Jumat, 10 September 2010

CERKAK: Djajus Pete (01)


 @Udut Klobot,01
               # Bedhug , # Kacilakan , # Sing Ora Urus
___________________________________________________________
sastra bojonegoro
http:://sastra-bojonegoro.blogspot.com/
___________________________________________________
Cerkak

       Bedhug

                   BEDHUG masjidku swarane kepleg. Pangiraku, olehe kepleg kuwi merga klonthongane bedhug kurang gedhe.  Garis tengahe klonthongan 70 sentimeter. dawane ora ana semeter. Kelingan yen ing kuburan ana wit jati gedhe, aku banjur rerasan karo lurah Bakir. Wose setengah usul yen dianggep prayoga, apa jati gedhe ing kuburan iku kena dianggo  ngganti bedhug? Lurah wangsulan yen arep ngrungok-ngrungokake luwih dhisik awit sing duwe jati iku masyarakat. Yen masyarakat sarujuk lan takmir masjid mathuk, Lurah lagi arep nganakake musyawarah antarane LKMD, tokoh masyarakat, takmir masjid lan alim ulama.
                   Saka senengku duwe gagasan digatekake, gage takkojahake marang lik merbot Khomad. Lik Khomad sing omahe cilik cedhak masjid iku paklikku cer, kepernah  adhine ibuku. Wiwit taun 1960 lik Khomad enggone dadi merbot. Ayahane merbot, kejaba kuwajiban nabuh bedhug minangka tandha wancine sholat, uga reresik njeron masjid tekan sakupenge pekarangan, mbukak nutup masjid lan  ngisi  kolah.
                  Mesthine  lik Merbot seneng duwe ponakan kaya aku sing gele  mikir kanggo apike bedhug. Nanging sajrone aku kojah ngethuprus,lik Merbot kaya ora butuh nyelani. Aku mung diingeti wae. Sarampunge kojahku, lik Merbot lagi kumecap," Ckk, ora usah diganti. Bedhug iku wis apik," wangsulane tanpa greget.
                "Kepleg ngoten kok sae."
                "Ckk, iku rak kupingmu sing ndleya."
                  Mangkel aku, malah kupingku sing diluputake. Ajaa ora sungkan, aku kepengin balik  nudhuh nganggo  nalar sing genah. Apa ora lik Merbot dhewe sing wis suda pangrungone? Nalare maton,  patut saumpama wis suda krungon, awit kejaba umure wis 50 taun  munggah, dhasare kulina brebegan bedhug kang ditabuh sasuwene dadi merbot 30 taun lawase.
                 Mangkel aku, kupingku waras-wiris dielokake ndleya. Nanging merga aku isih bisa ngurmati wong tuwa, mula tembungku isih bisa takgawe sareh." Sing mastani kepleg niku sanes kula dhewe, Lik. Kathah tiyang celak-celak mriki sing mastani ngoten."
               "Wiwit madege masjid iki, bedhuge ya kuwi. Rung tau ganti. Yen bedhug kuwi ora apik, mesthine wis diselehake."
               "Sampeyan wastani sae rak mergi sampeyan dhewe sing nabuh. Nggih banter ta, wong mireng sampeyan king celakan. Cobi sampeyan mirengke king tebihan. King kidul mriku mawonlah...,mboten sah tebih-tebih, mengke rak..." durung tutug rembugku  lik Merbot terus  nglungani, ninggala ku ijen ing buk regoling pekarangan masjid.
                Lik Merbot nguripake masin Sanyo, nyedhot banyu saka sumur  diisekake meyang kolah. Mesin Sanyo iku tukon saka dhuwit bantuwane pemerintah. Masjidku antuk bantuwan dhuwit puluhan yuta engga gelare masjidku malih gedhe njenggarang. Jobin sing maune bata warasan, diganti tegel traso gilap, digelari karpet ijo. Serambine nggantheng dibangun tingkat. Khubah makuthane masjid saka semen kang kukuh, digempur, diganti khubah almunium gedhe mblendhuk.
               Samubarange wis dibangun.  Emane isihh ana sing kesingsal,  perkara bedhug cilik kasng swarane keplg kuwi. Geneya ora ana sing ada-ada ngajak ngganti bedhug gedhe kareben swarane ulem ngumandhang?
               Karepku apik, urun pikiran , ngamal gagasan. Lha kok malah ditanggapi nylekit dening lik Merbot. Nanging lik Merbot ora mbantah ora nulak nalika katut diundang mesyawarah. Wangue lik Merbot wis bisa nggagapi yen kabeh bakal sarujuk bedhug diganti.

              "Leresipun  sampun dangu anggen kula kepengin nawaraken jatos menika kangge sarana tempat ibadah. Soal bagaimana bedhug menika dibikin, kula sumanggakaken dhateng pihak takmir masjid ingkang langkung mangertos. Biaya negor sampai mengeluarkan kayu dari kuburan saya tanggung," tembunge lurah Bakir sajak mongkog.
              Gela atiku krungu tembunge Bakir kang ora jujur iku. Kudune Bakir pratela yen gagasan ngganti bedhug kuwi saka idheku. Idhe gagasanku malah dirampas tanpa rikuh pakewuh. Saka gelaku, aku kebacut wegah melu caturan. Sekdes Dasiran sing keprungub semaut, kandha nyumbang seket ewu rupiyah kanggo ongkos tukang.
              "Wacucalipun kula tanggel," semaute Haji Mas'ud pedhagang palawija.
              "Alhamdulillah... Jaza kumullohu. Mugi amal panjenengan sedaya piukantuk piwales langkug kathah saking Pangerean," puji dongane Akmal Sholeh, ketua takmir masjid.
              "Lajeng...,ingkang sae kadaml bedhug menika wacucal menapa pak Merbot?" pitakone Haji Mas'ud mengo menyang pernahe lik Merbot kang lungguh mencil ing larikan kursi mburi dhewe.
              "Ah, kula menika namung sadermi nabuh."
              "Ya aja njur ngono.  Iki ngono musyawarah kanggo mufakat. Golek giliging rembug, gathuke panemu," tumanggape Akmal Sholeh.
              "Kula kuwqatos, badhe mungel wacucal anu menika sae, kadhung digega, mengke nyatanipun gek mboten sae. Ungelipun  gek awon, gek mboten saged banter ngumandhang.  Rak kula mengke igkang dipunpaido tiyang kathah," semambunge lkMerbot.
              "Umumipun ingkang  dipundamel bedhug menika wacucal lembu. Sae, ungelipun saged bening. Menawi saking wacucal maesa, awon, ungelipun sok kebluk," urun rembuge Anwar Ali, guru Agama SD sing dadi sekretaris  takmir masjid.
              "Bedhug ingkang wonten menika nggih saking wacucal  lembu niku, nak Guru. Ning nyataniopun kok nggih kathah tiyang mriki ingkang mastani swantenipun kepleg," aloke lik Merbot.
              "Jangan-jangan lulange gek kendhor niku. Saka nggonku kene ya blas gadhas ndhak jelas ki, swarane. Bl;eg, bleg, ngono. Kadhang krungu, kadhang ora," semaute lurah Bakir kang mimpin  musyawarah ing  pendhapaning omahe,  wayah bubar Isya.
              Dohe omahe lurah Bakir saka masjid watara 300 meter. Isih cedhak omahku saka masjid, kurang saka 200 meter. Merga omahku cedhak masjid, aku kerep ndeleng  panggarape bedhug  anyar kang digarap tukang ing ngiringan masjid.
             Tukange loro. Siji nggarap klonthongan, sijine nggarap jlagrag tumpangane bedhug. Putusaning musyawarah, bedhuge ora dipapanake gumandhul kaya bedhug lawas, nanging ditumpangake kaye sumelehe  kendhang gamelan. Lulang sapi bakal raining bedhug sumbangane Haji Mas'ud wis cumepak.
             Kuciwane panggarape bedhug kurang rancag awit tukange kerep  ora menyang. Malah antarane lurah Bakir lan Anwar Ali kedadeyan kemreseg. Karepe Anwar Ali nembung sisa kayu arep dienggo sulam blandar payon kolah.
            "Kok tekan blandar kolah barang. Itu kan tidak katut diprogram," wangsulane lurah Bakir ditirokake Anwar Ali marang aku. "Blandar sepinten, wong mung alit mawon kok. Wit jatos semanten agengipun, mongsok sisanipun sampun mboten wonten. Taktakoni ngono ki, ndadak makpendelik...,prempeng, nesu-nesu. Lho, bicaramu kok seperti ngoreksi saya. Aku dielokake ngono."
            "Takonmu ngono, ya mak-cos! Wong sisane kayu sing keri ing kuburan wis embuh parane diangkut pedhagang kayu."
            "Aku ki ra krungu maune. Karo isihprempal-prempul, njur kandha yen sisane kayu wis diedol atas musyawarah LKMD kanggo kebutuhan desa."
            "Iku rak unine. Kepala SD-ku rak ya pengurus LKMD. Nyatane kok ya kresah-kresuh ora ngerti playune kayu," tembungku.
            "Karepku ki rak mumpung isih ana tukang. Kena diselag ngganti blandar payon kolah sing dipangan rongos. Saiki tukange malah kerep lowok. Ning ya ora nyalahake tukange, wong olehe nukang iku kanggongingoni anak-bojone. Yen ana sing nganggokake baune, sing kene ya ditinggal."

             Tukange sing suwe ora ngaton, ditemoni Akmal Sholeh lan lurah Bakir.  Malah sakan karepeLurah, ditambah tukang ukir. Anane Bakir gedandapan nyengkakake tukang jalaran ana sambunge karo enggone mentas dipriksa Sospol lan Irwilkab. Pancen ana sing kirim surat kaleng marang Bupati, prakara sisa kayu kuburan seprapat kibig. Sing nyurat kaleng iku Kepala SD-ku. Ukarane disusun bareng karo aku ing tengah wengi.
             Anwar  Ali nsing ora ngerti kenthang-kimpule, misuh-misuh ketiban awu anget. Kandha  marang aku yen dheweke diambu-ambu Bakir. Dirasani sing akal-akal ngaleng mendhuwur. "Ngawur tenan. Kok njur digothak-gathukake karo enggone mentas kemreseg karo aku. Bakir rak mentas didhuni Sosp[ol, dipriksa ing kantor kecamatan."
            "O...,ya, ya, piye,piye...," panyelakum manthuk-manthuk kaya lagi krungu kasuse Bakir dipriksa.
            "Jare wong kecamatan, Bakir ditekan supaya mbantu bisane bedhugiku enggal dadi."
            "Lho, lho! Menggoke kok nyeklek menyang perkara bedhug/ Kasuse rak penggelapan kayu jati."
            "Jare, merga bedhug ukuran raksasa, ngiras kena dipamerake BUpati sing arep Jum'atan kliling mrene."
             Panggarape bedhug anyar disengkut, dilembur-lembur. Eling-eling asale saka idheku, mareming atiku ora kayaa weruh dadine bedhug. Garis tengahe 120 sentimeter. Dadi bedhug gedhe bregas. Klonthongan lan jlegrage diukir ngrawit, diplitur meleng-meleng.  Wiwite arep digunakake, kanthi ngadhani tumpengan panggang buceng telung  ambeng. Dikepung ing serambi masjid.Tumpengan diangkah rampung wayah tabuh Magrib kanthi nganyari swarane bedhug gedhe iku.
              Bedhug anyar kalko ditabuh Akmal Sholeh. Aku njomblak krungu swarane sing mleset saka pangasngenku. Lurah Bakir uga katon mlenggong. Sawetara perangkat desa lan tokoh masyarakat kang diundang uga mlengok gumun.
            "Weh, lha gini swarane. Bedhug gedhene sahohah kok ya nggedablug. Iki apane sing kurang sip. Padahal sesuk kuwi pak Bupati arep Jum'atan kliling mrene," guneme  Bakir karo ndemak-ndemek bedhug gedhe.
            "Napa angsale  Jum'atan kliling pak Bupatyi niku kalih mriksani bedhug-bedhug ta, Pak?" ana swara nyangkal njalari polatane  Bakir malih rengu.
            Bakir nyawang mider menyang pernahe santri-santri enom kaya nggoleki asaling swara. Nanging Bakir ora bisa ndumuk sapa sing mentas  clebung mengkono mau.  Sateruse Bakir grenengan," Iki ing njero masjid lho. Yen guneman sing aopik. Aja sengak-sengak. Dosa."
            Saweneh pengurus takmir masjid ana sing banjur cluluk, supaya swarane luwih apik, njero klonthongan dipasang benthangan pir loro utawa telu kanggo getaran suara. Pite bisa digawe saka kawat biayasa, diluker-luker kaya pir.Saka anane gunem sing dianggep ngerti marang akal carane gawe bedhug, njalari Bakir adreng prentah marang Akmal Sholeh supaya bedhug iku dibongkar.
            "Rumangsaku  wis apik swarane," ujare Akmal Sholeh.
            "Eh, apik piye. Gung marem. Apike dibongkar saiki wae. Ora nubyak-nubyak. Sempit wektune yen sesuk  lagi dibenahi," wangsulane Bakir.

            Akmal Sholeh sing kulina grudag-grudug karo Bakir wekasane manut. Patek kayu nyrangap kang maku ngencengi ubenge lulang dicabuti santri enom. Rai bedhug dicopot sasisih. Bakir cucul dhuwitkanggo tuku kawat menyang toko ngarep pasar.
            Prakara oleh brekat, akeh sing terus mulih. Mengkonom uga aku. Mula akuora ngerti ing sateruse, dilembur tekan jam pira bedhug anyar kuwi.   Sing takrungu ing sabanjure, atiku kaget ngungun krungu kumandhange bedhug Subuh saka masjidku. Dhenge swwra bedhug banter ngongang kuwawa nggeterake atiku. Sarandhuning awakku kaya mrinding. Swarane empuk , ulem kaya ndudut, kaya nggeret-nggeret atiku. Notolku kepengin mara ora kena takcandhet. Ora sabar aku metu kemulan sarung, tanpa srandhal. Lurung dalanku peteng, jemek cemer mentas udan. Lakuku kepleset-pleset. Cenunukan. Mendhunge isih  nggameng. Hawane atis kemrenyes. Lambeku cethathuken.
            Masjid sepi.
            Sikilku gembel blethok.
            Aku ngadeg ing ngarep serambi masjid.
            Weruh lik Merbot mentas wudu, aku aruh-aruh," Lik...,lik Merbot?"
            Lik Merbot nyawang pernahku ngadeg. Epek-epeke ditungkuake ndhuwur mripate, sajak ulapkena sunaring lampu.
           "Kula mireng swanten bedhug ulem ngumandhang,Lik. Swantene bedhug  enggal  ta  niku wau?"
           "Bedhug lawas sing taktabuh."
           Ya Alloh...!" panguwuhku kaget. Bedhug anyar takweruhi isih njegadhah ing ngisor kaya nalika diudhunake sore mau. Gedhe ngedhangkrang, mlompong tanpa rai. Raining bedhug kang dicopot sasisih durung dibenakake.
            Sikilku gemeter.
            Mripatku  kekembeng.
            Atiku nangis, nangisi awakku, nangisii uripkukang isih uncla-unclu ing umur 40 taun.
          "Mlebua. Wisuhana sikilmu kang rusuh kuwi. Paklik melu bungah kuping atimu wis bolong. Kowe wis bisa sengsem marang swara bedhug," tembunge lik Merbot njalari atiku saya ngondhok-ondhok.
            Ya Alloh, ya Robbi.
            Mripatku saya kekembeng.
           Eluhku ora kena takampet.
           Aku menyang kolah karo ngeling-eling urutane wudu lan dongane wudu. Ana kopiyah nganggur cemanthel cagak. Lik Merbot ngulungake kopiyah iku marang aku.  Jama'ah Subuh, lik Merbot sing ngimami. Makmume ora akeh, mung wong wolu.[]
-----------------------------------------------------------------------------------------------------------
 Cathetan :
a)      Cerita Bedhug, selain menjadi pemenang lomba penulisan crita cekak     (cerpenJawa) yang diadakan oleh Taman BudayaYogyakarta  (1991) juga mendapatkan Hadiah sastra dari majalah Panyebar Semangat (Surabaya) sebagai crita cekak terbaik yang termuat di Panyebar Semangat kurun waktu tahun 1993 - 1997. Bedhug termuat di Panyebar Semangat tgl 10 Mei 1997.
b)      Cerpen Bedhug termasuk di antara 10 cerpen Djajus Pete yang terkumpulpada buku kumpulan cerpennya "Kreteg Emas Jurang Gupit" yang diterbitkan olerh yayasan Pinang Sirih dan Dewan Kesenian Jawa Timur, 2001. Buku tersebut memperoleh Hadiah Sastra  Rancage ( 2002) dari yayasan Rancage yang diketuai Ayib Rosidi, Jakarta.*
                                                                                                   (Bojonegoro,2010)
 ----------------------------------------------------------------------------------------------------------



Cerkak
             Kacilakan


             SAWUSE seminggu Eni nglayap  katut tilas pacare biyen, tekan omah sawuse mulih, nemoni omahe sing suwung.Tanggane ngandhakake yen Harso, sisihane, wis rong dina ing rumah sakit saka kacilakan, nabrak treg mandheg nalika numpak sepedha montor.Eni kaget,unjal ambegan karo ngebrukake awake ing kursi teras.Ora bisa mlebu omah awit omahe kuncen. Eni  thenger-thenger, ngrumangsani lupute, mbedhal-mbedhal nuruti seneng. Saiki  nggagas-nggagas, enggone sing lanang nganti nabrag treg bisa uga saka bingung lan nelangsane mikirake lungane  sisihane sing  mentala slingkuh.
            Ngertine sing lanang saka SMS romantis sing ditampa ing HP-ne Eni, sisihane.  Iku sing dadi tukar nganti Eni  sing emoh disujanani, kumecap, "Tembang ora-ora mbokarani, ya ditenani pisan, karuwan!" Tembunge Eni  ora mung ngancam,nanging lunga temenan nganti seminggu,lagi mulih. Dhasare,sajrone omah-omah wis 20 taun suwene, Eni sing kaya nguwasani sing lanang. Mula Eni wani nekat ninggalake omah kejaba pancen isih duwe rasa tresna marang tilas pacare biyen, wong Tuban.
           Seminggu ing Tuban, nguja kesenengan, ngesok katresnan, ente-entekane  mlayu keterak obrakan saka anane Operasi Gabungan  kanggo nerbitake hotel-hotel. Eni lan tilas pacare slamet mlumpat cendhela,  senajan kepeksa ninggal sawetara barange ing kamar. Eni terus nggeblas mulih numpak bis.Tekan omah, nemoni kahanane sing lanang athang-athang  ing rumah sakit, sirahe tatu, diperban. Saka keterangane dokter, sisihane  sing lagi turu iku  ngalami amnesia, hilang ingatan, durung kena diajak ngomong. Selagine Titis,  anak mbarepe sing  nunggoni bapake,saka clereting mripate  sajak ora seneng nyawang ibune .Mula Eni anane mung kudu nangis.,nangisi enggone mung mburu seneng, sing  mung getun-keduwung oleh-olehane.
           "Ibu sing luput, Tis," tembunge karo nyeka eluhe sing kekembeng.
           "Bapak sing luput, ana treg mandheg,  ditabrak " wangsulane Titis anak mbarepe sing bwis  SMA. Senajan tembunge Titis kaya mengkono, kaya ngluputake bapake sing kurang waspada ing ndalan,nanging saka gregeling tembunge  Titis sing  atos ,ibune krasa yen ing satemene Titis ngluputake ibune.
           "Terus sapa sing nunggoni ,yen  esuk, yen kowe ssekolah?" pitakone Eni sawetara candhake.
           "Bapak hilang ingatan. Ora ana sing nunggoni ya oraapa-apa, ya ora nelangsa, wqong ora eling apa-apa, wangsulane Titis saya tambah ndhodhog dhadhane ibune." Saumpama ibu ora mulih, ora nunggoni, ya ora apa-apa, wong hilang ingatan. Karo aku ya  lali yen aku iki anake.Takjak rembugan, malah takon, kowe ki sapa? .Bar kuwi aku dipenging dhokter ra oleh ngajak omong."
           Lagi kena diajak omong sawetara dina candhake sawuse saka sethithik bisa kelingan marang sakabehe. Bisa kelingan pegaweyane, anake-anake, sedulur-sedulure lan kanca-tepungane sing padha bezuk. Kejaba marang Eni, sisihane, babarpisan ora kelingan yen iku sisihane.Sing dielingi, Eni iku kancane sekolah ing SMA I Bojonegoro. Pancen bener tilas kancane sekolah.Nanging  kaya ora masuk akal yen lali iku sisihane.Dhokter ora bisa aweh katrangan kepiye kok bisa mengkono. Inilah yang sulit dijelaskan,bagaimana menjelaskannya, semambunge dhokter sing uga ora ngerti.  Uga sawuse kelilan mulih sawuse sewulan dirawat, Harso  meksa ora kelingan yen Eni iku ibune Titis.
           "Ibuku rak ya iki ta,Pak?" tembunge Titis.
           "Ibumu lunga, ora neng omah."
           "Ibuku wis mulih,Pak. Yaiki,ibuku."
           "Dudu. Iki mbak Eni,  kancane sekolah bapak biyen."
           "Yen ngono,ya uwis, ra sah diarep-arep mulihe. Goleka bojo maneh, karo aku," semaute Eni.
            Harso sing maune ndongong, mesem ampang karo ngusir Eni metu saka kamare awit Harso butuh salin klambi .Uga nalika weruh Eni masak ing pawon, Harso menging, ora perlu  rewang masak.
           "Ben dimasak Titis,ngko awan, yen bocahe mulih sekolah."
          "Tutis ki rak ya anakku, ya anakmu. Aku bojomu. Kok bojo ra oleh masak. Eling-eling ta, aku ki sapa?"
          "Aku arep metu. Lawange arep takkunci."
          "Eling anake kok ora eling ibune.Ya aneh," grenenge Eni panggah ora bisa mikir kok sing lanang kebacut kaya mengkono.
           Merga sing lanang isih ngadeg ing lawang ngarep, ngenteni metune dheweke, kepeksa Eni nuruti metu. Lagi ing sateruse : ceklek...,
           Harso nguci lawang lan nyetarter sepedha montore.
           Eluhe Eni saya  deres, ora kena diampet. Kelingan nalika mulih, uga lungguh ing kursi  teras iku, sing saiki dilungguhi. Lawange uga kemunci ,kaya kuwi.*



Cerkak

     Sing Ora Urus

             TIKUS-TIKUS sepi nyanyet, njeketet,ora wani ungket-ungket. Ya amarga dadi buron, dikepung kucing, leren enggone saba numpuk pangan,satemah mung njagakake tandhon pangan sing saya suwe saya nipis. Sawise kari koret-koret lan ana sawetara sing mati keluwen, Joyo Kadut tetuwane tikus ing kono duwe krenah.
             "Pokoke kudu ana sing wani metu golek bantuwan. Goleki bangsane dhewe sing makmur-makmur uripe. Wis mesthi welase yen krungu ana bangsane sing sengsara keluwen ngene iki," krenahe Joyo Kadut ngajak rapat sore-sore ing njero lenge.
            "Nanging kabeh dalan metu wis diampingi. Metu ndi yen ora gawe dalan anyar sing durung diweruhi?" Suro Sapar nanggapi amrih slamete.
           "Ya, bener. Kudu gawe dalan anyar sing adoh tembusane. Ayo diwiwiti saiki. kerja bareng senajan weteng nglikik. Rong ndina aku ya ora klebon apa-apa," Dul Wage ngajak ndang gage,mumpung isih ana sisa tenaga.
           "Bagus. Pancen kudu saiyeg yen pengin ndang wareg,ndang oleh bantuwan pangan. Jenenge isih ana pangarep-arep kanggo urip. Tinimbang mung pating klemprak, mengkis-mengkis, senen kemis ambegane, rak mung kaya ngenteni mati sacindhil-abange. Kukut kabeh, cures, apa ora malah ngeres-eresi?"
            Cancut gumregut, kabeh katut, sakwadone. Rina wengi ing kahanan luwe, tandang gawe. Dhukir-dhukir gawe dalan anyar sing adoh tembusane. Dalan anyar rampung, njedhul ing satengahe alas gung liwang-liwung. Suro Sapar lan Dul Wage mecongos metu kebak kaprayitnan. Metu saka leng, mambu gandane iwak dhendheng, cungar-cungir seneng kaya weruh anane panganan enak sing perlu digoleki. Kaya ora adoh yen nitik ambune sing nggadag seger. Ketemu sawuse weruh pethi sing ndhuwure ana tikus gedhe lagi liyer-liyer ngantuk.
             Krungu kresege swara tikus-tikus sing ora dinyana tekane, tikus gedhe Tuwan Besar melek kaget, ilang ngantuke. Cekekal tangi, takon, ana apa? Sura Sapar sing makili bangsane, ngandhakake perlune golek bantuwan pangan.
            "Yen aku isih manggon ing papan rame, ya embuh caraku golek-golek. Akeh pangan ing kutha gedhe kaya Jakarta, panggonanku dhisik. Ning suwe-suwe aku bosen neng nggon rame. Terus ngalih ing nggon sepi ngene iki. Adhem rasane."
           "O...,ngono? Apa ora kasepen ing nggon sepi ngene iki?" pitakone Suro Sapar sing kuru mlempet wetenge, wulune njemburig ora kopen. Seje kato Tikus Gedhe ndhuwur pethi, seger ,lemu lan resik.
           "Kasepen ya ora, saka wis takniyati. Nglakoni urip mahas ing ngasepi. Nyingkiri krameyan,ngungkurake  kadonyan, golek katentreman. Mangan ya mung sakanane, trima ngrikiti elunge gegodhongan."
           "Nanging ababmu mambu dhendheng. Irungku ora bisa kokapusi," semaute Dul Wage mancal rembug."Omong mboksing umum.  Kok ngrikiti godhong, apa wedhus?"
           "Yen kowe mambu dhendheng, iku mung saka hawane wetengmu sing luwe, ambon-ambonen panganan enak. Nandhakake yen uripmu mung nengenake mangan enak. Mangka prakara mangan iku, sing marahi enak iku, saka rasa luwe, ora saka apa sing dipangan. Mulane ya aja mangan yen durung krasa luwe, ngono carane nata supaya kepenak enggone nglakoni urip. Senajan mung ngrikiti godhong, ya enak yen wetengku wis luwe."
           "Kalungmu kuwi ya ora mathuk karo rembugmu ngungkurake  kadonyan," semaute Duil Wage saya mangkel kaya dituturi, dijorahi. "Omong nek mung lamis, mundhak kewirangan. Ya konangan. Kalung kuncimu nuduhake yen isih ana donyamu sing kokdhelikake. Jenenge ya ora ngungkurake kadonyan, wong nyatane isih ana sing mbokeman."
            Tuwan Besar meneng, kaya wis ora butuh nanggapi rembuge Dul Wage sing atos kumeclag kaya pacul nemper watu. Watune isih mendheles, kepara banjur mbacutake rembuge ing ngarep, prakara enggone muni mahas ing ngasepi."Dina-dina aku mung maneges ngeningake cipta. Tahajud,ndonga ndikir pengin caket karo SIng Gawe Takdir.  Mula ya sepurane wae,aku ra bisa mbantu, wong nggon sepi kaya ngene, ya ora ana apa-apa. Bisaku mung ndonga, ya takdongakake kowe kabeh sakancamu, ya bangsaku, enggala luwar saka panandhang larang pangan."
             "Halahhhhh, ckkk!" Sura Sapar kecap lambene, nelakake cuwane dene kok   ana sing ora welas marang bangsane." Weteng luwe kok mung dibantu donga, apa ya wareg?"
            "Nek mayit, dibantu donga ya lagi mathuk," Dul Wage numpangi gunem.
           "Wis, gek ayo,Dul, nerusake laku, wong neng kene ngaprus mung oleh abab," pangajake Suro Sapar.
            Ora uwis-uwis enggone nggeremng karo golek-golek sing kena digugut kanggo pikuwate weteng supaya ora ambruk ing dalan.
           "Sing takmangkeli , olehe kaya wong suci. Mangka yen tenan olah tapa, rak ya seneng dana weweh, laku sarengate. Takpancal pisan wong unine sepisanan wis ketok pait. E, pantes-pantese...,  sapringkil,  nggo nyuguh, kok ora. mBuh nek kae maeng wedhus tenan, wong lambene muni dhewe ngrikiti godhong. Mangkel aku."
           Kekarone sing luru-luru makili bangsane, sing saya adoh lakune, ora ngerti yen sing dirasani lagi nyurung-nyurung pethine. Pethi kebak  dhendheng saka  asiling culika ing papan rame. Disurung-surung kanggo nutup leng mlongo dalan anyar, ya dalane Dul Wage lan Suro Sapar budhal ikhtiyar.  Iku saka wedine yen akeh tikus  kaliren mbrubul metu ngrayah dhendhenge.
           "Modar kabeh ya modara. Ora sanak, ora kadang, ora urus. Bangsa rak unine, patut-patute omong. Beja penak, beja ora, ya dhewe-dhewe," grenenge Tuwan Besar nggrayang gemboge pethi, isih bakuh.*
________________________________________________________________________

Tidak ada komentar:

Posting Komentar