Minggu, 08 April 2012

CERKAK : JFX . Hoery (2)

Add


      
J.F.X. Hoery 
 
Oh  Anakku

            KUTHA Barcelona wektu iku wis dibroki kaum Komunis. Greja-greja apadene kapel-kapel sarta papan-papan ngibadah ing laladan negara Sepanyol ora luput saka pangrusake kaum Komunis. Imam-imam Katolik dalah umat Katolik tansah dikuya-kuya, sing kecekel disiksa lan dikunjara. Wong-wong Komunis bener-bener anggone ora nduweni rasa prikamanungsan. Saben omah sing digropyok ana gambare Yesus utawa tandha kayu pamenthangan, wong saomah ora perduli lanang apa wadon, tuwa apa bocah kabeh disiksa. Ing sadhengah panggonan tansah dijaga pulisi rahasia lan tentara Komunis. Penggledhahan menyang omah-omah tansah katindakake samangsa-mangsa, ora ngetung wayah. Doktrine Komunis ngresiki wong-wong kang isih manembah ing Allah.
Senajan mangkono, isih akeh imam-imam Katolik kang bisa lolos saka panggrebege kaum Komunis, kanthi nylamur laku. Ana kang dadi tukang nyapu dalan, tukang kayu, tukang batu, petani lan sapanunggalane. Sawayah-wayah para Pastor kang padha namur laku mau, uga nganakake kebaktian karo umate kanthi sesidheman. Anggone nganakake kebaktian ing omahe umat sarana peralatan kang prasaja. Kebaktian mau dianakake ing wayah esuk umun-umun sadurunge srengenge mlethek. Pamrihe supaya ora konangan tentara Komunis sing padha jaga. Umat sing melu misa tekane siji-siji, penganggone prasaja supaya ora nyujanani yen arep ngabekti ing Gusti.
Wengi iku malem Paskah, dina wungune Gusti Yesus saka seda. Tentara Komunis anggone njaga kutha Barcelona luwih rapet, kuwatir yen umat Katolik ing wengi iku nganakake misa agung. Kabeh dalan-dalan apadene gang-gang cilik dijaga tentara lan pulisi rahasia. Bengi iku dadi bengi kang sepi, prasasat ora ana wong kumliwer. Suwasana dadi tintrim, saben ana wong mlaku digledhah, mbokmenawa ana kang nggawa kitab suci kanggo misa. Kutha Barcelona dadi kutha mati, marga ora ana kumliwere wong liwat, kajaba para tentara kang padha patroli mubeng kutha.
Ing pinggire kutha Barcelona ana bocah umur rolasan taun, nyasak petenge wengi, lumaku kanthi dhedhemitan lan kebak pangati-ati. Yen ngliwati papan kang sepi lan ora ana tentara jaga, lakune digelak, amrih enggal tekan panggonan sing dituju, yaiku sawijining omah elek ing pinggiran kutha Barcelona. Bocah mau arane Cayetano, sing saben dina melu misa  umat Katolik sing tansah dikuya-kuya tentara Komunis.
Pungkasane Cayetano bisa tekan omah kang dituju kanthi slamet. Ora suwe kasusul ibune, kang tekane uga kanthi dhedhemitan. Bapake Cayetano mati syahid, mbelani agama nalika tentara Komunis ngrabasa tanah Sepanyol. Banjur kasusul wong-wong liyane padha teka, sing akhire gunggunge watara wong rongpuluhan. Manggon omah elek mau, sawijining Pastur kang luput saka panggrebege tentara Komunis,  bisa ngluhurake asmane Gusti, kanthi misa agung mengeti wungune Gusti Yesus. Saka  wong rongpuluhan mau, pranyata saperangan isih bocah-bocah, salah sijine Cayetano
Panggonan sing kanggo misa ora katata kaya ing greja utawa kapel. Kabeh kang teka lungguh ngupengi meja makan, kaya patrape yen pinuju mangan bebarengan. Semono uga Pastur kang mimpin misa uga ora nganggo jubah lan alat-alat misa liyane. Ora ana kumelune dupa lan kemlonenge gentha. Kayu pamenthangan, lilin ora ana, semono  misdinar uga ora ana. Kabeh iki kanggo njagani yen sawayah-wayah ana  utawa  pulisi rahasia utawa tentara Komunis nganakake penggledhahan.
Bocah-bocah cilik mau ora mung melu misa bae, nanging uga nduweni jejibahan kang gedhe. Ya bocah-bocah cilik iku sing bakal tinanggenah menehake hosti marang umat ing papan-papan liya sing ora padha bisa teka melu misa agung. Kaya Cayetano dhewe, saben dina antuk jejibahan nggawa hosti suci kanggo Suster-Suster kang dadi jururawat ing Rumah Sakit. Tertara Komuis sejatine uga ngerti yen ing Rumah Sakit mau ana sawatara Suster sing makarya,  nanging gandheng tenagane dibutuhake mula para Suster mau ora dikapak-kapakake. Mung bae, kegiyatan ngibadah pancen dilarang, lan tansah diawasi amrih ora sesambungan karo wong-wong sanjabane Rumah Sakit. Nanging Cayetano saben dina teka menyang Rumah Sakit saperlu ngeterake hosti kanggo para Suster mau, kanthi maneka cara.
Esuk iku Cayetano kaya biyasane, ing tangane ginegem jam tangan sing wis dipretheli mesine. Njerone diganti Hosti suci kanggo para Suster ing Rumah Sakit Barcelona. Lakune mlipir-mlipir ngendhani papan penjagaane pulisi lan tentara Komunis. Ing sadalan-dalan Cayetano nyumurupi  umate Gusti dipilara dening tentara Komunis. Lakune Cayetano dadi kawigatene tentara lan pulisi kang jaga,nanging tansah bisa lolos. Nalika lakune tekan dalan Martin de los Hero, ing kno pulisi rahasia anggone njaga luwih rapet. Dumadakan Cayetano dikagetake karo pambengoke salah sijine pulisi kang lagi jaga, aweh aba-aba kang dotujokake dheweke.
“He, mandheg. Kowe bocah saka ngendi lan arep menyang endi?’
Cayetano ora mangsuli, nanging mbalik terus mlayu menggok mlebu gang cilik. Pulisi kang jaga sujana, mula banjur nguber Cayetano karo mbengok sora.
“Bocah iku supaya dicekel. Dheweke mesthi nggawa hosti suci.”
Pating kedebug suwarane pulisi kang mlayu nguber Cayetano. Nanging playune Cayetano senajan isih bocah, luwih gesit lan cepet, mlipir-mlipir nlebu gang-gang cilik ing ing antarane omah-omahe pendhudhuk. Kaya-kaya playune Cayetano ora sabaene, entuk kekuwatan saka Gusti katitik rikate tikel matikel lan pulisi kang nguber ora bisa nyekel. Cayetano terus mlayu, nganti tekan dalan de Vicente Blasco Ibanes. Ing dalan mau ana pulisi wanita telu kang lagi jaga. Ngerti tekane Cayetano karo mlayu-mlayu sajak kaweden, pulisi wanita mau ngadeg. Sedheng saka kadohan keprungu pambengoke pulisi-pulisi sing nguyak, supaya nyekel bocah cilik iku.
“Stop! Mandheg, yen ora gelem mandheg taktembak,” pambengoke pulisi wanita mau karo ngarahake larasae bedhil menyang Cayetano.
Cayetano ora mangsuli, playune mandheg karo nolah-noleh golek dalan sidhatan. Nanging ora ana dalan simpangan, pulisi sing nguyak dheweke wis saya cedhak, sedheng ing ngarepe pulisi wanita telu wis ngadhang. Cayetano ngumpulake  sakehing kekuwatan lan ngetog karosan, cangkeme ndremimil nyuwun berkah keslametan marang Gusti, kanthi  wani dheweke nrajang pulisi telu kang ngadhang .
Katerjang Cayetano, senajan awake cilik, pulisi telu tiba glangsaran tubrukan karo kacane. Dumadakan  keprungu pambledhose bedhil, “ Dhor…. dhor….. dhor…..”
Swara bedhil kaping telu meh bebarengan, katembakake marang Cayetano dening pulisi wanita telu mau. Cayetano njerit, njungkel adus getih, wis ora sambat maneh. Pluru telu ngenani sirah lan gegere Cayetano. Pulisi-pulisi sing nguyak wis tekan papane Cayetano gumlethak adus getih. Awake Cayetano diolak-alik, banjur digledhah sake clana lan klambi, nanging pulisi ora nemokake apa-apa. Getih isih terus ngucur saka sirah lan geger kang kena pluru, cangkeme mingkem rapet, wis ora ana ketege senajan awake isih lemes lan anget. Cayetano gugur pinangka martir, pahlawan greja. Pulisi kang nggledhah bareng ora nemokake apa-apa saka awake Cayetano, banjur lunga ngono bae. Jisime Cayetano ditinggal gumlethak ana pinggir dalan cilik.
Bareng pulisi-pulisi Komunis mau wis lunga lan ora katon maneh, ana wong wadon sing omahe sacedhake kedadeyan mau runtuh welas lan asihe. Wong wadon mau marani panggonane Cayetano kang gumlethak, banjur dibopong  digawa mlebu ngomah diresiki. Penganggone sing gubras getih disalini. Nanging bareng wis rampung anggone ngresiki, thukul bingunge, amarga yen dikubur kuwatir yen wong tuwane ngoleki. Arep digawa menyang Rumah Sakit, isih awan kuwatir yen konangan tentara utawa pulisi rahasia lan dheweke dicekel. Sidane banjur disumenekake, mengko sore yen wis peteng arep digawa menyang. Rumah Sakit.
Ibune Cayetano dadi bingung lan kuwatir, marga anake wis awan durung bali. Tambah kuwatire bareng nganti surup anake tetep durung mulih. Kamangka padatane durung nganti tengange wis teka. Kuwatir yen anake nemoni apa ta apa, ibune Cayetano banjur nyusul menyang Rumah Sakit. Tekan Rumah sakit, para Suster kandha yen Cayetano durung ana teka. Atine ibune Cayetano tambah ora karu-karuwan. Dheweke banjur pamit mulih, arep matur karo Pastur yen Cayetano nganti bengi iku durung tekan Rumah Sakit lan uga durung mulih.
Bareng wis wengi, nalikane Suster-Suster Rumah Sakit Barcelona  lagi padha leren, dumadakan dikagetake tekane wong wadon gupuh-gupuh kandha yen ana bocah kena bedhil ing ngarep omahe, lan saiki digawa menyang Rumah Sakit.
“Suster, menika wonten lare ingkang dados kuban dipun bedhil pulisi wonten ngajeng griya kula.”
“Oh, inggih mangga  dipun beta mlebet,” jawabe sawijining suster karo menyat.
“Nanging sampun ninggal  Suster, kedadosanipun sampun kala wau enjing.”
“Sampun ninggal?”
“Inggih. Kula nyumerepi piyambak, lare menika mlajeng dipun uyak pulisi. Dumugi ngajeng griya kula, dumadakan kapireng suwanten bedhil mbedhos kaping tiga lan sesarengan suwanten wau lare menika njerit lajeng ambruk gubras erah. Sareng pulisi dhateng langsung nggledhah badanipun lare punika, duka menapa ingkang dipun padosi. Ketingalipun mboten manggihaken menapa-menapa, pulisi ingkang nggledhah wau lajeng kesah ngaten kemawon. Kula badhe langsung mitulungi mboten wantun, nembe sareng para pulisi kesah kula celaki. Nanging sampun  ninggal, lajeng kula bopong kula resiki wonten nglebet griya.”
“ Mesakaken, menapa ingkang dipun  padosi saking lare semanten menika?”
“Lha inggih, Suster, kula ugi gumun.”
“Menapa lare menika sanes tangginipun Ibu?”
“Sanes Suster. sajakipun lare tebih.  Suster, ketingalipun sampun dalu, kula kepareng nyuwun pamit rumiyin.”
“Inggih, manga-mangga. Ingkang ngatos-atos, mugi Gusti njampangi.”
“Matur nuwun, Suster.”
Sapuingkure wanita mau, jisime Cayetano banjur diangkat, dijejer karo jisim-jisim liyane, saperlu nunggu mbokmenawa ana kulawarga sing nggoleki. Nanging yen ora ana kulawargane, bakal karukti dening pihak  Rumah Sakit
Ing antarane para Suster kang dhines bengi iku, ana salah sijine sing gedhe kawigatene marang jisime bocah cilik sing ketembak mau. Embuh kena daya apa, Suster mau banjur njupuk senter marani pernahe jisime Cayetano, nyoloki lan nliti. Atine Suster mau gemeter, bareng nyawang sapa sabenere bocah kang ora dosa sing dadi kurban kawengisane pulisi-pulisi Komunis mau. Sanalika Suster mau mbengok, “ Cayetanoooo,…..”
Cayetano dirungket, diambungi pipine kiwa tengen karo nangis sesenggrukan. Suster mau banjur mlayu karo nutupi raine, marani panggonane Suster kepala lan ngomongi Suster-Suster liyane.
“Ibu, ibu lare ingkang dados korban tembakan kalawau Cayetano. Suster, Suster, bocah sing mati mau Cayetano,” kandhane Suster karo katon bingunge. Sanalika para Suster banjur padha mlayu, marani panggonane nurokake jisime Cayetano.
Bareng wis cetha tenan yen jisim bocah iku Cayetano, kanthi kapimpin Suster kepala jisime Cayetano diangkat dipisahake karo jisim-jisim liyane. Kabeh banjur padha jengkeng ndendonga ing ngarsane Gusti, nyuwun amrih rohe cayetano katampi ing astane Gusti. Bubar ndonga, Suster kepala banjur ngelus-elus sirah lan raine Cayetano,kaeo ngucap kebak tresna asih.
”Cayetano, kowe pinangka Martelar kang kendel. Kowe pahlawan greja, kowe gugur mbelani Kristus. Sakramen Suci wis karampas tentara Komunis, bengi iki para Suster ing Rumah Sakit kene dadi seksi lan nyuwun muga Gusti kersa nampa umate kang isih suci lan murni, kang wis wani dadi pahlawane Kristus.”
Kabeh Suster kanthi khusuk ndedonga ing ngarepe jisime Cayetano. Suster kepala banjur gawe tandha pamenthangan ing bathuke Cayetano.  Salah sijine Suster kang ngawasake raine Cayetano, kaget marga cangkeme  katon obah-obah kaya arep caturan. Suster mau mbengok.
“Suster, pirsanana iki Cayetano isih urip.”
Kabeh padha ngawasake, Suster kepala nyekel bathuke Cayetano. Cangkeme Cayetano obah-obah, lan baka sethithik mbukak, banjur mangap amba karo nglepeh barang kang ora liya jam sing njeroni diiseni Hosti Suci. Nalika Cayetano diburu pulisi, jam kang isi hosti mau diemut. Mula nalika dheweke ditakoni ora mangsuli, lan nalika dibedhil mung mbengok sepisan lan banjur eling yen cengkeme ana salirane Gusti, mula dheweke banjur mingkem rapet batine manter nyuwun marang Gusti supaya Hosti suci slamet lan bisa katampa para Suter.
Jam kang dilepeh Cayetano dijupuk dening Suster Kepala, kang pancen wis  alon-alon mingkem, banjur katon mesem raine sumringah kebak gegambaran kaluhuraning Gusti. Suster kepala banjur enggal-enggal kongkonan, supaya ngabari ibune Cayetano, yen anake tinemu tiwas ing Rumah Sakit. nyumurupi Cayetano saben-saben anggone nggawa hosti dilebokake ing njero jam mau. Hosti banjur kaparingake marang para Suster. Tutuke Cayetano
Ing bengi iku uga ibune Cayetano teka. Sawise antuk keterangan saka Suster Kepala, ibune banjur diterake menyang panggonane jisime anake sing wis didandani rapi. Ibune Cayetano ora bisa ngempet rasa sedhih lan tangise. Anake ditubruk, diruket lan nangis ngguguk. Suster kepala lan Suster liyane banjur aweh panglipur.
“Sampun Ibu, sadaya mugi katampia kanthi sabaring penggalih. Keng putra sampun kapilih dening Gusti, katimbalan kanthi katentreman miwah kabagyan. Piyambakipun sampun mimpang. Piyambakipun taksih alit, taksih suci, taksih murni, kakersakaken dening Gusti gugur dados martir, dados pahlawanipun Kristus,…..”:
Ibune Cayetano bisa meneng lan rada lejar atine, kanthi rasa tresna asihing biyung , pipine diarani lan raine dielus-elus, mung sak tembung suwara sing kawetu kang jero tebane, “ Oh anakku,….” @
          (Cukilan saka pangrabasane Komunis ing  Spanjol taun 1936)


PANJEBAR SEMANGAT, No. 15
Tanggal 10 April 1982.
caption

Tidak ada komentar:

Posting Komentar