Jumat, 06 April 2012

GURIT: Kang Zen (1)


Add   
 











        Kang Zen                                                                                                                                                             

 
  









G u r u
Wong tani
Esuk repet-repet wis padha tangi
Metu saka kandhang nggeret sapi karo kebo
mikul krakal karo garu
njegur sawah
cetar... cetor…

swara pecut nggegirisi
sapi karo kebo ngubengi sawah
nggeret krakal, garu karo luku
apa ngono kuwi sing diarani guru
wong dines
Esuk nganggo sragam
Mlebu sekolahan
Nyekel kapur tulis nok ngarepe papan
Dak... dak… dak…
Mlebune sedheng molehe kurang
Apa ngono kuwi sing diarani guru
Enek pawongan
Mlebu sekolahan
Kana-kene kabeh ngundange bos
Bos… bos… bos…
Tanpa swara
nalika sang bos metu saka sekolahan
Takkira bos menehi kepinteran
Jegagik,
ilang tanpa kaweruhan
Apa ngono iku sing diarani guru
Geneya kowe takon
Urusane wong ngono beda-beda
Becik meneng supaya ora keterak garu
Sawangen mlakune krakal
Yen kowe ora pingin kesrekal
Sawangen lakune luku
Yen kowe mlaku kareben ora kesandhung watu
Aja ngrungokna swara dak
Aja ngurusi bos bos kae
kuwi urusane guru
critamu karo critaku
ora enek sing kenek didhelikno
kuwi sejatine guru

Bojonegoro, 9 Juli 2010


  











J e n g k e r

Etan Baureno
Ngidul tekan Kedungadem
Pinggir-pinggir dalan akeh wit-witan

Ngulon Sugihwaras butul Temayang
Mlebu alas banjur butul Bubulan, Ngasem nganti
Tambakrejo lan Watu Jago
Tanpa daksawang ngliwati alas blandhengan kebak wit jati
Tak kedhepna mataku
Tipet-tipet dangkel jati wis mbalek ijo
Hayo mbacutna laku
Lha dhalah ……
Wis teka Padangan
Tipet panggone prahara dhek jamane Ariyo Jipang
Leren …….
Leren dhisik
Takrungokna radio
Ndhelok tivi nok warung
Nyilek koran harian
Kurang sreg
Mbukak laptop miyak peta
Gak kaprah!
Akeh lenga gas nok Gayam karo Kasiman
Bule-bule, menteri, nganti bupati padha sliweran
Cungar-cungir nok kaca mobil
Mambu lentung
Inceng-inceng totalan produksi lenga
Gak urus aku
Wis parek esuk
Pitik padha petok
CD kalong pitung puluh lima persen
CSR nglebat nok njabane kuthaku
Aja ngantuk, le
Aja ngantuk, ndhuk
Aja ndhangak nek ulap nyawang srengenge
Mundhak lara matanem
Ngentekna ragad kanggo mbolongi sak clanane pak mbokem
Apik ndhingkluk nyawang bumi sing mbok liwati
Sing dipaculi mbah buyuttem kawit biyen
Bosen kang
Bosen Makde
Bosen Yongdhe
Kawit dhisik selegence

Aja dleming kaya wong ketempelan setan
Apa sing mbok jengker?
Sekolah larang nanging kowe bingung nyekolahna anakem
Wong lara akeh ragade

Dalan-dalan ijek elek, tibake
Aja lunga utawa dagang nek wedi keblegong
Jengker apa dleming
Gak ngerti piye
Jengker kaya wong watuk
Jengker kok kaya wong ngentut sing badheg ambune
Raksakna kowe
Titeni dhewe
Iki kutha kelairanem.

Kutha mBojonegoro, 10 Juli 2010  






















Aji Cora

Ajiku Aji cora Kamandaka
Wignya ing sabda lebda ing prasetya
mring kawula dwija, maharsi saha punggawa
Prasetyaning Aji …
Kawula adamel mulya
Dwija pinunjul sujana
Maharsi adamel widya widura
Marga adamel sigra sayoga
Prasetya tan tumus ing netra
Kawula, dwija, maharsi saha punggawa
Tiwikrama mring Aji cora kamandaka
Aji selak nemahi bendhu
Aji selak bakal puput layu

Bojonegoro, 22 Juni 2010




  caption

Tidak ada komentar:

Posting Komentar