Selasa, 04 Juni 2013

Gampang Prawoto "puser bumi" Antologi Geguritan







sastra-bojonegoro :
"puser bumi" Antologi Geguritan   Masgampang Prawoto 
Tintingan: Bonari Nabonenar 
Antologi Geguritan

Masgampang Prawoto



puser bumi
tintingan: Bonari Nabonenar

gunggung kaca: xvi + 108

penerbit: Azzagrafika
isbn: 978-602-777-715-6


 reginipun: Rp25.000
...
ongkos kirim: Rp15.000
menawi ngresakaken ngaturi sesambetan lumantar: 08155143443 - 081335262371





Puser Bumi: Kasetyan marang Gurulagu

Nalika Mas Gampang Prawoto kirim layang setrum amrih aku bisa melu maca kumpulan geguritane sadurunge kababar dadi buku, takkira manawa aku mung kudu urun panemu (yen duwe) amrih bukune mengko dadi luwih nges. Mula sawise maca sakeplasan aku banjur mbaleni kanthi menehi tandha ing tembung-tembung kang manut pangiraku kurang trep utawa ngusulake milih tembung sejene, amarga tembung-tembung ing sawijining guritan ora mung dipilih merga tegese, nanging uga amarga tetimbangan seje. Nanging, sawise cathetan isi usulan telu apa papat ngono takkirimake, Mas Gampang malah nyuwun ”komentar”. Takkira yen cukup saukara apa rong ukara kang padatane dipacak sajroning buku (endorsment) ngana kae. Tibake, Mas Gampang kepengin ana cathetan rada dawa kaya kang nate kapacak ing buku guritane Mas Yusuf Susilo Hartono, Ombak Wengi. Tundhone, ya rada gedandapan! Sagaduk-gadukku iki takgawe palapuran saka olehku ambal-ambalan maca isine Puser Bumi iki. Yen ana wong sewu maca buku iki, mesthi bisa dadi sewu cathetan kang beda-beda. Muga-muga ana kang banjur ndadekake tulisan kang bisa kapacak ing ariwarti/kalawarti apadene ing kacamaya. Yen cathetanku banjur kapacak ing kene, ora amarga iki cathetan kang paling apik, nanging mung amarga saka wus guletku karo Mas Gampang Prawoto.


(1)
Mas Gampang Prawoto kerep maca geguritane, ing desa, ing kutha, malah uga wis tekan negara liya. Kanyatan iku bisa kanggo salah sawenehe pancadan kanggo miyaki geguritane kang banjur dibukokake iki kanthi sangu pangira: bakal nemokake luwih akeh (yen ora kabeh) guritan kang nengenake dhong-dhing (-ing) suwara, musikalitas, lan kang kanthi enggal bisa ditampa lan diwerdeni dening kang padha nyekseni nalika diwacakake ing ”panggung” (dening penggurite utawa wong liyane). Mula, gurit kang mangkono iku ing donyane Sastra Indonesia sinebut puisi panggung, kanggo mbedakake karo puisi (guritan) kamar.
Guritan kang sajak luwih mathuk diwaca ing panggung, contone: Ana Ambune Ora Ana Rupane, Panembrama, Banjire Wis Surut, S u m i l a h, Gurit Swarna Dwipa, dene kang sajak kurang pas di-panggung-ake contone: Wader Kalen Jenang Sela, Wisik Merapi, Lesus, Pepesthi, Perkutut, Ngelak, Mung Siji. Iku mung contone. Nanging, yen mung awewaton kasetyane penggurit marang guru lagu ing saben guritan, kaya-kaya (meh)  kabehisine Puser Bumi iki bisa dadi apik yen di-panggung-ake. Nanging, dhong-dhing (efek musikalitas) kang kaya-kaya mung diwenehi papan kadidene guru lagu (dhong-dhinge suwara ing pungkasane larik) bisa ndadekake ’ilat’ kesrimpet utawa kesandhung-sandhung.
Kajaba dhong-dhing kang manjila, guritan kang banget mathuk di-panggung-ake padatane ora aweh papan jembar marang tembung apadene ukara-ukara rinengga mawa sanepan, pralambang, wangsalan, lan sapiturute, kajaba kang wus banget populer ing bebrayan. ”Guritan panggung” mrayogakake tembung lan ukara-ukara kang luwih ”thok-ngel”, blak kotang. Guritan Ana Ambune Ora Ana Rupane kawiwitan kanthi larik kang top banget lamon dipanggung-ake: //Aku turun anglingdarma/satriya binathara kinasih dewa// --nanging guritan iki kebak ukara-ukara pasemon, pralambang kanggo nggambarake saweneh tlatah (Bojonegoro = Bumi Anglingdarma) kang sugih SDA (sumber daya alam): lenga patra, marmer, gas bumi: //kalamun bisa gegerku bakal dakbur/dakdadekake sumur/dakilekake klawan pipa-pipa otot waja/ kang senajan ora rumit banget bakal mrelokake atur ater-ater (pengantar) yen arep di-panggung-ake, luwih-luwih ing satengahe ”para rawuh” kang durung banget wanuh marang Bojonegoro.

(2)
Puser Bumi ngemot guritan cacah 71 kanthi maneka warna underan prakara (tema) kang diguritake, saka saka tresna-asmara, politik, ekonomi, panguripane wong karang padesan apadene wong kutha gedhe. Ana guritan kang rinipta kanthi njawil saweneh paraga: Hery Lamongan –sapepadhane penggurit (Prampang),  Adhiku Agus (Candhikala Isuk), KY (GuritKembang Jati).
Ginurit kanthi njawil paraga Hery Lamongan (sapepadhaning pengurit) gurit Prampang sipate mung aweh pawarta, ora ngajak wawanrembug, ora melingake apa-apa kanthi walaka. Beda karo Gurit Kembang Jati kang ’kaaturake’ marang KY (= Kang Yoto, Bupati Bojonegoro nalikane guritan iki karipta?) isine wujud piweling utawa saemper ’pitutur’ kanggo paraga kang lagi nyekel bang-bang pangalum-auming praja (Kabupaten Bojonegoro). Dene Candhikala Isuk mujudake tembang kingkin/sedhih (serenade), awit kelangan sedulur enom (adhi) kang banget ditresnani, kang luwih dhisik tinimbalan dening Gusti Kang Murbeng Gesang.
Pinangka sapepadhaning penggurit, geneya Hery Lamongan dijawil ing guritan Prampang kang wantah ngemot pawarta tanpa ngajak rembugan, upamane kanthi ngungalake ukara pitakon, utawa nawakake panemu, utawa meling apa ta apa ngono? Geneya Hery Lamongan pinangka sapepadhaning penggurit ora dijawil ing guritan Rembulan, kang ngemot larik-larik mengkene iki (?):

apa penggurit kudu pati geni
apa amung nunggu kang aran pesthi
apa kanthi lumahing asta lan memuji
Kanugrahaning Gusti Kang Maha Suci

Muga-muga ana ing seje wektu mengko ana kang tlaten nggoleki wangsulane pitakon iku.
Guritan ngarep dhewe, Kleting Abang, sajak dijarag amrih sing maca nggoleki dhewe sesambungan antarane ”Kleting Abang” (salah sijine paraga ing lakon (crita rakyat) Andhe-Andhe Lumut karo ”Indonesia kang adil makmur….”
Kleting Abang digambarake mengkene:

Mekaring kembang ing tamansari
endah sulistya ing warni
mangambar amrik wangi
akeh tangan jahil melik methik slirane

Lho, geneya kok Kleting Abang? Kamangka ing antarane Kleting Abang, Kleting Ijo, Kleting Biru, Kleting Kuning, rak kang sinebut pungkasan iku kang ing lakon asline dadi protagonis? Iku pitakon kang thukul, lan mesthi wae babarpisan ora ngluputake nalare guritan. Malahan, yen manut-miturut crita asline sawutuhe, bisa dipitakonake, ”Banjur apa sing ditawakake dening guritan iki?” Mulane, pitakon, ”Geneya kok Kleting Abang?” kae mau sawantah mung kanggo ngabarake manawa penggurit sajak njarag amrih guritane dadi sangsaya rumit.
Pitakon sabanjure, ”Padha-padha milih kang dudu Kleting Kuning (protagonis) geneya padha-padha antagonis-e kok ora Kleting Ijo utawa Kleting Biru? Rong larik pungkasan ing Kleting Abang:  /titi mangsa wanci tumiba mring slira/Indonesia bakal adil makmur lan sentosa// --mbokmanawa bisa aweh dalan kanggo mangsuli pitakon-pitakon mau.

(3)
Geguritan kang kaimpun ing buku iki ngabarake anane cakrik basa (Jawa) kang mbokmanawa bisa diarani tus utawa khas penggurite. Puser Bumi kaya dadi papan ketemune tembung-tembung khas, mbokmanawa saka dielek kang lumrah kango ing bebrayan papane penggurite (nrecik, sethepe, nderuwes, ngawar, ribi-ribi, nyingklo, muges, nerek) lan tembung-tembung kang wis ora pati populer ing pacaturan padinan sarta tetembungan (kang isih) populer kang kapethik saka karya sastra warisane para rumuhun utawa kang wus dadi basa pinathok (bagaskara, ingwang, ewuh aya ing pambudi, wader kalen –saka ”wader kali”, nglurug tanpa bala, menang tanpa ngasorake, eka marang sawiji, satriya piningit, nut ing jaman kelakone).
Puser Bumi uga ngandhut tembung-tembung anyar katon kang digeret saka wewengkon kabudayan seje (fenomena, tivi, dolar, euro, nafsu birahi, liberal kolonial, bagi asil, pornografi, pornoaksi, investor asing).  
Ngrakit geguritan kanthi rerangken tembung-tembung lawas, tembung-tembung padinan, lan tembung-tembung ’silihan’ anyar cetha dudu pakaryan entheng. Untunge, ing Puser Bumi, ketemune maneka jinis tembung kuwi mau ora pati nuwuhake horeg kang ngrubuhake wewangunan gurit sawutuhe, senajan sok ana kalane krasa rada nyrimpet utawa nyandhungi. Sepisan maneh, iki bab rasa-pangrasa saka maca mung pirang ambalan ngono, awit ora ana wektu kang luwih omber nganti titi tibaning wektu kudu dadine atur iki. Tur maneh, seje kang maca mesthine ya seje maneh komentar-e.
Akeh penggurit kang ’kepleset’ gedhene nganti ’kejlungup’ ing babagan pamilihing tembung (diksi), keladuk ngebaki guritan-guritane kanthi tembung-tembung kang wus ora populer ing pasrawungan padinan, kepara saiki malah wus ora (pati) kanggo, kajaba nalika ana kang ngidungake karya sastra/guritan gagrag lawas (tembang) saka riptane para rumuhun: Wulangreh, Wedhatama, utawa basa pakeliran (wayang) candraning nagara, candraning wanodya, lan sapiturute. Tembung ’srengenge’ (kang lumrah digunakake ing bebrayan saiki) kudune ora luwih puitis tinimbang baskara, bagaskara, sang hyang arka, mengkono uga kosokbaline. Endi kang luwih prayoga dipilih dening penggurit, gumantung konteks lan keperluane. Bisa dipilih bagaskara, upamane, amrih bisa ’ketemu’ karo tembung bagas waras kang digunakake (ing larik) sadurunge. Kudu ana wigatine, aja nganti ngrumpaka basa (niyat gawe geguritan) kanthi sangu wewaton manawa: sangsaya ’kawi’, sangsaya ’sanskrit’, iki sangsaya ’sastra’!
Matrape telung jinis tembung: (1) tembung kang wis arang kagunakake ing pacaturan padinan, (2) tembung padinan, lan (3) tembung anyar silihan saka tlatah kabudayan seje iku sajake kaya-kaya wis pancen kudu mangkono ngelingi greget, semangat, lan jiwa-ne Puser Bumi kang bisa kaaturake kanthi: ”prihatin manoni (kabudayan) Jawa kang sangsaya kagiles dening globalisasi: //geneya/kokjabel basaku/basa kang kebak piwulang luhur/suba-sita, tatakrama /lan tepa-slira//, apadene rasa prihatin kang (bisa) mrenthul dadi sengit marang: … kancil liberal kolonial kang ngajak bagi asil//.
Sinawang saka pandhapuking tembung-tembung ing saben guritane, cetha yen Mas Gampang Prawoto wis yasa papan mligi pinangka jejering pangripta guritan ing donyaning Sastra Jawa Gagrag Anyar. [Bonari Nabonenar


12 komentar:

  1. WE Grant Hard dhuwit silihan

    We ngawèhaké hard dhuwit silihan lan saben jinis liya saka silihan, karo tingkat kapentingan kiro-kiro saka 3% - 5%. We ngawèhaké metu silihan Bangsa Wide, kiro-kiro saka 1,000.00 nganti 100 yuta USD / kilogram / ​​EURO. We mbiayai 100% lan karo LTV saka 75% -85% ing situs disualekno.

    We offer jinis ing ngisor iki Hard Artha Loans:

    Hard Artha Loan; Baris kredit,
    Komersial Hard Artha Loans
    Pribadi Hard Artha Loans
    Business Hard Artha Loans
    Investasi Hard Artha Loans
    Pangembangan Hard Artha Loans
    Disualekno-Loans Peralatan Leasing
    Wiwit-wiwitan Loans Commercial Property Loans
    Persediaan Loans Unsecured Borrowing
    Konstruksi silihan
    Akun Receivable Loans garis kredit
    Fostering Warehouse Financing
    machinery Loans
    Pasangan Capital Loans Flooring Lines
    Tetanèn Loans, International Loans
    Tuku Urutan Financing: Sakbenere ANY TYPE BUSINESS silihan
    E.T.C. ..

    Yen kasengsem hubungi kita liwat email; fredlenders01@gmail.com

    regards
    Pak Fred Finns

    BalasHapus
  2. kudu etangan tingkat kurang kapentingan
    .................................................................................................................................................................................................................................................................
    Hello

    Aku Mr. Galvin, a lender silihan pribadi sing menehi disilihaké ing kapentingan tarif saka 2
    %, Aku kurban kanggo silihan individu lan perusahaan utawa kelompok wong sing
    sing musna mudhun. Iku kesempatan financial ing Panjenengan langkah lawang
    dina lan njaluk tampilan cepet kredit ana.

    Ana akeh kesempatan pendanaan lan nulung ing kabèh aspèk lan
    isih ngetang. Nanging kesempatan financial ing doorstep,
    lan mangsa garing teka menyang mburi, lan ora bisa kantun iki unik
    kesempatan. Kowe kudu pitulungan financial? Kowe kudu silihan kanggo
    nggedhekake bisnis? Kowe kudu silihan kanggo miwiti bisnis ing gedhe
    ukuran? Sampeyan kudu silihan sing bisa ngganti gesang panjenengan lan saiki
    status financial? Kowé kudu silihan Lowongan kanggo sijine iku
    ing Panggonan tengen? Banjur katon ora luwih, amarga silihan iku ngimpi
    lawang langkah iki.

    Layanan sing diwenehake kanggo individu, bisnis
    lan wong bisnis. Jumlah kredit kasedhiya ing sawetara saka $
    1,000.00 kanggo US $ 500,000,000.00 utawa pilihan aku menehi metu silihan kanggo
    project, bisnis, pajak, tagihan, lan akeh liyane alasan, etangan kita
    gampang lan * censored * kanggo informasi sing luwih hubungi kita dening email
    : Internationalpropertyloan@gmail.com

    REQUEST FOR silihan
    ================================
    Name: ...................
    Jeneng liya: ..................
    Contact Address: .................
    Negara: ...................
    Umur: ..........................
    Jinis: ....................
    Phone Number: ..............
    Status: .................
    Pendhudhukan: ...............
    posisi: .................
    income saben wulan: ..............
    Jumlah silihan: .................
    Maksud kanggo etangan: ...............
    duration: ....................
    Sampeyan kudu Applied kanggo silihan sadurunge: ............
    ngerti Inggris: .................

    Sawetara pitakonan Dijawab (Pitakonan Paling Sering) We have a prasaja
    mbentuk kanggo sampeyan isi kanggo aplikasi kanggo silihan. isi metu lan ngirim
    kanggo kula. Aplikasi kalebu topik ing ngisor iki. * Wewenang *
    Nyilih kredit information1.

    Apa tarif kapentingan? Tarif kapentingan gumantung ing project.
    Tingkat punika kapentingan saben wulan mung kapentingan tarif 2% taunan kebayar.
    2. Bakal kredit sandi Matter? ora
    3. Where kowe déné silihan? Kita déné silihan World
    4. Suwene ora njupuk kanggo mbiayai? Sawise ngajokake silihan
    aplikasi, sampeyan bisa nyana jawaban pambuka kurang saka 24 jam
    lan pendanaan ing 72-96 jam sawisé nampa informasi kita kudu
    saka sampeyan.
    5. Apa bakal pembayaran kawula? Kang bakal diitung kanggo sampeyan lan
    dikirim menyang sampeyan ing jadwal mbayar maneh alongwith istilah silihan.
    We are looking nerusake kanggo hubungan bisnis kuwat karo sampeyan.
    Sincerely,

    BalasHapus
  3. BEWARE OF LOAN SCAMS ONLINE. Are you seeking for a legitimate and trusted Finance/Lender? Beware of many lender from West Africa, Singapore and India. I am Williams Burke, a British Citizen currently residing in Bulgaria; am 52 years of age. I want to use this medium to inform everyone here about my encounter with a reliable/trusted loan lender. I have been scammed by other fake lenders and was hopeless and didn't know who to trust, until I contacted DAVID HERLEY FINANCE HOME loated in USA and they did carried out their promises by putting a great smile on my face at my greatest surprise by sending me the loan that I did applied for. Anyone of you that have also been a victim of scam, you should bother no more because, I have bring you good news and the only lender you can trust here is DAVID HERLEY FINANCE HOME, just contact them now via email: { loans@dherleyfinancehome.net } or Tel: +13213231809 & Skype: dherleyfinance for more information on how to get a loan from them.

    BalasHapus
  4. Hello everyone, My name is Mr. Clancy kene Dexter nyuwil MY GANTI LIFE FOR FAMILY ON CARA duwe KREDIT silihan Terjangkau sing bakal ngganti gesang panjenengan ing salawas-lawase Alok Kesaksian Natal rawuh. Aku manggon ing Florida lan aku wong wadon seneng ing Amerika Serikat dina? Aku nyuwil-nyuwil kulawarga urip lan sembarang silihan sing ngganti, aku bisa ngrujuk marang wong seeking silihan karo wong-wong mau marang dhewe. Padha kudu miwiti kabeh urip kula lan maringi rasa seneng kanggo kulawarga i $ 250,000.00 bantuan karo iki jujur lan Gusti Allah wedi nggawe silihan perusahaan US kredit minangka sawijining randa anak telu ngomong online $ 250,000.00 ana ing mbetahaken dolar silihan, lagi nemen kredit biso dipercoyo Allah Nggarap perusahaan, wong wedi. Yen sampeyan ana ing perlu kredit lan hubungi langsung lan Menengah Clency ngomong sing diarani please ora 100% manawa kanggo mbayar maneh silihan. Hubungi liwat Email: theresawalkerloanfirm@gmail.com

    BalasHapus
  5. Aja duwe Sembarang tagihan ora dibayar? Apa sampeyan ing utang? Sampeyan perlu ngeset bisnis? Wis ditulak déning bank? Aja duwe kredit ala? Iki kanggo ngandhani que la Thomas Firm Credit Menehi 2% tingkat etangan nawakake Tanpa Sembarang emas tambahan Sembarang istilah, silihan utang, sukan ibukutha, silihan bisnis, silihan pendidikan lan silihan ngarep karo istilah kanggo 25 taun panyusutan siji item karo kamungkinan, gumantung ing paket kredit. We nyedhiyani saka 10,000 900.000.000 ing itungan Sembarang. Kita uga kurban instrument financial BG / SBLC (MT 103, MT 799, MT760) kanggo Finance project, uga penambahan kredit. Interested wong shoulds nulis langsung kanggo kothak mlebu kanggo respon cepet. email; markanthonysramos@gmail.com

    BalasHapus
  6. We are ing awak financial ndhuwur, kita menehi metu etangan kanggo individu kabeh ndonya, sampeyan ing wayahe ngalami financial ing Kapabilitas? Kowe kudu silihan? Aja sing pengin kanggo netepake ing dhewe, yen jawaban iku ya ing ndhuwur sampeyan mung langkah adoh saka ngatasi sing Hitches financial?

    We menehi metu sopo pribadi lan bisnis silihan lan organisasi, layanan iki bisa babagan liwat wektu tartamtu wektu kiro-kiro antarane wektu tartamtu lan limang taun karo kapentingan tarif maksimum 3%.

    Kindly hubungi email ing ngisor iki kanggo yen kasengsem.

    freedomfinance231@gmail.com

    Panjenengan Sincerely,
    Glyn Jones.

    BalasHapus
  7. We are ing awak financial ndhuwur, kita menehi metu etangan kanggo individu kabeh ndonya, sampeyan ing wayahe ngalami financial ing Kapabilitas? Kowe kudu silihan? Aja sing pengin kanggo netepake ing dhewe, yen jawaban iku ya ing ndhuwur sampeyan mung langkah adoh saka ngatasi sing Hitches financial?

    We menehi metu sopo pribadi lan bisnis silihan lan organisasi, layanan iki bisa babagan liwat wektu tartamtu wektu kiro-kiro antarane wektu tartamtu lan limang taun karo kapentingan tarif maksimum 3%.

    Kindly hubungi email ing ngisor iki kanggo yen kasengsem.

    freedomfinance231@gmail.com

    Panjenengan Sincerely,
    Glyn Jones.

    BalasHapus
  8. We are ing awak financial ndhuwur, kita menehi metu etangan kanggo individu kabeh ndonya, sampeyan ing wayahe ngalami financial ing Kapabilitas? Kowe kudu silihan? Aja sing pengin kanggo netepake ing dhewe, yen jawaban iku ya ing ndhuwur sampeyan mung langkah adoh saka ngatasi sing Hitches financial?

    We menehi metu sopo pribadi lan bisnis silihan lan organisasi, layanan iki bisa babagan liwat wektu tartamtu wektu kiro-kiro antarane wektu tartamtu lan limang taun karo kapentingan tarif maksimum 3%.

    Kindly hubungi email ing ngisor iki kanggo yen kasengsem.

    freedomfinance231@gmail.com

    Panjenengan Sincerely,
    Glyn Jones.

    BalasHapus
  9. We are ing awak financial ndhuwur, kita menehi metu etangan kanggo individu kabeh ndonya, sampeyan ing wayahe ngalami financial ing Kapabilitas? Kowe kudu silihan? Aja sing pengin kanggo netepake ing dhewe, yen jawaban iku ya ing ndhuwur sampeyan mung langkah adoh saka ngatasi sing Hitches financial?

    We menehi metu sopo pribadi lan bisnis silihan lan organisasi, layanan iki bisa babagan liwat wektu tartamtu wektu kiro-kiro antarane wektu tartamtu lan limang taun karo kapentingan tarif maksimum 3%.

    Kindly hubungi email ing ngisor iki kanggo yen kasengsem.

    freedomfinance231@gmail.com

    Panjenengan Sincerely,
    Glyn Jones.

    BalasHapus
  10. Are you seeking for a loan? We offer loan in the following areas
    * Home Loan
    * Investment Loan:
    * Auto Loan
    * Debt Consolidation
    * Line of credit
    * Second Mortgage
    * Acquisition of credit
    * Personal loan
    Contact me through my email at jeanharbourgonline@gmail.com

    BalasHapus
  11. Hello Pak / Mrs
    We offer silihan pribadi, etangan komersial lan pribadi karo tarif kapentingan taunan banget kurang kurang 3% ing setahun kanggo 30 periode taun mbayar maneh ngendi wae ing donya. We offer silihan kiro-kiro saka 1000 kanggo sembarang jumlah sing nyuwun kanggo, hubungi kita dina Email; paydayloancompany9@gmail.com

    BalasHapus
  12. Hello Mr / Mrs
    We offer private loans, commercial and personal loan with a very low annual interest rates as low as 3% in one year to 30 years repayment period anywhere in the world. We offer loans ranging from 1000 to any amount you request for, contact us today Email; paydayloancompany9@gmail.com

    BalasHapus