Selasa, 07 Oktober 2014

Kelas Luar Biasa

sastra-bojonegoro.blogspot.com
KELAS LUAR BIASA

 NGENALAKE PROFESI PENULIS
KALEBU PENGARANG SASTRA JAWA


Saka udakara cacah 200 (rong atus) siswa, kaseleksi kanthi alami sumisa 50 (seket) nganti 70 (pitung puluh)-an siswa kang tumemen sinau nulis lan profesi penulis! Iki wis kinira dening panitiya.

Pancen para siswa kelas 7 SMP ing tlatah Baureno Bjonegoro iku, sing baku, dikenalake dhisik marang babagan profesi penulis. Sing pancen wis duwe minat lan bakat bakal setya nganti panutuping acara.


Mangkono kang kedaden ing dina Sabtu 27 September 2014 wiwit jam 13 (siji awan) nganti udakara jam 16 (papat sore) ing aula SMP Negeri 1 Baureno Kabupaten Bojonegoro. 


Dina iku dianakake “Kelas Luar Biasa” kanthi tema “Mengenal Profesi Penulis”. Katumindake dening panitiya bebarengan antaraning SMPN 1 Baureno, Sammin (Sanggar Membaca Menulis Indonesia), Sindikat Baca, lan Penerbit dbuku.


Profesi Penulis iku salah sijining alternatif ing antaraning sakehing profesi. Ora mung pakaryan dadi dhokter, insinyur, polisi, pengusaha, guru, akuntan, lan liya-liyane sing wis binaku ing pikiraning masyarakat thok sing bisa menehi panguripan.


Profesi penulis utawa pangripta uga bisa dadi sumbering sandhang lan pangan. Luwih saka iku bisa dadi saluraning idhealisme ing urip kanggo nyiarake samubarang kang mulya lan apik kanggo lestarining ndonya saisine utamane panguripane manungsa.


Para siswa apik yen mangerteni ananing profesi siji iki. Akehing siswa sing takon bab iki sadurunging, ateges pancen babagan iki durung lumrah ing masyarakat kita. Mula para siswa binagi wawasan bab profesi iki uga carane bisa dadi penulis lan saora-orane bisa nulis, sing satemene kabisan iki bias diduweni lan dilakoni dening sapa wae kanthi sregep nglakoni lan gladhen.


Kanggo mbagi kawruh bab profesi penulis iku, papat penulis saka telung lembaga panitiya mbagi pengalaman lan motivasi kanggo para siswa. Para penulis iku yaiku Set Wahedi saka Medura lan Diana AV Sasa saka Magetan makili penerbit dbuku. Banjur Herry Abdi Gusti saka Baureno Bojonegoro makili Sammin. Uga Mohamad Tohir saka Bojonegoro makili Sindikat Baca.


Set Wahedi kang ngripta buku kumpulan cerpen “Kepala Yang Hilang” kang lagi wae metu saka percetakan, mbagi pengalaman wiwit cilikane seneng maca-nulis. Pakaryane kapisan kanggo golek sandhang pangan yaiku minangka cleaning service. Jalaran sening maca-nulis, kanthi dodolan tulisan, Set Wahedi kasil mbandhani kuliahe lan saiki kelakon nggayuh gelar S2 saka Fakultas Ilmu Budaya UGM (Universitas Gajah Mada) Yogyakarta, bacutane S1 Bahasa dan Sastra Indonesia ing Unesa (Universitas Negeri Surabaya).


Dene Diana AV Sasa uga alumnus Unesa kanthi perjuwangane wigati marang buku lan bocah-bocah kasil nglakokake perpustakaan dbuku lan malah uga dadi penerbit dbuku kang kasil nerbitake sauntaraning buku kalebu bukune Set mau. Kajaba iku Sasa uga penulis sauntaraning buku. Karya-karyane Sasa lan Set iku, uga asring muncul ing koran-koran nasional lan lokal.


Herry Abdi Gusti sawijining pengarang sastra Jawa kang sregep nulis geguritan, antarane kerep pinacak ing kalawarti kinasih kita Jaya Baya. Kajaba iku Abdi Dalem Kraton Kasultanan Ngayogyakarta iki uga pamong praja minangka carik ing Desa Sraturejo Kecamatan Baureno Kabupaten Bojonegoro. Sakwise maca geguritan, Herry nyurung siswa sregep migunakake basa Jawa kanthi ngulinakake maca lan nulis kalebu ing babagan sastra, geguritan, cerkak, novel lan sawernaning karya.


Pengarang pungkasan yaiku Mohamad Tohir kang crita-critane pinacak ing Koran Jawa Pos Radar Bojonegoro. Uga ngendhalekake penerbitan Buletin Atas Angin ing komunitase Sindikat Baca. Tohir nyurung para siswa sregep maca akeh buku, kang ora bisa pinisah karo laku nulis.


Kajaba para penulis iku uga ana panggurit Gampang Prawoto kang maca geguritan uga nembang suluk wayang, mbagi wawasan lan ngenalake Sanggar Membaca Menulis Indonesia kang dadi komunitase ing Bojonegoro kanggo nyurung para warga utamane generasi mudha ing laku becik kanthi nulis.
Uga ana Shinta saka Sindikat Baca kang mungkasi acara kanthi ngajak para siswa nyanyi bareng kang nuwuhake rasa endah ing wayah remaja! Mekaring kembang mudha pancen endah kudu kaisi kagiyatan apik contone nulis.
Shinta kang penyiar radhio Surya Bojonegoro lan penyanyi Orkes Keroncong Baru ngganepi penegasan para penulis mau sakwise acara takon jinawab antaraning para penulis lan para siswa. Siswa sing bisa njawab kanthi bener entuk bebana buku, Majalah Infovet lan piagam penghargaan saka panitiya.
Salah sijining pitakon dilayangake dening Herry Abdi Gusti kang takon, “Ana pirang aksara ing aksara Jawa?” Akeh siswa sing mangsuli keliru, 16 lan liya-liyane. Sing bener njawab ana siji siswa yaitu ana 20 aksara Jawa. Saka ha nganti nga!


Wulan ngarep rencanane panitiya ana maneh Kelas Luar Biasa iki kanthi tema gladhen nulis kanggo para siswa. Acara kang binuka dening Ketua Panitia Emi Sudarwati kang guru SMPN 1 Baureno sinusul sambutan Wakil Kepala Sekolah Kasturi iku pancen sinambut kanthi rame lan kebak pengin weruhing para siswa.


Para siswa kang setya nganti pungkasaning acara mestine wulan ngarep bakal melu maneh. Jalaran, para siswa pinilih iki pancen rata-rata redhaksi majalah sekolah SMPN 1 Baureno kang dibimbing dening Bu Guru Emi, yaiku Majalah Bhakti.


Dijarwakake dening Wakasek Kasturi, acara kang disponsori dening Agrina, Auto2000, Infovet, Purnama Video Shooting, Rumah Belajar Genius lan Toko Buku Nusantara iki pancen cocok karo kurikulum pendhidhikan sing dienggo wayah iki, yaiku Kurikuum 2013.



Tidak ada komentar:

Posting Komentar