Jumat, 17 September 2010

KOPI KOTHOK: Djajus Pete (6)

@Jilid 5
____________________________________________________________________________________

Pasinaon
Djajus Pete,16 Agustus 2010

ORA mung buku lan wejangane guru sing kena kanggo pasinaon, nanging apa wae kang katon. Kekayon, kewan, sakehing gegremetan, segara, bumi lan langit saisine, kena kanggo nggegulang gawe padhang tumrap sing bisa mikir.Matun mbubuti suket, uga mujudake pasemon sing kena kanggo pasinaon. Kanthi dibuwangi sukete, bisa gawe lemune tandur.Suket-suket sing urip ing antarane tandur, ngganggu uripe tandur, iku sanepane ALA . Yen sing ala-ala iku diumbar urip, tandure saya kuru. Nanging yen sing ala-ala iku dibuwangi, tandure bisa BECIK, bisa lemu. Kanthi mengkono bisa diringkes ing pangerten yen mbuwang ala iku bisa nemu becik.

Ing pangerten ilmiyah, sari-sarining makanan (rabuk,lsp) sing kudune mung dipangan tandur, uga dipangan suket, njalari pangane tandur kurang, dadi lan kurune. Nanging yen sarine pangan wutuh (ora kalong saka gangguane suket sing melu mangan) , bisa gawe lemune tandur.Pangerten mengkono iku , ora beda pralon banyu sing bocor tengah. Bocore pralon sing manthur ngurangi dhaya pancur pokok rmenyang arah sing baku. Saya akeh bocore, saya kurang dhaya pancure. Supaya dhaya pancare becik, alane pralon bocor ya kudu ditutup.. Akeh conto liyane sing kena kanggo pasinaon perlune mbuwang sing ala amrih nemu becik. mBuwangi kemladheh ing wit-witan ,nyapu mbuwangi larahan amrih nemu resik gemrining, mbuwangi rasa keset, lan sapanunggalane.

Dadi wose, yen ngudi becik , ya kudu sregep mbuwangi sing ala. Ora beda kaya wong matun kuwi mau, kareben tandure bisa becik ,bisa lemu seger ledhung-ledhung ,ngasilake pari (woh) sing becik, mentes. Kanggone wong sing sinau nggayuh kautaman, carane hiya kanthi seneng mbuwangi sing ala. Jalaran wis ora bakal kleru, mesthi benere yen mbuwang ala iku nemu becik oleh-olehane.. Suwalike (sebaliknya), sapa sing seneng mbuwangi sing becik-becik, wis mesthi nemu (nglakoni) sing ala-ala.

Uga tanduran mbako tandurane wong tani, kena kanggo sinau ngasah pangerten jero tumraping urip. Tanduran mbako perangan ngisor, dirempeli,dibuwangi awit godhong-godhong ngisor iku godhong sing ala. Kabeh wong tani sing kulina nandur mbako,ngerti. Sing ala dibuwangi , ya kareben ora ngganggu trubuse godhong-godhong apik ing sandhuwure. Nanging wong-wong sing padha nandur mbako lan sing padha matun ing sawah iku, bisa uga ora mikir yen apa sing lagi ditandangi ing tata lair, kena kanggo pasinaon nggayuh beciking urip.

Saya sregep mbuwangi sing ala, saya akeh nemu sing becik. Saya akeh becik sing ditemu, saya seger,saya sumringah padhang pasemone (aura).Ya ing kono dalane nemu karaharjan, katentreman, akeh slamate, ing ndonyane ya ing akherate.*
____________________________________________________________________________________

Lucon
Djajus Pete,04 September 2010

(1) NALIKA aku isih dadi guru, ya seneng mulang tembang Jawa. Marang klas I, II.lan III, sing mathuk ya tembang-tembang dolanan,bangsane Sluku-Sluku Bathok, Menthok-Menthok, Jamuran, utawa Gajah-Gajah. Ukarane, yen Gajah-Gajah, ya mengkene :

Gajah-gajah, rene takkandhani,Jah
Mripat kaya laron, siyung loro,kuping gedhe
Kathik nganggo tlale
Buntut cilik, tansah kpopat-kapit
...........................................
...........................................

Guru-guru liyane, sangertiku, yen ngajari nembang Gajah-Gajah, ya ana sing ora nganggo Jah ing ukara ngarep dhewe.
Yen aku lan sawetara guru liyane, yen ora nganggo Jah kok kurang manteb. Apamaneh yen sing nembang ing ngarep klas , pas muni Jah,
kanca saklase melu mbarengi nywara : Jahhh !!!. Biyasane yen mbarengi muni Jah ngono kuwi swarane banter,dipolna nganti mbededeng. Terus padha ngguyu pating cekikik, seneng, wong jenenge bocah.

Lan,nalika semana, ana guru putri angkatan anyar sing asmane bu Siti Khotijah, kebagiyan ngasta klas II. Wayahe pelajaran Kesenian, muride dibebasake nembang Jawa, sesuka hati, maju siji-siji ing ngarep klas. Ana sing nembang Gajah-Gajah.

Murid (nembang ) : Gajah-gajah, ren takkandhani, Jah.
Bu Guru : He! Ora nganggo Jah.
Nurid : (Klenga-klengo,ora ngerti karepe gurune).
Bu Guru : Ngene lho, rungokna. Gajah-gajah, rene takkandhani.
Ngono ae. Pokoke gak kenek nganggo Jah. Nek nganggo Jah
Jah takbiji papat."
Murid (nembang) : Gajah-ga...jah. Re...ne, tak...takkandhani...(swarane
digawe arang-arang, saka wedine yen kleru..mundhak oleh
biji papat.

Merga ya ana murid sing grenengan karo kancane, yen ora nganggo Jah jare ora penak, Gurune sing krungu terus nyaut : Hus! Sing bener ora nganggo Jah. Jah kathik arep mbokkandhani, arep mbokkandhani apa? Krungu mengkono kuwi, kanca-kanca guru ya padha mesem. Lan ana kanca guru sing grenengan alon," Murid kok arep ngandhani Jah, ngandhani apa? Ya malah Jah sing ngadhani muride. He he he he....."*

------------------------------------------------------------------------

(2) ING sawijining fakultas, ana profesor sing banget ahli babagan ula. Sawernane ula ing ngalam ndonya,ngerti lan apal. Dawane sepira,bobote sepira, warna kulite kepiye, duwe upas apa ora. Yen duwe upas, sepira mandine upase lan uripe ana ing benua endi, ing negara endi, weruh kabeh. Bebayane upas ula mandi sing gawe lumpuhe syarap, apal, ula-ula apa wae sing klebu ula mandi. Tekan jeneng-jenenge ula sing ora padha ing negara siji lan sijine, ya ngglodhog di luar kepala.

Ora ngertiya yen saperangan mahasiswane ana sing arep mirang-mirangake. Mengko arep padha takon ngenani gajah. Wis mesthi Sang Profesor klabakan merga sing dingerteni mung perkara ula. Tenan. Sang Profesor mlebu ruang kuliyah, bathuke sing nglenas meleng-meleng ngatonake enggone dadi wong pinter. Tenan ana sing ngacung,angkat tangan, takon perkara gajah.

"O, ya. Bagus. Gajah menarik juga dibicarakan," wangsulane Sang Profesor tenang. "Begini...."

Klompok mahasiswa sing njarag arep gawe wirang, wis padha mesam-mesem karo sawang-sawangan marang kancane.Profesor nerangake wujude gajah satleraman. Gdhe-dhuwur,duwe tlale, lan ya duwe gadhing loro cacahe. Buntute cilik, tansah kopat-kapit. Cilike buntut gajah kuwi, saumpama ula, padha karo gedhene ula Anu sing uripe ing negara Anu. Ula Anu iku ya duwe upas,nanging upase ora pati mandi. Seje karo ula saliyane ula Anu,..........(Sang Profesor salin crita ngenani ula werna-werna. Mahasiswane sing arep njiret Guru Besare, padha pating pringis karo kukur-kukur sirahe sing ora gatel. Lha ya kuwi bedane Profesor karo mahasiswa, ya isih pinter Profesore)*
____________________________________________________________________________________

Nulis Jawa
Djajus Pete,01 September 2010

AKEH anak turune wong Jawa sing kurang bener enggone nulis basa Jawa.Akeh-akehe padha kleru enggone nulis sing kudune "a" ditulis "o" lan kurang bisa mbedakake anane vokal t lan th sarta vokal d lan dh.

Conto : meja , sega ,lara , mara , saka , ora kena ditulis mejo ' sego , loro , moro, soko. Yen lara ditulis loro, terus kepiye yen nulis loro (dua). Lara (sakit) lan loro (dua) jelas yen beda panulise. Yen enggone nulis kleru : Ibuku irunge loro. Lha, dadi lucu, endi ana wong irunge loro (dua). Tembung mrana ya kudu ditulis mrana, ora kena ditulis mrono. Kejaba panulise kleru, mrana lan mron iku beda tegese.

mrana = ke sana (menyang papan sing adoh)
mrono = ke situ (menyang papan sing ora adoh utawa sing rada
cedhak)
mrene = ke sini (papan cedhak)
Lan ya dadi lucu yen tembung cara, ditulis nganggo o, dadi coro. Cara
lan coro jelas beda.
"Piye ta carane supaya bisa mlaku? (Bagaimana caranya supaya bisa
berjalan?)Yen enggone nulis kleru : " Piye to corone supoyo biso mlaku?"

Merga tulisan iku dianggep lucu, ya diwangsuli ," Ya dudulen ta, corone, ngko rak mlaku. Wong coro ya wis bisa mlaku,bisa nggremet.
Kanggo mbedakake panulise "t" lan "th" kanthi ngrungokake swarane lambe nalika tembung iku diucapake.

Conto : ( t )
sepatu , soto , tatu, tangi , takon , ketiga , ketabrak , patut, ta, putu lan sapanunggalane.( ora kena ditulis sepathu , sotho , thathu , thangi ' thakon , kethiga , kethabrak , tha, puthu ).

(Sing lucu kanthi salahe tumpuk-tumpuk, tembung "ta" sing kudune ditulis "ta" ing fesbuk kene akeh sing nulis "tho" Salahe dadi
dhobel.
Kejaba salah ora perlu nganggo "h" kok ya ditulis "o", dadi saya tambah salahe. Putu yen ditulis puthu, ya lucu awit putu
sing maksude cucu, dadi puthu, arane panganan.

Conto : ( th)
cathut , kathok , gethuk ,penthung , pethel , senthir, thukul , thethel lan sapanunggalane.( Ora kena ditulis catut, katok, getuk,
pentung , petel , sentir, tukul, tetel)>

Conto : (d)
dadi , durung , kedumuk , kedudul ,kedadak , lan sapanunggalane.(Ora kena ditulis dhadhi , dhurung , kedhumuk , kedhudhul ,
kedhadhak )

Conto : (dh)
dhadhu , bedhug , gludhug , bledheg , gedheg , mbedhal , mbedhil , dhudhuk , ndhodhok , lan sapanunggalane ( ora kena ditulis
dadu , bedug, gludug , bledeg , gedeg, mbedal, mbedil , duduk , ndodok).

Sepisan maneh, kanggo supaya ora kleru panulise, antarane t ; th ; d lan dh ,bisa kanthi ngrungoake swarane cangkem (vokal) nalika ngucapake tembung kasebut. Tembung didik ing bahasa Indonesia, yen ing basa Jawa katulis : dhidhik.

Lan ukara bsing kudune katulis "i" akeh uga wong Jawa kleru nulise,nganggo "e". Conto : pitik (pitek ) ,cilik (cilek) ,wis (wes), grimis ( grimes) , nangis (nanges), mampir (mamper), apik (apek). Sing ana ing njero kurung kleru panulise.

Mengkono pangerten ngenani panulise basa Jawa sing bener. Sing akeh, klerune ing bab kasebut. Yen prakara iku bisa dikuwasani, kesalahan fatal nulis bisa disingkiri. Ora ana alane wong yen ngerti ing sabenere, katimbang kleru.Wong Jawa,prayogane ya kudu ngerti Jawane. Merga ya dadi wong Indonesia, ya kudu ngerti panulise bahasa Indonesia sing bener.*

____________________________________________________________________________________

Jawa–Indonesia
Djajus Pete,17 September 2010

WONG Jawa yen kepengin bisa nulis basa Jawa, wis trepe. Merga wong Jawa,perangane bangsa Indonesia, ya wis saktrepe yen uga paham nulis migunanake basa Indonesia. Yen bisa kaya mengkono, yen bisa nulis rong bahasa kanthi bener lan becik, jempol temenan. Carane wong ndeduwe, bisa duwe rong gegeman,kiwa lan tengen.Kawruh basa Jawane bontos,kawruh Indonesiane ya mumpuni.(Nanging kang mengkono iku arang-arang ana ). Sing akeh : kawruh basa Jawane : cukup , kawruh basa Indonesiane : ora nguciwani (ngene iki wae wis apik kanggone wong ndeduwe loro-lorone).

Penulis sing nulis rong bahasa, Jawa-Indonesia, kudu paham marang beda-bedane cara nulise.Awit antarane siji lan sijine nduweni ciri dhewe-dhewe.

Conto (Jawa - Indonesia ) :

krupuk = kerupuk kramas = keramas kreta = kereta krasan = kerasan
kraton = keraton krajan = kerajaan slendhang = selendang sutra = sutera klapa = kelapa klilip = kelilip klabang = kelabang grimis = gerimis grenda = gerenda prasaan = perasaan plataran = pelataran trima = terima

(Hurup kaloro (kedua) ing kata basa Indonesia, ilang yen ditulis (nganggo) basa Jawa. Akeh tembung-tembung liyane sing nduweni ciri kaya mengkono.Kejaba saka iku, akeh tembung Jawa sing dijumput kanggo nambahi kurange kosa=-kata basa Indoensia,lan ana sing panulise owah ora kaya asline. Conto : gubug (gubuk) ; bedhug (beduk) mandheg (mandek) ; sumpeg (sumpek) ;apeg (apek) ringseg (ringse) ,lan isih akeh maneh. Hurup pungkasan (g) ing basa Jawa, owah dadi (k) ing basa Indonesia. Nanging ya ana sing tetep (g) ing tembug : reyog dadi (reog).

Lan akeh anak turune wong Jawa sing olehe weruh (panulise) basa Jawa saka weruh ing media basa Indonesia, mangka panulise ing basa Indonesia iku wis owah saka asline. Lha, dadi kleru. Contone, nulis mengkene : Aku ing sawah tunggu manuk ing gubuk (mangka benere : gubug). Apa saiki wis jam rolas kok wis beduk? (Mangka sing bener : bedhug).

Ater-Ater
Ater-ater tegese awalan. Ing basa Jawa ana ater-ater sing aran ater-ater tripurusa,atur-ater cacah telu, yaiku : di ,dak lan kok.
Ing FB kene, akeh puisi Jawa sing serius lan ya bener panulise. Nanging sok isih kerep ana sing kleru panulise ing prakara tripurusa iku.
Conto sing kleru panulise :
- Saka papanku lungguh dak sawang rembulan bunder.(Sing bener : daksawang / ditulis gandheng
- mBok dol payu pira,Kang, parimu? (Sing bener : mbokdol / ditulis gandheng

Mula, kena kanggo undhakling sesurupun, amrih ora klera-kleru, bisa takturake ing kene ngenani tripurusa iku.


(di) ( dak/tak ) (kok / mbok )
digawa (dibawa) dakgawa /takgawa (kubawa) kokgawa / mbokgawa (kau-bawa)

dipangan (dimakan) dakpangan / takpangan(kumakan) kokpangan / mbokpangan(kau-makan)

dicangking(dijinjing) dakcangking /takcangking(kujinjing) kokcangking / mbokcangking (kau-jinjing)



Akeh tulisan ing Fb enggone nulis ater-ater dak lan kok dipedhot saka tembung gandhengane, mangka tembung iku sabenere wutuh dadi satembung. Kanggo nggampangake supaya ora kleru-kleru, bisa dibandhingake karo ing basa Indonesia, panulise padha karo ing bs Indonesia.Ing kata bahasa Indonesia ya ora pedhot.

Interjeksi
Tembung kok ing basa Jawa, aran tembung interjeksi. Tegese interjeksi, tembung iku ora ndeweni teges (arti), anane mung kanggo pemanis. Kayadene tembung ta, ah, ih, lho, o...,uh, uga aran interjeksi.

-Piye ta, kok ngono karepmu?
-Pancen ngono kok carane,biyen mula.

(Tembung kok,interjeksi, simng mung kmanggo pemanis, jelas yn pedhot ,panulise.Ora beda interjeksi : ta. "Piye ta, kok ngono carane?"

Nanghing tembung (ater-ater) kok sing tegese padha karo mbok, ya tetep digandhng kaya conto ing dhuwur (kokgawa ; kokpangan ; kokcangking).*
____________________________________________________________________________________
Djajus Pete______________________________

Tidak ada komentar:

Posting Komentar