kowe kabeh dha lali karo pusakaku?” Mbah Wir-Blangkon sing maune mung ngrungokake karo gonyal-ganyil nyokoti uwi godhog saiki melu urun rembug. Omong sepisan wae langsung ngegul-egulake blangkon wasiyate.
“Eee... rumaos kula ta mbah, wong mung nyanja wae kok nganggo nulak udan, kaya wong nduwe gawe wae...”
“Lho, ya aja kaya ngono..., nyanja kuwi pa ra klebu penggaweyan jenenge...”
“Nun sewu mbah, napa pusaka sampeyan niku saged kangge sawanci-wanci. Umpami mangsa rendheng ngaten napa taksih kuwawa nulak jawah?” pitakone pak mantri kepengin melu-melu ngerteni katiyasane.
“Kadhang saged kadhang mboten pak mantri..., amargi jawah ing mangsa rendheng niku rak kodrate Gusti Allah. Lha menawi jawah arang-arang utawi salah mangsa ngaten kathah sagede. Rahayune sedaya tiyang ingkang nyambut blangkon kula kok pas mangsa jawah arang-arang...”
Pak mantri nggleges krungu wangsulane Mbah Wir ngono mau. Minangka wong sing wis ngrasakake pendhidhikan modheren, crita bab klenik sabangsane iku dianggep ngayawara, gugon-tuhon, ora klebu ing akal lan mung sarwa kebeneran wae.
“Pusaka niku asal-asale king pundi ta mbah, kok saged sekti sanget?” pitakone Jomerto nggomblohi.
“Kuwi ngono barang warisan Jo, turun-temurun saka canggah-warengku dhek jaman kuna-makuna. Manut critane bapakku blangkon kuwi asale saka mbah buyute simbahku sing dadi empu ing kraton Mataram. Nalika iku katiyasane luwih ngedab-edabi tinimbang saiki. Saiki rak mung trima dadi tamba lara panas, lara weteng lan kanggo nulak udan wae, lha yen jaman semana kena kanggo piyandele perang mungsuh wadyabala kumpeni. Malah nalika dianggo simbahku melu ontran-ontran perang Diponegoro nate kesrempet mimise walanda, tujune mung kena mondholane. Umpama ora nganggo blangkon kuwi sida kojur tenan simbahku.”
Kabeh amem ngrungokake dongenge Mbah Wir-Blangkon sing saya ndadra iku, sauntara suwarane kertu-kertu dhomino sing pada dibantingi ngiring lumingsire wengi. Pungkasane jagongan kuwi bubar karepe dhewe sawise keprungu jago kluruk sepisanan. Yen ora bubar ngono bisa-bisa malah saya nggladrah maneh kojahe Mbah Wir....... #
*
Crita ing ndhuwur iku wis mungkur bebarengan karo katiyasane blangkon wasiyat sing luntur. Wis ana telung Sura iki pethi kayu panggonane nyimpen blangkon ora nate dibukak dening Mbah Wir, amarga ora ana wong sing nyilih saperlu kanggo tamba utawa kanggo nulak udan. Jalarane blangkon kasebut wis ora ampuh maneh kaya mbiyen. Manut ujare ngakeh, ilange katiyasan mau amarga saka salahe Mbah Wir dhewe sing sok kumendhung, keladuk olehe ndongeng riwayate si blangkon lan kebangeten anggo ngagung-agungake kaluwihane. Dadi gampange ngono pusaka warisan iku wis mogok, emoh nambani lara panas, emoh nambani lara weteng lan emoh nulak udan.
Sing cetha, sawijining sore nalika Mbah Wir lagi ngelus-elus manuk klangenane ana wong teka merdhayoh. Wong lanang saka tangga desa iku arep nyilih blangkone sing wis kepara suwe ora dadi kembang lambe, jarene arep kanggo ngentas kasangsarane anake sing ketaman adhem-panas lan madal sakehing usada. Mbah Wir age-age ngajak mlebu tamune karo nggagas mbokmenawa iki kalodhangan kanggo mbuktekake marang wong-wong yen blangkone isih kena diandelake. Nanging.... sepira kagete nalika pethi kayu diangkat saka ngisor lemari, jebul padha bolong-bolong tilas dikrikiti tikus. Luwih kaget maneh bareng pethi iku dibukak....... pranyata blangkon sing diemi-emi wis ora ketulungan maneh......... mondholane gripis kari separo....... @
Panjebar Semangat No. 2 - 6 Januari 1990
Putih Malih Ireng
“BIYEN saben irung anggere pethuk karo sing jenenge Suradira ora sranta mesthi aweh kurmat. Ora mung pethuk nalika padha ijenan wae, najan lagi gayeng-gayenge jejagongan yen katon ketebange Sura, tanpa diaba sing melu andhon jagong padha ngaruh-aruhi. Pancen dheweke kuwi klebu golongane wong-wong sing kajen-keringan. Ora nggumunake awit Sura nduweni kalungguhan sing rada lumayan, dadi bendahara KUD, nduwe kuwajiban ngladeni kabutuhane warga desa sing sebageyan gedhe pegaweyane ngolah sawah. Mula anane KUD kuwi pancen ora bisa dipisahake karo panguripane para among tani lan rakyat cilik.
Kanggone warga desa Waturejo, Sura klebu wong anyar katon. Tekane ing tlatah kono bangsa limang-taunan, mbarengi dheweke anyar-anyaran nyekel kalungguhan bendahara KUD. Amarga ora duwe sanak-kadang ing desa kono, mula dheweke ngontrak omahe pak kepala dusun utawa mbiyen lumrahe diarani kamituwa, sing duwe omah loro. Teka sepisanan Sura mung ijen, nanging bareng seminggu olehe ngenggoni omah kontrakan, kabeh brayate padha teka. Saka wong tuwane wedok lan bojone nganti anake lima sing isih sumega, ditambah awake dhewe gunggung kepruk sakulawarga ana wong wolu.
Kadidene wong anyaran Sura pancen pinter ngapek atine tangga kanan-kering dalah warga desa kabeh. Apamaneh wis dadi adate pendhudhuk karang pradesan sing tansah ngurmati wargane anyar, mula uripe Sura ing desa Waturejo wektu semono kena diarani minulya.
Nanging kahanan ing ndonya iki pancen ora langgeng, bisa malik grembyang sagradagan. Kayadene cakramanggilingan, sing biyen ana ndhuwur dina iki bisa keplorot mengisor, kosokbaline sing biyen kecepit ana ngisor saiki bisa medhongkrong ana ndhuwur. Mutere cakramanggilingan ngono kuwi sing saiki dialami Suradira.
Embuh sabab apa Sura dadi ora eling lan waspada, nganti salah kedaden. Sipate sing banget jujure nganti kena dipindha kaya kethuk-kenong, ora muni yen ora ditabuh, suwe-suwe dadi mblero. Nganti sawijining kalodhangan ana kanca nunggal pegaweyan sing nabuh Sura, ngajak tumindak dudu. Sak jujur-jujure Sura sing kaya kethuk-kenong, amarga ana sing nabuh mula bisa muni. Malah ora mung trima ulem, nanging ngongkang mbudhegake kuping. Sura kena kapilut, diglendheng kancane nindakake korupsi dhuwit pupuk. Mayar wae anggone nindakake kadurakan mau, lha wong sabendinane pancen gumbul karo dhuwit. Asile uga nyata bisa gawe makmure kulawarga. Bisa nduweni tipi kelir lan nukokake gandhul sing gedhene sak endhog puyuh kanggo bojone. Nanging barang mau padha karo mung silihan, amarga durung ganep telung sasi wis dijaluk maneh karo negara. Malah Sura uga katut dicidhuk lan dilebokake hotel prodeo sing ambune apeg. Setengah tahun lawase Sura bisane mung nemplek ruji wesi karo nggetuni tumindake. Ora ngerti yen ing njaba dadi rasanane warga desa sing padha melehake. Lha wong wis enak mangkruk-mangkruk ana ndhuwur kok isih penthalitan, mesthi wae ambruk.
Metune saka LP wis ora nemoni kahanan kaya biyen maneh. Tangkepe warga desa marang dheweke kena diarani kaya wakul jinungkir. Akeh warga desa sing maune basa mlipis yen caturan kambi dheweke, saiki trima ngoko lawaran wae. Celukane Pak Suradira saiki dadi Lik Sura-Kendhil, cocog karo wetenge sing gemandhul. Saiki Suradira jarene mung trima dadi blantik sapi sing saben dinane saba pasar. Yen ditakoni dhaerah kerjane, wangsulane ngolah-ngalih manut dina pasaran. Yen dina Rebo biyasane menyang pasar sapi Sumberjo, Sabtune bisa digoleki ing pasar sapi Mburno. Mangkono mau gilir gumanti karo pasar sapi liyane. Nanging kerep uga mung glimbang-glimbung ana omah kontrakan sing mbayare saya seret. Nalika isih nglakoni paukuman sing wedok kepeksa nyincing jarit nggenteni luru dhuwit. Nalika iku kulawargane Sura pancen tetep manggon ana omah kontrakan, amarga omah lawase wis kadhung diedol.
“Rambut ki tibane kok ya latah, sing duwe kulite wis kisut rambute ya melu malih dadi putih.” Sura miwiti obrolane nalika uwane dijabuti Sirun. Dheweke saiki kerep melu jagongan karo cah nom-noman ing serambi masjid saben bakda ngisak. Saploke luwar iku Sura dadi khusuk sholate, mbuh amarga saka atine sing eklas, apa mung golek alem wae..
“Nyoh, iki lho lik uwanmu ana sing belang. Separo putih separo ireng.” Cluluke Sirun sing kawit mau mbiyaki rambute Sura.
“Wah, iya je... yen sing ngene iki piye ya ? Ireng malih putih apa putih malih ireng ?” pitakone Sura kaya menehi cangkriman.
“Mesthine ya ireng malih putih lik.. Mosok ana rambut putih malih dadi ireng.” wangsulane Sukra.
“Sapa sing kandha ora ana.” Aku sing wiwit mau mung ngrungokake kepeksa mbantah wangsulane Sukro. “Lha wong tuwa-tuwa sing rambute wis mabluk putih kaya kapas akeh kok sing dadi ireng maneh amarga disemir. Yen disawang katone ya isih njanges kaya nalika enome, nanging yen kudanan mesthine ya luntur kabeh.”
“Mesthi wae Ro, jenenge barang mitasi. Saka putih kok bisa malih dadi ireng.”
“Kaya sipate manungsa wae ya lik, mbiyene apik, jujur lan disenengi liyan bisa tumindak nistha lan digethingi. Ngono kuwi rak bisa diparibasakake putih malih ireng.” Tembunge Munawar sing pungkasan iki dirasakake Sura kaya-kaya nunjem pulunge ati. Praupane malih semburat abang, kupinge krasa panas. Nanging dheweke ora nesu, malah ngegongi kandhane Munawar.
“Kaya aku ngene iki ya War, biyen putih saiki ireng...”
“Wah, sepurane sing gedhe ya ! iki mau aku ora sengaja nyenggol riwayatmu lho lik.” Munawar nggetuni tembunge sing wis kadhung keprucut.
“Ora papa War, pancen nyatane ya ngono kuwi lakune nasibku. Biyen saben esuk aku budhal nganggo sandhangan necis lan sepaton, bareng saiki mung trima ubet-ubetan sarung, nganggo capil cekuthuk lan sandhalan jepit. Pegaweyanku sing maune mung thenguk-thenguk saiki kluyuran saba pasar.” Sura ndhukiri barang sing wis kependhem.
“Piye lik, pasaran sapi rame pa ra?” pitakone Munawar ngalihake rembug.
“Sing rame mung pasare kok, War. Yen regane sapi wayah ngene iki nedheng-nedhenge anjlog.”
“Yen riyaya kurban ngono kae mesthine regane mumbul, ya lik?” Sirun melu takon karo isih nggethu ngolak-alik rambute Sura.
“Iya, nanging ya kuwi... mung setaun sepisan. Wis, Run... guluku cengeng kawit mau mbok puter mrana-mrene. Kapan-kapan goleki maneh... aku tak mulih dhisik ya.., sesuk esuk arep nyang pasar Mburno.” Kandha ngono Sura karo ngadeg, ngeluk boyok ngiwa-nengen.
“O....iya, sesuk rak Sabtu Pon.” gremenge Munawar.
“Kowe kabeh apa dha gilir jaga ta?”
“Ora, bengi iki mung Sukro thok. Awak-awak ngene iki rak mung ngancani ngobrol.”
“Ya wis, aku mulih ya...”
“Ya, lik !” swara papat mangsuli bareng, nguntapake Sura sing sedhela wae wis ilang diuntal petenge wengi........ #
*
Sabtu esuk aku ngetokake Suzuki bebek saperlu lunggo ngeterake mbakyuku ngurus surat kelakuan baik ing kapulisen. Sawise nganggo helm sing wujude kaya gegere bulus, aku banjur methangkring lan mbakyuku ngetapel ana mburi. Jaran Jepang iku banjur tak gawa nggeblas mangetan, ngliwati pasar kewan Mburno sing ramene ngudubilah, marga ngepasi dina pasaran. Tungganganku terus tak bandhangake ngetan. Tekan protelon menggok ngiwa, mlebu platarane polsek. Mbakyuku terus mlebu, dene aku ngenteni ing njaba.
Penggaweyan ngenteni pancen nyata yen mboseni banget. Anggonku lungguh wis ana yen setengah-jaman, nganti wetengku keprungu kluruk. Eling-eling mau durung sarapan... Lagi nengah-nengahi ngrasakake luwene weteng ndadak ana wong gemrudug mlebu gapurane kapulisen. Ana sawenehe pawongan sing diapit anggota pulisi loro, sauntara ing mburine akeh wong padha ngetutake. Rombongan kuwi mlebu ruwang penjagan....
Amarga kepengin ngerti apa sing mentas kedadeyan, mula bokongku tak angkat saka lungguhan. Gedhe-cilik, tuwa-enom, lanang-wadon padha dhesek-dhesekan, ndadekake ruwangan sing mula wis ciyut dadi saya sumpeg. Sawenehe wong wadon sing kalah dhesekan tak takoni :
“Wonten napa, bu ?”
“Anu...... onten copet ketangkep king peken..”
“Sampun angsal menapa ?”
“Terose mpun nyendhal kalung. Kula kiyambak nggih dereng sumerep tiyange kok, mas..”
Aku njur melu miyaki awake wong-wong sing dhempet kaya kebon tebu. Nalika bisa tekan barisan ngarep dhewe, mripatku mentheleng nyawang pawongan sing tangane kiwa-tengen diborgol. Nanging tak rasak-rasakake pandelengku ora mbujuki. Pawongan kuwi............... nyata yen Lik Sura-Kendhil sing mau bengi jagongan karo aku !
Aku isih eling nalika dheweke dicangklak rembug dening Munawar, jarene sipate sing putih wis malih ireng. Lha kok saiki ditambahi maneh irenge..... njur arep dadi piye maneh ? Apa pancene Lik Sura wis kangen karo panggonane nginep nalika mentas nindakake korupsi mbiyen ? Karo nggagas mangkono aku kluntrung-kluntrung ninggalake wong-wong sing isih padha umyeg........@
Panjebar Semangat No. 52 - 24 Desember 1988. on