Senin, 06 September 2010

Tunggak Jarak Mrajak


Sanggar Sastra:
 PSJB  
 (Pamarsudi Sastra Jawi Bojonegoro)

   Menerbitkan:
                 Kumpulan Crita Cekak Pilihan




" Tunggak   Jarak   Mrajak "




Karya :

KEMBANG-KEMBANG ISIH BAKAL MEKAR
MUNG SUWARA ANGIN
( Sri Setyo Rahayu )
 
M E N Y O K
M I S K I N
( Nardi )
OH ANAKKU
NEDHENGE TANDUR AMBYAK
( J.F.X. Hoery )

GARA-GARA KAGIRI-GIRI
B U N T U N G
( Djajus Pete )

R A B U L
SAWISE BENJUT
( Yes Ismie Suryaatmaja )

WONG – WONGAN
BLANTICK KASIERECK
( Masgampang Prawoto )

S A M B E L
B O T O H
( Nono Warnono )

BLANGKON
PUTIH MALIH IRENG
( Haryanto Abdoellah )

SUMINTEN
IMPEN

(Herwanto)
 

PURWAKA


Puji syukur ing ngarsane Gusti kang Maha Asih, dene ing taun 2010 iki, sanggar sastra PAMARSUDI SASTRA JAWI BOJONEGORO ( PSJB ) bisa nerbitake maneh Kumpulan Crita cekak karyane para pengarang sastra Jawa ing Bojonegoro., asesirah TUNGGAK JARAK MRAJAK.
Tembung paribasan Tunggak Jarak Mrajak, mawa tegese, saka turune wong cilik bisa dadi gedhe. Ing pangajab , pengarang Jawa Bojonegoro sing pancen saka Anak turune wong cilik, bisoa gedhe asmane pinangka pengarang.
Wit jarak sing katone sepele, nanging gedhe kasiyate. Isi wohe ngasilake lenga jarak bisa kanggo lampu aweh pepadhang, tlutuhe, godhonge bisa kanggo obat.
Wit jarak kang gampang semi, gampang trubus, uga mawa pangarep-arep, bisoa ing tlatah Bojonegoro terus trubus bibit-bibit pengarang Jawa pinangka generasi penerus ing sadawane jaman.
Kabeh karya sastra kang kapacak ing buku iki, pilihan crita cekake pengarang Jawa Bojonegoro, kang wis nate kapacak ing maneka warna majalah/tabloid basa Jawa, kaya Panjebar Semangat, Jawa Baya, Jaka Lodang, Kumandang, Dharma Nyata.
Muga-muga Kumpulan Crita Cekak "Tunggak Jarak Mrajak" kang diterbitake PSJB iki bakal nambahi grengseng lan seneng memaca, kang ndayane mekar lan tumangkare sastra Jawa.
Nuwun.
Bojonegoro, April 2010.

Sanggar Sastra:
PSJB ( Pamarsudi Sastra Jawi Bojonegoro
)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar