Sabtu, 07 Mei 2011

CERKAK: Herwanto (1)

@ Growok 01
 

A
* Gombreng
* Ibu




Gombreg


  JENENGKU Gombreg. Kerjaku serabutan ora tamtu. Yen aku antuk milih ing wernane profesi minangka tukang rongsokan bakal taktulis ning KTP. Mula kanthi kerja sing kaya mengkono asil saben dina ora bakal bisa nyukupi kebutuhane anak bojo. Kasampurnan apa sing bakal takgayuh kanthi kerjaku, ora liya mung nggoleki cangkriman sing ndhelik ing tengahe panguripan. Apa bener Gusti menehi cangkriman saben wong ing uripe? Yen bener kaya mengkono tamtune ana rahasia sing kudu kawiyak.
  Banjur yen aku milih dadi tukang rongsokan iku tegese ora pilihan kanthi rasa sadhar. Mataun-taun uripku mung kadhungsangan kagiles mangsa. Nyoba ngreka-reka yen saktemene rodha kuwi mesthi muter mbokmenawa taun ngarep nasib bakal owah. Nanging nganti anak telu tetep wae mung wesi, karton, aluminium, plastik lan liya-liyane sing ngupengi. Cangkriman kepriye maneh sing kudu takwangsuli?
  “Mbreg…!’
  Suwara iku nyentak kupingku.  Gono tanggaku krenggosan  nyedhak.
  “Ana apa, No?”  
  “Anu, Mbreg….! Dimin, Dimin anake sampean kecelakaan!”
  Pet! Mripatku dadi peteng ndadak. Glangsing lan rengkek wadhah barang-barang rongsokan takuncalne neng pinggir ndalan. Sepedha pancal banjur takgenjot mulih.
  “Kecelakaan ning endi? Kecelakaane piye?” pambengokku karo kringet dleweran. Aku lan Gono kayadene wong balapan.
  “Numpak sepedhae kancane. Karepe pengin blajar, banjur kecebur kalen.”
  “Apane sing tatu?”
  “Dhengkule. Nanging Dimin semaput.”
  Tekan omah wis akeh wong ngebaki plataran omah. Warti bojoku nangis ngguguk. Mantri kesehatan Sudiman tangga kiwane omah mriksa Dimin.
  “Piye kahanane Mas Mantri?” pitakonku karo nyedhak.
  “Mung kaget wae lik Gombreg. Sedhela maneh sadhar. “
  Sawetara aku isa unjal ambegan landhung. Apa maneh nalika suwara ngrintihe Dimin keprungu.
  “Min, Dimin….” panguundangku.
  “Uh….uh…..uh……!”
  “Apane sing lara? Sing endi? Bapak pijeti,ya.”
  Wong-wong padha bubar sakwise ngerti yen Dimin wis sadhar. Lega rasane ati. Sakwise ngucap matur nuwun lan ngandhani yen Dimin ora apa-apa, wong-wong iku banjur ngelingake yen sinau nyetir sepedha sing ati-ati. Untung maneh sepedhae ora apa-apa. Aku banjur nerusne gaweyanku.
  Dimin nyilih sepedha kancane mung saperlu kanggo sinau nyetir. Umpama Dimin wis duwe sepedha wiwit mbiyen tamtune saiki dheweke wis prigel lan ora keri karo kanca-kancane. Ya, saking kesrakatku nganti ngene iki, nukokna sepedha wae ora bisa. Aja maneh tuku kanggo sepedha, buku-buku sekolahe Dimin wae akeh saka rongsokan sing didol kilonan. Aku terus mancal sepedha marani rengkek lan glangsing sing tak uncalne  ning pinggir dalan mau. Senajan srengenge rasane kaya ngobong mbuyn-mbunan,kringet dleweran wis dadi pakulinan. Yen ora nglakoni kahanan kaya ngene iki, aku wis ora duwe pilihan urip sing luwih kepenak. Gombreg,Gombreg nasibmu!
  Rengkek lan glangsing isih gumlethak ning pinggir dalan. Ora bakal ilang amarga isine mung rongsokan, barang buwakan. Mula lelakon sing saben dina mung ngongkreh-ongkreh sampah  nggoleki plastik, kertas utawa wesi sing isih bisa  didol ora bisa taktinggalne. Wis dadi pilihan urip kanggo nyukupi kabutuhane anak lan bojo. Nanging awan iki srengenge bener-bener ngobong sirah. Mula nalika ana gardu Hansip aku banjur mlebu. Sepedha tak glethakne wae lan rasa ngantuk ora bisa tak empet maneh. Aku keturon saking keselku.
  Embuh pirang jam anggonku keturon ning gardu Hansip. Nalika srowang-srowang ana suwara aku njenggirat tangi. Tibake wis akeh nom-noman sing ngubengi gardu Hansip.
  “Lha, iki malinge!” pambengoke nom-noman sing rambut gondrong karo nuding raiku.
  “Bangsat kowe! Jebul dadi tukang rongsokan mung ethok-ethok.”
  Aku kaget banget. Lambeku durung nganti kumecap nanging sandal jepit wis miber ning sirahku.
  “Endi barang-barang sing mbok colong? Ngakua!”
  “Jawab bajingan….!”
  Plak! Lambeku njedhir.
  “Sik,sik! Aja nganggo kekerasan! Ditakoni ndhisik!” sing nganggo peci ngelus pundhake nom-noman iku karo nyedhak.
  “Coba diwenehi kesempatan njawab pertanyaane awake dhewe. Aja plak plek sak penake dhewe-dhewe! Endi barang-barang sing mbok colong?” pitakone karo nyedhaki aku.
  Lambeku gemeter ngemu getih, perih banget.
  “Kula sanes maling, Pak. Kula pados rongsokan mawon.” Ora kuwagang aku arep ngadeg apa maneh niat males tumindake nom-noman mau. 
  “Lho, sing ilang iki barang berharga.”
  “Saestu, kula mboten maling barang berharga gadhahe tiyang ngriki. Kula mboten maling.”
  “Maling nek ngaku, penjara mesthi kebak,” liyane nyela.
  Lambeku tansaya perih, nanging isih luwih perih nalika wong-wong iku tetep meksa yen aku iki saktemene maling. Perih atiku.
  “Nek ora ngaku ayo diseret ning ndalan!”
  “Diobong wae!”
  “Aja! Aja! Iki pelanggaran HAM. Ditakoni sing apik supaya enggal ngaku. Nek tetep ora ngaku, lagi diserahne polisi.”
  “Kenaken nek diserahne polisi. Gebugi wae sak matine!”
  Awakku dadi adhem panas. Kringet dleweran ning pipi, keprungu tembung polisi. Aku nyebut asmane Gusti. Dhuh, abote nasib sing kudu takpikul.
  “Hah, sawangen! Maling iku mulai pipis ning kathoke.”
  “Hu….!”
 Wong-wong padha ngguyu lan aku krasa banyu anget ndlewer ning selakangan. Bebarengan iku rengkek karo kranjangku digawa ning ngarepku bakal dibongkar kanggo nggoleki barang bukti.
“Ayo, Mbreg! Bongkar kowe dhewe!” prentahe sing nganggo peci.
Aku krengah-krengah tangi. Awak kesel, lambe njedhir ngemu getih lan selakangan anget saka pipis tak dadekna siji mbangun kekuwatan kenggo mbuktekna yen aku ora maling. Glangsing lan rengkek tak bukak lan isine takwuntahne. Aku njejer ngadeg wae lan nom-noman iku sing ngongkreh-ongkreh isine. Kardus, wesi rongsokan, aluminium, botol plastik, dipriksa siji-siji mbokmenawa sing digoleki ketemu. Nanging nganti seprene nom-noman iku ora nemokake sing digoleki. Nganti buku-buku bekas dibuwaki ning ngarepku pratandha yen sing digoleki ora ketemu. Tak klumpukna maneh buku-buku sejarah Indonesia, buku kumpulan lagu nasional, buku matematika lan liya-liyane.   Udakara rong jam nom-noman iku mung ngongkreh-ongkreh barang rongsokan sing kasil takklumpukake. Gardu Hansip kebak karo barang-barang bekas. Nom-noman iku mundur.
“Mboten wonten,Pak.” palapurane.
“Digoleki maneh,mbokmenawa nylempit ning tengahe buku-buku ning ngarepe kae!” prentahe.
Buku-buku sejarah lan liya-liyane kepeksa diorat-arit maneh. Dibukaki per lembar lan mripate nom-noman telu iku ora ucul saka saben lembare. Banjur kabeh padha gedheg.
“Tetep mboten wonten, Pak. Lajeng pripun niki?” pitakone karo wong sing nganggo peci.
Wong iku unjal ambegan landhung karo nyedhaki aku maneh.
“Ngene, Mbreg. Ana saksi mata sing ngerti yen kowe jelas nyolong mula saiki dudohna barang colongan mau lan kowe ora bakal takgawa menyang kantor polisi. Iki cara musyawarah penak.”
“Pak, kula mendheti barang-barang menika mboten nyolong. Wesi, kardus, buku-buku menika sampun mlebet bak sampah lajeng kula pendheti kula sade kilonan. Saestu, pak kula mboten nyolong. Mboten slamet nek kula nyolong!”
“Kowe tak kongkon ngaku wae kok angel temen. Pancen gak ana maling banjur ngaku. Sepisan maneh aku takon apik-apik,mbok dhelikna ning endi?”
“Kula mboten nyolong, Pak.”
“Apa wis mbok dol?”
“Kula sanes maling.”
“Nek ngono, sudah Gombreg gadaikan?”
“Saya bukan pengecut, saya bukan pengkhianat…!”
Plak! Lambeku mingkem, getih ndlewer. Perih banget. Wong sing nganggo peci ireng menthelengi aku maneh. Sirahku krasa mumet-mumet. Wetengku mulai protes.
“Mbreg,Gombreg! Wong-wong ning njaba sajak ora sabar maneh. Nek kowe bisa diajak rembugan apik-apik, saiki kesempatanmu. Nek wong-wong iku wis entek kesabarane, aku ora tanggung jawab maneh. Duduhna ning endi olehmu ndhelikake barang-barang colongan iku!”
Aku ora mangsuli, tangan kiwaku nyekeli weteng.
“Geneya karo wetengmu?”
Lambeku isih mingkem. Wong sing nganggo peci iku banjur mundur lan kandha karo wong-wong ning njabane gardu nek Gombreg wetenge lara. Sing siji usul supaya mantri kesehatan ditekakne kanggo mriksa kesehatanku. Usul disaguhi, lan ora let suwe mantri kesehatan sing isih nom mlebu. Sirahku tansaya mumet. Cetha banget yen aku saiki wis dadi barang dolanane wong-wong iku. Saliyane wis ndadekna aku minangka barang gak duwe aji, sajake Gombreg uga nampa kanugrahan liyane yaiku simbole wong goblok. Nom-noman iku wis ndadekna aku ora kaya manungsa maneh.
Sakdurunge mriksa mantri kesehatan njaluk supaya wong-wong sing ngupengi aku mundur. Hawa pengab lan panas malah bisa ndadekne aku semaput. Kandhane mantri dituruti. Gardu Hansip banjur kosong. Ngati-ati mantri kesehatan iku mlangkah ing ndhuwure wesi rongsokan,sajak kuwatir banget sikile kecubles kawat banjur dadi  tetanus. Nganggo stetoskop wetengku banjur dipriksa.
“Wis mangan apa durung?” pitakone.
Aku meneng wae ora bisa mangsuli. Wetengku tansaya perih.
Mantri mijet-mijet weteng sisih kiwa. Dheweke unjal ambegan landhung banjur metu nemoni wong sing nganggo peci.
“Pak Lurah, Gombreg luwe. Saene nek Njenengan badhe tanglet malih, wetenge Gombreg kedah wonten isine. Tiyang luwe mboten saged konsentrasi kalih penyidikan,” kandhane mantri kesehatan. Wong  nganggo peci sing sinebut Pak Lurah iku manthuk.
“Wo, tukokna sega pecel sabungkus!” prentahe karo nom-noman kaos putih.
Gardu Hansip isih kosong. Ora ana wong sing kumawani mlebu. Mripat-mripat iku isih betah menthelengi aku najan srengenge kaya ngobong sirah. Kayadene isih ngenteni lambeku menga banjur ngaku nek aku sing nyolong. Pak Lurah uga isih ning njaba ngenteni sega pecel sabungkus. Udakara limolas menit sega pecel teka banjur diuncalna ning ngarepku.
“Ndang dipangan!”
Kanthi tangan isih gemeter bungkusan sega pecel taksaut. Ora ana sing takpikir maneh kejaba wetengku enggal ana isine supaya ora nganti semaput. Lurah lan wong-wong liyane ora takgubris maneh. Semana uga nalika aku ngombe, pikiranku dadi blong. Wetengku wareg. Lali yen saiki aku dadi wong paukuman. Aku andep sapenakku dhewe.
“Wis siap, Mbreg?” takonane Lurah.
Aku manthuk. Lurah nyedhak lan wong-wong liyane uga nyedhak.
“Jujur wae, kowe ta sing nyolong? Ayo, nek ngaku ora bakal digebuki maneh!”
Durung nganti aku mangsuli watengku bali kumat maneh. Rasa mlilite malah luwih nemen diperes-peres kayadene arep tugel. Wong-wong njabane gardu dadi penasaran nyawang polahku banjur padha mbengok.
“Mbreg, aja kakehan alasan! Brengsek kowe! Ini bangsa yang besar, kowe uga kudu duwe jiwa besar. Nek salah ndang ngaku, ora plolat-plelet golek alasan thok. “
Aku ora mangsuli, tangan isih polah ngiwa nengen nyekeli weteng. Wong-wong tansaya ribut. Malah ana sing njupuk botol plastik lan disawatna aku. Luput. Tembok gardu dadi kotor. Lurah nyedhak nanging ndilalah wetengku sing ora kulina karo sambel pedhes mbuwak angin banter banget. Wong njabane gardu Hansip padha ngguyu, raine Lurah mbrambang.
“Maling edan!” pambengoke Lurah.
Wong-wong malah ngguyu Lurah sing krepotan nyumpeti irunge.
“Pak Lurah, nyuwun sewu, kula badhe mbebuwak,” kandhaku karo isih nyekeli weteng.
Lurah metu sedhela.
“Gombreg kebelet. WC ne sapa sing antuk dienggo?” pitakone Lurah marang wargane.
“WC kula mboten angsal Pak Lurah. Penyakite Gombreg nular.”
“Wah, WC kula sampun kebak Pak Lurah.”
“ Niku penghinaan pak Lurah.”
Wetengku bener-bener mlilit. Aku ora bisa ngempet maneh yen kebebasanku bener-bener dirampas. Wong-wong iku wis ora mung ndadekna aku minangka pesakitan, nanging barang rongsokan sing dadi guyonan. Tepa slira ,tatakrama, njunjung dhuwur mendhem jero wis ilang saka bangsa iki.  Bangsa sing adiluhung nyatane mung dadi slogan lan impen para sesepuh. Gardu Hansip iki dadi saksine. Aku ora beda karo kethek sing ditaleni lan disoraki. Najan tukang rongsokan aku uga manungsa. Aku ora kuwat maneh. Mula botol-botol plastik ning ngarepku tak sawatna wong-wong  sing isih ngguyu banter.
Plak! Sirahku ditempiling maneh.
“Kowe mung maling! Aja wani-wani mbales nyawati!”
Aku ora kapok, takjupuk maneh sandal jepit lan taksawatne sakuwatku.
Plak! Plak! Plak! Aku njerit. Sirahku bener-bener mumet. Kayadene wong mabuk aku gloyoran ngadeg cekelan tembok. Isine wetengku rasane wis tekan gulu, mungkug. Wuoooook! Ora bisa tak empet maneh aku wuntah. Sikile pak Lurah jibrat wuntahan, semana uga buku-buku sejarah  ning ngarepku. Kamangka buku-buku sejarah kuwi sing dipesen Dimin kanggo sinau.  Aku ambrug, semaput.@


Cathetan :
Nganggo jeneng Landung.
 
 ___________________________________________


Ibu

        IBU nyoba lungguh jejeg karo ndhelikna rasa larane. Aku ngerti yen carane ibu kaya mengkono mung salah sijine rasa ora kepenak karo anak-anake. Apamaneh karo bojoku ya mantune dhewe. Pasuryane ora sumunar kaya padatane, rambute nyemu abu-abu lan pakulitan garing njengkirut. Saben tindak, ibu mesthi golek cekelan kayadene kuwatir bakal rubuh.
        “Ibu kenek apa?” pitakone mantune  nalika ibu sempoyongan arep lungguh ning kursi.
        “Ahh, ora ngerti ndhuk. Dhek wingi sore sirahe ibu kayadene ana bandhule wesi gedhe abot banget. Saiki rasane muter-muter, sirah rasane kaya arep copot. Ibu kaya pingin muntah wae,” wangsulane.
        “Sampun priksa dokter?”
        “Mas Darso,” kandhane ibu. Bojoku nglirik aku. Iku mantri pukesmas sing omahe cedhak kreteg tinggalane Walanda. Bojoku mijeti gulune ibu.
        “Obat wis ape entek, nanging mumete sirah durung mari, gak ana bedane. Malah saya abot. Ahh….,” ibu ngrintih karo sumendhe ning kursi.
        Mangerteni ibu kaya mengkono saktemene aku kepingin srengen. Ibu bola-bali tak kandhani yen dhedhaharan kaya biasane kudune diganti, ora mathuk kanggone kesehatan sing umure kaya ibu. Nanging ibu tetep wae ora ngreken aturku. Jarene iku wis dadi kasenengane wiwit biyen nalika isih bebrayan karo bapak. Nanging sakwise bapak kapundhut tetep wae ibu ora ngowahi padatane.
        “Guluku rasane nggandhok banget, pijeti sisih mburi Ndhuk!” prentahe menyang bojoku. Tangane grayah-grayah golek cekelan. Mripate nolih ngiwa nengen kaya arep njejegake sing bakal rubuh saka awake.
        “Saiki kepriye kersane ibu?” pitakonku.
        “Jane ya ora apa-apa,mung mumete iki sing ora mari-mari.”
        “Mung mumet? Mumet iku tetep wae penyakit.”
        “Embuh obat apa sing diwenehne mantri Darso, kok mumet iki ora enggal mari. Aku njaluk ngombe dhisik!”
        Aku njupuk banyu sagelas. Ibu nyruput saithik. Ibu mesem .
        “Rada seger. Nek wis  kepenak aku terna mulih.”
        “Ibu gak usah mikir mulih ndhisik. Ibu isih lara, mengko nek ning omah kijenan banjur sapa sing arep mbiyantu ibu?”
        “Hmm,ora usah kuwatir! Ana Parti mburine omah sing saben dina nyambangi ibu.”
        Aku lan bojoku banjur meneng. Ibu semendhe ning kursi lan katone liyep-liyep ngantuk.
        “Ibu sare ning kamar ya?”
        “Ora usah ndhuk! Mengko selak kewengen,” wangsulane ibu karo gumregah ngadeg.
        Sidane aku ngeterne ibu mulih wektu iku uga. Wis suwe anggonku ngajak supaya ibu gelem melu aku. Nanging kekarepane ibu sing ora bakal ngrepoti anak-anake tetep wae ndadekne ibu manggon ning omah dara kepeg lore dalan, sijine omah modhel kuna sing isih ngadeg nganti saiki. Jarene ibu omah iku ora bakal ditinggalne, saliyane minangka pakurmatan karo bapak omah iku wujude tresna sing wiwit dibangun mbiyen. Kahanan omah dara kepeg iku uga ora bakal diowahi, mung kala-kala ngepasi arep riyaya ibu ngongkon Darto supaya nglabur gedhege. Yen tak kandhani usuk lan reng saka kayu-kayu jati iku wis pantes diganti, ibu tetep ngotot yen kahanane isih kuwat. Iku saka kayu jati pilihan, kandhane maneh banjur ngojahi aku yen mbangun omah kudune milih materiale sing apik, tetep nganggo petungan jawa madhep lan wektu ngedegaku.Ibu njaluk aku supaya bisa mandhiri. Aku manthuk-manthuk wae, ora wani mbantah ibu. Yen ibu ngepasi kojah kaya mengkono banjur aku nyrambul ngomong ibu mesthi duka. Ibu banjur meneng lan ora nerusne omong.
        Ibu nate kandha yen omah iku ora bakal diwenehne sapa-sapa. Luwih becik anak-anake bisa mbangun omah dhewe-dhewe lan ora njagakne warisan omah dara kepeg iku. Yen arep nggawe modhel kepriye wae jarene ibu ora bakal pekewuh, ora kudu kaya dara kepeg tinggalane. Nom-noman saiki duwe kasenengan karo modhel-modhel sing anyar. Apamaneh yen ana gandane modhel saka njaban rangkah ora dipikir kaping pindho kabeh banjur ditampa. Yen ora melu kaya mengkono jarene keri karo obahe ndonya. Dara kepeg iku mung omah kuna lan ora cocog kanggo modhel saiki. Omah kudune dibangun adhedhasar tresna kekarone, kandhane maneh. Ibu pancen tentrem banget manggon ing omah sing dibangun karo bapak.
        Sakwise bapak kapundhut ana wae bagean saka omah iku sing ora krumat. Gentenge siji mbaka siji pecah lan gawe banyu udan mlebu tanpa pepalang. Nanging mangerteni kaya mengkono ibu tetep wae meneng sajak ora kepingin ngowahi. Ya mung ngarepake riyaya wingi gedheg ngarep dilabur nganggo gamping lan saka ratan katon sumunar putih. Karepku, ibu pancen ora perlu maneh ndandani omah. Ibu melu aku lan sakabehe kabutuhane urip dadi tanggungjawabku. Nanging ibu ora kepingin ninggalne omah, ibu ora kepingin ninggalne tandha tresnane karo bapak. Banget gedhene tresna sing dibangun lan kukuh nganti seprene. Najan ibu nandhang lara tetep wae manggon ing omah iku. Banjur sing uncla unclu ngalor ngidul ngurusi sapa maneh saliyane aku. Mbak Har ya wis lunga adoh melu sing lanang.
        “Aja mbok kojahi yen melu anak iku luwih kepenak!” kandhane ibu nalika sore.
        “Ora perkara kuwi. Nanging aku mesakna yen ibu kudu kijenan ning omah iki. Yen ibu melu aku, Aldi uga bakal seneng amarga simbahe bisa ngajak guyon saben dina. “
        “Urip ijen iku ora medeni. Aku wis siap nampa kahanan kaya ngene iki. Kowe wis gedhe duwe tanggung jawab mengarep sing luwih abot. Aja mbok peksa pemikiranmu bali karo kahanan sing mesthine mbok tinggal.”
        “Ibu, tegese aku bakal dicandra minangka anak sing ora duwe tanggungjawab karo wong tuwa.”
        “Ora. Aku ya ora kepingin diarani wong tuwa sing bakal nyusahne anak.”
        “Ibu…..”
        Banjur ibu kukuh karo pamikirane. Najan ibu lara tetep wae ora kepingin melu anake.  Umpama darah tinggine kumat kaya mau banjur ana Darminto bocah umur rolas taun mancal sepedhane ngabari kahanane ibu kaya mengkono. Nanging nganti seprene ibu ora gelem yen priksa ning dokter. Jarene mung mumet lan ora mbebayani. Sedhela maneh bakal mari, aku mung kurang turu, kandhane karo mlaku kalem-kalem. Ing omah sing paling ditresnani iku, ibu banjur lungguh kursi ing teras. Sesawangan sore nalika srengenge katutup godhong-godhong pelem lan angin katiga ngobah-obahake, wewayangan sing tumiba ning plataran sajak ngawe-awe. Aku kandha yen hawa panas ngene iki ora apik kanggo kesehatan, ibu meksa yen dheweke wis kulina. Mula aku banjur ngalah ngrumangsani yen wong saya tuwa saya egois klebu ibuku dhewe. Aku banjur takon, apa mumet sirahe ibu wis kepenak.
        “Ora apa-apa, iki mumet biasa. Tak kira ora perlu ning dokter utawa mantri puskesmas, sedhela maneh mari dhewe. Ya mung kurang turu. Ora apa-apa ta nek  ibu ngalem karo mantune?” takone karo mesem.
        “Yuli ya ora kabotan kok ,Bu.”
        “Saiki wis sore, omahmu adoh saka kene. Ibu matur nuwun wis mbok terne, suk nek mumete wis bener-benr mari, ibu bakal guyonan karo Aldi maneh lan mulihe ora usah mbokterna. Ibu bakal mulih dhewe.”
        “Yen ibu kepingin guyon karo Aldi, ibu gak usah mrana dhewe. Aku bakal mrene marani ibu.”
        “Ya,ora apa-apa. Saiki wis sore. Aldi ngenteni bapake.”
        Aku banjur pamit mulih nalika srengenge durung angslup. Hawa garing lan awu mabur-mabur, keterak kendharaan banjur nemplek ning godhong-godhong. Sesawangan sing ana mung werna putih awu, kaya uripe ibuku sing kukuh bakal kijenan. Ibuku wis nandhang lara. Urip kijenan ora perlu kanca najan anake. Yen ana Parti tegese iku mung kanca nalika ibu mbutuhake kaperluane sing ora bia ditindakne dhewe. Ibu wis cukup kulina ngadehepi asin orane urip kanthi kesabaran sing dituwuhne dhewe. Nalika isih bebrayan karo bapak kesabarane ibu ora ana tandinge. Iku uga diakoni karo tangga kiwa tengene omah. Banjur nalika ibu ngalem karo Yuli aku ya ngrumangsani yen kangene karo mbak Har wis nggunung banget.
Nanging nganti seprene kabar ngenani mbak Har ora ana teka. Layang pungkasan sing ditampa ngabarake yen dheweke ing Kalimantan Tengah ngayahi tugas perusahaan. Nanging nganti seprene ora ana layang sing teka maneh. Telpune ya ora bisa dihubungi. Mula yen ibu kangen karo mbak Har, Yuli bojoku sing bakal ngganteni. Aku ngerti kangene ibu gedhe banget. Nalika ibu gawe keputusan yen ora bakal melu aku, iku sing ora bisa tak tampa. Ngendikane ibu iku minangka ujud tresnane karo bapak lan ora bakal ninggalna omahe bisa tak tampa. Nanging nalika ibu nandang gerah najan mung mumet iku sing dadi pamikiranku.
“Ibu mesthine dipriksana dokter. Dadi penyakite bisa diweruhi lan ora mung sambat,” bojoku nalika sore kandha.
“Ibu ora gelem. Nyatane ya mung mumet thok!”
“Sampean iki piye? Mumet iku mung tandhane wae. Apa sampean ora keprungu kepriye sambate ibu yen sirahe kaya ana bandhule wesi. Tegese iku kudu digawa ning dokter, ora mung cukup ning puskesmas. Malah ibu kandha yen arep ning nggone dhukun pijet. Walah…!”
“Yuli, ibu wis kulina ngadhepi kahanan kaya mengkono. Ibu paling luwih ngerti apa sing dibutuhne.”
“Ya. Nanging yen ana kedadean sing ora dinyana-nyana banjur sampean ora tumindak apa-apa, rumangsa salah mesthi ning mburi Mas.”
“Yul, umpama ibu gelem ning omah kene,aku bisa ngramut saben dina lan ngawasi kesehatane. Ibu isih kuwat urip ijen. Ibu ora bia dipeksa kaya kekarepanmu. Ibu wis kulina karo kesabarane. Rasa tresnane karo bapak ora kepingin kecampuran karo tresna awake dhewe. Ibu kepingin urip ijen saperlu njaga tresnane.”
“Banjur sampean uga sarujuk yen ibu saben wengi kudu kasepen?”
Aku meneng. Lagi sepisan iki Yuli wani ngomong kaya mengkono. Aku banjur padudon ngenani kahanane ibu. Nganti wengi pungkasane Yuli nangis ngguguk njaluk sepura wis wani karo aku. Kandhane iku mung ujud saka tresnane karo ibu. Yuli ora kepingin nyawang ibu urip kijenan lan kasepen ing antarane sisa-sisa rasa tresna saka bapak.
Pirang-pirang dina mumete ibu ora dadi rembugan maneh. Nalika ibu geguyonan karo Aldi ya ora sambat mumete kumat. Nanging saben ibu arep jumangkah aku bisa nyawang yen mripat abange sajak nyimpen rasa lara. Ibu katon ndhelikne lan ora dikandhakne aku. Uga nalika ibu kandha yen kangene karo mbak Har saktemene wis nggunung, banjur ngalem karo Yuli, aku bisa ngrasakne yen ibu saktemene lara. Nanging ibu tetep wae kepingin anak-anake bungah ora keganggu karo dheweke.  Mula yen ibu banjur asring guyon karo Aldi tegese ibu pancen lara banget.
Aku ngerti ing yuswane sing sepuh iki ibu ora pingin ngrepoti anake. Apamaneh aku karo Yuli lagi omah-omah udakara patang taunan, isih enom lan wis duwe momongan Aldi. Aku karo Yuli antarane langit lan bumi. Yuli lair saka kaluwarga sarwa kecukupan sawetara aku mung kaluwarga buruh. Yen tresna iki banjur lumaku nganti saiki iku amerga nekate Yuli nabrak kekarepane wong tuwane. Jurang jero ing uripku dadi masalah sing abot banget. Aku mung buruh pabrik lan Yuli kulina karo urip cara kulawargane. Saben blanja Yuli ora gelem ning pasar tradisional apamaneh pasar krempyeng. Supermarket senajan kudu numpak bis bakal ditekat. Bayaran sesasi mung antuk klambi siji. Aku menggeh-menggeh ngetut lakune urip kaya Yuli. Durung pungkas anggonku mikir kahanan iki, ibu kandha yen lara mumete saya ndadi.
Kahanan iki uga sing asring ndadekna aku karo Yuli padudon.
“Ora masalah pelit, Yul. Nanging kebutuhan saiki kudu ditata karo manajemen sing apik.”
“Lho,Mas. Nek sampean ngomong manajemen sing apik,aku uga duwe manajemen wektu sing apik. Pira ta regane kompor gas? Jaman saiki mbutuhake wektu ringkes, cepet. Nek ora ngono bakal ketinggalan jaman,” suwarane Yuli ngganyang aku.
“Pancen ora salah. Nanging kanggo apa yen durung pati butuh. Kompor minyak iku ya isih apik.”
“Huh,mental buruh. “
“Aku pancen mung buruh.”
“Tuku sing murah malah manajemene bubrah. Iki pemborosan. “
        Ngono iku saben dina sing keprungu. Yen ora perkara urusan pawon, Yuli asring nabrak aku karo teori sing diajarne wong tuwane. Tamtune teori wong sugih sing cara uripe ora tau metu ing impenku. Aku lan Yuli mubeng-mubeng golek teori lan praktek sing pas karo kasunyatan urip. Nanging nganti seprene sejarah urip sing takgawa ora bakal tinemu karo cara mikire Yuli. Banjur Yuli ndhangakne sirahe nyawang aku.
“Aku njaluk sepura sing gedhe, Mas. Bener-bener aku ora ngerti. Karepku.…aku bener-bener salah. Pangapuramu,Mas! Pemahamanku ora cukup kanggo nampa kenyataan kaya ngene iki, sepurane.”
Aku unjal ambegan landhung, mesem lan praupan sumringah takduduhake. Aku wong lanang sing ora nangisan, ndheprok mung ngadhepi perkara cilik kaya ngene iki. Aku wong lanang sing kukuh lan dhewasa. Ora bakal ngundhat-undhat senajan katresnan iki tetep lumaku amerga nekate Yuli nabrak tatanan kulawargane. Lan katresnan buruh pabrik iki wis ngasilake Aldi.
“Banjur kepriye saiki?” pitakonku.
“Kepriye maneh? Aldi butuh klambi,mosok riyaya ngarep iki ora ganti. Apa sampean ora isin mengko ketemu karo dulur misanane klambine tetep kuwi-kuwi wae? “
“Yuli, kerepku ngenani kahanane ibu?”
“Enggal digawa ning dokter! Nek gak ngono ibu gak enggal waras. “
“Menyang dokter? Mengko sik ta.”
“Ya, ampunn….. iki perkara nyawa. Mbok anggep aku iki apa yen ora bisa ngramut ibu? Aku bisa kadakwa mantu ora duwe tata krama yen ngebene wae kahanane ibu nandang lara.”
Aku dheleg-dheleg, percuma atiku takkukuh-kukuhne. Yuli bener, kesarasane ibu kudu enggal dicandhak. Takpeksa yen ibu saktemene mbutuhne dokter, dudu dhukun pijet.
Jam lima sore ibu takterne ning dokter numpak becak. Sakwise stetoskop ditemplekne ning lengene ibu, dokter gedheg-gedheg.
“Pripun,Dok?” pitakonku.
“Tekanan darahnya dua ratus tiga puluh”
“Hhhaaa!” aku kaget.
“Saya beri pengantar, ibu Anda harus opname.”
Aku ndomblong. Sawetara iku ibu ndhingluk ndhelikne pasuryane sing pucet.
“Mmmm…..napa mboten wonten cara lintune, Dok? Umpaminipun obat jalan mawon,” takonku.
“Resikone gedhe banget, yen ibu nganti tiba. Aku ora bisa njamin kesarasane ibumu yen sampean meksa ora opname,” kandhane doker.
Nalika bali, ana  becak ibu nangis.
“Ora usah opname, Le. Ibu ora apa-apa, mumet iki wis biasa. Mengko nek ibu tekan omah arep turu dhisik lan mangan timun karo ngombe obat saka Puskesmas, bakal mari dhewe. Dhuwitmu klumpukna kanggo tuku omah najan cilik ora apa-apa. Aja suwe-suwe nek kontrak omah! Aja kuwatir, ibu mesthi waras. Ibu iki wis tuwa, Le. Ikhlas umpamane katimbalan dening Gusti….!”
Aku pengin mbengok kaya bledheg. “Oraaaa! Oraaa……!” Nanging dina iki aku bener-bener ora duwe dhuwit. Aku banjur meneng wae karo ndhingluk nyawang dalan aspal.Tekan omah Yuli mapag tekaku.
“Kepriye…….?”
Aku ora mangsuli. Ibu taktuntun mudhun saka becak. Yuli wis nganggo klambi apik saperlu ngajak Aldi ning toko tuku klambi. Ibu tak lungguhna ning kursi.
“Bapak, ayo tumbas klambi kalo pelmen ning toko!” Aldi anakku nggandholi clanaku. Aku meneng wae.
“Bapakkk…..! Ayo tumbas klambi! Hu…hu….hu….!” pungkasane srengenge cilikku nangis glimpungan ning tekel.
“Nak, ora mung kowe sing pengin nangis glimpungan kaya ngono iku. Umpama bapakmu isih pantes tumindak kaya ngono, bapak uga bakal tumindak    luwih seru,” suwara penjeriting atiku. @                   

                               -----------------------------------------------------------------

      
on

Tidak ada komentar:

Posting Komentar