Nono Warnono
______________________________________________________________
@Ngemplak 01 * Botoh * Sambel ______________________________________________________
Add
B o t o h
TUMRAP Sokran adu jago klebu klangenan nomer siji. Senajan weteng durung klebon upa, anggere wis nyawang jago telu ing njero kurungan sanalika dadi wareg. Tangi turu krekal sing dielus-elus dhisik mesthi jago klangenan. Cekake tresna lan kawigatene marang anakbojo ora krasa, wis diliyer Si Wiring Kuning, Si Cluring lan Si Blerok.
Jago telu beda-beda ulese. Kabeh klebu jago adon pethingan sing kena dipatohi. Duwe kaluwihan dhewe-dhewe nalika mudhun kalangan. Si Wiring Kuning unggul dedeg piadege. Kabrukane uga ngedap-edapi. Isih ketambahan kluruke dawa banter ngaluk-aluk. Mungsuh sing krungu kedher sadurunge magut yuda. Siji kekurangane si wiring kuning, nalika ngadhepi mungsuh kerep ninggal aturan. Durung diaba wis ndhisiki nladhung.
Si Cluring uga pilih tandhing. Jalune dadi piandel, lincip kaya taji. Yen nladhung kumeclak. Semangate makantar-kantar ora tepung tembung nglokro. Cakrak. Ora gigrik bleger lan sumbare mungsuh. Tarunge yayah thathit. Sabetane cukat trengginas. Emane Si Cluring keladuk kendel tanpa nglelimbang kahanan.
Yen Si Blerok pancen kalah gedhe katandhing liyane. Nanging cucuke landhep kaya gunting. Angger nemu kalodhangan nladhung bisa njejuwing endhase lawan. Anteng kebak petungan. Ora grusa-grusu. Sorot matane gawe kewanene mungsuh dadi ngedhap.
Anggone rekasa ngupakara jago esuk-sore, ngelus elar swiwi nganti ngetung sisik-sisik ing sikil, nyatane ora muspra. Kabeh notohi jagone dhewe ing kalangan. Akeh botoh liyane melu nglelimbang condhong pasang totohan. Wong-wong padha keket ngubengi kalangan rame gumeder. Surak gumerah. Siji loro ana sing alok lantang. Lan maneh-maneh jagone Sokran sing menang.
Senajan kerep digrebeg pihak keamanan, kalangan adu jago malah tansaya regeng lan grengseng. Dioyak sisih kulon ngalih ngetan. Diuber ing lor, bukak kalangan ing kidul. Arepa laku kucing-kucingan,nyatane nagbotohan bisa nekakake kemareman. Luwih-luwih kanggone wong cilik kaya Sokran sing ora kongang melu adu nasib ngrebut maneka jabatan. Ora ngerti alang ujure permainan politik. Ora duwe jago sing dielus-elus kanggo
nglungguhi kursi panguwasa. Duwene ya mung jago adon klangenan kanggo nglipur ati
sing ajeg sumpeg.
Lakar wis dadi klangenan. Kasiatun dhewe ya njur gelem nglenggana lan sabar ngadhepi kanyatan. Etung-etung kanggo mbuwang kesnengan lawas. Sadurunge adu jago, Sokran pancen asring saba komplek pelanyahan ngombe arak mabuk-mabukan. Yen wis teler njur ngamuk-ngamuk. Dhuwit kanggo modhal bakulan blanja gelis dirayuk. Saploke ajeg saba kalangan adu jago, klakuwane lawas sithik mbaka sithik tansaya suda senajan durung bisa ngilangi kanthi temenan.
Nyelot jero dirasa, ana perangan sing ilang sajrone uripe Kasiatun. Jebul sasuwene iki sing lanang mung nyuntak rasa senenge marang jago-jago klangenan. Tumeka lingsir wengi sing diupakara mung makhluk ing njero kurungan. Wengi-wengine Kasiatun krasa atis lan liwung. Anak-anake uga ora kopen. Adate angger esuk Sokran sregep ngedusi anak-anake yen arep mangkat sekolah. Saiki wis ora maneh. Sing diedusi dhisik mesthi Si Wiring Kuning, Si Cluring lan Si Blerok.
Yen penyakit watuk ngono gampang wae golek tetamba, barang watak gawan lair, bisane ilang ya yen wis mlebu luwangan kubur. Seje sirah beda watak. Ana sing alus ana sing kasar. Sokran dhewe klebu wong sing duwe watak kasar lan seneng urip mardhika. Yen duwe karep angel dicandhet. Ndablege setengah mati. Embuh wis kaping pira sing wadon elik-elik. Swara sing keprungu dianggep angin liwat. Mlebu kuping kiwa, metu kuping tengen. Adu jago ngabotohan jalan terus.
Jebul wong ndableg ora slaawse kedhot. Yen keslomot pangrasane uga uga bisa mbledhos kanepsone.
“OranTun. Kowe ki yen ana wong lanang lagi seneng sithik wae lambemu entheng wae njeplak. Biyen aku saba komplek we-te-es kowe uring-uringan. Aku mendem ngome arak kok gremengi saenake udelmu. Pa wong lanang ka aku ki kudu ndhekem lan turu mlungker na omah?”
“Ngumbar seneng mbok ya ndeleng-ndeleng ta,Kang. Awake dhewe isih urip rekasa. Bingung ngubetake butuh njejegake kendhil. Direwangi nyambut gae adus kringet ae urip sik kecingkrangan. Mesakake nasibe bocah-bocah,Kang.”
“Lho, ngono kuwi jeneng kowe nganggep aku ki wong lanang sing ra tanggung jawab,Tun. Arepa wong abangan, aku isih mikir nasibe anak bojo. Apa dhit sing tak wenehake kanggo tuku sandhangane bocah-bocah kae dudu kringetku? O,kuwi dhit asile menang ngabotohan ing njero kalangan,Tun. Apa kowe wis lali?”
“Ngertiya yen dhit ra nggenah aku emoh nampa,Kang”.
“Blaik! Aja ngimpi,Tun.Jaman saiki endi ana dhit sing ora klebon reget. Jajal pikiren, lagi kowe bakulan ae kerep nggorohake reregan. Durung maneh sing cekel jabatan kepethuk kesempatan.Mbangun ratan ya ngesaki watu. Adeg jembatan ya nggegem semen. Isih klebu apik adu jago,tanpa laku slinthutan. Bares embuh kalah apa menang”.
“Ning mesakake Kang. Kewan ra luput apa-apa diedu kabruk-kabrukan”
“Kejem endi karo wong sing seneng adu-adu padha menungsa. Ngumbar fitnah njur pancakara paten patenan. Yen ra ngono, ngidak idak wong cilik sapadha bangsa.”
“Embuh,Kang.Aku malih ra mudheng tembunge sampeyan. Kemenciten. Nyrempet-nyrempet bahaya. Awakae dhewe ki mung wong bodho. Ngertine ya mung nyambut gawe, kareben bisa urip saben ndina.”
Swara-swara santak. Tembung-tembung atos. Kaya
Diumbar tanpa diaruh-aruhi, Sokran malah nglenggana karepe dhewe. Katitik wolw-wali ditembung kanca-kancane nunggal kalangan, dheweke nampik pilih ora budhal. Panyawange manther kaya ana sing lagi abot dipikir.
Urip lan panguripan pancen ora langgeng. Kabeh tansah owah gingsir. Gilir gumanti. Padha karo pikiran lan karepe manungsa sing ajeg mobah mosik angel dibatang tlonjonge. Kadhang esuk bungah ndadak sore
Ngerti Sokran laku nganeh-anehi salin slaga, Kasiatun kepeksa miterang apa sejatine sedya sing diangkah bojone. Makaping-kaping diteter puguh ora gelem blaka.
“Mbesuk yen wayahe pilkades milih gambar klapa lho,Tun.”Tembunge Sokran wanti-wanti sing wadon.
“Apa pamrihe,Kang.Sampeyan kok ndadak melu bingung kampanye ndhukung ganbare Badrun kae,”
“
“Ah! Aja ngumbar tembung ngayawara, Kang. Aja ngimpi sing ora-ora. Lan maneh aku sumelang piye dadine desa kene yen nganti dipimpin wong brangasan kaya Badrun kae.”
“Byuh! Kaya ra ngerti ae,Tun. Wong sak iki ngono dha pinter nyandhiwara. Katon apik sembarange yen pinuju duwe karep. Janjine muluk-muluk sundhul mendhung. Yen
“Ora Kang. Aku ra sir blass milih gambar klapa. Ndeleng pawongane ae genah warga kene pilih gambar nanas duweke pak kaji Solikhin. Lupute ya gambar jagung lambange pak Kastur pensiunan tentara sing anteng lan merbawani.’
“Cilaka,Tun. Yen kowe ndeleng wong sakha kethune apa saka klambine. Sepisan maneh tak kandhani, saiki ngono akeh wong pinter laku paekan. Pinter api-api golek kawigaten. Politik kuwi kotor. Aja ndeleng bungkuse. Sawangen lan rasakne ndhisik lagi kena gawe kesimpulan.”
“Embuh,Kang. Aku ra dhong abang ijone politik. Tak rasak-rasakake tembunge sampeyan kuwi kedhuwuren. Orane,Kang! Sampeyan mesthi duwe tujuan liya, ngapa mbelani gambar klapa nganti mati-matian. Mesthi leh sampeyan adol jago klangenan lan pit montor kae kanggo patohan,”
Kenyonyok tembung panuding saka Kasiatun, Sokran njola rada kecipuhan. Suwe ra bisa aweh wangsulan gumathok. Durung rampung anggone padha udreg perkara pilihan gambar pilkades, dumadakan saka njaba krungu swara wong nothok lawang. Bareng dibukak ana polisi loro seragam lengkap ngadeg ngejejer. Sokran lan Kasiatun ora bisa kumecap. Mlongo kamitenggengen.
*
Panjebar Semangat No 45
Tanggal 08 Nopember 1997.
caption |
Add
Sambel
Pancen luputku dhewe.Ngapa dhisik nalika isih urip legan ora mikir sinau kepriye mungguh mbesuk yen wis kelakon mbangun bale somah sing satemene.Ora duwe panggraita saranane wong bebojoan ngono kudu duwe pawitan bisa ngrampungi maneka pakaryan. Wiwit kabisan olah-olah lan nata meja makan, nganti ketrampilan ngatur prabot omah kayadene tempat tidur lan meja kursi.
Bareng saiki klakon ngawula urip saomah karo maratuwa,samubarang sing dhisik tak sengguh mung prakara sepele,malih krasa temenan yen kabeh mau banget wigati tumrap wong urip tembayatan. Pakaryan ing pawon sing mesthine kudu tak rampungake malah maratuwa dhewe sing ajeg nandangi. Nanging njur kepriye maneh, lakar aku ora damang theg kliwere wong olah-olah maneka mangsakan. Arep nekat tiwas asile ora nggenah.Mbuwang ragat ora rupa. Aja maneh arep mangsak sing cocog karo selerane bojo lan maratuwa, nggoreng pindhang bae gosong. Gawe sayur asem ora ngalor ora ngidul. Cemplang! Mula anggere wayah wong olah-olah aku pilih ethok-ethok ora ngerti.
Isih begja bojoku klebu wong sing nduweni rasa sabar lan pangerten sing gedhe. Ora kendhat anggone mbombong atiku supaya gelem ajar olah-olah senajan krasa abot kawitane. Maneka buku resep mangsakan embuh pira bae sing dituku Mas Parno diulungake marang aku kanggo tak sinaoni. Nanging yakuwi,bareng wis kadhung salah ndhisike.Isih ketambahan yen aku iki klebu wong lumuh ora doyan penggawean. Witekna mbiyen nalika isih prawan rina-wengi senenganku mung turu klekaran. Perkara mangsakan,panganan cukup dicekel pembantu. Aku ora perlu melu kangelan. Mula panjurunge mas Parno mung tak iyani nanging aku ora tau gelem tumindak.
Aku banjur kelingan lembaran lawas nalikane wis manteb nibakake pilihan dadi sisihane mas Parno wong asal nggunung adoh kawat. Kamangka akeh nom-noman gagah sing wis tuwuk atmosfir kutha, padha ngarepake katresnanku. Nyatane aku tetep condhong marang mas Parno sing tak anggep bisa ngemong aku ing tembene. Aku wis ora kegiwang gebyare wong kutha sing akeh-akehe padha seneng mamerake kulit lan bungkus ketimbang isi njerone. Ora kurang-kurang aku kesandhung pengalaman digawe dolanan wong lanang.
Siji maneh sing njalari atiku gilig ngawula kadidene sisihane mas Parno. Wonge prasaja kebak tanggungjawab lan seneng ngayomi. Senajan wonge pancen bagus,nanging dudu kuwi sing sepisanan gawe atiku poyang payingan. Aku wis wareg ditunggoni wong bagus sing akeh-akehe mung pinter ngomong mlempus.Yen wong nggantheng tur pinter olah basa lan ngrakit geguritan ya kaya mas Parno kuwi pawongane.
Saploke urip ing wewengkon padesan sing semanak, aku nemu swasana beda sing durung tau tak rasakake sadurunge. Emane, senajan mapan ing kahanan nyenengake aku malah krasa dadi wong asing sing durung bisa nyawiji karo lingkungan. Nalikane wong-wong wadon ing karang padesan padha sregep olah-olah lan kumbah-kumbah aku mung dadi penonton sing kepanggonan rasa ngungun.
Sing ora ngepenakake rasa-pangrasaku,sasuwene urip saomah karo maratuwa aku mung dadi sanggan. Kawitane pancen ora ana masalah apa-apa. Suwene-suwe minangka wong sing duwe pikiran normal ngumangsani yen sejatine maratuwaku suthik kanggonan aku. Polatane kerep sinis. Tembung-tembunge krasa atos lan pedhes. Arepa sing asring dadi sasaran mas Parno dhewe nanging aku ngrumangsani won sing paling luput.
“Biyen ibu rak wis elik-elik,ta Par.Milih bojo ngono kudu sababag kareben ajine dhirimu ora diidak-idak wong wedok. Apa untunge mangku wong ayu yen kowe njur dadi babu. Jajal endi ana wong lanang kaya kowe kuwi. Esuk sore kedandapan mergawe golek dhuwit kanggo blanja lan wedhake bojo, isih iwut melu mangsak lan umbah-umbah.” Ibune aweh panyaruwe nalika esuk kuwi mas Par nggirahi kumbahane ing sumur mburi.
“Jenenge wae wong ajar mbangun bale somah,Bu. Ya lumrah ta yen samubarange wiwit sinau.”
“Ning ya ra ka ngono kuwi,Par. Mosok wis wani omah-omah nyambel ae ra jegos!”
Ora sengaja swara pedhes kuwi tak rungu. Atiku angles. Mesakake mas Par. Umpama ora ngelingi dhweke,aku wis semparet mlayu mulih. Untunge aku njur nglenggana marang kabeh kekurangan. Isih bisa momong emosi sing kadhang bisa mbilaeni
Nalika rasa welasku runtuh marang mas Par sing ketiban awu anget, dheweke malah nyumelangake kahananku. Kuwatir yen aku njur mopo ngadhepi maratuwa sing duwe watak kurang sabaran lan gampang mbledhos kanepsone. Sumelang yen aku lara ati njur njaluk mulih marang omahe wong tuwaku dhewe.
Mas Par pancen ora tepung tembung kemba. Ora pisan pindho aku dierih-erih supaya sabar sauntera sadurunge adeg omah dhewe urip mandhiri. Aku dikon ngalah. Ora ateges kalah. Ibu dhewe sejatine ya duwe karep apik kanggo tembe mburine awake dhewe. Nanging mung carane sing kurang mathuk. Ngono grenenge mas Par setengah nuturi aku.
Kanggo ngawekani kahanan sing ora nyenengake mau, aku wiwit jumangkah ajar mangsak lan kumbah-kumbah. Maratuwa durung tangi aku wis cekel sapu reresik lan korah-korah ing pawon. Yen dhisik mas Par isih kerep kumbah-kumbah dhewe, saiki kabeh wis bisa tak tandangi.
Atiku wis tak gawe sabar. Ora kurang-kurang anggonku stiyar nyenengake maratuwa. Nanging kabeh muspra kaya ora ana asile. Arepa sewrnaning penggawean meh bia tak rampungi,kabeh tansah didumuk ora ana sing bener. Ngene salah ngono luput. Aku tambah bingung.
Kaya kedadeyan wingi nalika aku mangan sega. Akeh-akeh komentare sing tumlonjonge aweh panyaruwe. Sig kurang ngono apa kurang ngene. Nyambel ya dicandra. Lupute kurang asin ya diduwa kurang alus nganti kurang pedhes. Cekake kabeh tandang grayangku ora tau oleh pangalembana sing nyenengake. Kuping krasa gatel. Sarwa natoni ati.
Saiki aku lagi ngerti temenn yen sejatine ibu maratuwa ora seneng duwe mantu aku. Sing dikarepake wiwit dhisik bisoa duwe mantu kaya pilihane kakang-kakange mas Par sing gandhes luwes lan wekel ing sembarange. Betheke mbesuk bisa dingengeri yen wis ndhungkap tuwa. Bareng kanggonan mantu aku sing ora bisa jaritan, malah seneng menganggo clana lan kaosan, maratuwa gethinge setengah mati. Kosok balen kambi tangkepe bapak maratuwa sing ora kakehan gunem. Mungguh ngemong anak mantu apa anake dhewe mung pilih tutwuri anggere duwe tujuan becik.
Libur sekolah sedulur-sedulur sing mencar adoh kapinujon padha ngumpul saomah. Mas Eko sedulur tuwa sing duwe usaha ternak gedhe ing Semarang teka nggawa keluargane komplit. Anake papat sing isih semega uga ora keri padha melu jemrinthil. Ora beda karo mas Jatmika sing adeg percetakan ing Trenggalek, anggone tilik keluarga ing Bojonegoro mesisan ngirit anake lanang loro sing mbedhige ngudubilah. Wis kena dibadhe kepriye umyeg lan ramene omah yen dikebaki bocah-bocah samono akehe. Untunge omahe maratuwa klebu gedhe tur jembar balene. Witekna omahe wong tani, yen ora diwangun jembar genah ora bisa mapanake asil panen.
Kanggo nuduhake bektine anak mantu sing paling enom, aku nyoba nyenengake atine sedulur-sedulur adoh sing tak anggep kayadene tamu. Mula esuk sore aku iwut olah-olah maneka mangsakan kanggo nyugata. Wiwitane ana rasa rangu-rangu. Ketir-ketir yen mangsakanku ora cocog kao selerane sedulur-sedulur lan keponakan sing beda-beda kesenengane.
Jebul bener kabeh panggraita lan wassumelangku. Awan kuwi dhadhaku kaya disamber bledheg. Nalika tata dhahar ing meja makan kanggo kabeh keluarga, ndadak sambel salayah olehku nguleg dibuwang semprung dening ibu maratuwa. Ora mung cukup semono kedadeyane. Mas Par sing ora ngerti apa-apa melu kenan sasaran.
“Orane,Par. Bojomu ki njarag pa piye! Wis ngerti yen aku lan sedulur-sedulurmu ki ra seneng sambel sing legi, lha kok iki mau dikeladuki gulane!” ngomong ngono tangan lorone karo malangkerik.
“Ya sepurane ae sing gedhe ,Bu.Mbokmenawa dhik Ririn during ngerti.”
“Mosok kumpul maratuwa samono suwene, senenge ibu ae ra tau niteni. Ncen ya ndableg tenan bojomu kuwi kok,Par.”
“Wiwit mbiyen aku rak wis matur ta ,Bu. Sisihanku kuwi pancen ora bisa olah-olah nyamleng. Mula yen ana kekurangane ya ibu sing wajib ngelingake mungguh kepriye becike. Ora njur kaya ngono kuwi carane. Kasar lan gawe larane ati.”
“Bojo ko ngono sik terus kok belani,Par. Apane sing arep kok purih?”
Semparet! Ibu maratuwa nglungani mas Par karo menjeb. Sing ditinggal ndhingkluk ora kumecap apa-apa. Ana rasa gela sing disimpen jero. Atine angluh.
Kabeh sandhangan ing njero almari gelis tak dhudhah. Cekat-ceket tak wadhahi tas gedhe. Nggawa ati kemranyas aku pamit mulih marang Mas Par sing sejatine banget tak resnani. Wong lanang sing anggne nggemateni aku ditohi nganggo jiwa-ragane. Nanging kepriye maneh atiku wis kadhung tatu. Ing omahe ibu maratuwa aku kaya wong wadon sing tanpa guna.
Karepku
Bengine mas Par nusul kanthi nggawa ati semplah. Wola-wali njaluk sepura. Njur ngrimuk gelema aku bali kaya dina-dina sak durunge. Bisaku mung nangis sesnggrukan. Mas Par tak ruket kenceng. Nanging aku tetep ora bisa nuruti kabeh karepe senadyan tujuane becik lan inambaran ati resik. Embuh
Jaya BayaNo. 48. Tanggal 27 Juli 1997.
caption |
Tidak ada komentar:
Posting Komentar