Jumat, 07 Oktober 2011

KALEIDOSKOP (2)

LELAYU














Herwanto
 Anggone ajar nulis wiwit ing bangku SMP. Karya arupa crita bocah  ana kurang luwihe  75  judul, kapacak ing majalah Mentari. Ning emane  ora ka dokumentasiake kanti apik.
 Sajroning limang tahun kepungkur , Dheweke aktif  nulis nganggo basa jawa. Bukune sing wis terbit. Antologi Cerkak  Blangkon lan  Tunggak Jarak Mrajak, sarta  antologi Geguritan  Bojonegoro ing Gurit, kang diterbitake  dening Sanggar Sastra (PSJB) Pamarsudi Sastra Jawi Bojonegoro . Antologi tunggal crita cekak, Pulo Asu terbit bareng karo  Novel  bocah  Kopral.
Nafas padesan minangka seting tulisan-tulisane Herwanto. , awit Herwanto sabendinane urip ing desa , kurang luwihe 10 km saka  kutha Bojonegoro.  Wiwit gabung PSJB, Dheweke  aktif  sarasehan, seminar basa Jawa antarane dadi peserta ing Kongres Basa Jawa kaping IV ing Semarang..Alamate  Desa Growok, Dander, Bojonegoro.

Sugeng Sowan Ngarsane Gusti, Mas Her.

Purba wasesa sakehing dumadi ana astane Gusti kang akarya jagad saisine, manungsa tan kuwawa andungkap kang siningit.

Maneh-maneh jagading kasusastran Jawa, tininggal pelakune. Mapag tengah taun 2011, Kadang kinasih Herwanto, Sekretaris Sanggar Sastra Pamarsudi Sastra Jawi Bojonegoro (PSJB) dina Sabtu parak esuk (kira-kira) tnggal 7 Mei 2011 tinimbalan marak ing ngarsane Gusti tanpa gerah lan piweling apa-apa.
Kamangka seminggu sadurunge, dina Sabtu 30 April 2011 lagi, kaparingkade langsung dening pangarsane Rancage, bapak bae nampa pangaji aji Rancage ana auditorium UIN Bandung Ajib Rosidi.
Sedane kadang Herwanto gawe kagete sanak sedulure lan mitra karuhe, marga sasuwene iki dheweke ora nate sambat lara, katon sehat lan gumbira. Herwanto, pengarang kang uga pamong desa (Kaur Pembangunan) Desa Growok, Kecamatan Dander, Bojonegoro iki, anggone lelumban ing jagading sastra Jawa klebu durung suwe.
Kawitane dheweke nulis basa Indonesia, spesialisasi crita bocah lan remaja., wiwit isih sekolah ing SMA Bojonegoro. Wis ana 80 judhul crita bocah lan remaja,  mung eman siji bae dheweke ora duwe dokumentasi, kejaba potongan wesel. Tulisane akeh dimuuat ing majalah Mentari, Kuncung, Kuncup lan liya-liyane.


 Lagi ing taun 1997 dheweke sregep nulis nganggo basa Jawa sawise mlebu  PSJB,  lan banjur kadhapuk dadi Sekretaris PSJB. Karya cerkake basa Jawa kang kaimpun ing buku Pulo Asu ngemot 17 cerkak,  diterbitake PSJB antuk pangaji-aji Rancage taun 2011 iki. Bebarengan karo bukune Pulo Asu, uga terbit novel remaja basa Indonesia kanthi judhul Kopral. Buku sadurunge awujud antologi bareng anggota PSJB, kumpulan Crita Cekak Blangkon, Tunggak Jarak Mrajak lan kumpulan geguritan Bojonegoro Ing Gurit. Novel remaja basa Indonsia kang nengahi ditulis lan kandhane wis entuk separo kanthi judhul Anak Bajang, kandheg tengahe dalan.
Sedane kadang Herwanto nabet ing atine mitra karuh, amarga 6 sasi kapungkur, persise tanggal 7 Oktober 2010, garwa kinasih Yuliana (35) ndhisiki katimbalan Gusti rikala arep mbabarake. Ibu lan putra kinandhut ora ketulungan.  Tumrap penulis, uga nabet marga dina Jumat 6 Mei, dheweke isih wira-wiri ngurus pemberitahuan menyang Polsek lan Polres Bojonegoro, gegayutan karo penyerahan hadiah Lomba ngarang Cerkak sarta Pagelaran Wayang Krucil lan Wayang Tobos kanga arep digelar dina Minggu 8 Mei 2011.
 
Kenangan Mas Her K2 Bapak Ayip
Sapungkure garwane, Mas Her ana ndalem karo putrane, Aldi Hatta Nugraha (8 taun). Jumat esuk wira-wiri karo penulis, sore isih melu badminton kanthi kahanan kang sehat. Bengi sare karo putrane amarga pancen wis dalem dhewe. Esuk nalika putrane tangi, banjur nggugah bapake dihoyog-oyog kok meneng bae, malah diusapi banyu tetep ora tangi. Aldi metu karo nangis, kandha Mbahe yen Bapake digugah ora tangi. Bareng ditiliki, pranyata Mas Her wis katimbalan Gusti.
 

Firasat.
Senajan tansah, gumbira saploke tininggal garwane Mas Her katon nglayung lan kandha yen garwane tansah kumanthil ing pangangen. Salah sijine guritane kang pungkasan, dadi tandha setya asihe sarta kangene marang garwa. kaya kacetha iki ( tanpa judhul)

Dakjinggleng gambar-gambar ing album
Nyuntak rasa wewayangan kumlebat
Edi endah milangoni
Mikukuh nunggal jiwa
Tan winates

Bu apa bener urip iku
Lan mangkono pitakon nguleng
Kayadene tetembungan sangisore jati garing
Nanging kahanan banjur kumecap
Bakal bali sakabehe
Najan gorehing ati, miyak mangsa

Bu saben wektu
Dakenteni ganda arum syurgamu
Kanggoku.

Kajaba iku dheweke asring crita prakara kematian. Malah salah siji crita cekake ing buku Pulo Asu, mawa judhul Dalan Tumuju Kuburan. Tumrap novele kang lagi ditulis, Anak Bajang dheweke kandha “Tokohe suk takpatekake”. Ora ngira yen tokoh sing dikarepake mau penulise dhewe. Malah nalika Harry Nugraha nggarap piagam kanggo Panitia lan peserta Lomba, dheweke kandha bareng ngerti jenenge katulis  “Ru (pakulinan kanca-kanca ngundang Hary Nugraha) aku ora usah digawekake piagam, ora ana gunane. “ Maneh-maneh isih karo Harry Nugraha, nalika bubar saka Bandung nampa Rancage, dheweke menyang omahku, ing ndalan ngajak mangan “ Ru ayo mangan dhisik ana warung Talok, suk-suk wis ora mangan maneh ana kana.”
Ora ngira, yen apa sing diucapake Mas Her, pranyata sawijining firasat. Sugeng tindak Mas Her, muga-muga panyuwunmu kinabulake Gusti, kekanthen karo garwa lan putra kang kinandhut. (J.F.X. Hoery )    on

Tidak ada komentar:

Posting Komentar