Minggu, 29 Agustus 2010

GURIT Lina Kelana "Lintang Semaput"

LINTANG SEMAPUT
Dening: Lina Kelana

Ben wengi lingsir
aku lungguh nang amben mangku kalkulator
ngitungi lintang lintang kang ambyar ngebaki jagad
siji....loro....telu...papat......
tak itung nganti mripatku lamur

Cemlorot………. ,
lintang nyunari sukma
ning geneya!
ana sawijineng lintang, sunare riyep riyep
kaya wong ora turu sepuluh dina

Ana apa kowe lintang?
kabeh lintang padha sumringah bungah
lha kok kowe acum ra duwe daya,
kenapa kowe lintang?

dakseleh kalkulatorku
tak parani lintang kang siji kuwi,
mripatmu teles, banjir kaya kali kunang
lan iku....?!
dhadhamu mbredheli
sinawang abang mongar mongar
kowe kenapa lintang?

Lintang liyane nyedhak,
nguwasne aku, njur ngomong karo mbrabak !

kowe isih takon kenapa?
rungokno sira kabeh,
kowe kowe, sing marakake lintang dadi kaya ngene,
kowe, sing seneng ndhaguri kulit alus tanpa bolot,
kowe sing mretheli tetanduran ijo royo royo,
kowe kabeh ,sing royokan bandha warisane sedulurmu,
sing ngeruki ambegan ambegan jroning bumi,
ngodot lan nglempit ilat ilat kang kepleset lathi
kowe kabeh nyolong cahyaning (lintang) iki

O…., wong wong kang ora duwe maesan
elinga, kowe isa nguwasi wengi sebabe aku
elinga, turumu angler amergo aku
elingana, aku isa mateni isukmu

Eling...., eling...., eling elingana.....
lintange saiki semaput,
ora sumringah, nggeguyu kaya biasane
sebab, gumembyar padhange wis kok cacah-cacah ning kalen buthek,
peceren ngisor kiwan

Eling...., eling...., eling elingana.....
lintang panjering wengi bakal mati kesikso lakon

Eling...., eling...., eling elingana.....
balikna nyawane lintang sing kokpendhem jero nang lempitane bantalmu
gage tangio,
ngusap luh kang mili deres nang pluluk’e lintang

Gugah lintang ...
gugah lintang ...
gugah lintang ...
gugah lintang ...
Gugah lintang ...
gugah lintang ...
supoyo uripmu gemontang,
kinormat dhuwur kaya lintang ning angkasa.

Babat-Jonegoro, April, 2010

Tidak ada komentar:

Posting Komentar