Kamis, 23 September 2010

Gurit: Herry Abdi Gusti (1)

Herry  Abdi  Gusti









A                                                                                                                                                        


Herry Abdi Gusti :
DALAN  SIDHATAN

yagene  keraya-raya  lapa
ing  jurang  cerung  kahanan
rebut  dhucung  tanpa guna
kabenthus-benthus  gubras  ludira

ing  kene  ana  dalan  sidhatan
sapa  bisa mbabar  patembayan
aweh  sithik  bakal  kacuthik
asok  akeh  ngundhuh  pikoleh

sayekti  mung  madhep  pilihan
sapa  waskitha  ing  pamawas
bakal  ndulu  kahanan  bener
suthik  nggepok  tumindak  dudu

wewaler  nora  bakal  tumama
nyata  kabeh  padha  dhegsiya
aku  lan  kowe  siji  badhene
nggayuh kamulyan  apa  kapracondhang ?



# bojonegoro_2010
------------------------------------------------------------




Herry Abdi Gusti   :
ARAK-ARAKAN  RERUPAN

gurung  kang  luwih  dawa  tinimbang  lurung
rerasan  rinasa  panjang  katandhing  dalan
arak-arakan  liwat  mripat  mbabar  kanyatan
praupan  jembar ciyut  mbranang  rongeh
kalingan  surem  ing  riwe  drodosan
siji  mbaka  satunggal  mirong  kampuh
sapecak rong pecak  malangkadhak
pamer  katiyasan  umuk  kasudibyan
ira  sapa,   ingsun sapa   ???
sadumuk  bathuk  pecah  dadya  unthuk  

ndlidir  pacak  baris  rerupan  sadina-dina  :
abang  ireng  ijo  kuning  biru  maya
wungu terong abu-abu manda-manda
candhala  dhegsiya  culika  dora mentala
dur  ing  angkara

sauntara  suwalike  ana  rupa  gumlethak  :
lembah  sareh  sumarah  pasrah
legawa  rila  samadya  tan  ngaya
setya  tuhu  ing  sumitra
suradira  sinatriya

# bojonegoro_2010
----------------------------------------------------------



Herry Abdi Gusti   :
KADANG-KADANGKU  PADHA  TUMENGA

dinane  iki  daksawang  kanthi  premana
saka  kadohan  malah  dene  cedhakan
tan  beda  ing  sakawit  panyangka
jer  wus  katiti  mangkene  kasunyatan
kadang-kadangku  padha  tumenga
:
ana  kang  tumenga  mandhuwur
utawa  ndhangak  yen  lumrahe
nyawang  langit  kumelap  katon  cedhak
kaya  kuwawa  nggayuh  tanpa  kangelan
daya-daya  kasembadan  wosing  kekarepan
lintang  lan  rembulan  karayuk  sakukuban
:
ana  kang  tumenga  manengen
utawa  kagiwang  arane
maruk  kuwasa  arta  lan  wanita
prabawa  rinasa  gampang  tumeka
ora  saka  luhuring  pakarti  lan  dharma
urip  kudune  eling  marang  sasama
:
ana  kang  tumenga  mangiwa
utawa  keblinger  jenenge
ora  madhep  mring  kang  agawe  luwih
mangan tirakat  kanthi  kahanan murwat 
tan nggape wanci kudune sumuyud
mring kang darbe sakabehe kamulyan
:
ana kang tumenga mangisor
utawa tumungkul  yen mesthine
ora nggetuni tumindak kang nalisir
nanging pangece marang sangisore
ngiwi-iwi  patrap pamer dadi lumrah
ngungal dhadha nilap  tepa slira





            # bojonegoro_
------------------------------------------------------------



Herry Abdi Gusti   :
TAPAKTAPAK

tapaktapak sikil salumahing wedhi lan krikil
ninggal tilas manekawarna minangka paseksen
abangirenge wewatakan sajembare ndonya
bebasan umur jagung  mung sakleplasan
tapaktapak  musna kasempyok ombak samodra            
wusana mung dadi crita….





            # bojonegoro_
-----------------------------------------------------------



Herry Abdi Gusti   :
GENDERA
nalika teka mangsakalane
gendera enggal-enggal dakkibarake
kumlebet  ing pucuke mega-mega
ana rasa mongkog jroning dhadha
nanging,  ahh…………
yagene codhot-codhot kuwi
padha lelewa bebuwang tanpa duga

kedadak ana mendhung tanpa sangkan
batinku surak mawurah :  horee..!  horee..!
nggegadhang mendhung bisaa dadi udan
kanggo ngresiki genderaku kang jibrat kotoran
nanging,  ahh………….
jebul malah luntur warnane
mblawus lencu guwayane

Bojanegara,  1917 Caka.
 ---------------------------------------------------------



Herry Abdi Gusti   :
PATANG TATARAN
Mukminuun………
mring kang maha kuwasa
sumuyud ngabekti tulusing ati
linambaran kapercayan jati
tan ana liya kang luwih maha

Tattaquun………
ati kang tumata rila legawa
madhep manteb pasrah sumarah
tangan nadhah nyadhong swarga
panthering donga sadhengah wayah

Muhsinuun………
mbagusi urip srana pakarti luhur
sumbut klawan ucap tutur
nengenake tumindak aweh tuladha
nora ngumbar swara ngudal ukara

Mukhlishuun………
bawera jroning dhadha tan ana ngresula
ngulungna luwih utama katimbang ngathong
jer kabeh panduwe mung titipan saderma
manungsa lair kanthi kahanan kothong


@J’negoro-2010

----------------------------------------------------------




Herry Abdi Gusti   :
ARUMING KEMBANG-KEMBANG RINONCE

ibere manuk gagak nyenggol pang semboja
gawe gogrog kembang putih nyebar wewangi
ing lemah bang siji mbaka siji tumiba…..

banjur ana tangan alus kang sumadya
ngluru kembang-kembang pating blasah
rinonce dawa kanthi benang sutra…..

aruming  kembang-kembang rinonce
endah ngrenggani janggane ibu pratiwi
ngambar-ambar  saindhenge  nuswantara…..
                                 
@Bojonegoro’98



       n






Tidak ada komentar:

Posting Komentar