Kamis, 05 Mei 2011

CERKAK: Nardi (1)

Mlawatan 1

# Menyok
# Miskin





        
Nardi



Menyok
      KANGGO ngadhepi bakal anane ancaman krisis pangan sejagat, pangajabe Bapak Presiden supaya rakyat gelem mbudayakake mengonsumsi makanan non beras, minangka keanekaragaman pangan. Bahan sing digunakake yakuwi singkong, jagung, ketela rambat, uwi, gembili lan sapiturute. Kabeh kuwi minangka bahan pangan sing nyata kekayaane bumi nuswantara sejene bahan baku industri kayadene timah, tembaga, emas, batu bara lan minyak.
        Mula iku pemerintah kabupaten Bojonegoro ngadani nganakake festival makanan non beras. Senajan tlatah Bojonegoro mono lemahe gersang, wondene wuluwetune tetanen para kadang tani arupa palawija, pala pendhem, uga masalah sing kependhem ora kalah potensine yen dibandhingake dhaerah liya, yagene durung ditangani lan dimanfaatake kanthi maksimal.
        Festival dipapanake ana ing njero Gedung Wanita Bojonegoro, sing kajibahan ngayahi para ibu PKK saka sakehing kantor instansi pemerintah kabupaten. Sing dipamerake lan disosialisasiake makanan saka bahan singkong arupa sawernane gethuk, yaiku gethuk lindri, gethuk mulur, gethuk mawur, uga isih akeh maneh maceme gethuk.
Diajab masyarakat ing kutha lan desa bisa mangerteni tata carane ngolah lan milih bahan sing becik, mula para ibu PKK ing desa-desa uga diundang ing mengkone bisa aweh penyuluhan marang warga desane.
        Ing kalodhangan iku ana sekelompok ibu–ibu PKK saka Desa Mayanggeneng uga ora gelem ketinggalan. Watara jam setengah enem para ibu wis padha ngumpul ing daleme Pak Sekdes, senajan liyane isih ana sing durung teka. Rombongan dipandhegani dening Bu Sekdes dhewe.
        “Ibu-ibu, mengko sing melu rombongan menyang Gedung Wanita pira, ta?” pitakone Bu Sekdes marang Tika.
        “Nek ningali cathetane niki tiyang sedasa, Bu,” wangsulane Tika karo ngulungake kertas marang Bu Sekdes.
        “Lho, Bu Kades apa ora ndherek, kok ora ana?” Bu Sekdes takon maneh.
        “Bu Kades mboten saget ndherek, margi yogane kedah kesel. Kula dikengken makili,” semambunge Tika.
        “Uminah mbokmenawa ora sida melu, wingi lagi bar ningkebi wetenge,” celethuke Bu Eni karo mbenerake kaca mripate.
Lagi wae dirasani, Uminah mara ita-itu karo kandha marang Bu Sekdes, “Bu, kula mangke mboten saget tumut rombongan mobil niki. Kula ajenge goncekan sepedhah montoran mawon kalih Kang Padi, radosane taksih njeglong-njeglong,” kandhane.
        “Mobile ya isih gothang ta, Um. Bojonem ya durung mulih,” Bu Eni nrambul omong.
        “Pancen durung, jare ndhek esuk mau melok ngedhos nang sawahe Lik Sakur. Ya embuh nek gabahe  terus diusung nang selepan, didol pisan. Jaman saiki gabah wis dha lali omah kok, Bu!” Kandhane Uminah.
Apa sing diomongake Uminah, Bu Sekdes mung mesem, ngerti apa sing dikarepake. Gabah lali omah tegese asile panen gabah teka sawah langsung didol nggo nyaur utang.
Lha, piye? Wayahe njegur sawah kebutuhan pupuk, obat-obatan, ngalirake banyu, kabeh ya krana utang.
        “Ya wis, ngko budhal bar magrib wae, mesisan karo ngenteni nglumpuke ibu-ibu liyane. Undhangane jam pitu wae, kok!” kandhane Bu Sekdes.
*
        Rampung magrib, ibu-ibu wis padha kumpul, njur munggah mobil. Tika karo Bu Sekdes lungguh ngarep jejer sopir
        “Ngko nek nglakokna aja banter-banter! Ratane rusak, akeh jeglongane. Jarene arep didandani,” kandhane Bu Sekdes marang sopire.
        “Mboten, Bu! Mlampah santai mawon. Mriki-mriku mawon, pinten dangune,” semaute Margono, sopire. Njur wiwit nglakokake montore.
Ora sawetara suwe  wis tekan sangarepe Gedung Wanita. Ibu-ibu padha mudhun tumuju lawang gedhung sisih wetan, amarga lawang utama sisih ngarep wis katon tutupan. Katone kursi mburi wis dikebaki para undhangan sing teka luwih dhisik.
        “Mangga, Ibu-ibu kula aturi mlebet, langsung kemawon pinarak, kursi ngajeng taksih kosong!” panyumanggake panitia terima tamu karo ngedumake brosur resep marang ibu-ibu undhangan.
        “Rombongane dhewe tekane keri malah entuk lungguh kursi ngarep,” grenenge Bu Sekdes karo mapan lungguh.
“Malah enak ta, Bu. Isa karo nyawang sakpolahe Bapak-bapak penjabat sing padha pinarak kursi ngarep kuwi,” semaute Bu Eni.
Nalika Uminah arep mapan lungguh, panyawange lingak-linguk mengarep karo grenengan, “Lho, aku kok ora tumon Bapak Wakil Bupati!”
        “Takokna dhewe kono, Um! Sing ora ana mboktakokna. Wis, ndang lungguh kene!” semaute Bu Sekdes.
        Senajan penyelenggaraane festival mung sedherhana, jroning gedhung tumata katon rapi lan regeng. Pinarakane para penjabat dipapanake ana ing dhuwur panggung ngadhep palungguhane para ibu PKK lan para tamu undhangan liyane. Krana iku panyawange para undhangan bisa mbedaake lan niteni antarane penjabat instansi lan wakile rakyat wektu saiki. Stand makanan gethuk dipapanake ana sisih tengen kursi undhangan. Ing ndhuwur meja siji lan sijine disajeake sawernane gethuk kanthi rasa sing beda-beda.
        Krana ing panggonan liya isih ana acara sing luwih wigati uga perlu dirawuhi Bapak Bupati, mula jam setengah wolu acara festival gethuk enggal diwiwiti.
        “Sambutan dari Bapak Bupati, sekaligus beliau berkenan membuka acara Festival Makanan Gethuk yang diikuti oleh Ibu-ibu PKK dari berbagai instansi pemerintah sekabupaten Bojonegoro. Waktu dan tempat dipersilakan!” mengkono pambiwarane pranatacara.
Bapak Bupati jumeneng, jumangkah tumuju podhium njur nyandhak mike. Sadurunge uluk salam, ngetuk-ngetukake mike nganti ambal kaping telu.
        “Lho, kok ora muni?” aloke Bapak Bupati.
Sawijine Ibu PKK sing ngadhep stand  weruh mengkono iku karepe reka-reka ngelingake, “Anune niku dipetelake mengandhap, Pak!” pangandhane, karo nudingake drijine.
Krungu gunem mengkono iku ibu-ibu liyane padha ngguyu cekikikan ora bisa ngempet. Ana sawijine ibu nyaut gunem sing beda asosiasine semu cengengesan, “Mbok ya anune bapake dhewe wae sing ngko dipetelake, kok ngongkon Bapak Bupati!”
        “Woooalah, Bu, njenengan niku lho, ngarani skakel wae kok anune!” aloke ibu liyane.
Sawise skakel mike diceklekake isih krungu guyune para ibu. Bapak Bupati isih kober mirsani arahe swara guyu cekikikan, swasana malih lerem, njur miwiti sambutan.
        “Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh! Kanthi raos syukur dumateng ngarsanipun Allah SWT ingkang paring pinten-pinten nikmat, berkah ugi rahmat tumrap kawula lan panjenengan sedaya. Para Bapak pimpinan dinas, kantor, instansi, para anggota legislatif, para Ibu PKK,  saha para undhangan ingkang wonten gegayutanipun kaliyan festival menika. Sedaya kalawau ingkang dimulyaaken Allah, ugi ingkang tansah kawula antu-antu saran lan  panyaruwenipun. Ing kalodhangan dalu menika panjenengan sedaya sampun kersa mbucal wekdal sakperlu ngrawuhi ing gedhung mriki kanthi wilujeng nir sambikala ing marga,” mengkono pambukane sambutan, kanthi tata basa lan ukara kang titis lan teteh.
Swasana jroning gedhung tidhem, tintrim lan tentrem ora krungu swara guyu sing wagu, mung kadhangkala ana swara dhehem lan watuk saka njaban gedhung.  Bacute sambutan, “… dene panjenengan sedaya rawuh ing papan mriki supados mangertosi tatacara ngolah makanan non beras, ingkang arupi manekawarna gethuk ingkang kadamel saking bahan singkong. Lha, singkong menika menawi masyarakat Bojonegoro mastani minyak …!”
Krungu tembung minyak, ibu-ibu gage nyaut gunem mbenerake ngendikane.
        “Lho, kok minyak? Menyok, Pak!”
Mireng semaute ibu-ibu, Pak Bupati njur nyandhet sedhela sambutane, njur dibacutake maneh.
        “Ooo, inggih! Radi keplecuk atur kawula. Ngapunten nggih, Bu! Arep  ngarani menyok wae kok kleru minyak. Sanes wekdal mawon, Bu, ngrembak minyak. Insyaallah mbenjang tahun ngajeng minyakipun sampun  produksi. Wangsul malih masalah gethuk. Nuwunsewu, kula kuwatos, mbokmenawi wonten ingkang ngudaraos makaten, ’wektu iki rega BBM mundhak, rakyat cilik sambate ngaruwara, yagene nganaake sosialisasi kok ya, festival panganan gethuk. Panganan liyane sing luwih enak apa ora ana? Apa para penjabat ora bisa mikir kepriye solusine, apa utege wis kaya gethuk?’ insyaallah mboten wonten ingkang mekaten, senajan awrata kados punapa pemerintah enggal mbudidaya ngluwari panandange rakyat cilik ingkang sakmangke nembe kesulitan ekonomi. Mliginipun para anggota DPR, insyaallah mboten sedaya kupinge sami kesumpelan gethuk, taksih wonten ingkang kersa mirengaken swara rakyat ingkang sami sambat …”
        Ibu-ibu PKK krungu ucapan mengkono mung padha ngguyu kecut.
        “Mbakyu, ngendikane Bapak Bupati ceplas-ceplos, nggih?” rerasane sawijine ibu karo kancane.
        “Kasunyatan wekdal sakmangke nggih ngaten, kok!” semambunge kancane.
Semono uga bapak-bapak penjabat sing pinarak ana ing kursi ngarep, krungu ucapan mengkono iku mung padha mbesengut praupane, njur klesak-klesik sajak ora karenan penggalihe.
Bacute sambutan, “… Ibu-ibu mangke saget mirsani ugi ngicipi, ngraosaken macem-macem gethuk ingkang sampun disajekaken wonten ing stand sebelah menika. Mbenjing Ibu-ibu saget mraktekaken ndamel gethuk piyambak wonten ing ndalem. Kanthi mirsani resep ingkang sampun diaturaken dumateng panjenengan sedaya. Wusana cekap semanten sambutan kawula nyuwun agunge samodra pangaksami. Kanthi ucapan bismillahirrohmanirrohim, festival gethuk ing dalu punika kawula bikak. Wassalammu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh,” mengkono pungkase sambutan.
        Sawise para undhangan mbales salam, Bapak Bupati jumangkah tumuju papane stand makanan gethuk. Para undhangan bapak-bapak penjabat liyane uga melu ngetut mburi sakperlu melu ngrasakake ngicipi gethuk, uga bawarasa karo ibu-ibu sing jaga stand.
        “Saking pintere ngolah, gethuk menyok wae rasane kaya ngene enake,” pangalembana sawijine bapak, sawise melu ngicipi.
        “Lagi ngicipi rasane gethuk menyok wae wis ngono, durung maneh yen wis ngrasakake asile produksi minyak!” semaute bapak liyane karo ngguyu.
Bapak Bupati mireng gunem mengkono, panjenengane mung mesem, njur nerusake tumuju meja sebelahe sing nyajekake gethuk lindri. Sawise ngicipi njur bawarasa karo ibu-ibu sing njaga, mengkono sateruse meja siji lan sijine beda-beda gethuk sing disajekake.
Sarehne isih ana acara sing luwih wigati ing panggonan liya, mula Bapak Bupati sarombongan njur ninggalake papan kono.
        “Mangga Ibu-ibu, menawi badhe nyobi ngraosaken gethuk, gratis kok! Lha, menika kangge oleh-oleh keluwarganipun ingkang wonten ndalem.  Setunggal bungkus kotak alit namung tigang ewu rupiah, setunggal bungkus ageng enem ewu rupiah,” panawane Ibu sing nduwe stand.
        “Nek nang ndesa ngono kae paling-paling menyok ya mung digawe gaplek, digawe sega thiwul. Isa nggawe gethuk pol-pole ya mung ngono kae!” aloke sawijine ibu PKK saka ndesa.
        “Menyok nek nang ndesa, ya akeh! Nanging durung isa carane ngolah, ngrasakake mangan gethuk enak wae malah tuku nang kutha, najan regane larang,” semaute kancane, njur ngudarasa jroning batin, ‘bisa dibayangake kaya negarane dhewe wektu iki, sumbere minyak akeh, nanging kebutuhan bahan bakar kepeksa tuku rega larang. Lha, kepriye maneh, sumbere minyak wis dikuwasani pengusaha mancanegara.’



JAYA BAYA No. 29 Minggu III Maret 2010
__________________________________________                 





Miskin
      KRANA polah tingkah anak-anak lan bojone sing angel ditata sarana becik, padha nggugu karepe dhewe, entek-entekane rumah tanggane dadi bubrah, bandha donyane ludhes, njur morat-marit keluwargane. Lelakon iku sing dialami Kang Jadi. Senajan nemahi panandang mengkono dheweke ora nglokro, tansah istiqomah. Alhamdullillah ora watara suwe dheweke wis kelakon nggondhol predikat DPR. Nanging dheweke ora gelem tumindak kaya para anggota DPR liyane sing sok gelem melik barang kang melok, ora gelem milih lan milah endi sing halal lan haram.
Anggone klakon lelomban ing jagade DPR krana keglandhang dening sawijine partai sing wektu iki tansah digatekake dening pemerintah yaiku Partai Golongan Ekonomi Lemah sing tansaya mundhak anggotane, apadene simpatisanne.
        Predhikate Kang Jadi sing mengkono iku tansah ndadekake rerasanan tangga teparone.
        “Yu Nem, aku kok arang pethuk irunge Kang Jadi. Saiki nyambut gawe apa ta?” takone Kamisah marang Ginem.
        “Aku krungu jare nyambut gawe DPR, ta apa!” Ginem lehe wangsulan sajak ora ngerti.
Aminah tangga sebelah krungu wong loro padha rerasanan, dheweke njur mara karo ngguyu mengengeh.
        “Sore winginane aku kepethuk Kang Jadi nang lore pasar kana, lho! Wira-wiri karo nggawa sak amoh golek rongsok, malah kober takceluk, dheweke mara njur ngandhani aku, ‘menenga wae ya Min, aja mbokkandhak-kandhakake wong. Saiki aku DPR kok, Min. Dadi Pemulung Rongsok’ lehe ngandhakake,” mengkono Aminah nyritakake marang Ginem lan Kamisah.
        “Whooalah, rumangsaku ta DPR sing dadi wakile rakyat ngono kae!” semambunge Ginem.
        “Rakyat sing endi maneh ta, Nem, sing gelem diwakili DPR dhapurane ngono kuwi!” semaute Kamisah.
        “Kok, kaget klakuwane Kang Jadi , ta, Sah. Ya wis ngono kae omongane,”
trambule Aminah, njur nglungani.
*
Sore kuwi lagi wae Kang Jadi mulih anggone golek rongsok, Darman kancane mara nang omahe, “Entuk rongsok akeh, Kang?” takone.
        “Eee, lumayan, Man. Lha iki entuk semene,” Kang Jadi nuduhake sake isi rongsok.
        “Saiki golek rongsok nang kampung-kampung angel, Kang, sepi. Apa enake sesuk golek nang kutha pa piye?” guneme Darman semu ngajak.
        “Gak masalah. Nanging mangkate saka omah rada esuk, kira-kira jam enem ngono, lho! Mlaku wae turut ril sepur rada cepet, ra menggak-menggok. Nanging sadurunge aku wanti-wanti marang awakmu, sesuk nek mlaku liwat ril, weruh wesi baut utawa paku ril gemlethak aja nganti mbokopeni, mundhak ndadekake perkara,”
        “Ngono ae kok kuwatir, ta, Kang! Paling-paling pira regane wesi ngono kuwi,” semaute Darman.
        “Ora kok masalah regane, Man. Sing takkarepake mbokmenawa ana kedadeyan ril mleset, ana sepur liwat njur ngguling. Apa ora cilaka, uga ngrugekake wong akeh. Nek bener-bener kowe sing njupuk aku ora ngelingake, apa ora kedosan aku lan kowe,” panjlentrehe Kang Jadi.
Krungu guneme Kang Jadi,  Darman mung meneng karo manthuk-manthuk sajak ngerti sing dikarepake.
         “Kae ana sawijine penjabat kebukten nindakake korupsi, manipulasi, suap-menyuap ngrugekake negara lan rakyat, kok, aman-aman wae ya, Kang?” kumecape Darman.
“Ooo, nek ngono kae seje, Man. Najan ngrugekake negara uga rakyat, nanging rak isih ana oknum penjabat sing rumangsa diuntungake, kayadene kejaksaan, kepolisian, bisa uga KPK lan pengacara-pengacara ngono kae. Rumangsaku penjabat sing gelem tumindak mengkono kuwi wong-wong sing dha ora waras pikire, gendheng, edan. Najan diwara-waraake, uga potone dipajang nang koran-koran, disiarake radio, ditayangake nang tipi. Nek pancen pikire waras rak nduwe isin lan wirang, mula becike nek ana sawijine penjabat tumindak mengkono kuwi diglandhang wae njur dilebokake rumah sakit jiwa,” guneme Kang Jadi  kedawa-dawa semu gregeten.
“Njur dikumpulna  wong gendheng-gendheng kae, ben ketularan ngguyu  kepingkel-pingkel dhewe, mengko anak lan bojone rak dha kewirangan,” Darman ngimbuhi gunem, njur pamit mulih.
Esuke kira-kira jam setengah enem, Darman wis mara nang omahe Kang Jadi,  njunjuk omah pawon. “Ayo, mumpung isih esuk, ndang budhal!” pangajake.
        “Ya, ya! Entenana sedhela, aku takmakani pitik dhisik!
Sawise rampung. Wong loro njur budhal mlaku turut ril sepur. Darman tansah  migatekake sing dikandhakake Kang Jadi wingi sore. Sadalan-dalan mung njupuki gelas aqua bekas, plastik-plastik, kardhus  lan apa wae barang bekas sing wis dibuwang. Jam rolas awan wong loro lagi tekan njaban kutha.
        “Lha, iki ngko terus ngendi, Kang?” takone Darman.
        “Awakmu ngko terus mlaku ngetan turut ratan gedhe, kiwa tengen kono ya ana perkampungan, kok, aku takmlaku ngalor. Kira-kira nek wis rada awan entenana nang tanggul lore pasar!” welinge Kang Jadi.
*
        Watara jam rolas, wong loro bisa kepethuk maneh nang nduwur tanggul lore pasar.
        “Piye, Man, entuk barang akeh?” takone Kang Jadi.
        “Cek sepi kok, Kang. Ora kaya biasane. Nang ndesa sepi, nang kutha ya sepi. Lha, iki mung entuk sithik.” Darman sajak ngresula.
        “Eee, sabar Man. Entuk sithik, entuk akeh ya disyukuri. Ora sah ngresula nemen-nemen, aku maeng weruh nang njero gedhung kidul ratan akeh wonge, mobile apik-apik diparkir jejer-jejer nang ngarepan, embuh rapat, embuh resepsi. Enake saiki wong loro mrono pa piye? Cedhak kok!” kandhane Kang Jadi.
        “Ya, ayo! Ngko karo golek imbuh nang kono,” semaute Darman sajak jemrinthil.
Wong loro njur mlaku ngulon tumuju papane gedhung sing dikarepake. Ora watara suwe  wis tekan sangarepe gedhung.
        “Ooo, resepsi manten, Kang. Lha kae ana mobile sedan sing dihias kain pita rupa putih, kuning, abang, ijo. Enteni nang njaba pager  kene dhisik!” Darman ngandhakake, njur lungguh.
Sajake wiwit mau kanca-kanca pemulung uga wis padha ngenteni ana sanjabane pager.
Ora watara suwe katon tamu-tamu padha metu saka njerone gedhung lan padha munggah ana mobile dhewe-dhewe, pratanda serepsine wis rampung, mung kari para sinomane sing isih wira-wiri, ibut ringkes-ringkes. Para pemulung njur gemrudug padha mlebu njero gedhung njupuki larahan sing pating blasah ana jogan lan plataran. Darman lan Kang Jadi ora kari.
Ana pawongan marani sawijine pemulung sing lagi njupuki larahan, “Mas, kanca-kancane kandhanana ngko turahan panganan sing isih ana ndhuwur meja kae jupukana kabeh, dumen sakancamu!”
        “O, nggih Pak, maturnuwun!”
Sawijine sinoman ngerti menawa turahan panganan nang ndhuwur meja dijupuki dening para pemulung dheweke njur ita-itu marani pawongan sing ngongkon mau.
“Lho, turahane panganan kok padha dijupuki wong-wong, apa sampeyan ta, Mas  sing ngongkon?”pitakone.
“Wis ben, Dhik. Mau aku sing ngongkon, kok! Kuwi mono rak panganan turahan sisane didhahar bapak-bapak lan ibu-ibu undhangan mau. Wong-wong ngono iku uga pengin ngrasakake pangan enak,” semambunge.
Para pemulung sawise rampung  njupuki larahan lan panganan njur ninggalake papan kono.
“Wis, Man, ayo mlaku alon-alon,  ngko leren maneh nang njaban kutha kana!” pangajake Kang Jadi karo ngangkat sak sing kebak isine.
“Ya, Kang. Ngko leren mangan dhisik, wetengku krasa kaliren,” semambunge Darman.
Wong loro terus mlaku ngurut dalan nganti sanjabane kutha.
        “Leren ngisor wit kene, lho Kang, enak, adem!” pangajake Darman karo nyeleh sak plasyik warna ireng.
Ora sranta, tangane ngrogoh bungkusan sega saklawuhe ana njero sak. Muluk telap-telep, mripate pendirangan, sajak ora nate ngrasakake panganan enak.
        “Enak, Kang, panganan sisane wong sugih!” aloke Darman karo kecap-kecap nikmati lehe mangan.           
“Kanggonem lan kanggoku, najan panganan sisa, rasa enake wis ora kaprah, apa maneh ora sah tuku,” semaute Kang Jadi karo mbukak bungkusane dhewe, karo sedhela-dhela lenger-lenger ngudarasa jroning batin, ‘ngrasakake urip sing taklakoni sabendinane, ibarat mung kaya larahan sing kleleran, ana angin ngetan katut ngetan, ana angin saka kulon uga katut ngetan. Kadhang dieker-eker asu, njur diisingi lan diuyuhi. Lha, yen ora ana wong sing gelem peduli nulung rak mung panggah kleleran.’
“Mangan kok karo lenger-lenger. Mikir apa, ta, Kang?”
        “Ora mikir apa-apa, kok, Man,” semaute Kang Jadi, nglereni lehe mangan, njur segane dibuntel maneh. Kelingan keluwargane nang omah.
        “Nyambutgawe sabendina entuk pengasilan nggo nyukupi kebutuhan pawon wae kuwalahen, reregan sembako tansaya mumbul krana mundhake rega BBM 30 % kuwi apa!” grenenge Darman karo ngusap upa sing isih nemplek lambene.
        “Bener kok, Man! Yen kahanan terus ngene, reregan tansaya mumbul, suwe-suwene wong cilik rak klakon dha makar,” semambunge Kang Jadi.
        “Lho, kok makar piye ta, Kang? Malah meden-medeni!” semaute Darman.
        “Sing takkarepake, makar kuwi tegese mangan kurang. Wektu iki wong cilik dha nandang kurang mangan. Kemampuane dhuwit sing arep nggo tuku sembako ora nyukupi,” panjlentrehe Kang Jadi.
        “Ooo, ngono, ta! Rumangsaku makar kuwi masyarakat wis padha ora percaya karo sing dadi kebijaksanaane pemerintah, tunggale arep kudeta ngono kae,”
        “Whoooalah, Man! Wong cilik wae, kok arep nulak kebijaksanaane pemerintah!”
        “Kaya awak dhewe iki, sabendina gaweyane mung truthusan turut-turut kampung, turut ratan, asile mung cukup nggo ngurubake pawon wae wis alhamdulillah. Kabare ya arep entuk dhuwit BLT maneh, Kang. Ngentas kemiskinan wong-wong sing uripe kaya awake dhewe ngene iki,” guneme Darman.
        “Whoooalah, Man, Man! Dhuwit semono kuwi paribasane mung kaya sega sing bar dipangan awake dhewe mau, lho! Dhuwit kuwi mung sisa-sisane dhuwit sing bar dinikmati wong-wong sugih kae. Aku biyen uga melu nampa dhuwit BLT. Kabeh mau gumantung marang masyarakat kepriye cara nanjakake dhuwit bantuwan kuwi mau. Nek masalah miskin banda donya kaya awake dhewe ngene iki, senajan nyambut gawe nistha, nanging tansah urip jroning syareate Allah. Saiki sing layak dientas kuwi kemiskinan moral, yaiku wong-wong sing uripe mung seneng lomban ing samodra kemewahan njur klelep jroning kesrakahan,” semambunge Kang Jadi kedawa-dawa. Dene Darman ora ngerti sing diomongake Kang Jadi, njur takon, “Kok, apik sampeyan nek ngrakit ukara. Nalare piye ta, Kang?”
        “Delengen Bapak-bapak kae, wis dha nglungguhi kursi empuk, dadi penjabat. Bayarane sakdhabreg, omahe gedhong magrong-magrong, mobile mengkilat, nanging kok isih rumangsa kurang wae. Isih kemilikan sing dudu hake, tega lan tegel gawe sengsarane rakyat, uga ngrugekake negara, krana isih padha miskin atine. Miskin kang mengkono iku mesthine uga dientas,” panjlentrehe Kang Jadi.
        Sawise rampung olehe padha ngaso sawetara wong loro njur jumangkah nerusake laku ninggalake papan kono. Mlaku nurut dawane ratan sing kebak bledug ketrajang rodhane kendharaan lan angin sing tumiyub mapag tekane mangsa ketiga. @
                                                                                                                                                 on




Tidak ada komentar:

Posting Komentar