sastra-bojonegoro :
"puser bumi" Antologi Geguritan Masgampang Prawoto
Tintingan: Bonari Nabonenar
Antologi Geguritan
Masgampang Prawoto
puser bumi
gunggung kaca: xvi + 108
penerbit: Azzagrafika
isbn: 978-602-777-715-6
reginipun: Rp25.000
...
ongkos kirim: Rp15.000
menawi ngresakaken ngaturi sesambetan lumantar: 08155143443 - 081335262371
Puser Bumi: Kasetyan marang
Gurulagu
Nalika Mas
Gampang Prawoto kirim layang setrum amrih aku bisa melu maca kumpulan
geguritane sadurunge kababar dadi buku, takkira manawa aku mung kudu urun
panemu (yen duwe) amrih bukune mengko dadi luwih nges. Mula sawise maca
sakeplasan aku banjur mbaleni kanthi menehi tandha ing tembung-tembung kang
manut pangiraku kurang trep utawa ngusulake milih tembung sejene, amarga
tembung-tembung ing sawijining guritan ora mung dipilih merga tegese, nanging
uga amarga tetimbangan seje. Nanging, sawise cathetan isi usulan telu apa papat
ngono takkirimake, Mas Gampang malah nyuwun ”komentar”. Takkira yen cukup
saukara apa rong ukara kang padatane dipacak sajroning buku (endorsment) ngana kae. Tibake, Mas Gampang kepengin ana
cathetan rada dawa kaya kang nate kapacak ing buku guritane Mas Yusuf Susilo
Hartono, Ombak Wengi. Tundhone,
ya rada gedandapan! Sagaduk-gadukku iki takgawe palapuran saka olehku
ambal-ambalan maca isine Puser
Bumi iki. Yen ana wong sewu
maca buku iki, mesthi bisa dadi sewu cathetan kang beda-beda. Muga-muga ana
kang banjur ndadekake tulisan kang bisa kapacak ing ariwarti/kalawarti apadene
ing kacamaya. Yen cathetanku banjur kapacak ing kene, ora amarga iki cathetan
kang paling apik, nanging mung amarga saka wus guletku karo Mas Gampang
Prawoto.
(1)
Mas Gampang
Prawoto kerep maca geguritane, ing desa, ing kutha, malah uga wis tekan negara
liya. Kanyatan iku bisa kanggo salah sawenehe pancadan kanggo miyaki geguritane
kang banjur dibukokake iki kanthi sangu pangira: bakal nemokake luwih akeh (yen
ora kabeh) guritan kang nengenake dhong-dhing (-ing) suwara, musikalitas, lan kang kanthi enggal bisa
ditampa lan diwerdeni dening kang padha nyekseni nalika diwacakake ing ”panggung” (dening penggurite utawa wong
liyane). Mula, gurit kang mangkono iku ing donyane Sastra Indonesia sinebut puisi panggung, kanggo mbedakake karo puisi (guritan) kamar.
Guritan kang
sajak luwih mathuk diwaca ing panggung, contone: Ana Ambune Ora Ana Rupane, Panembrama, Banjire Wis Surut, S u m i l a h,
Gurit Swarna Dwipa, dene kang sajak kurang pas di-panggung-ake contone: Wader Kalen Jenang Sela, Wisik Merapi,
Lesus, Pepesthi, Perkutut, Ngelak, Mung Siji. Iku mung contone. Nanging,
yen mung awewaton kasetyane penggurit marang guru lagu ing saben guritan,
kaya-kaya (meh) kabehisine Puser Bumi iki bisa dadi apik yen
di-panggung-ake. Nanging, dhong-dhing (efek musikalitas) kang kaya-kaya mung
diwenehi papan kadidene guru lagu (dhong-dhinge suwara ing pungkasane larik)
bisa ndadekake ’ilat’ kesrimpet utawa kesandhung-sandhung.
Kajaba
dhong-dhing kang manjila, guritan kang banget mathuk di-panggung-ake padatane
ora aweh papan jembar marang tembung apadene ukara-ukara rinengga mawa sanepan,
pralambang, wangsalan, lan sapiturute, kajaba kang wus banget populer ing
bebrayan. ”Guritan panggung” mrayogakake tembung lan ukara-ukara kang luwih
”thok-ngel”, blak kotang. Guritan Ana
Ambune Ora Ana Rupane kawiwitan kanthi larik kang top banget lamon
dipanggung-ake: //Aku turun
anglingdarma/satriya binathara kinasih dewa// --nanging guritan iki kebak
ukara-ukara pasemon, pralambang kanggo nggambarake saweneh tlatah (Bojonegoro =
Bumi Anglingdarma) kang sugih SDA (sumber daya alam): lenga patra, marmer, gas
bumi: //kalamun bisa gegerku bakal
dakbur/dakdadekake sumur/dakilekake klawan pipa-pipa otot waja/ kang senajan
ora rumit banget bakal mrelokake atur ater-ater (pengantar) yen arep
di-panggung-ake, luwih-luwih ing satengahe ”para rawuh” kang durung banget
wanuh marang Bojonegoro.
(2)
Puser Bumi ngemot guritan cacah 71 kanthi maneka warna underan prakara
(tema) kang diguritake, saka saka tresna-asmara, politik, ekonomi, panguripane
wong karang padesan apadene wong kutha gedhe. Ana guritan kang rinipta kanthi
njawil saweneh paraga: Hery Lamongan –sapepadhane penggurit (Prampang), Adhiku Agus (Candhikala Isuk), KY (GuritKembang
Jati).
Ginurit
kanthi njawil paraga Hery Lamongan (sapepadhaning pengurit) gurit Prampang
sipate mung aweh pawarta, ora ngajak wawanrembug, ora melingake apa-apa kanthi
walaka. Beda karo Gurit Kembang Jati kang ’kaaturake’ marang KY (= Kang Yoto,
Bupati Bojonegoro nalikane guritan iki karipta?) isine wujud piweling utawa
saemper ’pitutur’ kanggo paraga kang lagi nyekel bang-bang pangalum-auming
praja (Kabupaten Bojonegoro). Dene Candhikala
Isuk mujudake tembang kingkin/sedhih (serenade), awit kelangan sedulur enom
(adhi) kang banget ditresnani, kang luwih dhisik tinimbalan dening Gusti Kang
Murbeng Gesang.
Pinangka
sapepadhaning penggurit, geneya Hery Lamongan dijawil ing guritan Prampang kang wantah ngemot pawarta
tanpa ngajak rembugan, upamane kanthi ngungalake ukara pitakon, utawa nawakake
panemu, utawa meling apa ta apa ngono? Geneya Hery Lamongan pinangka
sapepadhaning penggurit ora dijawil ing guritan Rembulan, kang ngemot larik-larik mengkene iki (?):
apa
penggurit kudu pati geni
apa
amung nunggu kang aran pesthi
apa
kanthi lumahing asta lan memuji
Kanugrahaning
Gusti Kang Maha Suci
Muga-muga
ana ing seje wektu mengko ana kang tlaten nggoleki wangsulane pitakon iku.
Guritan
ngarep dhewe, Kleting Abang, sajak
dijarag amrih sing maca nggoleki dhewe sesambungan antarane ”Kleting Abang”
(salah sijine paraga ing lakon (crita rakyat) Andhe-Andhe Lumut karo ”Indonesia kang adil makmur….”
Kleting
Abang digambarake mengkene:
Mekaring
kembang ing tamansari
endah
sulistya ing warni
mangambar
amrik wangi
akeh
tangan jahil melik methik slirane
Lho, geneya
kok Kleting Abang? Kamangka ing antarane Kleting Abang, Kleting Ijo, Kleting
Biru, Kleting Kuning, rak kang sinebut pungkasan iku kang ing lakon asline dadi
protagonis? Iku pitakon kang thukul,
lan mesthi wae babarpisan ora ngluputake nalare guritan. Malahan, yen
manut-miturut crita asline sawutuhe, bisa dipitakonake, ”Banjur apa sing
ditawakake dening guritan iki?” Mulane, pitakon, ”Geneya kok Kleting Abang?”
kae mau sawantah mung kanggo ngabarake manawa penggurit sajak njarag amrih
guritane dadi sangsaya rumit.
Pitakon
sabanjure, ”Padha-padha milih kang dudu Kleting Kuning (protagonis) geneya padha-padha antagonis-e
kok ora Kleting Ijo utawa Kleting Biru? Rong larik pungkasan ing Kleting Abang: /titi mangsa wanci tumiba mring
slira/Indonesia bakal adil makmur lan sentosa// --mbokmanawa bisa aweh dalan
kanggo mangsuli pitakon-pitakon mau.
(3)
Geguritan
kang kaimpun ing buku iki ngabarake anane cakrik basa (Jawa) kang mbokmanawa
bisa diarani tus utawa khas penggurite. Puser
Bumi kaya dadi papan ketemune tembung-tembung khas, mbokmanawa saka dielek kang lumrah kango ing bebrayan
papane penggurite (nrecik, sethepe,
nderuwes, ngawar, ribi-ribi, nyingklo, muges, nerek) lan tembung-tembung
kang wis ora pati populer ing pacaturan padinan sarta tetembungan (kang isih)
populer kang kapethik saka karya sastra warisane para rumuhun utawa kang wus
dadi basa pinathok (bagaskara, ingwang,
ewuh aya ing pambudi, wader kalen –saka ”wader kali”, nglurug tanpa bala,
menang tanpa ngasorake, eka marang sawiji, satriya piningit, nut ing jaman
kelakone).
Puser Bumi uga ngandhut tembung-tembung
anyar katon kang digeret saka wewengkon kabudayan seje (fenomena, tivi, dolar, euro, nafsu birahi, liberal kolonial, bagi asil,
pornografi, pornoaksi, investor asing).
Ngrakit
geguritan kanthi rerangken tembung-tembung lawas, tembung-tembung padinan, lan
tembung-tembung ’silihan’ anyar cetha dudu pakaryan entheng. Untunge, ing Puser Bumi, ketemune maneka jinis
tembung kuwi mau ora pati nuwuhake horeg kang ngrubuhake wewangunan gurit
sawutuhe, senajan sok ana kalane krasa rada nyrimpet utawa nyandhungi. Sepisan
maneh, iki bab rasa-pangrasa saka maca mung pirang ambalan ngono, awit ora ana
wektu kang luwih omber nganti titi tibaning wektu kudu dadine atur iki. Tur
maneh, seje kang maca mesthine ya seje maneh komentar-e.
Akeh
penggurit kang ’kepleset’ gedhene nganti ’kejlungup’ ing babagan pamilihing
tembung (diksi), keladuk ngebaki
guritan-guritane kanthi tembung-tembung kang wus ora populer ing pasrawungan
padinan, kepara saiki malah wus ora (pati) kanggo, kajaba nalika ana kang
ngidungake karya sastra/guritan gagrag lawas (tembang) saka riptane para
rumuhun: Wulangreh, Wedhatama, utawa basa pakeliran (wayang)
candraning nagara, candraning wanodya, lan sapiturute. Tembung ’srengenge’
(kang lumrah digunakake ing bebrayan saiki) kudune ora luwih puitis tinimbang baskara, bagaskara, sang hyang arka, mengkono uga
kosokbaline. Endi kang luwih prayoga dipilih dening penggurit, gumantung konteks lan keperluane. Bisa dipilih bagaskara, upamane, amrih bisa ’ketemu’
karo tembung bagas waras kang
digunakake (ing larik) sadurunge. Kudu ana wigatine, aja nganti ngrumpaka basa
(niyat gawe geguritan) kanthi sangu wewaton manawa: sangsaya ’kawi’, sangsaya
’sanskrit’, iki sangsaya ’sastra’!
Matrape
telung jinis tembung: (1) tembung kang wis arang kagunakake ing pacaturan
padinan, (2) tembung padinan, lan (3) tembung anyar silihan saka tlatah
kabudayan seje iku sajake kaya-kaya wis pancen kudu mangkono ngelingi greget,
semangat, lan jiwa-ne Puser Bumi kang
bisa kaaturake kanthi: ”prihatin manoni (kabudayan) Jawa kang sangsaya kagiles
dening globalisasi: //geneya/kokjabel
basaku/basa kang kebak piwulang luhur/suba-sita, tatakrama /lan tepa-slira//,
apadene rasa prihatin kang (bisa) mrenthul dadi sengit marang: … kancil liberal kolonial kang ngajak bagi
asil//.
Sinawang saka pandhapuking tembung-tembung ing
saben guritane, cetha yen Mas Gampang Prawoto wis yasa papan mligi pinangka
jejering pangripta guritan ing donyaning Sastra Jawa Gagrag Anyar. [Bonari Nabonenar