Sabtu, 24 Maret 2012

CERKAK : Djajus Pete (4)

C e r k a k : Bedhug
Djajus Pete










  B e d h u g

               Bedhug masjidku swarane kepleg. Pangiraku, olehe kepleg kuwi merga klonthongane bedhug kurang gedhe. Garis tengahe klonthongan 70 sentimeter. dawane ora ana semeter.
Kelingan yen ing kuburan ana wit jati gedhe, aku banjur rerasan karo lurah Bakir. Wose setengah usul yen dianggep prayoga, apa jati gedhe ing kuburan iku kena dianggo ngganti bedhug? Lurah wangsulan yen arep ngrungok-ngrungokake luwih dhisik awit sing duwe jati iku masyarakat.
Yen masyarakat sarujuk lan takmir masjid mathuk, Lurah lagi arep nganakake musyawarah antarane LKMD, tokoh masyarakat, takmir masjid lan alim ulama.

Saka senengku duwe gagasan digatekake, gage tak kojahake marang lik merbot Khomad. Lik Khomad sing omahe cilik cedhak masjid iku paklikku cer, kepernah adhine ibuku. Wiwit taun 1960 lik Khomad enggone dadi merbot. Ayahane merbot, kejaba kuwajiban nabuh bedhug minangka tandha wancine sholat, uga reresik njeron masjid tekan sakupenge pekarangan, mbukak nutup masjid lan ngisi kolah.
Mesthine lik Merbot seneng duwe ponakan kaya aku sing gelem mikir kanggo apike bedhug. Nanging sajrone aku kojah ngethuprus, lik Merbot kaya ora butuh nyelani. Aku mung diingeti wae. Sarampunge kojahku, lik Merbot lagi kumecap," Ckk, ora usah diganti. Bedhug iku wis apik," wangsulane tanpa greget.
"Kepleg ngoten kok sae."
"Ckk, iku rak kupingmu sing ndleya."
Mangkel aku, malah kupingku sing diluputake. Ajaa ora sungkan, aku kepengin balik nudhuh nganggo nalar sing genah. Apa ora lik Merbot dhewe sing wis suda pangrungone? Nalare maton, patut saumpama wis suda krungon, awit kejaba umure wis 50 taun munggah, dhasare kulina brebegan bedhug kang ditabuh sasuwene dadi merbot 30 taun lawase.
Mangkel aku, kupingku waras-wiris dielokake ndleya. Nanging merga aku isih bisa ngurmati wong tuwa, mula tembungku isih bisa takgawe sareh.
"Sing mastani kepleg niku sanes kula dhewe, Lik. Kathah tiyang celak-celak mriki sing mastani ngoten."
"Wiwit madege masjid iki, bedhuge ya kuwi. Rung tau ganti. Yen bedhug kuwi ora apik, mesthine wis diselehake."
"Sampeyan wastani sae rak mergi sampeyan dhewe sing nabuh. Nggih banter ta, wong mireng sampeyan king celakan. Cobi sampeyan mirengke king tebihan. King kidul mriku mawonlah..., mboten sah tebih-tebih, mengke rak..." durung tutug rembugku lik Merbot terus nglungani, ninggal aku ijen ing buk regoling pekarangan masjid.
Lik Merbot nguripake mesin Sanyo, nyedhot banyu saka sumur diisekake meyang kolah. Mesin Sanyo iku tukon saka dhuwit bantuwane pemerintah. Masjidku antuk bantuwan dhuwit puluhan yuta engga gelare masjidku malih gedhe njenggarang. Jobin sing maune bata warasan, diganti tegel traso gilap, digelari karpet ijo. Serambine nggantheng dibangun tingkat. Khubah makuthane masjid saka semen kang kukuh, digempur, diganti khubah almunium gedhe mblendhuk.
Samubarange wis dibangun. Emane isih ana sing kesingsal, perkara bedhug cilik kang swarane kepleg kuwi. Geneya ora ana sing ada-ada ngajak ngganti bedhug gedhe kareben swarane ulem ngumandhang?
Karepku apik, urun pikiran, ngamal gagasan. Lha kok malah ditanggapi nylekit dening lik Merbot. Nanging lik Merbot ora mbantah ora nulak nalika katut diundang meusyawarah. Wangune lik Merbot wis bisa nggagapi yen kabeh bakal sarujuk bedhug diganti.
"Leresipun sampun dangu anggen kula kepengin nawaraken jatos menika kangge sarana tempat ibadah. Soal bagaimana bedhug menika dibikin, kula sumanggakaken dhateng pihak takmir masjid ingkang langkung mangertos. Biaya negor sampai mengeluarkan kayu dari kuburan saya tanggung," tembunge lurah Bakir sajak mongkog.
Gela atiku krungu tembunge Bakir kang ora jujur iku. Kudune Bakir pratela yen gagasan ngganti bedhug kuwi saka idheku. Idhe gagasanku malah dirampas tanpa rikuh pakewuh. Saka gelaku, aku kebacut wegah melu caturan.
Sekdes Dasiran sing keprungu semaut, kandha nyumbang seket ewu rupiyah kanggo ongkos tukang.
"Wacucalipun kula tanggel," semaute Haji Mas'ud pedhagang palawija.
"Alhamdulillah... Jaza kumullohu. Mugi amal panjenengan sedaya pikantuk piwales langkug kathah saking Pangeran," puji dongane Akmal Sholeh, ketua takmir masjid.
"Lajeng..., ingkang sae kadamel bedhug menika wacucal menapa pak Merbot?" pitakone Haji Mas'ud mengo menyang pernahe lik Merbot kang lungguh mencil ing larikan kursi mburi dhewe.
"Ah, kula menika namung sadermi nabuh."
"Ya aja njur ngono. Iki ngono musyawarah kanggo mufakat. Golek giliging rembug, gathuke panemu," tumanggape Akmal Sholeh.
"Kula kuwatos, badhe mungel wacucal anu menika sae, kadhung digega, mengke nyatanipun gek mboten sae. Ungelipun gek awon, gek mboten saged banter ngumandhang. Rak kula mengke ingkang dipun paido tiyang kathah," semambunge lik Merbot.
"Umumipun ingkang dipun damel bedhug menika wacucal lembu. Sae, ungelipun saged bening. Menawi saking wacucal maesa, awon, ungelipun sok kebluk," urun rembuge Anwar Ali, guru Agama SD sing dadi sekretaris takmir masjid.
"Bedhug ingkang wonten menika nggih saking wacucal lembu niku, nak Guru. Ning nyatanipun kok nggih kathah tiyang mriki ingkang mastani swantenipun kepleg," aloke lik Merbot.
"Jangan-jangan lulange gek kendhor niku. Saka nggonku kene ya blas gadhas ndhak jelas ki, swarane. Bleg, bleg, ngono. Kadhang krungu, kadhang ora," semaute lurah Bakir kang mimpin musyawarah ing pendhapaning omahe, wayah bubar Isya.
Dohe omahe lurah Bakir saka masjid watara 300 meter. Isih cedhak omahku saka masjid, kurang saka 200 meter. Merga omahku cedhak masjid, aku kerep ndeleng panggarape bedhug anyar kang digarap tukang ing ngiringan masjid.
Tukange loro. Siji nggarap klonthongan, sijine nggarap jlagrag tumpangane bedhug.
Putusaning musyawarah, bedhuge ora dipapanake gumandhul kaya bedhug lawas, nanging ditumpangake kaye sumelehe kendhang gamelan. Lulang sapi bakal raining bedhug sumbangane Haji Mas'ud wis cumepak.
Kuciwane panggarape bedhug kurang rancag awit tukange kerep ora menyang. Malah antarane lurah Bakir lan Anwar Ali kedadeyan kemreseg. Karepe Anwar Ali nembung sisa kayu arep dienggo sulam blandar payon kolah.
"Kok tekan blandar kolah barang. Itu kan tidak katut diprogram," wangsulane lurah Bakir ditirokake Anwar Ali marang aku.
"Blandar sepinten, wong mung alit mawon kok. Wit jatos semanten agengipun, mongsok sisanipun sampun mboten wonten. Tak takoni ngono ki, ndadak mak pendelik..., prempeng, nesu-nesu. Lho, bicaramu kok seperti ngoreksi saya. Aku dielokake ngono."
"Takonmu ngono, ya mak-cos! Wong sisane kayu sing keri ing kuburan wis embuh parane diangkut pedhagang kayu."
"Aku ki ra krungu maune. Karo isih prempal-prempul, njur kandha yen sisane kayu wis diedol atas musyawarah LKMD kanggo kebutuhan desa."
"Iku rak unine. Kepala SD-ku rak ya pengurus LKMD. Nyatane kok ya kresah-kresuh ora ngerti playune kayu," tembungku.
"Karepku ki rak mumpung isih ana tukang. Kena diselag ngganti blandar payon kolah sing dipangan rongos. Saiki tukange malah kerep lowok. Ning ya ora nyalahake tukange, wong olehe nukang iku kanggo ngingoni anak-bojone. Yen ana sing nganggokake baune, sing kene ya ditinggal."
Tukange sing suwe ora ngaton, ditemoni Akmal Sholeh lan lurah Bakir. Malah saka karepe Lurah, ditambah tukang ukir. Anane Bakir gedandapan nyengkakake tukang jalaran ana sambunge karo enggone mentas dipriksa Sospol lan Irwilkab. Pancen ana sing kirim surat kaleng marang Bupati, prakara sisa kayu kuburan seprapat kibig. Sing nyurat kaleng iku Kepala SD-ku. Ukarane disusun bareng karo aku ing tengah wengi.
Anwar Ali sing ora ngerti kenthang-kimpule, misuh-misuh ketiban awu anget. Kandha marang aku yen dheweke diambu-ambu Bakir. Dirasani sing akal-akal ngaleng mendhuwur. "Ngawur tenan. Kok njur digothak-gathukake karo enggone mentas kemreseg karo aku. Bakir rak mentas didhuni Sospol, dipriksa ing kantor kecamatan."
"O...,ya, ya, piye,piye...," panyelaku manthuk-manthuk kaya lagi krungu kasuse Bakir dipriksa.
"Jare wong kecamatan, Bakir ditekan supaya mbantu bisane bedhug iku enggal dadi."
"Lho, lho! Menggoke kok nyeklek menyang perkara bedhug, kasuse rak penggelapan kayu jati."
"Jare, merga bedhug ukuran raksasa, ngiras kena dipamerake Bupati sing arep Jum'atan kliling mrene."
Panggarape bedhug anyar disengkut, dilembur-lembur. Eling-eling asale saka idheku, mareming atiku ora kayaa weruh dadine bedhug. Garis tengahe 120 sentimeter. Dadi bedhug gedhe bregas. Klonthongan lan jlegrage diukir ngrawit, diplitur meleng-meleng. Wiwite arep digunakake, kanthi ngadhani tumpengan panggang buceng telung ambeng. Dikepung ing serambi masjid.Tumpengan diangkah rampung wayah tabuh Magrib kanthi nganyari swarane bedhug gedhe iku.
Bedhug anyar ditabuh Akmal Sholeh. Aku njomblak krungu swarane sing mleset saka pangangenku. Lurah Bakir uga katon mlenggong. Sawetara perangkat desa lan tokoh masyarakat kang diundang uga mlengok gumun.
"Weh, lha gene swarane. Bedhug gedhene sahohah kok ya nggedablug. Iki apane sing kurang sip. Padahal sesuk kuwi pak Bupati arep Jum'atan kliling mrene," guneme Bakir karo ndemak-ndemek bedhug gedhe.
"Napa angsale Jum'atan kliling pak Bupati niku kalih mriksani bedhug-bedhug ta, Pak?" ana swara nyangkal njalari polatane Bakir malih rengu.
Bakir nyawang mider menyang pernahe santri-santri enom kaya nggoleki asaling swara. Nanging Bakir ora bisa ndumuk sapa sing mentas clebung mengkono mau. Sateruse Bakir grenengan," Iki ing njero masjid lho. Yen guneman sing apik. Aja sengak-sengak. Dosa."
Saweneh pengurus takmir masjid ana sing banjur cluluk, supaya swarane luwih apik, njero klonthongan dipasang benthangan pir loro utawa telu kanggo getaran suara. Pire bisa digawe saka kawat biyasa, diluker-luker kaya pir. Saka anane gunem sing dianggep ngerti marang akal carane gawe bedhug, njalari Bakir adreng prentah marang Akmal Sholeh supaya bedhug iku dibongkar.
"Rumangsaku wis apik swarane," ujare Akmal Sholeh.
"Eh, apik piye. Gung marem. Apike dibongkar saiki wae. Ora nubyak-nubyak. Sempit wektune yen sesuk lagi dibenahi," wangsulane Bakir.
Akmal Sholeh sing kulina grudag-grudug karo Bakir wekasane manut. Patek kayu nyrangap kang maku ngencengi ubenge lulang dicabuti santri enom. Rai bedhug dicopot sasisih. Bakir cucul dhuwit kanggo tuku kawat menyang toko ngarep pasar.
Prakara oleh brekat, akeh sing terus mulih. Mengkono uga aku. Mula aku ora ngerti ing sateruse, dilembur tekan jam pira bedhug anyar kuwi. Sing tak rungu ing sabanjure, atiku kaget ngungun krungu kumandhange bedhug Subuh saka masjidku. Dhenge swara bedhug banter ngongang kuwawa nggeterake atiku. Sarandhuning awakku kaya mrinding. Swarane empuk , ulem kaya ndudut, kaya nggeret-nggeret atiku. Notolku kepengin mara ora kena tak candhet. Ora sabar aku metu kemulan sarung, tanpa srandhal.
Lurung dalanku peteng, jemek cemer mentas udan. Lakuku kepleset-pleset. Cenunukan. Mendhunge isih nggameng. Hawane atis kemrenyes. Lambeku cethathuken.
Masjid sepi.
Sikilku gembel blethok.
Aku ngadeg ing ngarep serambi masjid.
Weruh lik Merbot mentas wudu, aku aruh-aruh," Lik...,lik Merbot?"
Lik Merbot nyawang pernahku ngadeg. Epek-epeke ditungkuake ndhuwur mripate, sajak ulap kena sunaring lampu.
"Kula mireng swanten bedhug ulem ngumandhang, Lik. Swantene bedhug enggal ta niku wau?"
"Bedhug lawas sing tak tabuh."
"Ya Alloh...!" panguwuhku kaget. Bedhug anyar tak weruhi isih njegadhah ing ngisor kaya nalika diudhunake sore mau. Gedhe ngedhangkrang, mlompong tanpa rai. Raining bedhug kang dicopot sasisih durung dibenakake.
Sikilku gemeter.
Mripatku kekembeng.
Atiku nangis, nangisi awakku, nangisii uripku kang isih uncla-unclu ing umur 40 taun.
"Mlebua. Wisuhana sikilmu kang rusuh kuwi. Paklik melu bungah kuping atimu wis bolong. Kowe wis bisa sengsem marang swara bedhug," tembunge lik Merbot njalari atiku saya ngondhok-ondhok.
Ya Alloh, ya Robbi.
Mripatku saya kekembeng.
Eluhku ora kena takampet.
Aku menyang kolah karo ngeling-eling urutane wudu lan dongane wudu. Ana kopiyah nganggur cemanthel cagak. Lik Merbot ngulungake kopiyah iku marang aku. Jama'ah Subuh, lik Merbot sing ngimami. Makmume ora akeh, mung wong wolu.
(Bojonegoro,bl Romadhon,2010)

Cathetan :

a) Hadiah cerita untuk seluruh teman febuker, selamat menjalankan ibadah
    puasa Romadhon.
b) Cerita Bedhug, selain menjadi pemenang lomba penulisan crita cekak
    (cerpenJawa) yang diadakan oleh Taman Budaya Yogyakarta (1991) juga
    mendapatkan Hadiah sastra dari majalah Panyebar Semangat (Surabaya)
    sebagai crita cekak terbaik yang termuat di Panyebar Semangat kurun
    waktu tahun 1993 - 1997. Bedhug termuat di Panyebar Semangat tgl 10
    Mei 1997.
c) Cerpen Bedhug termasuk di antara 10 cerpen Djajus Pete yang terkumpul
    pada buku kumpulan cerpennya "Kreteg Emas Jurang Gupit" yang
    diterbitkan oleh yayasan Pinang Sirih dan Dewan Kesenian Jawa Timur,
    2001.
    Buku tersebut memperoleh Hadiah Sastra Rancage ( 2002) dari yayasan
    Rancage yang diketuai Ayib Rosidi, Jakarta.



Tidak ada komentar:

Posting Komentar