Kamis, 29 Maret 2012

CERKAK: Djajus Pete (5)

Cerkak: Pasemon
http://sastra-bojonegoro.blogspot.com/

          PASEMON

TIKUS-TIKUS sepi nyanyet, njeketet, ora wani ungket-ungket. Ya amarga dadi buron, dikepung kucing, leren enggone saba numpuk pangan,satemah mung njagakake tandhon pangan sing saya suwe saya nipis. Sawise kari koret-koret lan ana sawetara sing mati keluwen,  Joyo Kadut tetuwane tikus ing kono duwe krenah.
“Pokoke kudu ana sing wani metu golek bantuwan. Goleki bangsane dhewe sing makmur-makmur uripe. Wis mesthi welase yen krungu ana bangsane sing sengsara keluwen ngene iki,”  krenahe Joyo Kadut ngajak rapat sore-sore ing njero lenge.
“Nanging kabeh dalan metu wis diampingi. Metu ndi yen ora gawe dalan anyar sing durung diweruhi?” Suro Sapar nanggapi amrih slamete.
“Ya, bener. Kudu gawe dalan anyar sing adoh tembusane. Ayo diwiwiti saiki. kerja bareng senajan weteng nglikik. Rong ndina aku ya ora klebon apa-apa,” Dul Wage ngajak ndang gage, mumpung isih ana sisa tenaga.
“Bagus. Pancen kudu saiyeg yen pengin ndang wareg,ndang oleh bantuwan pangan. Jenenge isih ana pangarep-arep kanggo urip. Tinimbang mung pating klemprak, mengkis-mengkis, senen kemis ambegane, rak mung kaya ngenteni mati sacindhil-abange. Kukut kabeh, cures, apa ora malah ngeres-eresi?”
Cancut gumregut, kabeh katut, sakwadone. Rina wengi ing kahanan luwe, tandang gawe. Dhukir-dhukir gawe dalan anyar sing adoh tembusane. Dalan anyar rampung, njedhul ing satengahe alas gung liwang-liwung. Suro Sapar lan Dul Wage mecongos metu kebak kaprayitnan. Metu saka leng, mambu gandane iwak dhendheng, cungar-cungir seneng kaya weruh anane panganan enak sing perlu digoleki. Kaya ora adoh yen nitik ambune sing nggadag seger. Ketemu sawuse weruh pethi sing ndhuwure ana tikus gedhe lagi liyer-liyer ngantuk.
Krungu kresege swara tikus-tikus sing ora dinyana tekane, tikus gedhe Tuwan Besar melek kaget, ilang ngantuke. Cekekal tangi, takon, ana apa? Sura Sapar sing makili bangsane, ngandhakake perlune golek bantuwan pangan.
“Yen aku isih manggon ing papan rame, ya embuh caraku golek-golek. Akeh pangan ing kutha gedhe kaya Jakarta, panggonanku dhisik. Ning suwe-suwe aku bosen neng nggon rame. Terus ngalih ing nggon sepi ngene iki. Adhem rasane.”
“O…, ngono? Apa ora kasepen ing nggon sepi ngene iki?” pitakone Suro Sapar sing kuru mlempet wetenge, wulune njemburig ora kopen. Seje kato Tikus Gedhe ndhuwur pethi, seger, lemu lan resik.
“Kasepen ya ora, saka wis takniyati. Nglakoni urip mahas ing ngasepi. Nyingkiri krameyan,ngungkurake  kadonyan, golek katentreman. Mangan ya mung sakanane, trima ngrikiti elunge gegodhongan.”
“Nanging ababmu mambu dhendheng. Irungku ora bisa kokapusi,” semaute Dul Wage mancal rembug.”Omong mboksing umum.  Kok ngrikiti godhong, apa wedhus?”
“Yen kowe mambu dhendheng, iku mung saka hawane wetengmu sing luwe, ambon-ambonen panganan enak. Nandhakake yen uripmu mung nengenake mangan enak. Mangka prakara mangan iku, sing marahi enak iku, saka rasa luwe, ora saka apa sing dipangan. Mulane ya aja mangan yen durung krasa luwe, ngono carane nata supaya kepenak enggone nglakoni urip. Senajan mung ngrikiti godhong, ya enak yen wetengku wis luwe.”
“Kalungmu kuwi ya ora mathuk karo rembugmu ngungkurake  kadonyan,” semaute Duil Wage saya mangkel kaya dituturi, dijorahi. “Omong nek mung lamis, mundhak kewirangan. Ya konangan. Kalung kuncimu nuduhake yen isih ana donyamu sing kokdhelikake. Jenenge ya ora ngungkurake kadonyan, wong nyatane isih ana sing mbokeman.”
Tuwan Besar meneng, kaya wis ora butuh nanggapi rembuge Dul Wage sing atos kumeclag kaya pacul nemper watu. Watune isih mendheles, kepara banjur mbacutake rembuge ing ngarep, prakara enggone muni mahas ing ngasepi.”Dina-dina aku mung maneges ngeningake cipta. Tahajud, ndonga ndikir pengin caket karo Sing Gawe Takdir.  Mula ya sepurane wae, aku ra bisa mbantu, wong nggon sepi kaya ngene, ya ora ana apa-apa. Bisaku mung ndonga, ya takdongakake kowe kabeh sakancamu, ya bangsaku, enggala luwar saka panandhang larang pangan.”
“Halahhhhh, ckkk!” Sura Sapar kecap lambene, nelakake cuwane dene kok   ana sing ora welas marang bangsane.” Weteng luwe kok mung dibantu donga, apa ya wareg?”
“Nek mayit, dibantu donga ya lagi mathuk,” Dul Wage numpangi gunem.
“Wis, gek ayo,Dul, nerusake laku, wong neng kene ngaprus mung oleh abab,” pangajake Suro Sapar.
Ora uwis-uwis enggone nggeremng karo golek-golek sing kena digugut kanggo pikuwate weteng supaya ora ambruk ing dalan.
“Sing takmangkeli , olehe kaya wong suci. Mangka yen tenan olah tapa, rak ya seneng dana weweh, laku sarengate. Takpancal pisan wong unine sepisanan wis ketok pait. E, pantes-pantese…,  sapringkil,  nggo nyuguh, kok ora. mBuh nek kae maeng wedhus tenan, wong lambene muni dhewe ngrikiti godhong. Mangkel aku.”
Kekarone sing luru-luru makili bangsane, sing saya adoh lakune, ora ngerti yen sing dirasani lagi nyurung-nyurung pethine. Pethi kebak  dhendheng saka  asiling culika ing papan rame. Disurung-surung kanggo nutup leng mlongo dalan anyar, ya dalane Dul Wage lan Suro Sapar budhal ikhtiyar.  Iku saka wedine yen akeh tikus  kaliren mbrubul metu ngrayah dhendhenge.
“Modar kabeh ya modara. Ora sanak, ora kadang, ora urus. Bangsa rak unine, patut-patute omong. Beja penak, beja ora, ya dhewe-dhewe,” grenenge Tuwan Besar nggrayang gemboge pethi, isih bakuh.*


http://sastra-bojonegoro.blogspot.com/

Tidak ada komentar:

Posting Komentar